You are on page 1of 10

Rangkuman Bahasa Jawa Kelas 5

Bab 1 “ Pidhato / Sesorah”


Tahun Ajaran 2021/ 2022

A. Piwulangan 1 :
a. Pidhato / Sesorah
Pidhato / sesorah yaiku micara / matur / nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe
uwong akeh kanthi ancas tinamtu. ( berbicara secara lisan di depan orang banyak
untuk maksud tertentu).
b. Tujuan pidhato / sesorah
Tujuan pidhato / sesorah iku ana lima :

• Menehi informasi yaiku nyedhiyani pangerten informasi kanggo pamireng /


pamiyarso
• Menehi hiburan utawa raos panglipur marang pamiyarsa
• Menehi palapuran utawa atur palapuran
• Menehi piwulang
• Mbujuk utawa ajak-ajak supaya sing ngrungokake, nindakake, apa sing
dikarepake pamicara.
c. Pokok-pokok kang ana ing jero pidhato yaiku :
- Ngucapake salam pambuka lan salam pirsawan
- Nyampekake pambuka biasane disampekake kanggo ucapan matur nuwun
- Nyampekake isine pidato
- Nyampekake kesimpulan pidato
- Nyampekake pangarep-parep sing ngandhut saran.
- Pungkasane yaiku panutup.
d. Tuladha pidhato.

Mangeti Ulang Tahun

Assalamualikum wr. wb
Para Sesepuh lan Pinisepuh ingkang kula bekteni. Para sedherek ingkang kinurmatan.
Sumangga Panjenengan sami kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha
Agung, ingkang sampun maringi nugraha arupi kasarasan saengga kula lan panjenengan saged
kempal ing dalem kula menika kanthi wilujeng.
Wontening ing wekdal menika, keparenga kula, Suprapto ngadeg ing ngarsa panjenengan
sami saperlu mranata adicara pahargyan ualang tahun putra kula Adimas Sudarmanto.
Dene adicara menika karakit kadhos mekaten, sepisan inggih menika pambuka, ingkang
kaping kalih inggih menika atur pambgyaharja. Dene ingkang kaping tiga donga kalajengaken
kembul bujana. Minangka adicara ingkang kaping sekawan, adicara pungkasan menika mangke
penutup.
Mekaten para rawuh rantapaning adicara pahargyan ulang tahun dinten menika. Mugi-
mugi purwa madya lan wasana adicara menika saged kalampah kanthi lancar kali sing rubeda nir
ing sambikala. Sinambi nengga samudyanipun siyaga kasuwun para rawuh nyekecakake
lelenggahan kanthi merdikaning pengalih ing palenggahan ingkang sampun kacawisaken.
Nuwun.
Wassalamualaikaum wr. wb

e. Negesi tembung pidhato.

No Tembung angel ing pidhato Ngoko Krama Padinan/ dialek

1. Kula Aku Kula enyong

2. Sesepuh Tua Sesepuh Wong tua

3. Dherekaken Melu Tumut melu

4. Kempal Kumpul Kempal kumpul

5. Dalem Umah Dalem, griyo Omah

6. Wilujeng Slamet Wilujeng slamet

7. Wekdal Wektu, papan Wekdal waktu

8. Panjenengan Kowe, siro Panjenengan Kowe, siro

9. Kembul bujana Pesta Kembul bujana pesta

10. Kacawisaken Cawisake Kacawisaken disediakake

B. Piwulang 2 : Nulis lan Maca pidhato/ sesorah

a. Menawa arep gawe naskah pidhato Basa Jawa, bisa digawe nganggo cara
mangkene:
1. Nemtokake tema/ topik
2. Nemtokake ancas utawa tujuan
3. Ngumpulake bahan
4. Gawe cengkorongan ( kerangka)

b. Cengkorongan pidhato utawa sesorah yaiku :


1. Salam pambuka utawa uluk salam
2. Pambuka ( purwaka basa ), isine :
• Atur pakurmatan
• Atur puja-puji
• Atur panuwun
3. Isi pidhato ( Surasa Basa), isine :
• Wedharan sak wetara
• Wosing gati, wigatining perlu ( inti dan isi pidhato)
4. Pangarep-arep
5. Panutup ( Wasana Basa) isine nyuwun pangapura.
6. Salam panutup.

c. Gatekna cengkorongan pidhato/ sesorah ing ngisor iki kanthi premati!

