You are on page 1of 45

1.

OTO1 MOGOK

“…….., judheg aku!”, punika angluhipun satunggaling priyantun ngadeg, cancut,


wonten ngiringanipun motoring oto ingkang sampun kabikak tutupipun. Wironipun
kablesekaken menginggil, ngantos kathokipun ketingal sekedhik, jasipun sampun
kabikak, kantun ngangge rangkepan. Pacaking badan thentheng ragi mbungkuk. Nering
pandulu tumuju dhateng mesining oto. Sajak migatosaken senget dhateng kawontenaning
motor punika.

Nitik tetesing kringetipun saking bathuk tuwin saking gulu, dalah telesing rangkepan
ingkang wingking, cetha yen priyantun wau sampun kepara dangu tumandang damel
awrat. Sabonten-bontenipun inggih kaesuk ngongsronging manah.

Priyantun wau umuripun udakawis seketan taun, nanging kebekta saking saening
badan, lan saged ugi saking anggenipun boten alitan manah, ketingalipun saweg umur
kawan dasan taun.

Ing salebetipun oto wau ingkang linggih ing bak wingking sisih kiwa priyantun estri,
umur tigang dasa gangsalan taun; ingkang sisih tengen ugi priyantun estri wetawis saweg
pitulasan taun.

Memperipun priyantun estri ingkang wonten sisih kiwa punika bojonipun, ingkang
wonten tengen anakipun.

Ing salebetipun priyantun wau uthek madosi ingkang njalari mogoking otonipun,
ingkang estri ketingal suntrut. Tanganipun tengen sedhakep, badan kasendhekaken ing
cagaking tendha, sirahipun kabantalaken tangan kiwa. Kados boten mokal yen ta
kawastanana saweg susah manahipun.

Nanging anakipun boten mekaten. Linggihipun sendhen, ketingal sajak


sasekecanipun, sumelehing pasemon kenging dipun wastani mesem ajegan. Tanganipun
tansah ngolak-alik kacunipun sutra ingkang sinulam peni.

Ngantos sawetawis dangu priyantun tetiga wau boten sami cecriyosan, dumadakan
ingkang estri sumela sanjang dhateng ingkang jaler semu netah:

“Ta, Pak! Biyen mula aku rak wis kandha yen wong ngingu oto kuwi akeh kesusahane.”

1
Montor, mobil

1
“Hem! Ibune mono wasis yen mung nutuh.”

Anakipun nyelani:

“Yah, Ibu ki! Punapa inggih oto menika namung murugaken kesusahan thok? Wong lagi
sepisan bae dingendikakake akeh!”

“Lah ya kuwi Tien nek Ibumu.”

“Nyatane nek kaya ngene iki priye hara? Mangka neng tengah bulak, wis jam setengah
nem, kathik atise kaya ngene. Gunung Sumbing wis kemul ampak-ampak, dalah ing
Kledhung ya wis meh putih, dhasar dalane sumengka, kok jebul otone bobrok.”

“Yah, ibune ki ta! Rak ya lumrah ta yen oto kuwi sok mogok, ora kok banjur bobrok
ngono. Iki rak mung saka ana adon-adon sing during mathuk utawa mlesed saka mestine.
Ana oto isih kincling-kincling ngene jare bobrok.”

“Ingkang risak menika menapanipun ta Pak? Mangke gek dipun-paeka sopir ingkang
mentas medal punika.”

“Mempere ya ngana Tien, nanging bapakmu ora priksa.”

“Hara ta ibune kuwi rak tanduk mameh olehe nutuh….Nek paringaku ora. Sabab metune
kuwi jalaran dheweke dadi lurah desa, tur maneh neng jajahanku, dadi mesthine ora
gelem gawe wisuna menyang aku.”

“Ngona-ngonoa kae nyatane! Nek kaya ngene iki banjur priye hara?”

“Sawise, kepriye, lah ya kudu nrima. Mengko yen ana oto saka Wanasaba utawa
Parakan sing wia ngglondhang, ya pada nunggang kuwi bae.”

“Inggih pak, terkadhang mangke wonten saestu, nanging sewanipun inggih lajeng awis.”

Ibunipun nyambeti:

“Prakara laranging sewan kuwi dudu barang-barang, balik anane bae durung karuwan!
Manaka dina iki ora kebener pasaran Kreteg utawa Parakan, kathik wis wayah ngene,
bisane ana saka ngendi?”, wedaling wicanten makaten wau kanthi sugal, mratandhani
saya sanget anyeling manahipun lan kados dene sampun telas pangajeng-ajengipun.

Boten dangu lajeng gremis. Anakipun alok:

2
“O, gremis, pak; mbok sampun mangga, lenggah nglebet kemawon, pak!”

“O, la kok iya! Ya wis nrima dhisik.”

Priyantun wau lajeng mlebet ing oto, linggih ing bak ngajeng. Ingkang estri nyambeti
kalayan sajak mbeda:

“Hara ta rasakna! Ora gremis kuwi anake sapa! Wong mendhunge kaya ngana kandele.”
Criyos makaten wau kaliyan mbenakaken rimongipun kangge kudhung lan kaubedaken
gulu, ngantos rapet, kupingipun boten ketingal. Linggihipun mantengah lajeng sila.
Makaten wau perlu kangge namengi pangamukipun hawa ingkang saya sakelangkung
atis.

Mogokipun oto wau wonten tengah-tengahing bulak, kaprenah sangandhaping


dhusun Kledhung. Dene Kledhung punika dumunung ing papan ingkang inggil, kleres
ingkang ereng-erengipun redi Sumbing kaliyan Kreteg (Wanasaba). Saking Kledhung
dhateng Parakan utawi Kreteg sami tumurunipun.

Ing Kledhung punika misuwur atisipun. Dhasar anginipun sumribit, sinembuh


gremisipun tanpa kendhat, sampun temtu atisipun tikel. Sampun ingkang kados
kawontenan kasebut nginggil wau, saweg ing wanci jam kalih welas siyang, tur
suryanipun jumrepet kemawon hawanipun meksa atis. Langkung-langkung tumprap para
tiyang ing tanah ampah.

Kala semanten ing salebeting oto boten wonten ingkang sami cecriyosan, namung
sami sedhakep. Awit kejawa ngraosaken atising hawa, inggih saya judheg manahipun.
Boten kantenan tujuning kanjeng, sedaya namung sami ngetut lampahing gagasanipun
piyambak-piyambak. Pinten-pinten lelamunan. Nanging boten wonten ingkang saged
mbirad ewed-pakewedipun, destun namung malah saya ngimbeti ribeding manah.

Namung anakipun ingkang ketingal boten patos susah. Sekedhap ningali redi
Sumbing utawa Sindara, ingkang saya dangu namung ketingal ngregemeng kemawon.
Sekedhap ningali padhusunan lengkehipun redi Sumbing. Saweneh wonten ingkang
ketingal pethak kados tiyang sami ndhodhok ningali priyantun tiga ingkang wonten
salebeting oto wau. Sakedhap malih ningali raining ibunipun, ingkang ngendhanu kados
mendhung. Ing batos ngesemi, dene sampun sepuh teka kirang sabar ing manah. Dangu-
dangu kepengin gineman, taken dhateng ibunipun:

3
“Bu, bu! Nuwun sewu nggih bu! Ibu kok ngendika klesak-klesik menika ngendika
kaliyan sinten ta, bu? Menapa saweg ndonga?” anggenipun pitaken makaten wau kaliyan
gumujeng sarwi nutupi lambenipun mawi kacu. Bapakipun nyambeti kaliyan mesem:

“Nengna we rak uwis ta Tien! Ibumu kuwi lagi muja-semadi, kok.”

“Kowe mono Tien, bocah ora Jawa, wong urip rak iya sabisa-bisane, nenuwun menyang
sing Gawe Urip ta.”

“O, nggih sukur ta bu!”

Thik-thiking sekon dados menit, menit dados jam. Sareng sampun sawetawis jam
anggenipun wonten salebeting oto mogok ingkang kinepang pepeteng, gremis lan angin
ngidit, dumadakan kacaning tendha ingkang wingking mak byar, ketingak padhang.
Padhangipun terus dhateng kaca ngajeng, nyrambahi salebeting oto. Sadaya sami noleh
dhateng wingking. Ingkang wonten bak wingking nginjen saking kaca, ingkang wonten
bak ngajeng kepeksa manglung dhateng njawi, nanging namung sekedhap lajeng mlebet
malih, amargi sepisan ing njawi taksih gremis, kaping kalih silo dening soroting lentera
oto ingkang dhateng. Anakipun gugup, sanjang dhateng bapakipun kaliyan ketingal
bingah ing manah:

“Hla menika wonten oto mriki, pak!”

“Iya pak, jajal di-endeg mbok-menawa taksi barang.”

“Iya, nanging kiraku dudu taksi, awit yen taksi lumrahe lenterane ora….” Saweg dumugi
semanten kapunggel dening swara….Hrrrrr. Ssssss! Oto wau kendel ing wingking leres.

Keneking oto mandhap rumiyin, ngganjel roda wingking, awit wonten ing margi
sumengka. Lentera ngajeng kalih pisan dipun-pejahi. Dilah panyorot dipun-gesangaken,
punapa dene motoripun inggih taksih dipun-gesangaken perlu kangge nggesangaken dilah
panyorot.

Sopiripun lajeng mandhap, murugi oto ingkang mogok. Sanadyan wekdal samanten
taksih gremis, boten karaosaken. Sareng celak, sopir lajeng taken tembungipun andhap-
asor:

“Punapa ndara, kendel wonten ngriki?”

4
Priyantun jaler wau lajeng mandhap saking oto lan maspadakaken dhateng tiyang ingkang
taken. Ing manah kewedan anggenipun badhe mangsuli, awit ingkang taken wau ragi
ngodhengaken manah. Sebab tiyangipun bregas, tatakramanipun jangkep. Yen kaanggepa
sopir limrah boten pantes. Nanging saupami sanes sopir taksi, la punapa. Awit sanadyan
clananipun bregas, nanging sami ketingal pating dlemok tilas kenging lisah, tur
rambutipun morak-marik, memper yen namung sopir taksi. Langkung-langkung manawi
ngengeti anggenipun nyebut ndara. Ewadene ing manah dereng sreg.

Badhe nggenahaken sinten piyambakipun, inggih kirang sekeca, boten cundhuk


kaliyan empan-papanipun. Mangka anggenipun taken wau badhe saku pitulungan. Mila
murih sekecanipun lajeng mendhet palih-palih. Suka wangsulan mawi tembung madya
makaten:

“Rewel, mogok boten gelem mlaku!”

“Ingkang rewel punapanipun, ndara?”

“Kula kurang terang.”

“Punapa kula kepareng nuweni? Mbok menawi saged ngleresaken.”

“Engga! We lah kabeneran.”

Sadangunipun sopir tumandang, priyantun estri kalih ingkang wonten wingking sami
ketingal bingah. Gadhah pangajeng-ajeng badhe sumingkir saking kesusahan.

“Na, Na, Kasna!”

“Kula.”

“Hara jajal iki kabeh bukakana!”

“Enggih.”

Sareng sampun dipun bakaki sadaya, lajeng dipun tingali. Karehning dilah panyorot
oto wingking boten saged dhawah ing montor ingkang mogok, anggenipun ningali inggih
boten patos terang, mali lajeng nyuwun sumerep dhateng priyantun ingkang gadhah:

“Punapa sadaya sampun resik, ndara?”

5
“Yen bab resik kula tanggel, nanging renggang-rapete setelan kula boten ngretos, wiwit
kriyin boten kula owah-owah.”

“Bab renggang rapetipun kados sampun cekapan, sadaya sampun kula gagapi.”

“Pancen wingi-wingi enggih boten tau rewel.”

“Slingeripun wonten pundi, ndara?”

“Niki onten ngriki.” Kaliyan nedahaken bak ngajeng.

“Na, slinger kae, jupuken!”

“Enggih.”

“Sarehning taksih gremis, mangga ndara lenggah nglebet kemawon.”

“Boten dadi napa.”

“Boten ndara, mangga lenggah kemawon, kula sampun kulina dhateng jawah lan benter,
panjenengan kirang prayogi.”

“Ning rasane kok kurang kepenak, wong ditulingi kok malah ngenak-enak.”

“Boten ndara, sampun kagalih kadospundi-kadospundi. Yen panjenengan boten lenggah


nglebet, ngrendheti padamelan kula amargi manah kula lajeng kirang tentrem, dening
sumerep panjenengan kegremisan, tur wonten ngriki, papan ingkang hawanipun asrep.”

“Enggih ta yen ngoten.”

“Wis, Na, puteren sing ajeg ya, Na!”

“Enggih.”

Sareng sampun kaputer kinten-kinten samenit dangunipun sopir lajeng matur malih:

“Punapa kepareng kula bikak?”

“Engga, engga.”

“Na, padhangana nganggo rek ya Na!”

“Enggih.”

6
“Nanging ngati-ati aja kecedhaken, awit tenge (wadhah bensin) oto iki ana ngarep, yan
ana pipa sing borot barang.”

“Enggih pun.”

Sareng sampun kabikak sarta dipun tingali, lajeng aken dhateng kenekipun.

“Na, jupukna gombal.”

“Enggih.”

Priyantun ingkang gadhah oto nyelani:

“Kadospundi?”

“Boten punapa-punapa, ndara. Kinten kula, samangke saged gesang.”

“Sukur ta!”

“Niki lo gombale.”

“Resik ora, Na?”

“Resik sanget, tiyang niku halsduk kula.”

“Halsduk kok kaya ngene?”

“Kantenan blacu ajeng kula damel kotang boten sida.”

“Kok ora sida ana apa?”

“Tiyang taksih kirang.”

“Hla tuku kok nganti kurang?”

