You are on page 1of 6

WEDHATAMA PUPUH KINANTI

TUGAS KELOMPOK 4

Disusun oleh :

1. Benaya Imanuela (05)


2. Enricho Ricard S.B. (10)
3. Grace Silla D. P. (14)
4. Rahel Tyanarrha (24)
5. Siti Nuraeni (31)
6. Zefania M. Y. (35)

SMA NEGERI 1 SURAKARTA

TAHUN PELAJARAN 2021 / 2022


Benaya Imanuela (05) Enricho Ricard S.B. (10)

Rahel Tyanarrha (24)

Grace Silla D. P. (14)

Siti Nuraeni (31) Zefania M. Y. (35)


PUPUH KINANTI PADA 10 - `12
10. mêloke yèn arsa muluk | muluk ujare lir wali | wola-wali nora nyata | anggêpe
pandhita luwih | kaluwihane tan ana | kabèh tăndha-tăndha sêpi ||

11. kawruhe mung ana wuwus | wuwuse gumaib-gaib | kasliring thithik tan kêna |
mancêrêng alise gathik | apa pandhita antiga | kang mangkono iku kaki ||

12. măngka ta kang aran laku | lakune ngèlmu sajati | tan dahwèn pati openan | tan
panastèn ora jail | tan jurungi ing kaardan | amung ênêng mamrih êning ||

TUGAS
PADA 10

A. Teges saben tembung & teges sak pada

 Teges saben tembung :


1. Meloke : (katon cetha banget)
2. Yen : (yen)
3. Arsa : (arep)
4. Muluk : (mumbul/mabur)
5. Ujare : (kadar/kaul)
6. Lir : (nglilir)
7. Wali : (wong islam sing mencarake agama Islam)
8. Wol-wali : (wolak - walik)
9. Ora : (tidak)
10. Nyata : (genah)
11. Anggep: (direngkuh kaya/diajeni)
12. Pandhita (wong kang sumuci-suci)
13. Luwih : (turah/punjul)
14. Kaluwihane : (kelebihannya)
15. Tan : (ora)
16. Ana : (eneng)
17. Kabeh : (sedaya)
18. Tandha tandha : (pratandha)
19. Sepi : (ora ana wong)
 Teges sak pada :
Omongane muluk-muluk, omongane kaya wali, bola-bali ora ana asile,
anggepe dheweke nduwe, kaluwihane ora ana, kabeh iku prantarane jiwa kang
kesang.

B. Pasinaon kang bisa dijupuk saka tembang iki :

 Ojo gumunggung, biasane sing muluk – muluk omongane ora ono


kasunyatane
C. Tembang iki bisa dicake ing urip saben dinan :

 Tembang kinanthi pada 10-12 iki memang bisa dicake neng urip saben dinan.
Amargo ngandung akeh pasinaon sing isine nasehat penting kanggo
awakedewe urip.

PADA 11

A. Teges saben tembung & teges sak pada

 Teges saben tembung :


1. Kawruh: ilmu
2. Wuwus: clathu, guneman
3. Gumaib-gaib: umuk
4. Kasliring: ketlisipan
5. Thithik: ora akeh
6. Gathik: gathuk sathitik
7. Tan: ora
8. Mancereng: lenceng enere
9. Pandita: pendhita
10. Antiga: menang
11. Kaki: anak anggèr
 Teges sak pada :
Ngilmune mung omongan thok, omongane digawe-gawe, disenggol sitik ora
kena, muring-muring alise gathik, apa kuwi kang diarani pandhita palsu,
kang kaya kuwi anakku.

B. Pasinaon kang bisa dijupuk saka tembang iki :

 Wong kang ahli ilmu agama nanging ngilmune mung saka lathi, omongane
digawe-gawe, dibantah sitik ora gelem, padahal kudune pandita iku menehi
contoh kang becik, kaya mangkana iku pandita kang palsu

C. Tembang iki bisa dicake ing urip saben dinan :

 Tembang kinanthi pada 10-12 iki memang bisa dicake neng urip saben dinan.
Amargo ngandung akeh pasinaon sing isine nasehat penting kanggo
awakedewe urip.

PADA 12

A. Teges saben tembung & teges sak pada

 Teges saben tembung :


1. Mangka : tetembungan pangiket nerangake surasane kosok balen
2. Aran : asma/jeneng
3. Laku : tumindak
4. Ngelmu : kawruh (sesurupan) mungguh ing sawijining bab
5. Sajati : sanyata, kang ora palsu
6. Dahwen : seneng nyruwe (cawe-cawe)
7. Pati : pejah/seda
8. Openan : keladuk enggone seneng migatekake barang kang cilik-cilik
9. Panasten : seneng panasi liyan marga kemeren
10. Jail : seneng maeka ing liyan
11. Jurungi : ngrewangi, mitulungi, nyumbang
12. Kaardan : hawa nepsu
13. Eneng : ora obah
14. Mamrih : pamrih
15. Ening : nyudo jiwo
 Teges sak pada :
Nalika sing diarani "tingkah laku", kebak ilmu sejatine, ora seneng omong
kosong lan ora seneng nggunakke barang sepele sing dudu duweke, Ora meri
lan dikunjara, Ora nuruti hawa nepsu. Nanging, tenang supaya bisa nyuda
jiwa.

B. Pasinaon kang bisa dijupuk saka tembang iki :

 Ojo seneng omong kosong


 Ojo seneng nggunakke barang sepele sing dudu duweke
 Ojo meri lan dikunjara
 Ojo nuruti hawa nepsu
 Tetep tenang supaya bisa nyuda jiwa

C. Tembang iki bisa dicake ing urip saben dinan :

 Tembang kinanthi pada 10-12 iki memang bisa dicake neng urip saben dinan.
Amargo ngandung akeh pasinaon sing isine nasehat penting kanggo
awakedewe urip.
DOKUMENTASI :

You might also like