Cengkorongan pidhato/ sesorah

1. Salam Pambuka
Assalamualaikum Wr. Wb
2. Pambuka / Purwaka Basa
• Atur pakurmatan :
Para Sesepuh lan Pinisepuh ingkang kula bekteni
• Atur puja-puji
Para sedherek ingkang kinurmatan. Sumangga Panjenengan sami kula
dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang
sampun maringi nugraha arupi kasarasan saengga kula lan panjenengan
saged kempal ing dalem kula menika kanthi wilujeng.
3. Isi pidhato / sesorah ( Surasa basa)
Wontening ing wekdal menika, keparenga kula, Suprapto ngadeg ing ngarsa
panjenengan sami saperlu mranata adicara pahargyan ualang tahun putra kula
Adimas Sudarmanto.
Dene adicara menika karakit kadhos mekaten, sepisan inggih menika pambuka,
ingkang kaping kalih inggih menika atur pambgyaharja. Dene ingkang kaping
tiga donga kalajengaken kembul bujana. Minangka adicara ingkang kaping
sekawan, adicara pungkasan menika mangke penutup.
4. Pangarep-arep
Mugi- mugi purwa madya lan wasana adicara menika saged kalampah kanthi
lancar kali sing rubeda nir ing sambikala
5. Panutup / Wasana basa
Mekaten para rawuh rantapaning adicara pahargyan ulang tahun dinten menika.
Sinambi nengga samudyanipun siyaga kasuwun para rawuh nyekecakake
lelenggahan kanthi merdikaning pengalih ing palenggahan ingkang sampun
kacawisaken. Nuwun
6. Salam panutup
Wassalamualikum Wr. Wb

d. Carane maca sesorah :


a. Apalan ( sesorah ditindakake kanthi ngapalke/ ora gawa teks)
b. Naskah/ teks ( wong kang sesorah gawa teks lan maca teks)
c. Ektemporan ( padha kaya metode teks nanging sing digawa catetan cilik/ catetan
sing penting saja)
d. Impromtu ( sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawa ora ana persiapan
sebelume)
e. Kang perlu digatekake / perhatikan nalika pidhato yaiku :
1. Basa / Bahasa (kudu jelas )
Basa sing digunakake kudu cocok karo kang diadhep/ peserta yaiku
a. Basa ngoko : kanggo bocah utawa wong sing luwih enom/ sak pantaran
b. Basa krama : kanggo wong tuwa / wong sing dihormati.
2. Busana / pakaian
Busana kang digunakake manawa ngandharake pidhato utawa sesorah yaiku
nganggo busana sing becik, apik lan sopan
3. Wiramaning swara
➢ Aja keseron
➢ Aja kalonen
➢ Kudu cetho / jelas ora gemrenggeng
➢ Ora kecepeten
4. Solah bawa / sikap / gerak tubuh
➢ Mantep
➢ Jejeg
➢ Madhep marang pamiarso
➢ Tangan ngapurancang
➢ Aja ndingkluk / melihat kebawah
➢ Aja dhangak / melihat keatas
5. Bab kang perlu disingkerke nalika maca pidhato / sesorah yaiku :
➢ Polatan mbesengut
➢ Gugup
➢ Sering ndeleng catetan
➢ Ngadeg kaku kaya wong baris.

