You are on page 1of 4

5 MALAIKAT CILIK

Isuk iki, ora kaya biasane. Sing biasane wis ora ana kabut, nanging isuk iki
ana kabut ing Kampung Luhur. Bu Indah yaiku salah sijine warga Kampung Luhur.
Bu Indah terkenal ibu kang nduweni anak sing cacahe ana lima, yaiku Surya, Panji,
Cakra, Kirani, lan Ranti. Bu Indah wis ora duwe garwa amarga wis seda wektu Surya
isih 10 tahun.

Isuk iki, Bu Indah nyaponi latar...

Bu Indah : ”Adem e isuk iki, padahal wingi panas” *nyaponi latar

Surya : “Buk, kula budhal sekolah nggih”

Bu Indah : “Lha adi-adimu ora budhal bareng kowe, le?”

Surya : “Inggih buk, menika Panji, Cakra, lan Kirani arep melu budhal bareng.
Bocahe Ranti ora gelem budhal bareng.”

Bu Indah : “Lhah piye to? Ana opo kok ora gelem budhal bareng sekolah?”

Panji : “Jare kepingin diterake ibuk”

Cakra : “Inggih buk, Ranti kanda kula”

Bu Indah : “Lah-dalah... iyoo.. iyo wes budhalo disikan, mengko telat, wis
sarapan ta? Aja lali mangan awan yoo!!!”

Kirani : “Inggih buk, lha tapi sangune endi? Hahahaha....”

Bu Indah : “Ya Gusti ibuk lali, nyohh... duwite, gawe tuku panganan lho! Duwite
mung samene wae.”

P,C,&K : “Alhamdulillah, matur suwun buk, Assalamu’alaikum”

Bu Indah : “Wa’alaikumsalam, le, nduk!”

Bu Indah mlebu omah lan marani Ranti.

Bu Indah : “Cah ayu Ranti, ana ing endi nduk?”

Ranti : “Ibuk... buk kula pingin lunga.”

Bu Indah : “Lha dino iki sekolah, pingin lunga menyang endi?”

Ranti : “Ibuk kepingin menyang endi?”

Bu Indah : “Ibuk kepingin menyang makam e bapak, tapi ora duwe duwit kanggo
menyang Yogya.”
Ranti : *langsung ninggalake ibuke “Assalamu’alaikum buk, kula budhal
dewean.”

Bu Indah : *ngusapake waspa, suara lirih “Wa’alaikumsalam, ati-ati nduk”

***

Mulih sekolah...

Surya : “Ibuk menyang endi?”

Kirani : “Aku ora eruh, teka ing omah wis ora ana sapa-sapa”

Panji : “Lho piye ta? Mengko ana apa-apa piye?”

Cakra : “Husss... ora pareng!!!”

Ranti : “Mas... mbak.. ibuk golek duwit.”

Surya : “Lah kangge apa?”

Ranti : “Ibuk kepingin menyang makamnipun alhmarhum bapak, nanging ora


duwe duwit.”

Kirani : “Ibuk badhe menyang Yogya? Saaken ibuk, ibuk pasti kangen
bapak.”

Panji : “Awake ora oleh meneng, awake kudu bantu ibuk kanggo golek
duwit.”

Cakra : “Iyo bener, ayo awake kerja, saiki wis prei to?”

Panji : “Iyo, kerja apa yo?”

Surya : “Yaopo yen dodolan es lilin, gampang gawene”

Kirani : “Setuju pol, sesuk wis mulai dodolan yo, tapi ibuk ora oleh eruh”

Sesuk isuke, anak Bu Indah dodolan. Bocah-bocah iku pamit arep sinau
bareng ing perpustakaan kutha marang ibune.

Bu Indah : “Arep menyang endi, le?”

Surya : “Arep sinau bareng buk, awake arep menyang perpustakan umum”

Ranti : “Buk, Ranti arep sinau nggih supaya pinter hehehe..”