“Tiyang niku boten tumbas kok. Dhek bapak ngajal nika ulese turah, hla nggih niku
turahane.”

“Wis iki: enya.”

“Pundi, ngriki, ajeng kula engge kudung, wong teksih gremis. Kula niki sok mimet nek
kegremisan.”

“Pambekanmu kaya ndara menggung. Wis iki busine pasangen. Sing kenceng: ya!”

7
“Enggih.”

Busi ingkang kabikak sampun kapasang malih, sarta sanesipun sampun kenceng sadaya,
kekeping motor dipun tutupaken malih, sopir lajeng sanjang:

“Samangke tanggel gesang motoripun ndara!”

“Wah, ketrima banget. Kuwi Tien dhompete ana ngesak jupuken.”

“Mangga pak.”

“Ndara, mangga dipun starter.”

Oto dipun stater lajeng gesang, lentera byar padhang.

“Sampun ndara, mangga lajeng tindak, amargi sampun jam sedasa.”

“Niki lo!” sanjang makaten wau kaliyan ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta.

“Sembah nuwun ndara, mangga lajeng tindak kemawon, kula ndherekaken ing
wingking.” Sopir terus murugi otonipun piyambak kaliyan nggered rambutipun Kasna,
awit Kasna mlongo dening lurahipun boten purun nampeni arta. Mangka sayektosipun
sampun kumecer sumerep tanganipun priyantun wau isi arta. Mila semu gela sanget,
dening mlesed pangajeng-ajengipun tampi panduman. Satemah namung ngingetaken
kaliyan mlongo. Nanging dereng ngantos kasumerepan dening ingkang badhe suka gan
jaran kesesa dipun sered sopiripun.

2. MEKSA BATAL

Oto kalih pisan lajeng sami bidhal. Lampahipun sae, swantening motor boten wonten
gesehipun, mrantandhani oto ingkang risak sampun pulih kados waunipun.
Priyantun ketiga wau bingahipun boten kenging winiraos. Rumaos tampi kanugrahaning
Pangeran, oncat, saking raos pegel, atis lan sumelang. Ingkang estri sanjang dhateng ingkang
jaler kanthi bingah, ketitik saking solah lan swantenipun :
“Kuwi mau sapa ta, pak?”
“Embuh ya, bu?”
Anakipun nyambeti :
“Dhateng bapak kok matur: ndara. Sajak sampun sumerep”.
“ Kiraku ya uwis, nanging aku durung weruh. Ayakna sopir taksi”.

8
“Ah kiraku dudu pak.Wong bocahe bagus ki, polatane jetmika.”
“Apa sopir taksi kuwi ora kena duwe rupa bagus lan polatan jetmika?”
“Ayake nek manut ibu, rupa bagus kuwi dadi monopoline priyayi. Padune ibu iku mung
arep ngalem bae, dumeh gelem nulungi!”
“Ya ora ngalem ngono wong nyatane,. Kono pikiren. Ing atase durung nganti di-endheg kok
mandheg dhewe! Ora di-jaluki tulung, banjur nulungi. Duwe pangeman menyang bapakmu,
dening kegremisan, tur tembunge kaya ngono mau, hara ta, andak watak kaya ngono mau
dumunung ana angger uwong?”
“Nanging iya bener kandhane ibu kuwi , Tien. Apa kowe ora weruh nomore oto buri mau
Tien ?”
“Menika mau terang wonten seratanipun, AA nomer 1013.”
“Apa dudu taksi Parakan?”
“ Kados sanes : pak, awit sadangu-kula wonten Parakan dereng nate sumerep sopir menika.
Menapa malih taksi Parakan, ingkang kathah Dogde sareng menika wau, Buick.”
“ Di-paringi persen kok ora gelem ya, pak?”
“Hla ya kuwi!”
“Kiraku kurang ,pak!”
“Mau arep tak-wenehi seringgit; rumangsaku wis memper.Nanging sopir mau durung nganti
weruh pira anggonku arep menehi. Dadi tetep dheweke ora gelem nampani. Ya memper,
wong iku yen bagus, dhasar watake alus mesthi sugih kaprawiran.”
“Ah, bapak ki saiki ngalem, tiru-tiru ibu.” Yektosipun anakipun ing batos ngleresaken
criyosing bapak lan ibunipun. Nanging limrah, kenya punika boten purun ngalem dhateng
jaka wonten ngajengipun tiyang ingkang dipun-rikuhi.
“Wis ngene bae, mengko yen tekan Parakan di-endheg, utawa samangsa dheweke mandheg,
endang kandhaa aku!”
“Inggih, pak!
“Iya pak, aku rujuk. Lan maneh di-imbuhi seringggit engkas, minangka patukone
kaprawirane lan pangemane menyang kowe.
“Iya karepku ya ngono bu.”
Lampahipun oto kekalih wau remben sanget, jalaran, sasampunipun nglangkungi dhusun
Kledung, marginipun tansah mandhap lan rumpil, tur kathah enggok-enggokanipun ingkang
nyikut, dhasar ing wanci dalu tur gremis. Sanadyan lenteranipun boten kirang padhang,
nanging kala-kala kesaput ing ampak- ampak, ndadosaken rekaosipun para nglampahaken

9
oto. Versneling kalih kerep dipun-gunakaken. Punapa malih pedhaling rem tansah kraket ing
dlamakan. Makaten wau rumeksa wilujenging lampah.
Sanadyan Buick wau pancenipun saged mlampah rikat, dening sopiripun sampun kulina
sanget dhateng margi ingkang dipun- langkungi, nanging kepeksa sabar, amargi ing wekdal
punika saweg rumeksa oto Overland alit. Njagi alanganing lampah sanesipun malih.
Rembening lampah saestu kados Prabu Anom Gathotkaca nalika ngiring ingkang rayi satriya
Plangkawati R. Abimanyu dipun-utus madosi pandung ingkang mlebet ing taman
Kadilengeng, pinanggih dhateng Sang Dyah Lesmanawati. Mangka yen boten saged
nyepeng, badhe kedamel pangewan- ewan wonten ing nagari Ngastina. Lampahipun
mandheg mangu, saking ribeding manah, wusana lajeng mbrebesmili. Satriya Prabu Anom
Gathotkaca boten talompe , enggal nyelaki sarta ambombong murih gambiraning manah.
Boten dangu saking ketebihan ketingal soroting dilah- dilah margi, sumorot manggingil,
kados wana kebesmen. Mrantadhani bilih sampun meh dumugi ing kitha. Ingkang makaten
wau inggih kayektosan, let saprasekawan jam oto dumugi Parakan.
Dumugi pratigan ingkang dhateng Weleri, ing pinggir margi kiwa-tengen ketingal dilah
pating klencar. Sareng celak cetha yen punika dilahipun tiyang sadean. Pancen sacelakipun
pratigan ngriku saweg wonten bangsa Tiong Hoa gadhah damel. Mawi gambyongan,
ringgitipun saking Surakarta, gangsanipun pepak, slendro, pelok lan barang. Dalah
niyaganipun boten nguciwani, mila ingkang ningali inggih jejel. Sareng lampahing oto meh
dumugi ngriku, kepeksa dipun-rindhikaken, kagantos versnelling kalih, awit marginipun
ciyut, kebak tiyang.
Overland lampahipun terus, nanging inggih alon. Buick dumugi ngajeng tratag, kendhel.
Saking oto wonten tiyang bangsa Tiong Hoa sekawan sami mandhap, terus mlebet ing tratag,
kinurmatan ungeling gangsa: Kebogiro.
Let wetawis seket meter tebihipun, Overland inggih kendel amargi badhe ngetrepi
rancanganipun ingkang karembag kala wau. Saweg kemawon kendel greg, Buick lajeng
brubut nglancangi, bablas. Eneripun dhateng Magelang. Raden Ajeng Tien sumerep, sanjang
dhateng bapakipun :
“O, pak menika otonipun bablas!”
“Elo, kok iya!”
Raden Ayu Asisten-wedana nyambeti :
“ Hla iya, bapakne kuwi kok ora kersa ngendheg ta!”

10
“ Kepriye olehe ngendheg, wong kene lagi bae mandheg, otone wis mak brubut. Nanging
aku isih duwe pangarep-arep. Terkadhang leren ana ing pratelon kana. Dene yen kana ora
ana, iya terus mulih bae, metu Kawedanan kana.!”
“Ija wis ayo pak, di-tututi mrana!”
Overland enggal nututi. Dumugi pratigan, inggih punika papan pakendelan taksi yen
wanci siyang, sepen, boten wonten punapa-punapa. Priyantun tetiga sanget gela manahipun,
dene kajengipun meksa batal, boten saged kaleksanan.
Prijantun ingkang jaler ketingal gela sanget. Wicanten :
“Hlo, hla kok ora mandheg ana kene!”
“Hla banjur kepriye iki, pak?”
“Kepriye maneh iya di urus liya dina bae.”
“Inggih pak. Kalijan malih merek lan nomeripun tijang sampun kasumerepan kemawon.”
“Iya wis ayo.”
Oto terus menggok ngiwa, bablas anjog margi ingkang terus dhateng Weleri.
Lampahipun ngaler. Wetawis jam sewelas kirang sekedhik dumugi ngasistenan Ngadireja
wilujeng boten wonten pambengan malih.

3. NYONYAH OEI WAT HIEN

Keleres dinten Minggu, wetawis jam wolu enjing, ing ngajeng ngasistenan Ngadireja
wonten oto. Boten dangu nyonyah Tiong Hoa ingkang umur-umuranipun dereng langkung
saking tigang dasan taun mandhap saking oto, terus dhateng ngasistenan. Lampahipun medal
ngiringan griya, terus dhateng wingking. Dene otonipun kaputer wangsul terus kendel wonten
ngajeng peken.
Kala semanten Den Bei asisten-wedana saweg lenggahan kaliyan ingkang putri tuwin
putranipun wonten ing gadri wingking, sinambi ngunjuk wedang.
Saweg kepyek anggenipun sami cecriyosan, kesaru dhatengipun rencang estri, matur:
“Menika wonten tamu, Ndara.”
Bendaranipun estri taken:
“Sapa?”
“Nyonyah Hien Temanggung.”
“O, kana aturana mrene!”
“Inggih.”

11
Boten dangu tamunipun dhateng, kanthi esem ingkang mratandhani dhateng supeketing
tetepangan. Makaten ugi Den Bei Asisten-wedana kakung-putri tuwin putranipun, lajeng
sami menyat mapagaken, kairing gumrapyaking tembung. Raden Ayu Asisten-wedana
enggal-enggal ngacarani, kaliyan mapanaken kursi:
“Mangga Nyah.”
“Inggih Den Ayu.”
Sareng sampun sami lenggah sadaya, Raden Ayu Asisten-wedana ngendika sembranan:
“Kadek terang, hla wong ana widadari tumurun!”
“Yah, Den Ayu ki kok nggrecoki!”
Den Bei Asisten-wedana mbangekaken:
“Rak inggih sami wilujeng ta Nyah?”
“Pangestu-panjenengan wilujeng, Den Bei.”
Anakipun gentos mbangekaken:
“Sugeng Nyah?”
“Wilujeng, Den Ajeng. Lo Den Ajeng Tien (cekakan saking Soepartinah) kok wonten
dalem. Menapa boten mulang?”
“Boten, samenika rak dinten Ngahad, ta Nyah!”
“O, inggih. Dados yen Minggu kondur?”
“Inggih wangsul-kula mriki Setunipun sonten. Senen enjing wangsul dhateng Parakan, terus
nyambut damel.”
Raden Ayu Asisten-wedana nyambeti:
“Aku mono ora mbangekake, wong anyel kok atiku.”
“Lo anyel dospundi ta, Den Ayu ki?”
“Jeneh, wong le ngendika arep mrene ki wis pirang-pirang taun, jebul lagi saiki.”
“Boten ngaten, Den Ayu! Tiyang repotipun menika boten telas-telas kok. Hla dinten menika
kula-selakaken saestu.”
Boten dangu rencang estri ngladosaken wadeng lan nyamikan.
Den Bei Asisten-wedana ngacarani:
“Mangga wedangipun dipun-unjuk, Nyah!”
“Inggih, Den Bei.”
Raden Ayu Asisten-wedana nyambeti :
“Ning nyuwun ngapunten, Nyah. Wong nggunung suguhane ya jagung karo pohung. Beda
nek kula sowan mrika, pirang2 lodhong di-wetokake kabeh. Hla wong tok mono.”
“Yah, inggih boten ngaten! Wong yen rawuh kana mung sedhela-sedhela we!”
12
“Hla ken pinten dinten, Nyah. Ing atase jam wolu nganti jam siji.“
“Mekaten menika awis-awis.”
“Menapa kapurih saben dinten?”
Nyonyah Hien nglajengaken perlunipun anggening dhateng ngriku :
“Boten Den Ayu! Sowan kula menika kejawi tuwi kasugengan, inggih perlu badhe
nglajengaken rembag betah. Kula nyuwun tulung Den Ayu!”
“Badhe narik rekening napa, Nyah?”
“Lo, yah, menapa kula menika kagalih rekeningloper?”
“Inggih sukur ta yen boten!”
Raden Bei Asisten-wedana tumanggap ing semu, wicanten sajak ngonggrong ngemu pamrih:
“Apa ora ngerti watake bah Hien, Bu? Pirang-piranga taun kae yen aku ora teka dewe
mbayar, ora kelakon ngeteri rekening. Pancen sedulurku siji kae bregas temenan kok Bu!”
“Pancenipun inggih ngaten, Den Bei. Nanging ingkang ngaturaken rekening menika rak
sanes kula utawi semah-kula. Ingkang aken menika caranipun toko.”
Raden Ayu Asisten-wedana nyambeti :
“Ngatena menika rak tokonipun piyambak ta!”
“Inggih.”
“Yen ngono besuk utang karo bah Hien bae, aja karo toko Hien?”
“Yen aku mung rujuk tok karo karepmu kuwi, Bu.”
“Boten ta Den Ayu. Kula nyuwun priksa, menapa anggenipun badhe ngresakaken krabu
kala anu menika sampun angsal? Yen ngulandara dereng menapa kersa nglajengaken rembag
kaliyan gadhahan kula.”
“Pikantukipun dereng, tiyang inggih boten patos betah. Dene yen nyah Hien nocogi atur
kula rumiyin menika, kula inggih purun.”
“Inggih, nanging menawi namung kawan tengah, tuni-kula taksih kakathahen, Den Ayu.
Nanging rehning betah kula neseg, mangga kaparingan jangkep kawan atus kemawon.”
Raden Bei Asisten-wedana ngudhoni rembag :
“Lo, dadi kowe wis nganyang kapat tengah ta, Bu!”
“Iya, hla kuwi Pak! Nyah Hien kuwi yen rembungan manise sa-dhuwure kuwadean. Mulane
aku banjur mak clup wani kapat tengah.”
Wangsulanipun nyonyah Hien makaten punika kaliyan nyablek Raden Ayu Asisten-
wedana kaliyan mbesengut. Ewadene sadaya malah gumujeng. Nyonyah Hien nglajengaken
wicantenipun :