Lembar Kerja Siswa (LKS)


Nama : _________________________
Kelas : _________________________

A. Wangsulana pitakonan iki kaya conto / tuladhane!!


Ayo ,, diwangsuli pitakon bab isining “ pidhato Mengeti Ulang tahun “ ing basa krama! Gatekna
conto / tuladhane !!

❖ Pitakonan : Sapa jenenge pranata ana ing acara ulang tahun ing wacan mau?
❖ Wangsulan : Pranatacara ing acara ulang tahun menika asmanipun Bapak Suprapto.
1. Sinten sing kagungan kersa ?

Wangsulan : ____________________________________________________________
2. Apa urutane adicara ingkang kaping kalih menika?

Wangsulan : ____________________________________________________________
3. Adicara mau isine apa bae?

Wangsulan : ____________________________________________________________
4. Basa apa sing digunakake ana ing pidhato dhuwur mau?

Wangsulan : ____________________________________________________________
5. Apa iku pidhato/ sesorah ?
Wangsulan : ____________________________________________________________

B. Nulis perangan pidhato


Ayo wacanen pidhato “ Perpisahan “, tulis apa bae perangan seng ana ing teks pidhato mau!!
Gatekna conto/ tuladha ing nomor 1!

Pidatho Perpisahan
Assalamualikum wr. wb
Bapak Sutajaya minangka Kepala Sekolah ingkang kula bekteni. Bapak/ ibu Guru SD
Kembang Teratai ingkang kula bekteni. Bapak / ibu tiyang sepuh saking mas lan mbak kelas VI
ingkang kinurmatan,nmas lan mbak kelas VI ingkang kula tresnani.
Sak derengeipun kula ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung,
awit dinten menika kita saged kempal wonten aula sekolah kanthi bagas waras, kali sing rubeda
nir ing sambikala.
Keparengan kula pun Maharja minangka sesulih siswa-siswa ing SD Kembang Teratai,
ngaturaken sugeng rawuh ing acara perpisahan siswa-siswa kelas VI ingkang sampun purna
anggenipun sekolah kanthi lancar samudyanipun. Kula minangka adhik kelas, ngaturaken slamat
kagem mas saha mbak kelas VI ingkang guguningpun 40, ingkang sampun lulus sadaya kanthi
biji ingkang sae. Sadaya kala wau, awit saking panggulawentahipun sadaya Bapak / Ibu Guru SD
Kembang Teratai utamipun Ibu Guru Saraswati ingkang ngastha kelas VI ingkang tansah sabar
anggenipun mbimbing para siswa.
Mugi-mugi kula kaliyan rencang-rencang saged nuladhani semangat mas saha mbak
ingkang satuhu damel bomboning manah kula lan damel kuncaraning SD Kembang Teratai.
Mugi-mugi mas kaliyan mb ugi saged nerasaken sekolah wonten ing SMP, taksih pinter lan emut
dhateng Bapak/ Ibu Guru, mbangun miturut dhateng tiyang sepuh, saha mboten kesupen tansah
nyaketaken anggenipun manembah dhumateng Gusti. Mekaten ingkang saged kula aturaken.
Kupat bumbu santen , menawi lepat kula nyuwun pangapunten. Nuwun
Wassalamualaikum wr. wb
No Perangan pidhato/ sesorah Ukara kang ana ing teks pidhato

