Professional Documents
Culture Documents
BABAK 1 :
MBOK RONDHO DHADHAP AN : “Iki dusun dhadhapan le… kowe arep ngapa neng
kene?”
MBOK RONDHO DHADHAP AN : “Wah… ya wis… kowe melu mbok wae piye le?
Tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.”
MBOK RONDHO DHADHAP AN : “Kawit sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak
jenengke ande-ande lumut ya le?”
BABAK 2 :
MBOK RONDHO KLENTING : “Ngene ndug, ana warta sing penting banget.”
KLENTING ABANG : “Warta apa ta mbok?” (dewasa)
KLENTING IJO : “Inggih mbok enten napa ta?” (manja, nyedak karo nyekel tangane
mbok rondho klenting)
KLENTING BIRU : “Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?”
MBOK RONDHO KLENTING : “Kowe ngerti ta… mbok rondho dhadhapan sing
duwe anak bagus banget, jenenge ande- ande lumut?”
KLENTING ABANG : “Wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…”
KLENTING IJO : “Ora iso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.”
KLENTING BIRU “Ora iso mbakyu, mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune
mbakyu-mbakyu ngalah karo aku!”
KLENTING ABANG : “Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni
aku dadi mbakyumu!”
MBOK RONDHO KLENTING : “Matur apa….? Apa kowe wes rampung nyapune?”
KLENTING KUNING : “Sampun mbok, ngeten mbok… kula inggih kepingin ndherek
saembara “Sinden Idol” supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu-
mbakyu klenting.”
MBOK RONDHO KLENTING : “Owh ya wis…rene tak dandani kowe.” (MBOK
RONDHO MENEHI ANGUS LAN AMBU- AMBU KANG ORA ENAK MARANG
KLENTING KUNING)
MBOK RONDHO KLENTING : “Ya wis sakiki kowe ngumbahi klambi- klambine
mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.” (MBOK RONDHO NYURUNG
KLENGTING KUNING KANTHI KASAR BANGET)
BABAK : 3
KLENTING KUNING : “Duh Gusti ngeten niki gesangipun kula… mugi-mugi kula
saget nampi kanti lemah manah.”
WIDODARI : “Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu!”
WIDODARI : “Aku arep menehi kowe pusaka… tampanen … mugo- mugo pusaka
iki keguna kanggo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Tampanen cah ayu.”
KLENTING KUNING : “Injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.”
(KLENTING KUNING NINGGALNO KALI LAN NGGAWA PUSAKA SING
DIWENEHKE WIDODARI)
BABAK : 4
KLENTING BIRU : “Iya mbakyu… piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido melu
saembarane mbok rondho dhadhapan?!”
KLENTING IJO LAN BIRU : “Wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae
mbakyu.”
YUYU KANGKAN G : “Wah…abot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah
ayu….enek imbalane.”
KLENTING ABANG : “Imbalane apa ta…kon mbayar nganggo duwit?? Wah kowe
kuwi mata duwitan!”
KLENTING IJO : “Ya wes lah yen duwit gampang….mengko tak bayar..”
YUYU KANGKAN G : “Ya wis yen wegah… yen suwe-suwe mengko imbalane
nambah…” (KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU PADHA REMBUGAN)
YUYU KANGKAN G : “Wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon
ayu-ayu..” (KLENTING KUNING TEKO AREP NYABRANG)
KLENTING KUNING : “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah
kae enek yuyu kangkang. Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo. Aku njaluk
tulung sebrangne kali iki.”
YUYU KANGKAN G : “Aku wegah… wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar wong
wadon elek.”
KLENTING KUNING : “Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
BABAK 5 :
MBOK RONDHO DHADHAP AN : “Wah.. cah wadon ayu- ayu…arep ngapa iki?”
KLENTING- KLENTING : “Badhe melu saembara “sinden idol” supaya bisa dadi
garwane ande-ande lumut mbok…”
MBOK RONDHO DHADHAP AN : “Owalah… arep melu saembara ta… Ayo nyanyi
siji-siji?!”
Next….”
Next…”
ANDE- ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten
meduun.. najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
ANDE- ANDE LUMUT : “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
ANDE- ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun… duh ibu… kula mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAP AN : “Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…”
(KLENTING KUNING TEKO MARA ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN)
KLENTING ABANG : “Lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu
ditolak kok apa mneh kuwe?”
MBOK RONDHO DHADHAP AN : “Owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut
wae.”
ANDE- ANDE LUMUT : “Mbok, kula badhe ngmong jujur ngenani jati dirine kula.”