13
“Sanadyan kula menika bakul, nanging nyatanipun boten saged kados kuwadean,
anggenipun ngalem dagangipun ngantos mremen-mremen dhateng ingkang badhe tumbas.
Manawi kula namung blenjet menapa wontenipun kemawon.”
“Saiki ngene bae Bu! Rehning jeneng wis kebacut, yen ora pareng kapat tengah malah
kebeneran, awit ing wektu iki tumrap barleyan utawa paset, mudhun banget. Tandhane ing
toko Maurice Wolf Semarang saiki iya lagi ngobralake barleyan.”
Raden Ayu Asisten-wedana dereng ngantos mangsuli dhateng ingkang raka, nyonyah
Hien wicanten :
“Den Ayu! Yen panjenengan mundhut dhateng toko Maurice Wolf, sami angengipun lan
sami jinisipun kaliyan gadhahan kula-kula angsal kawan atus, boten umuk, kula ngaturi
pasumbang satus.”
Sanjangipun nyonyah Hien makaten wau, sadaya sami ngakeni, nyata yen wonten toko
boten badhe saged angsal semanten wau, amargi mentas nyatakaken dhateng toko Maurice
Wolf ing Semarang. Sanadyan regi sampun suda seket presen, barleyan ingkang semanten
agengipun taksih regi gangsal atus. Tur saenipun dereng temtu sami. Dene anggenipun
sanjang makaten wau namung ngangkah pamrih.
Sarehning rembagipun saya ngangseg, sadaya sami ngretos bilih nyonyah Hien betah
sanget, mila Raden Ayu Asisten-wedana malah sajak boten patos ambetahaken, lan puguh
pangawisipun.
“Cekakipun mekaten : Nyah. Yen pareng semanten kula inggih estu, yen boten, inggih
sampun.” Wicanten makaten punika kanthi pasemon mantep.
“Waduh Den Ayu ki, ing ngatase sadhuwure akik Yahman, kok ora kersa mulur sithik-
sithika. Inggih ta Den Ayu!” Rehning betah kula mepet sanget, kepeksa kula-aturaken.
Namung arta keparenga maringaken salebetipun minggu menika.”
“Ora susah seminggu, sesuk kuwi rak dina Senen, ta, bank bukak. Tien, sesuk apa bisa
menyang Temanggung, njupuk celenganmu?”
“Saged Pak. Temtunipun kula nyuwun pamit dhateng Kepala sekolah.”
“Iya jam-jam sepuluh. Sabab aku ngiras arep ngurus pagawean menyang Kabupaten.”
“Dados samangke rembag sampun dados, Den Ayu?”
“Sampun.”
“Rehning sampun cetha, kula badhe matur malih.”
Raden Ayu Asisten-nyelani :
“Mangga badhe ngendika menapa malih?”
“Yen kersa, ambok oto-kula menika dipun-pundhut pisan.”
14
“Yah, banjur mrentek-mrentek kaya alas kobong. Boten mawon Nyah. Saweg gadhah kados
nganten mawon, kenginga : kapok. Kula sampun kapok kok.”
Raden Bei Asisten-wedana nyambeti :
“Mestine rugi Nyah Hien kuwi.”
“Yen ruginipun boten, saya sareng dipun-cepeng sopir samenika.”
“Lo, tiyang boten rugi kok dipun-dhindhal. Menapa boten eman-eman?”
“Inggih menika ta Den Bei menawi tiyang apes. Kebekta medhaking reregen, tuna-kula
wetawis wonten gangsal welas ewonan. Kadospundi, mangga, kagaliha piyambak. Rumiyin
racakipun sadinten angsal satus, boten2ipun seket sampun temtu, samenika namung gangsal-
welasan, nyengkanipun selawe. Mangka juragan-kula menika mentalan sanget. Uger
pasokanipun sekedhik, anggenipun ngedhaki dagangan inggih boten mbejaji. Saya menawi
pasokipun kasep, kedah badhe mrekawis kemawon.”
“Ngatena menika rak saged nyuwun palit ta!”
“Inggih leres kenging, nanging ing pangangakah sampu ngantos.”
“Pancen nggih ngaten!”
“Mila menika Den Bei. Mangga dipun-pundhut oto kula kagem taksi. Boten namung
lumayan kemawon, inggih kenging dipun-raosaken. Tiyang saben wulan angsal-angsalanipun
racak Rp. 200.-.” *)
Raden Ayu nyelani :
“Yak, boten pitados kula Nyah. Jaman samangke saged angsal suwidak resik kemawon
sampun sae sanget.”
“Mila kesinggihan dhawuh-panjenengan. Nanging atur-kula menika boten lelamisan.
Salebetipun wulan Pebruari angsal-angsalan kula ………Rp. 150.-, wulan April angsal
………Rp. 176.-, wulan Mei ……..Rp. 209.-. Pancen sopir kula enggal menika peng-pengan
saestu, kok!”
“E, e, kok ya nyolong pethek. Mangka racak sopir niku akeh slingkuhe. Adate sing
dipasokake mung separo. Lo niku sing sami gadhah taksi.”
“Boten, saestu kok Den Ayu. Tiyang kula samenika menika boten kados sopir-sopir sanes-
sanesipun. Watakipun alus, temen, prigel, gematosipun datheng oto inggih boten jamak. Mila
oto wau ketingalipun inggih kinclong-kinclong ajegan. Lengganipun mindhak kathah. Dalah.
Para lengganan kemawon sami ngalem. Pancen piyambakipun saged nuju manahipun
lengganan.”
“Lo, Nyah Hien kuwi sing ditawakake otone kok jebul sopire sing diurugi pangalem.”
“Kula boten ngalem, namung matur saleresipun.”
15
Raden Bei Asisten-wedana nyelani :
“Kagunganipun oto menika merek menapa ta Nyah, kulak kok dereng nate sumerep.”
“Merekipun Buick, sedhan.”
“Nomeripun pinten?”
“Setunggal nul setunggal tiga.”
“Elo, hla rak menika ingkang nulungi oto kula; ja…….. Bu…..; nalika oto-kula risak
wonten sangandhapipun Kledhung.”
“Inggih pak; kula taksih kengetan cetha nomeripun!”
“Hla kebenaran pak, jajal dhawuh nimbali!”
“Kabeneran.”
“Kados pundi ta Den Bei? Sajak kok le ngedheg-edhegi kuwi!”
“Boten punapa-punapa. Sampun kuwatos. Makaten inggih. Kala kula dhateng Purwokerto,
punika wangsulipun sareng dumugi sangandhapipun Kledhung oto-kula lajeng mogok; wiwit
jam gangsal sonten ngantos jam sedasa dalu. Malah sampuna sopiripun nyah Hien dhateng,
terkadhang kula tetiga boten saged wangsul……. Lah, punika sapriki dereng kula-preseni.”
“O, makaten ta. Nanging kinten-kula kaparingana menika inggih boten badhe purun
nampeni. Awit sampun kaping sekawan ingkang kula-sumerepi piyambak. Nalika kula
dhateng Semarang, manika inggih makaten. Dumugi Srondhol, mergi sengkan, wonten motor
mogok. Piyambakipun criyos dhateng kula badhe nulungi. Rehning semunipun kenceng
sanget, kula-lilani. Kelampahan piyambakipun ngathang-athang wonten ngandhap motor, tur
mawi tombok cathokanipun cucal kakethok sakilan. Ingkah gadhah oto wau semunipun
sudagar sugih ing Ngayoja. Sareng sampun rampung, badhe dipun-preseni, nanging boten
purun nampeni. Malah katilar, nglajengaken lampah. Mangka anggenipun nyambut damel
wonten saejam langkung.”
“Wis genah kuwi pak.”
“Wis terang.” Lajeng ngundang rencangipun: “Ta, Ta, Kerta!”
“Nun.” Pun Kerta dhateng wonten ngajengipun.
“Kae sopire nyah Hien undangen mrene. Kandhaa aku sing ngundhang ya!”
“Nun inggih.”
Boten dangu Kerta dhateng, sanjang:
“Ngajeng boten wonten oto, Ndara.”
Nyah Hien nyambeti:
“O, bocahe leren ngarep pasar kana. Wong mau wis kandha karo aku.”
“Wis kana paranana. Otone nomer siji nul siji telu, ya!”
16
“Nun inggih, Ndara.”
Boten dangu Kerta dhateng ngirid sopir. Sapandurat Raden Bei Asisten-wedana radi pangling
dhateng sopir wau, amargi panganggepipun beda kaliyan kala pinanggih wonten Kledhung.
Kala semanten pantalon, gundhulan. Samangke cara Mataraman. Udhengipun blangkon
udan-riris byur, rasukanipun surjan ketan ireng, sinjangipun kawung beton Ngayojan.
Nanging sareng sumerep dhekoking pipinipun, boten pangling, mila enggal dipun acarani:
“Engga ngriki. Linggih ngriki mawon!”
Nyah Hien nyambeti:
“Rapingun! Ngriki mawon!”
Rapingun mlebet gadri, lampah dhodhok, mapan ing pojoking gadri ingkang sanpun dipun-
lemeki gelaran pasir alus.
Sasolah-bawanipun namung sarwa ngresepaken dhateng ingkang sami sumerep.
Cacadipun polatan ketingal sami rikuh.
Raden Bei Asisten-wedana lajeng pitaken:
“Sampeyan rak sing nulungi teng Kledhung dhek anu nika ta?”
“I…..ng…..gih.” Aturipun grendhat-grendhet, awit manahipun saweg gelut piyambak.
Amargi yen sageda, badhe selak, badhe nambuhi. Dereng ngantos kepleng pamanggihipun,
kepeksa kedah suka wangsulan.
“Kula kepeksa dereng aweh tandha panarima teng sampeyan. Dhek semonten sampeyan
kula-enteni teng Parakan kok jebul amblas mawon.”
“Nun inggih Ndara! Tiyang kala samanten kula selak kesesa. Kejawi punika, tiyang namung
makaten kemawon.”
“Ngotena nika, bungah-kula boten jamak.”
“Makaten punika sampun dados wajibipun sopir. Uger wonten oto risak wonten margi, injih
lajeng kedah ngendhegi, perlu suka pitulungan, menawi saged.”
“Enggih ajenga empun dadi alat nika, nanging kula wajib genti ngetokake terima kasih.
Sampeyan kok ngerti yen oto kula rusak, lan kok banjur ngendhegi?”
“Kula namung manah: aneh sanget wonten oto kendel wonten bulak, margi sumengka,
wanci dalu tur peteng ndhedhet dhasar gremis, yen boten wonten sababipun.”
“Bener kandha sampeyan. Andak panemu sing kados ngoten niku dumunung angger sopir?”
“Racak mekaten, Ndara.”
Nyonyah Hien nyanmbeti:
“Nanging lumrahe sing di-tengenake presene. Langkung-langkung yen sing kagungan niku
priyantun!”
17
Raden Bei Asisten-wedana numpangi kaliyan manthuk:
“Leres niku, Nyah!”
Rapingun plingukan, boten saged ebah. Rembag lajeng kendel. Boten dangu wedang medal,
kaladosaken ing rencang estri.
Raden Ayu Asisten-wedana menyat saking kursi, nyepeng lodhong isi pacitan ingkang
sami kaadhep ing meja, kaulungaken dhateng Rapingun.
Nyonyah Hien nlajengaken rembagipun:
“Kados pundi Den Bei, menapa estu kersa mundhut oto-kula?”
“Inggih, nyuwun ngupunten Nyah. Kula trimah gadhahan-kula sapunika kemawon.
Dene yen sopiripun, kula ajeng, tur sanget.”
“Iya pak, pilih nglungsur sopire bae. Tinimbang nek kaya neng Kledhung kae, pegeling
atiku di-tebasa seket rupiyah ora aweh. Karo maneh duwe sopir rak luwes.”
“Iya, aku wis ngerti. Perlune yen arep lelungan samangsa-mangsa, ora perlu ngenteni selane
pegaweanku. Rak iya ta?”
“Inggih kok Pak. Kaliyan malih yen Setu kula boten pegel ndadak numpak dokar. Manapa
malih dinten Senen. Kula saged pangkat saking ngriki jam 7 kirang seprapat.”
Nyah Hien mangsuli:
“Nuwun sewu, Den Bei sampun dados penggalih. Bab medalipun Rapingun menika dereng
temtu, amargi yen panjenengan boten kersa mundhut, oto-kula badhe kula-sukakaken nyah
Oen. Tamtunipun Rapingun inggih dipun-tedha ngrika: dhasar nyah Oen sampun dhamang
dhateng kawontenanipun. Kejawi menika Rapingun piyambak temtunipun inggih badhe
nututi pamedalipun, ingkang sawulanipun seket dumugi suwidak rupiyah.”
“Lo, kok kathah temen!”
“Inggih, mangga kagaliha. Blanja tetep Rp 35._. Preminipun 15% saking angsal-angsalan
resik. Mangka sok saged setor Rp. 200._. Lah mangga keetanga piyambak.”
“Ooooo, yen kula boten kiyat mbayar semanten.”
Rapingun nyelani:
“Kapareng kula matur, Ndara?”
“Enggih, enggih, dospundi?”
“Kejawi saking kersa-panjenengan, rehning kula medal saking nyah Hien, bilih Ndara kersa
ngabdekaken, kula saestu ndherek. Dene blanja namung nyumanggakaken paring-
panjenengan. Samanten wau yen oto saestu kasade.”
“Wah, kula-tampa kanthi bungahing ati teng atur-sampeyan niku. Nanging kula boten
mentala, sumurup sudane pametu-sampeyan.”
18
“Nuwun, mugi andadosaken kauningan, Ndara! Niyat kula pancen badhe ngaso, rehning
salebetipun kula tumut nyah Hien punika nama ngetog kakiyatan, dados sudaning pamedal,
punika sampun ngenggeni adil. Idep-idep kula-angge sangu ngaso.”
“Dados sampeyan boten tumut nyah Oen?”
“Boten.”
“Mangka yen kula mblanja sopir, sing empun-empun mung Rp 20._. Nanging yen pinuju
lungan ndina, enggih-kula sukani pajajan.”
“Semanten kula inggih sampun ndherek.”
Raden Bei Asisten-wedana sekaliyan tuwin putranipun sami ketingal bingah, dane
Rapingun boten badhe ngangkah blanja kathah dening betah ngasokaken badan.
“Dados sampeyan trima blanja Rp. 20._?”
“Kados ingkang sampun kula-aturaken, namung kula nyumanggakaken.”
“Dene pangan, sanadyan mung kalih uyah, enggih becik dadi siji kalih kula mawon.”
“Nnuwun, inggih nuwun sanget.”
Nyonyah Hien gumun sanget dene Rapingun milih tumut Raden Bei Asisten-wedana
tinimbang tumut nyonyah Oen, ingkan boten badhe ngewahaken pamedalipun. Amargi,
limrahipun tiyang punika seneng pamedal ingkang langkung kathah tinimbang boten. Saking
welasipun nyah Hien badhe ngetog lan nyumerepi manahipun Rapingun:
“Dados sampeyan boten purun tumut nyah Oen yektos?”
“Purunipun: purun. Nanging kula badhe ngaso.”
“Sok ngonten yen oto boten sida kula-edol, sampeyan enggih maksa metu?”
“Inggih boten.”
“Jare butuh ngaso!”
“Leres mekaten. Nanging anggen-kula ngaso punika inggih kula-angkah sampun ngantos
damel cuwa dhateng sanes, utawi agengipun dhateng tiyang ingkang sampun kathah
kasaenanipun dhateng kula.”
“O, ngoten ta!” makaten punika nyah Hien kaliyan mlenggong. “Dados sampeyan empun
saguh ndherek Ndara Seten?”
“Sampun.”
Radan Bei Asisten-wedana nyambeti:
“Sukur, kula bungah banget, dene sampeyan gelem teng ngriki. Panjaluk-kula, angger oto
empun payu, sampeyan kudu mriki. Sawayah-wayah kula tampa kanthi bungahing ati.”
“Nun inggih sendika, Ndara!”
Nyonyah Hien nyelani:
19
“Den Bei, mbok-menawi salebetipun minggu ngajeng menika oto dipun-bayar.”
“We lah saya keleresan. Saya enggal saya prayogi.”
“Rehning rembag sampun rampung sadaya, mangke mindhak kesiyangen, keparenga kula
nyuwun pamit wangsul.”
“Yah, hla kok kesusu tan nyah Hien kuwi!” wicanten makaten wau Raden Ayu Asisten-
wedana kaliyan sajak mbesengut.
“Inggih nyuwun ngapunten, Den Ayu. Tiyang taksih kathah rembag ingkang badhe kula-
rampungaken.”
“Ambak wong sugih rembug kok ora kaya Nyah Hien!”
“Amargi sugih sambutan. Sampun kepareng!”
“Ingih, ndherekaken wilujeng!”
Sadaya sami menyat saking kursi, nguntapaken nyonyah Hien dumugi oto ingkang
wonten margi ageng ngejeng Ngasistenan. Sakedhap Buick sampun boten ketingal.

