You are on page 1of 2

1. Owahana ukara ing ngisor iki nganggo basa Krama!

a. Ibu lunga menyang sawah ngeterake panganan kanggo bapak


b. Saben wayah wengi Bapakku turu ana ing kursi ngarep omah

SEKAR KINANTHI
Sanajan to nora milu
Pasthi wruh solahing maling
Kaya mangkono sabarang
Panggawe ala puniki
Sok weruha nuli bisa
Yeku panuntuning eblis
2. Sebutana guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang Macapat Kinanthi ing
dhuwur!
3. Apa isi lan pitutur saka tembang ing ndhuwur kasebut? Coba jlentrehake!
4. Salinana ukara latin ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!
a.) Ami lan Ima mlaku-mlaku nglewati kreteg wesi ana ing cedhak lapangan.
b.) Aku ora krungu omongane Pak Kyai amarga swarane lirih banget.
5. Salinana ukara ing ngisor iki nganggo aksara latin!
KUNCI JAWABAN:
1. a. Ibu tindak dhateng sabin ndugegaken dhaharan kagem Bapak
b. Saben wayah dalu Bapakku sare wonten ing kursi ngajeng griya.
2. Guru gatra: 6
Guru wilangan lan lagu: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Wong maling iku solah kang ala, yaiku ngetutake napsune iblis. Senajan awake dhewe ora
rumangsani, nanging bisa ngerumangsani menawa maling iku solah kang ala kang ora
patut ditiru.
Pitutur: aja seneng maling nututi iblis

5. a. Indhonesia mardika ing taun papat lima, wis krasa suwene.


b. Mlaku saben esuk iku nggawe badan sehat, kuwat, lan seger.

You might also like