1. Salam pambuka Assalamualaikum wr. Wb

2. Purwaka basa :
a. Atur pakurmatan
b. Atur puja-puji
3. Surasa basa

4. Pangarep- arep

5. Wasana basa

6. Salam panutup

C. Latihan soal PH (penilaian harian )


1. Pilihen akasara a, b, c utawa d ing wangsulan paling bener!
Wacanen pidhato ing ngisor iki!
Assalamualikum wr. wb

Bapak Sutajaya minangka Kepala Sekolah ingkang kula bekteni. Bapak/ ibu Guru SD
Kembang Teratai ingkang kula bekteni. Bapak / ibu tiyang sepuh saking mas lan mbak kelas VI
ingkang kinurmatan,nmas lan mbak kelas VI ingkang kula tresnani.
Sak derengeipun kula ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung,
awit dinten menika kita saged kempal wonten aula sekolah kanthi bagas waras, kali sing rubeda
nir ing sambikala.
Keparengan kula pun Maharja minangka sesulih siswa-siswa ing SD Kembang Teratai,
ngaturaken sugeng rawuh ing acara perpisahan siswa-siswa kelas VI ingkang sampun purna
anggenipun sekolah kanthi lancar samudyanipun. Kula minangka adhik kelas, ngaturaken slamat
kagem mas saha mbak kelas VI ingkang guguningpun 40, ingkang sampun lulus sadaya kanthi
biji ingkang sae. Sadaya kala wau, awit saking panggulawentahipun sadaya Bapak / Ibu Guru SD
Kembang Teratai utamipun Ibu Guru Saraswati ingkang ngastha kelas VI ingkang tansah sabar
anggenipun mbimbing para siswa.
Mugi-mugi kula kaliyan rencang-rencang saged nuladhani semangat mas saha mbak
ingkang satuhu damel bomboning manah kula lan damel kuncaraning SD Kembang Teratai.
Mugi-mugi mas kaliyan mb ugi saged nerasaken sekolah wonten ing SMP, taksih pinter lan emut
dhateng Bapak/ Ibu Guru, mbangun miturut dhateng tiyang sepuh, saha mboten kesupen tansah
nyaketaken anggenipun manembah dhumateng Gusti. Mekaten ingkang saged kula aturaken.
Kupat bumbu santen , menawi lepat kula nyuwun pangapunten. Nuwun
Wassalamualaikum wr. wb

1. Pidhato iku diwacakae ing acara perpisahan kanggo ….


a. Kanca kang pindah sekolah
b. Guru kang pindah sekolah
c. Siswa kelas IV kang lulus
d. Wong tuwane kang seda.
2. Siswa kang lulus cacahe ana ….
a. Enem c. rong puluh
b. Sepuluh d. patang puluh
3. Guru kang ngasta kelas VI asmane …
a. Sutajaya c. Saraswati
b. Maharaja d. Kembang Teratai
4. Kapareng kula pun Maharaja minangka sesulih siswa-siswa ing SD kembang Teratai. Sesulih
tegese …
a. Ganti c. nyilih
b. Wakil d. ngomong
5. Sakderengipun kula matur, manga kula derekake asung puja dhumateng Gusti ingkang Akkarya
Jagad. Ukara ing pidhato kuwi kalebu perangan …
a. Purwaka c. pangarep-arep
b. Surasa basa d. salam pambuka
6. Mugi-mugi mas kaliyan mbak sakaliyan ugi sagedd nerasaken sekolah wonten ing SMP. Ukara
iku ing pidhato kalebu ….
a. Purwaka c. pangarep-arep
b. Surasa basa d. salam pambuka
7. Kang kalebu surasa basa ing pidhato perpisahan mau yaiku …
a. Kita taksih kempal wonten aula sekolah kanthi bagas waras , kali sing rubeda nir sambikala.
b. Sadaya kala wau, awit saking panggulawentahipun sadaya Bapak Ibu Guru SD Kembang
Teratai.
c. Mugi-mugi kula kalian rencang-rencang saged nuladani semangat Mas lan Mbak ingkang
satuhu damel bombonging manah.
d. Ngaturaken selamat kagem Mas saha mbak kelas VI ingkang gungguipun 40, ingkang
sampun lulus sadaya kanthi mbiji ingkang sae.
8. Kupat bumbu santen, manawi lepat nyuwun pangapunten. Ukara iku kalebu …
a. Sanepa c. paribahasa
b. Parikan d. cangkriman
9. Perpisahan kelas IV iku dianakae ana ngendi …
a. SDIT Insan Mulia c. SD Kelapa Sawit
b. SD Kembang Teratai d. SD Melati
10. Assalamualiku wr, wb . kalebu perangan pidhato …
a. Salam pambuka c. pambuka
b. Salam panutup d. isi
11. Mekaten ingkang saged kula aturaken sedaya kekirangan lan kalepatan nyuwun pangapunten.
Perangane pidhato iku …
a. Pambuka c. pakurmatan
b. Isi d. panutup
12. Perangan pidhato kang isine pamuji syukur marang Gusti kang Maha agung yaiku ..
a. Pambuka c. panutup
b. Isi d. salam panutup
13. Bapak ibu ingkang kula kurmati,
Rencang- rencang ingkang kula …
a. Kurmati c. bekteni
b. Senengi d. tresnani
14. Wacanen!
(1) Isi pidhato kang gambarake maksud, gambaran, sasaran, lan liya-liyane
(2) Salam pambuka
(3) Panutup kang gambarake dudutan, pangarep-arep
(4) Pambuka kang gambarake isi nganti ringkes
Urutan kang bener saka perangan pidhato ing nduwur yaiku …
a. (3, 2,1, 4 ) c. ( 4, 3, 2, 1)
b. ( 2, 4, 1,3) d. (1, 4, 2, 3 )
15. Kang ora klebu pambuka ing cengkorongan pidhato yaiku …
a. Salam pambuka c. atur puja-puji
b. Atur pakurmatan d. atur pauwun