4. SAMPUN KRAOS

Murih gancanging cariyos, kados boten perlu kacariyosaken kadadosanipun rembag ing
ngajeng wau. Sadaya sampun kelampahan kanthi wilujeng.
Let sawulan saking dhatengipun nyonyah Hien, keleres dinten Ngahad, wanci jam 5
sonten, Raden Bei Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun sami lenggahan ing gadri
wingking sinambi ngunjuk wedang kados adat saben.
Pasemonipun sami ketingal padhang, mratandhani yen boten wonten rubedaning
panggalih. Ginemipun kepyek, sambet-sinambet, boten wonten pedhotipun, sakedhap-
sakedhap dipunlawuhi gujeng. Rambat-rumambating ginem dangu-dangu dumugi Rapingun.
“Rapingun kepriye Bu, apa krasan ?”
“Anu ki Pak, wiwit teka let rong dina nganti seprene iki tak-sawang-sawang pasemone
tansah katon padhang lan bungah.”
“Ya sukur nek ngono. Nanging kowe ya kudu ngati-ati, arahen aja nganti kemba atine!”
“Pancen iya ngono Pak. Awit semune bocah kuwi beda karo liya-liyane.”
“Lo, ora Bu! Dhuwite sing di-titipake kowe karobelah kae apa wis ko-titipake Tien, cikben
di-lebokake bang sisan.
“Durung Pak, hla wong pijer lali-lali bae. Ning isih wutuh.”
“Ngonoa kae, ya gawok-gawok, wong duwit iku bunder, nek ngglindhing sok angel tutut-
tututane!”
20
“Ngarah aku mentala ngapusi Rapingun?”
“Ora ngono Bu, karepku, mung nek nganti kesrempet, le nglironi kuwi.”
“Ora ta wis. Besuk nek bank Stral mrene, tak setorne dhewe. Bukune rak neng ngomah ta
Tien?”
“Lo, rak Ibu ta ingkang ngasta!”
“O, iya ! Dhek anu kae tak-simpeni ana brankas.”
“Dhek blanjan wingi ko-wenehi pira, Bu?”
“Tak-wenehi Rp. 22.50. sing di-jaluk mung Rp. 2.50, sing Rp. 20.- di-titipake.”
“Ya bener yen ko-wenehi luwih saka mesthine. Awit dhek tak-kon melu konperensi
menyang Kawedanan kae tak-wenehi jajan Rp. 1.- ora gelem nampani.”
“Dhek panjenengan konperensi kae kondure mung nganti jam setengah telu; lah bareng
dhek aku sowan bakyu Mantri gudhang Magelang kae, mangkat jam 8 esuk baline nganti jam
7 sore. Ana Magelang tak-wenehi dhuwit Rp.1.- iya ora gelem nampani, dumeh wis di-
paringi mangan mbakyu mantri.”
“Bab di-paringi mangan kuwi wis lumrah. Nanging duwit jajan kuwi iya kudu. Malah
duwite jajan iku tumrap sopir liya-liyane kae, kalane arep mlebu, di-rembug dhisik. Blanjane
semene, yen lelungan setengah dina lumrahe Rp. 0.50, sedina Rp. 1.- yen nginep Rp 1.50.
Kuwi lumrahe mrana-mrana. Kaya sopire dhewe dhek anu kae rak ngono ta. Mung becike ora
gelem nganyang.”
“Hla kok sae temen inggih Bu, yen dipun-timbang kaliyan sopir sanes-sanesipun.
“O, yen di-timbang karo sopir liya-liyane, wis ora mu-tinemu. Sing akeh-akeh, sopir kuwi
yen dudu pagawean babagan motor ora nindakake. Seje karo Rapingun. Neng ngomah tak
sawang-sawang ora leren-leren, samubarang di-tandangi, kaya ta: nanduri tamanan, nata-nata
kursi, gambar di-resiki, di-tata maneh. Mangka kabeh tatanan sarwa ngresepake.”
“Inggih kok Bu. Rumaos-kula, angger kula mantuk kok wonten kemawon ingkang wewah
ngresepaken menika!”
“Sing tak-gumuni maneh kuwi: ya Tien! Dalah kantore Bapakmu kuwi saben esuk wis di-
tata, di-resiki buku-buku kabeh tumata!”
“Iya, aku ya gumun kok! Sajege duwe batur, sanadyan bisa tata-tata, nanging durung tau ana
sing bisa lan wani nata kantorku.”
“Kok meksa taksih imbet malih!”
Ibunipun nyelani: “Cekake Tien, barang-barang kabeh dadi anyar. Kaca pangilon, kaca
jendhela, paidon, kinangan, diyan pompan sing maune urube byar-pet saiki wah bregase

21
banget. Kae meja sing sisih kulon, biyen pliture rak ireng, wong tukon lawas, saiki wis padha
karo liyane. Kabeh mau ya dheweke sing nindakake.”
“Ibu ingkang dhawuh?”
“Aku mangsa wania akon. Kejaba yen otone katon reged, kuwi aku wani akon ngresiki.
Dhek durung ngerti karepe, aku rada kaget, sabab satekaku saka Temanggung, dheweke
ngaturake dhuwit 7 sen, jare dhuwit turahan. Sabab nalika ana Temanggung, dheweke njaluk
dhuwit Rp.2.- Saka pangiraku, kanggo butuhe dhewe. Nanging bareng tekan ngomah, jebul
tanjane dhuwit mau kanggo tuku perang-peranganing diyan pompan, cet, plitur, nganti kabeh
mau kaya anane saiki.”
“Kula inggih gumun kok Bu. Ing atase sopir kok gelem ngrangkep tukang kebon lan
jongos!”
“Pancen iya Tien! Kreta sing wis patang taun melu awake dhewe, bab apa-apane kalah,
mangka pancene pagaweane Kreta. Dhek ingkang Wedana kumpulan ana kene kae, sing tak-
dhawuhi tata dhahar Kreta; Rapingun sluduk ngrewangi. Kreta malah mung mlongo bae,
kabeh Rapingun sing ngrampungake. Kala semana aku mung nyemak saka buri bae. Bareng
wis rampung, tak-cedhaki, tak-takoni, apa dheweke bisa ngladeni dhahar. Wangsulane:
saged. Jare wis tau ndherek priyayi Landa ana Magelang. Nyata, bareng ngladeni, ora
nguciwani. Mulane ingkang Wedana nganti ndhrindil olehe ngalem. Saya bareng bapakmu
ngaturake kaanane kabeh!”
“Sok ngatena Bapak mameraken, Pak?”
“Ora kok jeneng mamerake. Mung rehne ndangu pirang-pirang atur wangsulanku apa
anehe.”
“Inggih, menapa-menapa kok saged, tur purun nglampahi! Hla menika larenipun kok
dhateng gedhogan. Mbok-menawi badhe dados gamel.
Raden Ayu Asisten-wedana lajeng jumeneng, mriksani dhateng prenahing gedhogan.
Lajeng matur dhateng ingkang raka kanthi gita :
“Kae, kae Pak. Si Rap elikna. Dheweke rak durung ngerti nek si Hel kuwi jaran edan. Sida
di-kletak temenan mengko!”
“E, Rap, Rap!” Anggenipun undang-undang sajak kesesa.
“Nun.”
“Aja cedhak-cedhak nggedhogan, si Hel kuwi jaran gemblung. Angger di-cedhaki, arep
mbrakot, nubruk utawa nyepak.” Ngendika makaten punika Raden Bei Asisten-wedana
sampun dumugi ngajenganipun Rapingun.