Bu Indah : “Woalahh.. iyoo ati-ati lho”

*bocah 5 iku pada dodolan

Jam 3 sore bocah-bocah durung mulih. Bu Indah gupuh.


Kirani : “Buk, ibuk ayo menyang Yogya..”

Bu Indah : “Hah? Nyapo?”

Surya : “Ibuk kepingin menyang Yogya ta?”

Bu Indah : “Iyo, ibuk kepingin menyang Yogya, ibuk kepingin menyang makame
bapak”

Cakra : “Buk, anak-anak ibuk sampun dodolan lan untuk duwit sing lumayan,
dadi kita bisa menyang Yogya nitih sepur.”

Bu Indah : “Tapi ibuk wis golek duwit wingi”

Panji : “Mboten apa-apa buk, duwit wingi kangge tabungan wae, bek
meenawa iso kangge munggah kaji.”

Bu Indah : “Subhanallah Ya Gusti, panjenengan paringi kula ana-anak kang


becik iki.”

*meneng

Ranti : “Ayooo budhal menyang yogya!!!”

*kabeh ngguyu

Rong dina kepungkur, kabeh budhal menyang Yogya nitih sepur. Kabeh pada
seneng, ora ana sing susah.

Cakra : “Alhamdulillah iso numpak sepur”

Ranti : “Iyo mas, suwenenggg banget aku.”

Bu Indah : “Iyo, sap antes e kita bersyukur marang Gusti Allah”

Surya : “Iyo bener iku”

***

Ing Yogya, makam almarhum bapak. Bu Indah ndungo lan nitisake eluh.

Bu Indah : “Nak, dungakno bapak yo. Ranti masio kowe ora eruh rupane bapak,
tetep kirim dunga bendino ya, bapak iki uwong kang becik atine.

S,P,C,K,&R : “Inggih ibuk”

*hening

Bu Indah : “Suwun yo nak, ibuk seneng banget akhire iso menyang makam e
almarhum bapak, ibuk sayang kowe kabeh.”
Surya : “Ibuk lan bapak mboten salah maringe jeneng kita siing apiki iki, kula
Surya bakal dados matahari kang mesti nyinarake ibuk lan adi-adiku”

Panji : “Kaya jeneng kula, Panji. Kula duwe kelebihan kanggo nyenengake
ibukku”

Cakra : “Jenengku cakra kang artine nglindungi. Kula bakal nglindungi ibuk
sak lawase”

Kirani : “Kirani nduweni arti sinar sing apik, kula bakal dadi sinar kang bakal
bahagiaake ibuk”

Ranti : “Ranti artine apa yo? Hehehe”

Bu Indah : “Ranti iku rangkaian kembang nak. Jeneng sing apik-apik artine,
mugi-mugi kowe kabeh dadi bocah sing becik ya”

S,P,C,K&R : “Inggih buk, aamiin.. kita bakal ngelakukake sing paling apik kangge
ibuk, kita kabeh sayang ibuk”

Ranti : “Ayo dolan!”

Bu Indah : “Ayo mlampah-mlampah ing Yogya!”

S,P,C,K&R : “Ayooo!!!”

Pungkasane, Bu Indah lan 5 Malaikat cilik kuwi plesir ing Yogya. Kabeh
seneng amarga perjuwangan 5 Malaikat cilik kuwi kangge ibuke ora sia-sia.

***

Kita sedaya kudu senajan bekti marang wong tuwa, ora pandang wis seda
utawa durung supaya urip slamet lan makmur.

Kelompok :

1. Adam Putra Pratama Zainuri (01)


2. Adinda Deshintamaya Maharani (02)
3. Aji Said Muhammad Diaz Abizard (04)
4. Arsella Imanda Putri (06)
5. Dinar Iftitah Rahmah (11)
6. Muhammad Umar Al-Faruq (25)

You might also like