You are on page 1of 2

Cerita Fabel Bahasa Jawa

"Semut lan Kepompong"

Ana ing salah sawijining alas ingkang rengked, kewan-kewan urip kanthi tentrem. Kewan-
kewan iku kayata semut, gajah, macan, manuk, badak, kupu-kupu, lan liya-liyane. Ana ing
salah sawijinging dina, ana badai sing gedhe banget. Badai kuwi teka, saengga gawe panik
kabeh kewan ing alas mau. Kabeh kewan panik lan mloya-mlayu kanthi keweden kanggo
ngindari badai kuwi.
Dina sesuke, srengenge njedul kanthi sumorot kang gawe anget lan manuk-manuk padha
ngoceh kang gawe endah dirungoke. Nanging opo kang kadadeyan? Akeh wit-witan ing alas
mau padha rubuh kang nggawe alas mau dadi alas kang ora rupa wujude.
Ana kepompong kang lagi nangis lan sedih merga wit-witan padha rubuh. “huu..huuu…kita
dhewe sedih banget, ana badai lan saiki ora ana papan kanggo ngiyub…huuu…huuu…”
tangise kepompong karo nggrenyem werna-werna.
Seka ngisor lemah, ana semut nongol lan kanthi dumeh dheweke ngomong, “hai
kepompong, delenga aku, aku slamet seka badai wingi kae, ora kaya kowe kang ana ing
ndhuwur lemah, deleng awakmu, kowe mung bisa nempel neng wit sing rubuh lan ora bisa
slamet seka badai.” Omonge semut kang dumeh banget.
Semut saya dumeh lan terus ngomong kaya kuwi mau marang kabeh kewan sing ana ing
alas , nganti tekan salah sawijining dina semut mlaku ana ing ndhuwur endut (lumpur
hidup). Semot ora ngerti nek dheweke mlaku ana ing nduwur endut kang bisa nelen lan
narik dheweke mlebu ing njero lempung.
“tulunggg….tuluuuuuung…..aku kejebak nang nduwur endut…..tuuullluuungg,” semut njaluk
tulung. “kayane kowe lagi kesusahan yo, semut?” semut ndeleng ndhuwur lan nggoleti asal
suwara mau, lan jebul suwara mau asale saka Kupu-kupu sing lagi mabut ana ing nduwur
endut mau.
“Sapa kowe?”pitakone semut kang lagi bingung. “aku iki kepompong sing wektu kae dieloke
kowe.” Jawabe si Kupu-kupu. Semut ngrasa isin banget lan njaluk tulung Kupu-kupu nulung
dheweke seka endut. “ Tulungi aku Kupu-kupu, aku njaluk ngapura wektu kae aku wis
dumeh megra bisa slamet seka badai mung jalaran umpetan nang ngisor lemah.” Si Kupu-
kupu ahire nulung Semut, saengga Semut slamet lan Semut janji, dheweke ora arep ngeloke
kabeh mahkluk gaweane Gusti Allah kang ana ing njero alas.
Nah, piwulang kang bisa dijupuk seka dongeng ing nduwur yaiku, dhewek kudu ngormati lan
ngasihi kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh. Intine kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh
kudu dikasihi lan ora kena ngeloke mahkluk liyane.

You might also like