22
“Inggih, Ndara! Tiyang sadangunipun kula wonten ngriki, dereng nate sumerep dipun-
kerok, dipun-guyang, punapa malih boten nate dipun-titihi.”
“Ora mung sasuwene kowe ana kene bae. Malah wiwit dhek lelangku saka Semarang kira-
kira wis setaun seprene, durung tau tak-emek. Apa maneh kalap gawene.”
“Kadospundi kok lajeng boten kagem?”
“Sabab jaran gemblung. Yen mung nakal bae, panegar ora wegah. Wis ana panegar telu sing
tak-tekakake, meksa ora sida nunggang. Bareng ana siji sing sing wani, tur anggone
ngetokake saka gedhogan bae di-rewangi kusir papat sing wis padha kalok kekendelane. Lagi
bae di-cengklak, banjur di-kipatake. Upama ora prigel, sida kepidak wetenge. Tur kuwi isih
di-karung, di-cekeli wong loro sisih.”
“Pancenipun eman-eman sanget, Ndara. Menika kapal sae saestu.”
“Kowe kok ngerti nek iki jaran apik?”
“Inggih, tiyang rumiyin bapa-kula gadhah dhokar sewan, dipun-kusiri piyambak.
“Sok ngono kowe ya wis kulina menyang jaran?”
“Inggih sawetawis.”
“Nunggang ya bisa?”
“Inggih saged sawetawis. Mila yen kepareng badhe kula-cobi.”
“E, aja Aja temenan lo Rap! Aku ora eman jarane, sing tak-eman kowe. Jaran kuwi pancene
mono becik temenan, nanging gemblung. Mulane para panegar ora ana sing wani
nunggangi.”
“Mbok-menawi para panegar wau sami ajrih dhateng panjenengan.”
“Ajrih kepriye?”
“Ajrih manawi pun Hel ngantos risak utawi pejah.”
“Bab patine Hel yen pancen mati sabab di-ajar, aku rila. Malah wis tak-tawak-tawakake,
sapa sing gelem ngingoni lan nganggo. Ning ora ana sing gelem.”
“Kula pitados bilih pun Hel kenging dipun-ajari ngantos dados sae.”
“Sing mengkono mau ya embuh. Nanging jen kowe sing arep ngajari, aja, temenan!
Poma !!!”
Den Bei Asisten-wedana lajeng wangsul, mlebet ing dalem, awit sampun wanci magrib.
Dene Rapingun taksih njenger wonten ngajeng gedhogan kemawon, nggagas kadospundi
supados pun Hel kenging dipun-tumpaki ngantos dados kapal sae saestu.
Hel punika kapal Sandel, ules bopong rajeng-wesi dedegipun kawan kaki, gulunipun
panggel ngukel-pakis, dhadha jembar amanyul, suku ngajeng melira, tracakipun mbathok-
mengkureb, bokongipun nangka-setugel, suku wingking mukang-gangsir ketingal kiyat.
23
Jompong, suri lan bobatipun alus, kumrisik, mratandani wanter watakipun. Nitik saweg
powel setunggal, umuripun saweg tiga-tengah taun.
Ing batos Rapingun kedugi nyembadani. Nanging bendaranipun boten pareng, jalaran
dipun-kuwatosaken mbok-bilih ambebayani.
Enjingipun, sawangsulipun Rapingun saking Parakan, ngeteraken Raden Adjeng
Supartinah, Rapingun lajeng mlebet kamar panyimpenan lapak sapirantosipun sadaya. Lapak
lan sanes-sanesipun dipun-wedalaken. Den Bei Asisten-Wedana sumerep, taken :
“Kok nggawa lapak, arep ko-enggo apa, Rap?”
“Namung badhe kula resiki kemawon, Ndara.”
“Ya sukur, yen mung arep ko-resiki bae. Tak sengguh arep ko-enggo njajal si Hel.”
“Boten, Ndara.”
“Kendhali tres kuwi rak saka panjaluke panegar sing arep ngajari. Tiwas wis tak-tuku, jebul
ora sida kanggo!”
“Pancen inggih sampun leres, Ndara. Kinten-kula punika kenging kangge nandhingi pun
Hel. Dene ingkang pethak punika kagem benjing yen Hel sampun mbangun-turut.”
“Rancangane pancen ya ngono. Lan kendali wesi kuwi kaya ora bakal nguciwani. Nanging
yen sing nyekeli apuse ora wani.”
Ing batos Rapingun mesem, amargi tumrap panegar ingkang saestu, pun Hel punika
boten sapintena. Nanging Rapingun boten mangsuli punapa-punapa, terus ngresiki pirantos
kemawon.
Kreta dhateng, ngrencangi Rapingun. Kreta punika samangke prasasat dados kenekipun
Rapingun ing samukawis padamelan.
Kreta wicanten:
“Mas Rap, lapak niki sae nggih!”
“Mesthi mawon, wong gawean Inggris.”
“Andak enggih! Ming lapak mawon damelan Inggris. Tiyang Jawi rak kathah sing saged
damel. Tur damelan Sala niku sae-sae.”
“Leres sae, nanging nek di-tandhing kalih niki kaceke akeh banget. Wecucale boten mantra-
mantra bisa nyandhak. Leres rupine memper, nanging nek-ditunggangi ketara banget
bedane.”
“Emane boten nate kagem.”
“Emben-emben kula ajeng njajal.”
“Andak sampeyan wani?”
“Enggih jajal mawon.”
24
“Ampun ah! Hel niku kapal edan tenan kok!”
“Nek edane boten, mung rada bandhol. Hla nggih memper, wong jaran tesih enom, kuwat
lan genah nek trajang, kang boten tau di-umbar lan di-titihi, mesthi mawon kaku awake.
Mangka dhek biyene Hel niku jaran umbaran. Mesti boten seneng nek di-kurung mawon.”
“Sampeyan wani tenan napa, Mas Rap ?”
“Cobi-cobi, nanging Hel ajeng kula wanuhi kriyin.”
“Kepripun angsal-sampeyan ajeng manuhi?”
“Gampang mawon. Angger kerep kula-pakani gedhang, gula, lan kerep kula-cedhaki, mesthi
banjur wanuh. Di-abani ngangge tembung sing alus-alus. Suwe-suwe rak gelem kula-elus-
elus. Niku jeneng empun wanuh temenan.”
“Andak jaran niku ngerti tembung sing alus-alus?”
“Jaran rak duwe pangrungu, panggraitane landhep. Angger kerep krungu tembung manis
manuara, watak sing ndhugal mesthi ilang.”
“Gumampang sampejan niku! Wiwit teka nganti sepriki sing sok makani kula. Kenging
napa angger kula-cedhaki ajeng nubruk mawon.”
“Patrap-sampeyan sing dereng kebeneran. Wong sampeyan niku jirihe boten jamak.
Ngresiki gedhogan mawon seking njaba. Bareng karo wedhus kendele ora djamak. Wong
wedhus ajeng sampeyan-tunggangi. Becike jeneng-sampeyan niku ngalih Kreta-wedhus
mawon, ampun Kreta-jaran.”
“Yah, Mas Rap ki kok siya-siya. Ana jeneng kok di-wuwuhi wedhus, jaran barang. Destun
diwuwuhi Yuwana, dadi malah gagah.”
“Enggal ta niku le nggosoki, ampun omong mawon!”
“Jeneh sampeyan, ngelih jeneng we kok Kreta-wedhus.”
Rapingun boten mangsuli, namung mesem kemawon. Anggenipun ngresiki pirantos
sampun rampung. Lajeng dipun-isisi.

5. NGAJARI KAPAL

Dinten Nahad pendhakipun, langitipun ketingal sumilak resik. Dalunipun mentas jawah,
dados wit-witan sami ketingal seger, godhongipun ngrembuyung ijem royo-royo, adamel
sekecaning paningal. Margi-margi katingal resik, boten mblethok. Hawanipun sekeca,
prayogi sanget kangge ngenggar-enggar manah.

Den Bei Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun medal dhateng margi ageng,
lampahipun lon-lonan, sajak badhe sanja.

25
Rapingun sumerep Den Bei Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun putranipun
tindakan, manahipun seneng sanget. Lajeng ngungak dhateng margi ageng, Den Bei Asisten-
wedana sampun boten ketingal. Enggal-enggal madosi rencang estri pun Saliyem. Sareng
pinanggih, saweg nyapu wonten emper wingking, dipun-takeni:

“Yem, Yem!”

“Wonten menapa, Mas Rap?”

“Ndara Seten wau tindak pundi?”

“Kala wau Ndara Den Ayu ngendika ajeng tindak Kemantren-guron.”

“Yen tindak sanjang niku asring dangu napa boten?”

“Adate ngantos setengah kalih welas saweg kondur.”

‘Dados ngantos dangu?”

“Enggih! Ndara Den Ayu niku awis-awis tindakan. Nanging yen empun kersa tindakan,
enggih sok mremen-mremen kados alang-alang kobong.”

“Tiwas kebeneran!”

“Dospundi ta?”

Rapingun kesah, mlebet dhateng kamaripun. Boten dangu medal, ngangge sruwal dril
ajen cekak, rasukan namung rangkepan, dipun-silakaken dumugi sikut, gulonipun dipun-
bikak cara Amerikan, mawi nyangking dhadhung bago ageng, panjangipun nem meter;
tanganipun kiwa nyangking sarungan kendhali kabekta dhateng gedhogan. Lajeng wangsul
malih mendhet pisang, perlu kangge makani Hel kados adat saben.

Hel sampun wanuh dhateng Rapingun. Mila sareng Rapingun dhateng, lajeng gereng-
gereng, endhasipun dipun-anglungaken ing slarak kaliyan ngambus-ambus tanganipun
Rapingun, dene pisang dereng dipun-tedahaken. Rapingun lajeng mepet ing gedhogan. Sirah
lan badanipun dipun-ambus-ambus sadaya, kados adata saben. Hel gentos dipun elus-elus
saking cithak ngantos dumugi ing jalakipun. Samangke cetha bilih Hel boten namung wanih
kemawon kaliyan piyambakipun, nanging kenging dipun-wastani sampun anjilma.

Kreta sumerep, gumun, wicanten:

26
“Wah gumun aku, Hel kena di-gunani Mas Rap!”

“Ta ngandel boten saniki sampeyan?”

“Enggih empun!”

“Guna-guna niku sing mandi dhewe sambang sesrawungan, bisa nuju prana.”

Hel inggih lajeng tutut, kendel kemawon kaliyan nedha pisang, telas dipun-sukani malih.
Sadangunipun Hel nedha pisang, gulunipun dipun-puk-puk, dipun-jak rembagan mawi
tembung manuara, dipun-sukani ulat manis. Mila sanadyan kapal bandhol, Hel inggih lajeng
tutut, kendel kemawon kaliyan nedha pisang.

Rapingun lajeng ngetrapaken dhadhung ing gulunipun Hel kanthi lon-lonan.


Sadangunipun Hel nedha pisang, cangkemipun dipun-lebeti kendhali malih, tres lan pangen.
Sareng sarungan sampun kaetrapaken, tangsul uwang dipun-eslupaken ing timangan.
Dhadhung lajeng kaslobokaken ing gelanganing kendhali kiwa-tengen, kaubedaken malih
kaliyan dhadhung ingkang saking gulu, murih gelangan boten mlesed ngiwa utawi nengen.
Rantening kendhali ters dipun-pasang.

Sareng Hel kraos cangkemipun kerih ing kendhali, lajeng budi, palanging gedhogan
dipun-pengkali. Nanging sarehning sampun dipun-wekani, mila boten nguciwani. Polahipun
Hel kados badhe mlumpat-mlumpata, nanging slarakipun dipun-kerepi manginggil, mila
namung gidro-gidro kaliyan mengkal-mengkal kemawon.

Kreta sumerep polahipun Hel kados makaten wau ajrih, maras, simelang.

“Ampun Mas Rap, ampun. Riyin mawon di-limani, kok saniki ajeng di-ijeni. Blai mengke!”

“Di-ijeni pripun, ta. Rak enggih di-loroni ta kalih sampeyan.”

“Ah, boten janji ! Kula boten saguh lo Mas Rap. Riyin mawon sing tiyang kathah, kula
boten wantun; mung mendhetake lapak thok. Saniki melih mung sampeyan ijen, wantuna.
Mangka sampeyan kulinane mung kalih oto mawon sing boten saged mengkal. Boten, boten
saestu lo!”

“Sampeyan mung nyekeli mawon, kula sing nglapaki.”

“Boten ah, boten. Riyin mawon sing tiyang kathah kuwalahen: kula malih bisaa!”

27
“Enggih, ning nek sampeyan sing nyekeli, mesti nurute.”

“Ah, boten estu lo Mas Rap. Wong nyawa mung siji jare arep di-enggo dolanan.
Gumampang sampeyan niku.”

Rapingun namung gumujeng kemawon mireng wangsulanipun Kreta kipa-kipa wau.


Kreta tansah ngulataken Hel, uger Hel mbekos, Kreta kaget, sajak badhe mlajeng kemawon.
Ing batos Kreta nemtokaken yen Hel mangke badhe ucul lan dados damel. Boten sande
piyambakipun meksa tumut ngrekaos, mila manahipun tansah sumelang kemawon.

Tangsul bago ingkang saking kendhali, dipun-wedalaken nglangkungi slaraking konten,


terus kaulur, katangsulaken ing wit sawo manila ingkang sampun ageng, kaprenah satengen
gedhogan. Slaraking konten wonten tiga. Slarak ingkang ngandhap piyambak dipun-bikak.
Slarak nginggil pantekipun lolos, nunten slarak kabikak sareng. Sami sanilaka Hel mlumpat
saking gedhogan kados sima nubruk mangsan. Makaten ugi Krerta, enggal mlajeng nebihi
gedhogan, dhateng panggenan ingkang mboten mbebayani. Manahipun trataban, tangan lan
sukunipun sami dhredheg.

Dumugi plataraning gedhogan Hel bigar, badhe terus mbandhang, nanging boten saged,
jalaran dhadhung, kendhali, lan witipun sawo sentosa sanget.

Rehning anggenipun mbandhang kecuwan, Hel lajeng nglumba-nglumba, nendhang-


nendhang, nubruk milar ngiwa-nengen ngubengi wit sawo. Rapingun lajeng murugi wit sawo,
dhadhung damel longsor klowonganipun. Hel mubeng-mubeng, dhadhung boten saged
nggubed. Polahipun Hel ngedab-edabi sanget. Sakedhap kemawon plataran sakubenging wit
sawo sampun dados kados paculan.

Rapingun ketingal bingah. Saben polahipun Hel ketingal kendho, lajeng dipun-opyak-
opyak mawi wilah panjang. Sampun temtu kemawon Hel lajeng ngetog karosanipun malih.
Satengah jam kemawon Hel sampun adus kringet. Sareng sampun sejam, Hel tandangipun
ragi kendho. Dhadhung lajeng katarik mepet wit sawo. Sareng congoripun Hel sampun mepet
wit sawo, lajeng kaerut mepet, ngantos Hel boten saged ndhangak utawi ndhingkluk.

Hel ketingal tutut, lajeng dipun-epuk-epuk, wiwit saking sirah dumugi ing jalak. Sareng
tangan dumugi ing geger, Hel kraos keri, badhe nggiwar, nanging boten saged. Dados
namung suku wingking kemawon ingkang minger adegipun.

