You are on page 1of 1

Adicara saklajengipun inggih menika tradisi tedhak siten kangge jabang bayi Bapak kaliyan

Ibu Budi. Dhumateng Bapak kaliyan Ibu Budi kasumanggakaken.

Tradisi Tedhak Siten

Tatacaranipun ingkang angka setunggal yaiku jabang bayi sumangga ditetah midak jadah
pitung werna. prosesi punika ngrupikaken simbol kaliyan harapan murih pun lare saged
nglangkungi tahapan demi tahapan wonten kesugengipun kaliyan nyaged tulungan saking
tuhan ingkang maha esa.

Saklajengipun, sumangga jabang bayi diunggahake menyang tangga tebu. tebu ngrupikaken
singkatan saking antebing kalbu, jarwinipun kemantepan penggalih utawi kekekahan
penggalih. ngrupikaken doa kagem pun lare lebet nindaki fase-fase kesugengan.

Angka tiga, sumangga jabang bayi dipun lebokaken wonten lebetipun kurungan pitik. Jabang
bayi kedah milih piranti kang sampun disediaaken wonten lebet bokor. prosesi menika
jarwinipun yaiku menawi sampun dewasa, panjenenganipun murih pinter ngupadi nafkah
kagem nyekapi kabetahan sugengipun kaliyan benda ingkang dipilih dening pun putra
melambangkan pilihan sang putra wonten margeni kesugengipun.

Angka sekawan inggih menika adicara tambahan yaiku nyebar beras kuning lan dhuwit. hal
menika ngandung doa murih pun lare benjang memiliki sifat dermawan kaliyan gemar ber-
shodaqoh Dhumateng perwakilan keluwarga Bapak kaliyan Ibu Budi kasumanggakaken.

Angka gangsal, sumangga jabang bayi didusi kaliyan kembang setaman.harapannya murih
pun lare memiliki asma ingkang harum kaliyan saged mengharumkan asma keluarga, agami
kaliyan bangsa.

You might also like