You are on page 1of 2

Nama : Malik Hidayatulloh

Kelas : 4B

Legenda Tangkuban Prahu Bahasa Jawa

    Dicaritakake Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Neng tengah alas sang Raja buang pipis
sing ditadhahi ana ing godhong caring. Ana babi alas jenenge Wayung sing isih tapa pengin dadi
manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan nglahiorae bayi ayu. Bayi iku digawa
neng kraton karo bapake diparingi jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati.

Akeh Raja sing pengin minang, naming ora ana sing ditampa.

Akhire akeh raja sing padha perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ana ing bukit
dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, tora sing dienggo nenun kain tiba ing
ngisar. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, dheweke ngucap barang sapa
isa mbalekake tora sing tiba mau, nek wong lanang bakal didadekake bojone. Tumang mbalekake
tora lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahiorae putra sing diparingi
jeneng Sangkuriang.

Pas Sangkuriang berburu ana ing alas, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga
Tumang ora manut banjur dipateni deneng Sangkuriang. Atine Tumang diparingke marang Dayang
Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nek sing dipangan iku atine si
Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendhok sing digawe saka
bathok klapa nganti gawe bekas lecet. Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri donya.
Saksuwene mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wis balik ana
ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang ora ngenali nek putri ayu sing
ditemoni iku Dayang Sumbi -ibune dhewe. Merga padha ora ngertine banjur kedadean padha padha
tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nek Sangkuriang iku putrane dhewe, merga anane tandha
lecet ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang ora gelem trima lan ngeyel njaluk rabi karo
Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supados digawekake prahu lan
tlaga kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi. Banjur
digawe prahu saka wit sing thukul ana ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit
Tanggul. Rantinge dikumpulake ana ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang ,
bendungan iku wis meh dadi. Nanging Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supados
maksude Sangkuriang iku ora kedadean. Dayang Sumbi banjur nyebarake irisan boeh raring (kain
putih tenunane), pas iku srengenge metu saka wetan. Sangkuriang dadi wedi, ing angkara murka
bendungan sing ana ing Sainghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke maring
wetan lan dados awujud Gunung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing
digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tingkuban Prahu.

Sangkuriang trus ngoyak Dayaing Sumbi sing dumadakan ngilang ana ing Gunung Putri lan malih
wujud dadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ana ing panggonan sing diarani Ujung
berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang)

Saka carita ing dhuwur mau iso dijupuk kesimpulan yen sangkuriang iku anak sing durhaka amarga
mateni bapake dhewe

Amanat : “Dadi anak iku aja nganti durhaka marang wong tuwa”

You might also like