28
Ingkang makaten wau mratandhani bilih Hel badhe angel dipun-abah-abahi. Rapingun
lajeng nindakaken reka-daya. Sukunipun Hel ingkang ngajeng sisih kiwa dipun-cepeng,
kajunjung, katekuk mepet kaliyan pupunipun, lajeng dipun-tangsuli. Dados Hel adegipun
namung kasanggi suku tiga.

Hel polah, badhe uwal, nanging inggih namung mugat-muget kemawon, amargi suku
ingkang tumapak namung tiga, tur congor sampun mepet wit sawo. Mila prasasat boten saged
ebah.

Kreta sumerep kawontenan wau suda sumelangipun, lan pitados yen Hel badhe kenging
dipun-abah-abahi pun Rapingun.

Rapingun lajeng mendhet slebrak, katumpangaken ing gegeripun Hel. Hel kendel
kemawon. Lapak lajeng katumpangaken, kapepetaken majeng, murih boten ngewahaken
kencenging amben. Amben katangsulaken ngantos kenceng, karangkep kalih. Lajeng dipun-
rangkepi malih amben gendhong. Sanadyan Hel ngetog budinipun, amben boten saged
kendho lan pedhot.

Lis ingkang satunggal kaetrapaken ing kendhali pangen ingkang dipun-slurupi dhadhung
wau; satunggalipun malih kaetrapaken ing kendhali tres. Sanggawedhi kaukur cekapan
panjang-celakipun. Lis katangsulaken ing gelangan pongoling lapak. Dhadhung ing gulu
ingkang kaslurupaken ing kendhali pangen, inkang katangsulaken wit sawo, dipun-uculi. Hel
kraos longgar saking wit sawo, lajeng budi. Nanging meksa boten saged, jalaran sukunipun
ingkang satunggal dereng dereng tumapak, taksih katekuk, dipun-tangsuli. Dhadhung lajeng
kaubedaken ing gulu.

Rapingun wiwit rata-rata badhe numpak. Lis kapendhet saking gelangan lapak, kacepeng
tangan tengen, tangan kiwa nyendhal tali wangsul ingkang ngerut suku kaliyan pupu.
Sukunipun Rapingun sampun tumumpang ing sanggawedhi. Sareng lan tumapaking suku
ingkang kaerut, Rapingun sampun tumumpang ing lapak, suku tengen mancat sanggawedhi
sisih tengen. Tangan kalih nyepengi lis. Sami sakala Hel nglumba, njondhil kaliyan nyepak
ngiwa-nengen, nubruk-nubruk, lan badhe mbandhang, amargi sadangunipun Hel dipun-abah-
abahi, punika prasasat ngaso, dados napas pulih kados waunipun malih. Mila badhe binger
malih. Nanging lis kapekak, dados kadung, namung nglumba-lumba kemawon. Rapingun
kejawi ngengeti rupaking papan, jalaran wonten pekarangan, mila kajarag supados Hel suda
kekiyatanipun dening anggenipun nglumba-lumba, awit badhe ngambah margi ageng, kathah

29
tiyang mlampah.. Samangsa kekiyatanipun suda, tandangipun inggih suda, dados boten patos
mbebayani. Lan malih kangge anjagi sampun ngantos Hel pedhot napasipun. Awit kathah
kemawon kapal Sandel ingkang mbandhang lajeng ambruk terus pejah. Makaten wau jalaran
saking lepatipun ingkang numpak, dening kirang dugi-dugi, dumeh kapalipun kiyat
mbandhang kemawon.

Kreta sumerep Rapingun kabekta nglumba-lumba Hel, manahipun geter, badanipun


ngoplok, kuwatos mbok-bilih Rapingun kecilakan. Sarehning boten saged nulungi, tur
Rapingun inggih boten betah dipun-tulungi, Kreta namung ngetut wingking saking katebihan
kemawon.

Sareng Hel anggenipun nglumba-lumba lan bigar sampun radi kendho, lis dipun-inger.
Hel terus dhateng margi ageng, ngener mangaler dhateng Candirata. Lis dipun-kendhoni, Hel
mlumpat lajeng njongklang medhar, badanipun nguler-kilan, mbandhangipun dipun-ketog
saestu. Kreta nututi dhateng margi ageng, nanging namung sumerep sageblasan. Rapingun
sampun boten ketingal.

Ing ngriku ugi kathah tiyang ingkang sami ningali. Sanadyan Rapingun sampun boten
ketingal, tiyang-tiyang boten enggal sami kesah, malah sami rembagan ngraosi tindakipun
Rapingun wau. Wonten ingkang nglepataken, wonten ingkah nutuh. Nanging ingkang kathah
sami ngalem. Ewadene sadaya wau boten sepen was-sumelanging manah. Langkung-
langkung Kreta, namung tansah bingung kaworan maras thok, boten ngretos kadospundi
murih Rapingun saged wilujeng.

Mbandhangipun Hel sampun angsal tigang pal, dereng ketingal kendho. Rapingun
pancen saged ngereh dhateng kapal, dhasar tatag tur prayitna. Mila sanadyan mbandhangipun
Hel kados mimis, tur wonten margi ageng, ingkang sanadyan boten nama rame, nanging
boten sepen, inggih wilujeng.

Sareng lampahipunnyandhak kawan pal, lis kapepeg, Hel purun kendho, lajeng mlampah
drap. Angsal saepal malih lis dipun-pepeg malih, lampahipun dadhos adheyan. Tindak
makaten wau minangka kangge ngasokaken Hel. Sareng lampahipun dumugi dhistrik
Candirata, kringetipun kados dipun-sokaken, sami urut suku. Nanging wantering manahipun
Hel dereng mantra-mantra suda, ketitik saking raosing lis.

Saking pangangkahipun Rapingun, lampahipun Hel badhe dipun-kendhokaken malih. Lis


lajeng kapepeg malih. Nanging boten kendho, malah badhe mbandhang. Rehning ing ngajeng

30
marginipun badhe nekuk lan njuleg, tur wonten kretegipun ciyut, panyepengipun lis kendhali
tres dipun-rosani. Hel nglumba, meh ngadeg jejeg, kupingipun njepiping, bekas-bekos
kaliyan gebres-gebres, mratandhani yen muring. Panyepengipun lis terus dipun-pepeg, awit
ngengeti rumpiling margi. Sareng lampahipun sampun nglangkungi margi ingkang njuleg lan
kreteg ingkang ciyut, lis dipun-longgari, malah dipun-gedheg sawetawis. Hel lajeng
mbandhang. Marginipun tansah minggah-mandhap. Saben badhe minggah, lis dipun-gedheg.
Sampun temtu Hel ngetog kakiyatanipun. Sareng lampahipun angsal tigang pal malih, Hel
ketingal kendho. Sanadyan kasereg, lampahipun inggih namung drap. Ing ngriku nyata yen
Hel sampun lemper saestu. Sakedhap malih lampahipun Hel dados adheyan. Dumugi
onderdhistrik Bejen, Hel purun dipun-kendelaken. Rapingun mandhap. Hel dipun-epuk-epuk
lan dipun-jak wicanten mawi tembung manis.

Boten dangu Hel ketingak gambira malih. Rapingun enggal nyengklak. Lis kaputer,
badhe wangsul. Hel lampahipun drap,nanging kala-kala taksih purun ngosog. Sanadyan
mekaten sareng lampahipun angsal tigang pal malih, drapipun inggih lajeng kendho, dados
drap alus. Boten dangu dumugi Candhirata malih.

Saking Candirata marginipun mayat. Saking kajengipun Rapingun, murih Hel kapok
anggenipun purun mbandhang, lis lajeng dipun-gedheg malih. Hel inggih lajeng mbandhang.
Dereng angsal tigang prasekawan pal sampun malih drap. Hel dipun-gedheg malih. Lajeng
mbandhang malih. Nanging saweg sawetawis tebihipun inggih dados trap malih. Makaten
wongsal-wangsul, ngantos Hel ketingal lemes. Wiwit punika Hel kalampahaken alon-alon
ngantos saepal tebihipun, minangka kangge ngaso. Yen mentas mlampah alon-alon, lajeng
dipun drapaken. Makaten gontas-gantos. Sareng meh dumugi Ngadireja, saking katebihan
Rapingun sumerep Kreta mlajeng methukaken. Kala semanten lampahipun Hel adheyan.
Sareng kepethuk Kreta, Hel mandheg greg. Rapingun panjenenganipun lis mawi tangan kiwa,
tanganipun tengen mendhet kacu kangge ngusapi kringetipun ingkang pating dlewer ing rai
lan ing gulu, kaliyan mesem-mesem.

Kreta pitaken sami gugup:

“Rak boten napa-napa ta, Mas Rap?”

“Enggih napa-napa mawon.”

“Lo, rak boten onten alangan napa-napa ta?”

31
“Onten mawon alangane.”

“Yah Mas Rap ki, di-takoni tenan kok geguyon.”

“Lah pripun ta?”

“Napa boten manggih kasangsaran?”

“Nek kasangsaran boten. Mung alangane, teng Bejen pancene kula ngelak banget, nanging
boten bisa tuku wedang.”

“Nek mung ngoten mawon nggih boten dadi napa. Kuwatos-kula boten kanten-kantenan
kok.”

“Ndara Seten napa empun kondur?”

“Saweg mawon.”

“Napa boten ndangu?”

“Ndangu. Malah kula di-dhawuhi ngrumiyini; Ndara Seten ajeng mapag ngangge oto.”

“E lah, empun kula-ngriyini mawon.”

Hel angsal ngaso sakedhap, dipun-dhedhet lisipun, lajeng drap memet. Sareng meh
dumugi sajawining dhusun, Rapingun sumerep oto Overland dhateng, nanging lajeng
mandheg. Boten dangu ketingal Den Bei Asisten-wedana mandhap saking oto. Hel dipun-
pepeg, lampahipun dados macan nubruk. Dumugi ngajengipun Den Bei Asisten-wedana, Hel
dipun-endhegaken. Upas ingkang kalih sami ndherek sami mlongo, taksih linggih ing bak
wingking. Den Bei Asisten-wedana dhawuh supados Rapingun terus wangsul. Lis lajeng
kadhedhet, Hel mlampah, ngentrag, sontan-santun kaliyan macan-nubruk. Tiyang-tiyang sami
cingak dene Rapingun saged wangsul kanthi wilujeng. Punapa malih sumerep lampahipun
Hel sajak gumagas. Mangka lampah makaten wau namung tumprap kapal ingkang sampun
mbangun-turut lan sampun dipun-ajari.

Yektosipun, meh sadaya kapal Sandel ingkang wanter manahipun, temtu saged lampah
makaten punika, uger ingkang numpaki prigel anggenipun ngolahaken kendhalinipun, saged
anjumbuhaken kaliyan panggraitaning kapal.

32
Raden Ayu Asisten-wedana kaliyan Raden Ajeng Supartienah sami ngadheg wonten
longopan Asistenan. Raden Ayu Asisten-wedana tansah nyawang kemawon dhateng
Rapingun, sajak ngandhut sumelang. Sareng lampahipun sampun celak sumerep boten
wonten tandha-tandhanipun kasangsaran, lajeng mesem-mesem. Ewadene inggih taksih
ngandhut sumelang. Makaten wau ketitik saking pasemonipun. Rapingun lajeng tumungkul,
ngenut lampahing kapal. Den Bei Asisten-wedana ngenut wingking.

Dumugi ngajeng longopan, Rapingun badhe mandhap. Den Ayu Asisten-wedana


sumingkir kaliyan ngendika:

“Wis terus bae!”

Kapal terus dipun-tumpaki dumugi ngajeng gedhogan. Den Bei Asisten-wedana sekaliyan
tuwin putranipun lan Kreta ugi sami nututi.

Rapingun mandhap kaliyan mesem-mesem, ndadosaken ayeming panggalihipun Den Bei


Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun dalah Kreta.

Dhadhung ingkang wonten gulunipun Hel dipun-uculi, kendhali tres tuwin lis kendhali
pangen thok. Dhadhung katangsulaken wit sawo, cekak. Lapak ugi kabikak, namung slebrak
ingkang boten, dipun-ambeni gendhong, boten patos kenceng, malah kepara logro.

“Ta, Ta, Kreta!”

“Onten napa, Mas Rap?”

“Tulung sampeyan pendhetake banyu saember!”

“Enggih.” Kreta lajeng majeng.

Den Bei Asisten-wedana ndangu:

“Banyu arep kanggo apa, Rap?”

“Badhe kangge ngumbah suku lan lambenipun Hel.”

“Ora susah. Ngasoa dhisik. Wis tinggalen bae!”

“Nuwun, Ndara! Menika perlu sanget kula-tindakaken. Pun Kreta temtu boten purun, tur
inggih dereng temtu yen ngretos.”

33
“Perlune apa?”

“Perlunipun supados boten konus panggraita lan kakiyatanipun.”

“Apa iya?”

“Inggih. Amargi pun Hel nembe ketaman pangreh ingkang awrat sanget tur ngethog
lampah.”

“Kowe tekan ngendi?”

“Dumugi Bejen, Ndara.”

Raden Ayu Asisten-wedana nyambeti:

“Bocah sembrana temenan! Besuk aja sok nekat ngono kuwi, Rap!”

“Kula boten nekat, Ndara, malah ngatos-atos. Sadaya ingkang badhe kula lampahi, kula-
manah rumuyin. Lan malih kula-tandhing kaliyan badan-kula.”

“Kowe mono pinter nek omong. Aku iki sing dadi wong-tuwa, atiku ora karu-karuwan.”

Rapingun kendel kemawon, nampeni ember isi toya saking Kreta, terus ngumbah suku
lan lambenipun Hel. Sareng sampun rampung ember kasukakaken Kreta kapurih
mangsulaken.

