You are on page 1of 2

RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA PASINAON 7

Tema : Tulung-tinulung

A. Dongeng
Semut lan Manuk Derkuku
Semut golek pangan.
Semut nyabrang kali.
Nalika lagi nyabrang ketiban pang garing.
Semut kontal kecemplung kali.
Dheweke keli.
“Tulung-tulung,” semut njaluk tulung.
Manuk Derkuku mara nulungi.
Semut diunggahake menyang godhong garing.
“Matur nuwun ya, Ku,” kandhane marang Derkuku.
“Ya padha-padha, Mut!”

Macan lan Tikus


Ing alas ana Macan keluwen.
Oleh pangan mung tikus.
Tikus njaluk diuncalake.
Macan kena jaringe pemburu.
Tikus nulungi.
Macane slamet.
Matur nuwun , Kus.

B. Tegese tembung
Kecemplung kali : kecegur kali
Keli : katut iline banyu
Mara nulungi : teka nulungi
Diunggahake : digawa munggah
Kandhane : omonge
C. Tuladha tumindak becik kang perlu ditiru :
Golek pangan (kaya semut)
Sregep sinau
Ngrewangi ibu
Nulungi sing butuh pitulungan (kaya derkuku lan tikus)
Maturnuwun sawise ditulungi (kaya semut lan macan)

D. Tumindak ala kang ora perlu ditiru / kudu disingkiri :


Seneng nyiksa kewan
Keset sinau
Seneng dolan lali wektu
Kasar marang wong tuwa
Ora rukun karo kanca

You might also like