You are on page 1of 1

NAMA : ROIKHAN F

KELAS : XII.A6

Rajapati Ing Pereng Wilis yaiku cerita detektif sing kaemot ing majalah mingguan Panjebar
Semangat. Panaliten cerbung kang kaserat ing edisi 2011. Cerita detektif dening Kukuh S.
Wibowo minangka salah setunggal karya sastra Jawa ingkang karipta kanti nengenaken unsur
fakta cerita kang diandharake ana ing unsur-unsur kanti lan ngalir apa anane. Masalah ing
panaliten iki yaiku fakta cerita sing antarane: alur, tokoh lan penokohan, lan latar kang ana ing
cerbung Rajapati Ing pereng Wilis Karya Kukuh S. Wibowo. Panaliten iki nggunakake
pendekatan struktural. Ancase panaliten iki yaiku ngandharake kanthi runtut kepriye alur, tokoh
lan penokohan, lan latar sajroning cerbung Rajapati Ing Pereng Wilis kanthi undering perkara
babagan fakta cerita sing ana ing cerbung kasebut. Adhedhasar analisis, dimangerteni yan alur,
tokoh lan penokohan, lan latar sing ana sajroning Rajapati Ing Pereng Wilis Karya Kukuh S.
Wibowo dibagi dadi mawarna-warna. Rajapati Ing Pereng Wilis duwe alur kang dominan.
Tokogh utama ing cerbung kuwi yaiku Risang Ragutama lan Sekarniti. Tokoh pendukung
sajroning crita kuwi yaiku: Darpita, Amoendeta, pak Markani dan ibu Markani, Palindriya, Raden
Ayu Ajeng Kamaratih, Asmungin, Juari, Loso, Darus Prayitna, Kang Sarni, Arso, Muji, Ngisom,
Royan, Tonah, Sokib dan Kampana, Kartadihardja. Alur lan pangalurane cerbung Rajapati Ing
Pereng Wilis nggunakake alur campuran. Alur sing dominan yaiku alur maju kang nggambarake
kepriye tumindake para tokohe. Nanging, ana alur mundur ing tengah-tengahe ana kedaden
kang nggunakake alur flash back. Latar panggonan minangka fakta cerita sajroning teks kasebut
dumunung ing Tulungagung, Desa Widorokandhang sangisore Gunung Wilis. Dene fakta sosial
ing Rajapati Ing Pereng Wilis digambarake kahanan kang kontras status sosial ing antarane
tokoh siji lan sijine. Panaliten Fakta Cerita dalam Rajapati Ing Pereng Wilis Karya Kukuh S.
Wibowo perlu dibacutake kanthi ranah panaliten kang beda. Pangangkah unsur fakta cerita
kang ditaliti bisa luwih sampurna lan duweni mupangat kang murakabi tumrap pamaos lan
panaliti liyane.

You might also like