“Hel napa boten di-ombeni, Mas Rap?”

“Saniki boten. Mengke nek kringete empun asat, awake empun adhem kaya waune, lagi
kena di-ombeni, di-uyahi sethithik.”

“Wis Rap! Kana ndang salina panganggomu. Nek wis ndang menyanga gadri buri kana.
Kowe arep tak-landrat.”

“Inggih, Ndara.”

Den Bei Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun lajeng dhateng gadri wingking, sami
lelenggahan.

Rapingun terus dhateng kamaripun peerlu ngusapi kringet lan santun pangangge,
ngangge sarung lan rasukan cina.

34
Saweg kemawon medal saking kamar sampun dipun-sengkakaken dipun-ken boten susah
mawi iket. Rapingun lajeng ngadhep, sila wonten pojokaning gadri kados adat saben.

Raden Ayu Asisten-wedana taksih ketingal sumelang dhateng tindakipun Rapingun ingkang
mentas dipun-lampahi. Laajeng ngandika:

“Iki lo Rap, rujak nangka-sabrang karo es!”

“Nuwun, Ndara!” Rapingun nampeni gelas, lajeng linggih ing panggenanipun malih.

Sarehning ing meja ngriku namung kantun kalih gelas, dipun-dhep Den Bei Asisten
kaliyan Raden Ajeng Tien, Rapingun enggal-enggal matur:

“Menika rak kagem panjenengan, Ndara.”

“Ora, wong aku ra seneng kecut-kecut.”

Anggenipun mangsuli makaten wau pamrihipun supados Rapingun purun ngombe kanthi
boten kogel manahipun.

“Inggih.” Lajeng dipun-ombe telas setengah gelas.

“Ngene Rap! Besuk maneh kowe ora kena nunggangi Hel. Aku ora eman menyang kowe,
eman menyang Hel.” Makaten wau kaliyan mbesengut, ingkang ateges ngeman dhateng
Rapingun.

“Boten, Ndara! Benjing-enjing pun Hel temtu boten purun mbandhang.”

“Kowe ki sok gumampang; wong jaran edan kok……”

“Ora Bu. Pancen bener kandhane si Rap. Bungahku, ora kok jalaran si Hel, bakal dadi jaran
becik, nanging, jalaran si Rap mulih kanthi Slamet.”

“Wong bocah kaya ngono di-rewangi, Bapakne kuwii!”

“Ora ngrewangi, mung sabenere.”

Raden Ajeng Supartinah nyambeti:

“Ibu ngaten rak boten ngretos dhateng bab kapal; sagedipun rak mung maiben.”

35
“Iki maneh, sing bocah melu nutuh. Mau rak wis padha di-rembug. Yen aku nyrengeni Rap,
ora padha arep ngrewangi, jebul malah aku sing di-krubut.”

Sadaya lajeng sami mesem.

Raden Ayu Asisten-wedana nlajengaken pandangunipun:

“La, awakmu apa ora ana sing krasa lara, Rap?

“Boten, Ndara.”

“Aja goroh, lo. Yen ana sing krasa lara, kaki Sungep tak undange, tak-kon mijeti.”

“Nuwun, Ndara! Nanging yen boten saben dinten numpakipun Hel, ngantos pun Hel dados
sae saestu, badan-kula inggih kalajeng sakit, Ndara!”

“Ah, kowe mono, di-kandhani malah ndadra. Wis kana ngaso!”

“Inggih, Ndara.”

“Rujake apa uwis ko-entekake?”

“Sampun.”

“Maneh apa? Yen maneh si Yem tak-kon nggawekake maneh.”

“Sampun, Ndara.”

Rapingun lajeng murugi Hel ingkang tansah gereng-gereng, kringetipun sampun tuntas,
badan sampun asrep, slebrak lajeng kabikak. Dhadhung ingkang katangsulaken ing wit sawo
lajeng dipun-uculi, namung dipun-kalar saha dipun-cepengi kemawon. Hel mebeng-mubeng
thakur, lajeng gulung. Sareng sampun kaping kalih: tangi, dipun-ombeni toya sarem, meh
telas saember. Lajeng kalebetaken ing gedhogan, pakean kabikak.

6. PEKEN MALEM ING MAGELANG

Dinten Sebtu jam gangsal sonten ing ngajeng Kamantren-guron Parakan wonten oto
Overland kendel, tendhanipun kabikak. Inggih ing ngriki punika pondhokanipun Raden

36
Ajeng Supartienah. Raden Ajeng Supartienah punika dados guru H. C. S. partikelir ing
Parakan.
Sanadyan oto wau boten nama enggal, nanging kabekta saking saening pangrimat, taksih
ketingal sae. Cetinipun kinclong-kinclong, dereng ngantos ingkang babak, tandha yen
panggenipun ngatos-atos. Wengkuning radiator kinclong-kinclong, boten wonten
blentongipun. Swantening motor ingkang lugunipun pancen kasar, saged alus, amargi
keseleresan panyetelipun klep. Pipa pambucal klep dipun-santuni modhel enggal,
swantenipun langkung bening. Mila sanadyan golongan oto mirah, nanging ketinggal
ngresepaken. Sopiripun ngadeg wonten sakiwaning oto, ngentos ingkang badhe numpaki.
Saking salebeting dalem wonten swantenipun priyantun taken dhateng sopir :
“Rap ?”
“Nun.”
“Lo ibu endi?”
“Boten tindak, amargi radi puyeng.”
“Dhawuhe kepriye?”
“Dhawuhipun, menawi panjenengan estu badhe tindak dhateng Magelang, kadhawuhan
tindak piyambak. Menawi boten, inggih kadhawuhan kondur.”
“Mangka aku wis ngaturi layang Bu Mantri-gudhang. Yen ora sida sowan, rak dadi
pangarep-arep.”
“Bab menika nyumanggakaken.”
“Ya wis terus bae. Mengko jam-jam sewelas mulih. Rak bisa : ta ?”
“Saged, uger boten kedangon wonten peken-malem.”
Raden Nganten Mantri-guru nyelani :
“Jeng Tien, ingkang ibu menapa boten estu tindak?”
“Boten, amargi miturut sanjangipun Rapingun, ibu saweg radi puyeng. Mangka kula
sampung kelajeng ngaturi serat dhateng Bu Mantri-gudhang Magelang.”
“Lajeng kadospundi? Temtunipun dipun-ajeng-ajeng.”
“Inggih, mila kula badhe dhateng Magelang. Mangke jam-jam sewelas wangsul, terus
dhateng Ngadireja.”
“Boten kondur mriki?”
“Boten Bu.”
“Sampun ta mangga gek tindak, mumpung taksi radi siyang, mangke saged enggal kondur.”
“Mangga ta kaliyan Ibu!”

37
“Jeng Tien ki kok aneh, genah keng bapak saweg sakit ngaten kok. Upami keng Bapak
boten saweg sakit, kula inggih ndherek. Malah keng bapak piyambak terkadhang inggih
klayu.”
“Inggih sampun ta : Bu.”
“Inggih mangga, ndherekaken wilujeng. Welingan-kula sampun kesupen lo : Jeng!”
“Inggih Bu.”
Rapingun ngadeg wonten sangajengipun konten oto ingkang wingking. Sareng sumerep
Raden Ajeng Tien badhe numpak, kontenipun lajeng kabikak. Raden Ajeng Tien lajeng
numpak. Suku kiwa mancad pancadan, tangan kiwa cepengan awak-awakaning oto, murih
kekahipun, dene tangan tengen nyangking tas arta. Saweg kemawon suku tengan kaangkat
badhe minggah dhateng oto, ketanting ….. meh dhawah, dipun-sarengi jelihipun Raden
Ajeng Tien kaliyan Raden Nganten Mantri-guru : “E-e-e-e  e-e-e !” Tas dhawah, awit
tanganipun gap-gapan pados cepengan. Uwaling tas tanganipun ceg nyandak pundhakipun
Rapingun ingkang tengen. Semanten ugi Rapingun, sumerep ketantingipun Raden Ajeng
Tien, ceg tanganipun kiwa nyandhak bangkekanipun Raden Ajeng Tien. Tanganipun Raden
Ajeng Tien ingkang nyepengi awak-awaking oto uwal, dados badhe kelumah. Sareng punika
ugi Rapingun nyandhak cangklakanipun Raden Ajeng Tien, terus kajunjung kaselehaken.
Dados boten estu dhawah. Rapingun lajeng mendhet tas ingkang dhawah. Raden Nganten
Mantri mlajengi, nyikep Raden Ajeng Tien saking wingking.
“Adhuh ngger! Tujune di-paringi slamet. Dospundi ta Jeng, kok le ora ngati-ati kuwi!”
Criyos mekaten wau kaliyan megap-megap, kabekta kaget lan uwasing manah.
Raden Ajeng Tien mangsuli kaliyan mesem :
“Anu kok Bu. Menika wau keplesed, sinjang radi ribed.”
“Sukur ta sukur! Samenika lenggah ngajeng kemawon, sampun lenggah wingking, ingkang
momong boten marengaken.”
“Menapa inggih ta Bu?”
“E, nggegaa kemawon dhateng tiyang sepuh. Lan malih wonten wingking anginipun
sumribid. Yen wonten ngajeng rak boten.”
“Ngaten menika ……….”
“Sampun ta Jeng, boten dados menapa!”
“Ibu ki kok aneh. Mangke rak dipun-wastani babu. Sabab limrahipun ingkang linggih jejer
sopir menika babu.”
“Ingkang mastani babu kemawon sinten. Angger tiyang rak sampun sami mangretos yen
Jeng Tien menika guru pamulangan partikelir ing Parakan.”
38
“Inggih ingkang ngretos Bu, ingkang boten?”
“Cekakipun Jeng, menawi nuruti ujaring tiyang boten rampung-rampung. Ingkang perlu
pados wilujeng.”
Raden Nganten Mantri lajeng mbikak kontening oto ingkang ngajeng. Raden Ajeng Tien
kaduwa majeng dhawuh dhateng Rapingun :
“Nak Rap!”
“Kula, Ndara?”
“Nika bantalan sing onten bak wingking di-pindhah ngajeng.”
“Inggih.”
“Lo, tasipun wonten pundi, Jeng?”
“Menika dipun-openi, Rap.”
“Menika Ndara.” Tas dipun-aturaken Raden Nganten Mantri, terus dipun-sukakaken Raden
Ajeng Tien.
“Sampun ta mumpung taksih padhang. Empun nak Rap, sing ati-ati, nggih. Mengke nek
mriksani pasar malem sampeyan kudu ndherekake.”
“Inggih.”
Rapingun lajeng minggah ing bak ngajeng sisih tengen. Linggihipun mepet nengen, ing
pangangkah sampun ngantos nggepok badanipun Raden Ajeng Tien. Mangka
kawontenanipun bak taksih kobet. Dados ingkang mekaten wau boten sanes namung kangge
rumeksa ing bendara lan netepi tatakrama.
Sareng oto sampun dipun-setater, Raden Ajeng Tien pamit sapisan malih dhateng Raden
Nganten Mantri :
“Sampun inggih Bu!”
“Inggih, ndherekaken wilujeng.”
Oto mlampah alon-alon, amargi taksih wonten ing kitha radi rame, tur marginipun ciyut.
Rapingun linggihipun kados dipun-pantek. Pamawasipun dhateng margi kados dene
tiyang ingkang sinau nyetir, ketingal ajrih.
Oto dumugi sawijining kitha, lampahipun kawan dasan kilometer. Linggih lan patrapipun
Rapingun taksih ajeg. Sareng oto sampun nglangkungi kitha Temanggung, Raden Ajeng Tien
rumaos boten sekeca sumerep patrapipun Rapingun kados makaten wau, awit ketingal rekaos
sanget. Lajeng wicanten :
“Rap, lungguhmu kok sajak rekasa temen!”
“Boten Ndara, sampun sekeca.”
“Ah ora ngandel. Aku lagi weruh saiki kowe nyetir katon rekasa ngono kuwi.”
39
“Ketingalipun saged ugi makaten, nanging yektosipun boten, namung saking sangeting
pangatos-atos kula kemawon.”
“Pangati-ati sing kaya ngono rak malah mbebayani.”
Rapingun kendel kemawon, jalaran yektosipun pancen inggih makaten.
“Ora Rap! Kowe kuwi rak sumelang yen nganti tak-arani kurang tatakrama, ta?”
“Boten Ndara, Kilap kenging punapa, raosing manah-kula kok kedah ngatos-atos kemawon,
beda kaliyan adat saben.”
“Saking bangeting pangati-atimu, ndadekake rekasaning pikirku. Aku ora mentala weruh
wong ngrekasa, sing pancene bisa nyingkiri kanthi ora ndadekake sabab apa-apa.”
“Panggalih ingkang sekeca kemawon, Ndara. Kula sampun kulina makaten punika.”
“Sanadyan kowe wis kulina, nanging aku kang durung kulina weruh wong sing ngrekasa
kaya kowe ngono kuwi. Mulane lungguha kaya adat saben bae.
“Inggih, Ndara.”
Rehning Rapingun rumaos abdi, ingkang kedah manut sadhawuhing bendaranipun,
lajeng ngewahi polatanipun, kadamel ndhangak sawetawis. Dene tangan taksih mringkus,
linggihipun taksih ngulet mepet nengen.
Mangka leresipun tiyang nyetir oto punika badanipun kedah kobet, suku saged
tumandang punapa mesthinipun.
Linggihipun Rapingun punika tumrap oto ingkang mlampah limrah, sarta ingkang boten
wonten punapa-punapanipun pancen boten makewedi. Nanging yen wonten bebaya,
sukunipun tengen lajeng boten kenging kangge ngerem punapa mesthinipun. Pedhaling
kopeling inggih tebih saking suku kiwa. Mila patrap makaten wau boten prayogi tumrap
tiyang nyetir oto.
Raden Ajeng Tien ngretos, bilih wangsulanipun Rapingun punika namung nyakecani
manah. Mila lajeng kepeksa nindakaken reka-daya sanes :
“Wis Rap, mandheg dhisik!”
“Inggih, Ndara.”
“Rehne aku ora mentala weruh rekasaning awakmu, apa maneh nyumelangi, aku arep
nunggang otobis bae, kebeneran mburi kae ana otobis sing arep menyang Magelang.”
“Sampun Ndara Ajeng!”
“Ya, ben.”
“Kula mangke rak dipun-dukani ingkang rama.”
“Lah jeneh, lungguhmu kok kaya ngono,”
“Inggih ta sampun, kula ndherek.”
40
“La yen ngono atiku ya mantep.”
Linggihipun Rapingun mingser wonten sawingkingipun setir leres, ketingal sekeca kados
adat saben.
Sareng ngancik kitha Magelang, lampahipun kadamel kalih dasa kilometer, kala-kala
gangsal welas kilometer. Kala semanten sampun jam setengah pitu. Urubing dilah listrik
sauruting margi ageng lan ing toko-toko sakiwa-tengenipun margi adamel reseping paningal.
Wujuding barang-barang dalah tokonipun pisan mindak sae lan ngengreng.
Dumugi ing alun-alun papan panggenanipun peken-malem ingkang kinubeng ing pager,
ketingal semorot pating glebyar dening dilah listrik ingkang tanpa wicalan. Wuwunging
griya-griya ingkang inggil-inggil ketingal sajawining gedheg, pinajang ing dilah listrik
mancawarni, adamel reseping paningal lan anarik tetiyang ing jawi.
Ing sapinggiring margi ageng tansah ndilir tiyang ingkang mlampah ngener dhateng
panggenanipun peken-malem. Dene ing tengah kebak tetumpakan andhong, dhemo, oto lan
sanes-sanesipun. Mila lampahing oto kapeksa rindhik, malah kala-kala kepeksa kendel sabab
ngentosi selaning margi. Rapingun matur dhateng Raden Ajeng Tien :
“Keparengipun miyos pundi, Ndara?”
“Terus bae metu pasar, ngiras ndeleng toko-toko.”
Oto terus ngidul, lampahipun saya rindhik, amargi ing ngriku saya rame. Dumugi
prasekawanan peken, oto menggok ngilen. Boten dangu dumugi ing griyanipun Den Bei
Mantri-gudhang ing kapung Bayeman.
Griyanipun Den Bei Mantri-gudhang punika wonten pinggir margi ageng, lataripun
wiyar, oto saged mlebet dhateng plataran.
Sareng oto dumugi ing plataran, Den Bei Mantri-gudhang sakaliyan methukaken, dhasar
sampun wetawis dangu anggenipun ngajeng-ajeng. Raden Ajeng Tien mandhap, oto dipun-
pinggiraken. Raden Ayu Tien Mantri-gudhang enggal-enggal pitaken.
“Lo, Ibune endi : Tien ?”
“Boten sowan, Bu !”
“Layangmu rak nyebutake yen karo Ibumu ta ?”
“Inggih. Nanging kala wau ngendikanipun ragi puyeng.”
“Olehe ngarep-arep wiwit awan mau jare. Wis ayo mlebu dhisik !”
“Inggih.” Raden Ajeng Tien karangkul ingkang Ibu kabekta mlebet. Den Bei Mantri-
gudhang sumerep Rapingun badhe dhateng griya wingking medal ngiringan, lajeng dipun-
undang :
“Medal ngriki mawon, nak Rap !”
41
“Sampun Ndara.” Rapingun dhateng wingking medal ngiringan terus linggih ing amben
ingkang wonten emper pawon, kados adat saben yen ndherek bendaranipun sowan mriku.
Den Bei Mantri-gudhang nututi medal gadri wingking, terus ngundang Rapingun :
“Nak Rap !”
“Nun.”
“Ngriki mawon sing rada padhang !”
“Sampun ngriki kemawon, Ndara !”
Raden Ayu Mantri-gudhang lajeng murugi Rapingun, tanganipun dipun-gered. Rapingun
kepeksa boten suwala.
“Empun, linggih ngriki. Nek di-kandhani wong-tuwa kuwi mbok sing nurut. Lah kok malah
ngentol.”
Rapingun namung mesem kemawon, kaliyan nggered kursi dipun-tebihaken saking meja.
Den Bei Mantri ugi lajeng linggih.
“Lah rak ngono, dadi lega atiku !”
“Pancen nak Rap kuwi sugih lelewa kok Pak. Mula aku kudu njenggung bae.”
“Nak Rap ! Sampeyan niku rak kula anggep anak kula dhewe ta : nak !”
“Boten Ndara. Tiyang kula menika abdi, boten kumedah dipun-anggep-anggepa.”
“Pancen kula empun ngerti, yen nak Rap boten njaluk di-anggep anak, nanging kula duwe
panjaluk teng sampeyan, puruna kula anggep anak.”
“Kula sinten Ndara ! namung sopir kemawon.”
Raden Ayu Mantri nyambeti :
“Ampun sing sopir, nadyan nak Rap niku kere upamane, wong kula kepengin nganggep
anak ; janji nak Rap boten nampik rak kena-kena mawon ta.”
“Kula boten pisan-pisan nampik lubering sihipun para bendara. Nanging makaten wau saged
ugi ndadosaken kemeren lan ewaning tiyang sanes.”
“Nek kula-nuruti, ati-kula niki saben dina meri ajegan, dene tiyang-tiyang nika sami gadhah
oto apik-apik lan sugih bandha, kula kok boten.”
Den Bei Mantri nyambeti :
“Sakniki kula ajeng blaka teng sampeyan, nak Rap. Dhimas Seten empun ping tiga raosan
teng kula, benjing yen pindhah seking Ngadireja, sampeyan ajeng di-giyarake dadi putra-
angkat. Dene sranane, panyebut-sampeyan teng dhimas Seten sakaliyan “Ndara” niku kudu
ilang, malih “pak lan ibu.” Upama di-walik saniki, mesthine gawe kageting tiyang kathah.”