Wacanen ing ngisor iki kanggo wangsuli nomer 16- 18 !

Salajengipun kula minangka kanca namung gadah pangajab, mugi-mugi kanthi tambahing yuswa,
sedherek kulak ang nembe mawon ulang tahun inggih menika Ilyas Surya Saputra, tambah kasil
anggenipun sinau, kaleksaan sedaya ingkang dados gegayuhanipun, sregep sinau, mangertos dhateng
kewajibanipun. Amin.

16. Sing ulang tahun ing wacan pidhato ing nduwur yaiku …
a. Hesti c. surini
b. Ilyas d. suryono
17. Tembung yuswa, ing pithado mau tegese …
a. Rupa c. kekarepan
b. Niat d. umur.
18. Pidhato ing nduwur pidhato …
a. Perpisahan c. ulang tahun
b. Mantenan d. khitanan.
19. Remen tegese …
a. Seneng c. sedih
b. Susah d. nesu
20. Pidhato ing basa jawa uga disebut …
a. Sesorah c. cangkriman
b. Parikan d. pambuka

2. Isenana nganggo tembung kang trep !


21. Sadaya kala wau, awit saking panggulawentahipun sadaya Bapak Ibu Guru SD Kembang
Teratai.
Tembung panggulawentah tegese …..
22. Sing pidhato ing acara perpisahan kelas IV jenenge …..
23. Perangan pidhato kang surasane puji syukur marang Gusti diarani ….
24. Jenis pidhato kang disampekake pembawa acara utawa Mc yaiku …
25. Wassalamualaikum wr. wb kalebu urutan pidhato kang diarani …
26. Ndadekakae wong liya seneng karo pidhato tujuanne kanggo ….
27. Omongan utawa ucapan kang ditata kanthi apik lan diandaraken marang uwong liya yaiku..
28. Pungkasane pidato yaiku …
29. Pidhato ulang tahun klebu jenis pidhato …
30. Kembul bujana tegese …..

Kuci Jawaban Latihan PH

a. Pilihan ganda

No. Jawaban No. Jawaban

1. C 11. D

2. D 12. A

3. C 13. D

4. B 14. B

5. A 15. A

6. C 16. B

7. D 17. D

8. B 18. C

9. B 19. A

10. A 20. A

b. Esai
21. mbibing
22. Maharaja
23. atur puja-puji
24. pidhato pembukaan
25. salam penutup
26. menehi hiburan
27. pidhato
28. salam panutup
29. atur pambagya
30. pesta

You might also like