You are on page 1of 2

CARITA LEGENDA TELAGA WARNA

Ana salah sawijining penduduk Wonosobo kang paham anane legenda kang bisa
dipercaya penduduk ing kutha Dieng, nuturna yen “Dieng asale saka bahasa Jawa yaiku dhi
kang artine gunung lan nyang sing artine para dewa-dewi.Dadi Dieng yaiku gunung papan
panggonane para dewa-dewi. Saliyane iku uga ana akeh candi peninggalan agama Hindu
antarane ana candi Arjuna, candi Srikandi, candi Puntadewa, candi Sembadra, lan candi Semar.
Saka hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi Arjuna dibangun kira-kira pertengahan abad
ke-8.
Ora adoh saka kawasan candi Arjuna uga ana telaga warna lan kawah Sikidang. Miturut
cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sumunare srengenge
yaiku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo sang ratu. Rikala kuwi ana loro calon
pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula dibuka sayembara kanggo syarat supaya salah
sijine bisa oleh sang ratu, syarate yaiku adu cepet nggawe telaga. Salah siji pangeran bakal dadi
pemenange. Nanging pas ratu isih mlaku-mlaku, banjur weruh ana telaga sing banyune katon
tenang lan bening ana cahayane amarga kesorot srengenge. Ratu sing isih mlaku-mlaku krasa
seneng banget lan penasaran sapa sing nggawe banyu telaga kang katon endah kuwi. Banjur ratu
nggoleki pangeran sing nggawe telaga kuwi amarga arep didadekake bojone sang ratu. Akhire
keputusan perkara sing menang sayembara kuwi dibatalke.
Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem kanthi dianugrahi putri. Wektu kuwi ratu lan
anake sing ayu rupane adus ana ing telaga, nanging slendang-slendange pada mabur kena angin
lan tiba ing sajroning telaga banjur nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi warna-warni.
Mula saka kuwi akhire telaga iku diarani “Telaga Warna”. Ana ing lereng bukit sing cepak karo
telaga warna ana kawah kang diarani kawah Sikidang.
Manut critane kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duwekke sang ratu
kang ayu rupane. Arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina dheweke dilamar marang pangeran
sing kabare gagah lan sugih. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa amarga pangeran kuwi
nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kijang. Arane Kidang Garungan. Mula ben ora
gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk digawekna
sumur sing gedhe lan jero banget ing kono. Wektu kuwi sumure wis arep rampung banjur Shinta
Dewi karo para pengawale ngurung sumur kuwi. Kidang Garungan wektu kuwi melu kekurung
ing sumur banjur akhire melu kekubur ing sajroning sumur kuwi. Kidang Garungan berusaha
supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kesaktiane banjur iku meledhak
kanthi panas lan lapisane goyang utawa gogrok. Amarga saking jengkele Kidang Garungan
ngutuk yen kabeh keturunan shinta Dewi bakal nduweni rambut gembel. Mula saka iku ing kutha
Dieng terkenal karo anane tradisi upacara adat “rambut gimbal”.

Kasusun dening : Aludra Naira Kawiswara


No. Absen 3
Kelas 7 H
MTS Negeri 1 Kudus

You might also like