42
“O, Ndara. Kok semanten kersanipun Ndara Seten dhateng kula. Saestu kula boten saged
nglampahi. Leres wiwit kula ngabdi sampun ketuwuhan manah ajrih asih lan sumungkem
dhateng Ndara Seten sagarwa putra.”
“Boten bisane dospundi ?”
“Raos lan pademelan kula …….” Dereng dumugi lajeng kapedhot, dening Den Bei Mantri
nyelani :
“Isin ta, dumeh sopir ! Ampun ngoten nak Rap. Ajining wong niku boten mung dumunung
teng pangkat mawon. Tindak tanduk lan luhuring budi, niku saged njunjung aji.”
Raden Ajeng Tien nyambeti :
“Rehning Pak-gedhe sampun mbikak wewados menika, kula mewahi sekedhik.”
“Iya, priye Tien ?”
“Saking kersanipun Bapak lan Ibu, pun Rap badhe kadhawuhan nyambut damel madeg
piyambak. Yen seneng dhateng oto, badhe dipun-pundhutaken malih kalih, kadhawuhan
damel taksi. Rap namung ngepalani kemawon. Dene yen seneng dagang, inggih badhe dipun-
paringi pawitan. Dene yen kepengin dados lurah dhusun, samangsa wonten lowongan badhe
dipun-magangaken. Badhe dipun-sedhiyani sekedhikipun tigang ewu.”
“Lo, nak Rap. Nek kula di-arani damel-damel. Kejaba niku, kula dhewe enggih gumun,
dene kula weruh teng sampeyan kok kaya kena daya pangaribawa, brol tresna kula metu.”
Rapingun tumungkul kemawon, rumaos isin.
Raden Ayu Mantri-gudhang nyelani ; nyapih ginem :
“Wis, saiki dhahar bae dhisik, ya Tien !”
“Kula boten Bu, taksih tuwuk !”
“Iki rak mangsane mangan, ta !”
“Inggih, nanging kala kula badhe pangkat, mawi nedha rumiyin.”
“Ya wis nak Rap bae.”
“Nuwun Ndara.”
“Isin apa priye ?”
“Boten. Tiyang wau wangsul kula ndherek Ndara Seten sampun jam setengah sekawan, jam
sekawan kula nedha ; ngantos sepriki taksih tuwuk.”
“Yen ngono ya wis, mengko bae lebar nonton.”
“Inggih.”
“Ning mengko aja padha dhahar neng restoran.”
Den Bei Mantri sakaliyan lajeng sami dandos. Lajeng bidhal. Dumugi Ngalun-alun
Raden Ajeng Tien nyukani arta kertas dasanan salembar dhateng Rapingun.
43
“Rap, iki lo tukua karcis !”
“Inggih.” Arta dipun-tampeni, terus tumbas karcis. Boten dangu wangsul, ngaturaken karcis
lan arta susukipun.”
“Punika Ndara karcisipun, punika susukipun.”
“Karcise gawanen, dhuwite kandhuten.”
“Inggih.”
“Sampun mangga : Pak, mlebet.”
“Ayo.”
Sadaya lajeng sami mlebet ing peken-malem. Ing peken-malem ngriku sampun rame
sanget. Sadaya tetingalan sampun sami wiwit. Bango-bango sesadean lan mainan sampun
kathah ingkang sami ngrubung. Sadaya tiyang sami ketingal bingah lan gambira. Para
neneman sami ketingal berag. Sadaya sami migatosaken dhateng kawontenan ing ngriku.
Namung tukang sebrot ingkang boten migatosaken dhateng endah lan adining peken-malem,
ingkang kaincer boten sanes namung para ningali ingkang mangangge sarwa pangaji,
ngulataken lenanipun.
Warni-warni solahipun para ningali, wonten ingkang dhateng bangsa kagunan, wonten
ingkang dhateng toko-toko, wonten ingkang ningali setambul, kethoprak, ringgit tiyang lan
sanes-sanesipun. Makaten ugi Raden Ajeng Tien ingkang dipun-eteraken uwakipun sakaliyan
lan Rapingun, mubeng-mubeng malih neningali ingkang maedahi dhateng badanipun,
kadosta : barang dedamelanipun para murid Siswarini; pamedal dhusun, pitik-iwen lan sanes-
sanesipun. Dangu-dangu lampahipun dumugi ing satunggiling griya ingkang jrambahipun
kadamel panggung cara Pasundhan. Wonten ngriku Den Bei Mantri ngajak kendel, amargi
kraos sayah. Sadaya inggih lajeng sami kendel.
Griya panggung wau rinengga-rengga sarwa asri, nglebetipun isi gangsa. Panabuhipun
rempeg, boten wonten ingkang kesilep, dhasar pasindhenipun mateng dhateng wirama.
Emanipun dene klenengan ingkang semanten ematipun kok dumunung wonten ing peken-
malem.
Sadangunipun Den Bei Mantri kendel, dumadakan gagasanipun kewedhar :
“Wadhuh, nikmat kok semene.”
“Pak-gedhe, kados ngaten menika menapa sae?”
“Wong swara kok sae, nek aku sing ngarani ya kepenak.”
Mangsuli makaten wau kaliyan mesem-mesem, dening manahipun kepranan dhateng
swantening klenengan. Mila anggenipun mirengaken dipun-mataken saestu.

44
“Bapakmu mono Tien, angger mireng klenengan karo di-sindheni, ora enget apa-apa, ora
rumangsa tuwa.”
“Ibune kuwi, wong ora ngrasakake emating wirama. Apa kuping kuwi ana nom ana tuwa.
Saya tuwa saya berag menyang swara sing……..”
“Wis ayo Pak, iki Tien ngajak mrana.”
“Mengko dhisik ta, kae lo lagi tekan : e ala, ha i lola ; nek nganti kecer marahi ora bisa
turu.”
“Apa gendhing kuwi ana pal-palane ta pak, lah kok tekan : e ala, kuwi ?”
“Ora ngono, gendhing Lambangsari kuwi angger tekan sendhon ngana kae, dhemenku ora
jamak.”
“Sampun ta Pak, mangga ngaso !”
“Iki rak wis ngaso, tur panggonane sela, dhasar ora pati padhang.”
“Ngatena menika boten saged linggih. Prayoginipun samenika mriksani setambul utawi
ringgit tiyang, ngiras ngaso.”
“Tumrap aku sing wis tuwa, nenonton kuwi satemene wis ora pati mungguh !”
Raden Ayu Mantri nyambeti kaliyan ngoso :
“Yah, bapakne ki kok aneh, olehe alot kuwi, rak padune digondheli gong. Saiki rak lagi
momong bocah, lah kok nganggo senenge dhewe.”
“Lo, rekane mono momong ngiras dhemen dhewe.”
“Sesuk bengi yen arep nuruti kersane dhewe mangsa bodhoa.”
Rapingun lan Raden Ajeng Tien namung tansah gumujeng, ngretos yen uwakipun saweg
kerem ing pakareman. Sanajan kanthi alot, Den Bei Mantri kepeksa nuruti.
“Ayo ta. Nanging nek nonton setambul aku trima ngenteni kene bae, sabab kupingku ora
pati jodho.”
“Semune pak-gedhe ki fanatik banget karo klenengan.”
“Ora jeneng fanatik, wong nek ora jodho kuwi mundhak dadi mala.”
“Sampun ta mangga !”
“Ayo.”
Sadaya lajeng sami mlebet dhateng bangsal ringgit tiyang, linggihipun ing klas
setunggal. Badhe wonten lose (loge) dipun raos kirang sekeca awit kemelokan sanget.

Bersambung…

45

You might also like