You are on page 1of 4

PAWARTA 1

NGLANGGAR PROKES
PASUGATAN BARONGAN DIPUNBUBARAKEN
Tim SATGAS Covid 19 Kab. Demak tumindak teges kanthi mbubaraken pasugatan barongan
ing acara hajatan. Pasugatan barongan dipunbubarakaen awit mboten ngugemiprotokol
kasarasan, antawisipun penonton ingkang dhesek-dhesekan ugi kathah ingkang mboten
ngginaaken masker.
Tim SATGAS Covid 19 Demak ingkang kapantha saking Polisi, TNI, sarta pihak Kecamatan
Bonang mbubaraken pasugatan barongan ingkang badhe pentas ing acara hajatan ing Desa
Gebang Kecamatan Bonang, Demak. Pasugatan barongan menika badhe tampil ing acara
khitanan, nanging awit njalaripun kathah tiyang sarta ingkang hajat mboten ngugemi protokol
kasarasan, mangka petugas tumindak teges.
Kaitan pambubaran pasugatan barongan ing acara hajatan, Kapolres Demak ngandharaken
pihakipun teges dhateng acara ingkang njalari makempalipun kathah tiyang lan mboten badhe
paring ijin. Amargi saben kagiyatan ingkang njalari makempalipun tiyang saged dados
potensi sumebaring virus covid 19.
Sawetawis menika Komandan KODIM 0716 Demak LETKOL Arh. Muhammad Ufiz ngajak
sedaya masyarakat ing Kab. Demak kangge sarengan disiplin nindakaken protokol kasarasan
awit salebeting kalih minggu pungkasan mindhakipun warga ingkang positif corona ngantos
60%.
LETKOL Ufiz ugi mratelaaken bilih kuncinipun wonten ing dhisiplin masyarakat kangge
ngawontenaken protokol kasarasan. Percuma menawi SATGAS ngemutaken supados mboten
njalari makempalan, kados ta ngawontenaken hajatan, nanging masyarakat taksih mboten
dhisiplin ngenani protokol kasarasan. Samenika saged ndadosaken mindhakipun kasus covid
19.
Saking dhata SATGAS Covid 19 Demak, ngantos wingi dalu kaserat wonten 108 pasien
ingkang suspek wondene ingkang dipunrawat kakonfirmasi positif corona wonten 59 tiyang
lan 246 ingkang dipunkarantina. Sinaosa samenika Demak kategori zona jene (kuning),
ananging tim SATGAS Demak mboten badhe kecolongan kados Kab. Kudus, antawisipun
kanthi nutup papan wisata menapa dene wisata religi, ugi menging acara ingkang potensi
nyebaraken virus corona.
PAWARTA II
NGLANGGAR PROKES
PULUHAN PENUMPANG KRETA KELINCI DIPUNMANDHAPAKEN
Puluhan penumpang kreta wisata utawa kreta kelinci ing wewengkon Masjid Agung Jawi
Tengah dipunutus mandhap dening SATGAS Penanganan Covid 19 Kec. Gayamsari Kitha
Semarang. Kajawi mboten ngugemi protokol kasarasan, kreta klinci kasebat mbeta
penumpang nglangkungi kapasitas.
Tim SATGAS Penanganan Covid 19 Kec. Gayamsari Kitha Semarang kapeksa mandhapaken
puluhan warga ingkang wisata ngginaaken kreta wisata utawa kreta kelinci ing wewengkon
Masjid Agung Jawi Tengah. Kajawi saperangan warga mboten ngginaaken masker, petugas
mikantukaken kreta mbeta penumpang nglangkungi kapasitas.
Sopir kreta kelinci Andi ngakeni kretanipun dipunsewa warga kangge wisata ing dinten prei.
Kapasitas ingkang kedahipun 30 tiyang pun isi kebak kangge pikantuk bathi kathah ing
dinten preinan.
Sawetawis menika Tim SATGAS Penanganan Covid 19 Polsek Gayamsari IPTU Kuspri
mratelakaken mindhakiun kasus Covid 19 ing Kitha Semarang lan saperangan tirah Tim
SATGAS Penanganan Covid 19 lumantar pemberlakuan PPKM (Pembatasan Pemberlakuan
Kegiatan Mikro) tansah mindhakaken pendhisiplinan protokol kasarasan salebeting operasi
yustisi ingkang ginelar ing luwar wewengkon Masjid Agung Jawi Tengah.
IPTU Kuspri nmratelaaken bilih wonten ing Masjid Agung Jawi Tengah kaweruhan
penumpang kreta kelinci kanthi kapasitas 100%. Petugas kapeksa mandhapaken puluhan
penumpang kreta wisata utawa kreta kelinci ingkang konangan dhesek-dhesekan. Satemah,
bilih penumpang badhe wangsul kedah mandhapaken kapasitas peumpang dados 50%
supados ngugmi protokol kasarasan.
Salebeting pamawasipun Tim SATGAS Penanganan Covid 19 tansah mindhakaken
pengawasan dhateng papan wisata sarta papan ingkang piniji dados panggenan regeng.
Tumindak teges arupi pambubaran ugi dipuntindakaken awit tansah mindhakaken grafik
kasus covid 19 sasampunipun riyaya.
PAWARTA III
UJI COBA PTM
PASINAON TATAP MUKA ING WUAN SIYAM
Kawitan wulan siyam, MTSN 1 Grobogan nindaaken Uji Coba Pembelajaran Tatap Muka.
Pasinaonan diputindaaken sadangunipun kalih minggu kanthi ngecakaken protokol kasarasan
kanthi ketat. Uji coba menika dipuntindaaken kangge cecawisan pembelajaran tatap muka ing
kawitan warsa ajaran enggal.
Sasampunipun setaun nindaaken pasinaon onlen, MTSN 1 Grobogan wiwit nindaaken
Pembelajaran Tatap Muka (PTM). PTM menika dipuntindaaken sadangune kalih minggu,
wondene lampahing pasinaon tetep ngecakaken protokol kasarasan ketat. Kajawi mbeta
pirantos sinau, para siswa dipunkedahaken mbeta jangkepan protokol kasarasan kados
masker lan hand sanitizer.
Sasampunipun dugi wonten Madrasah, para siswa menapa dene dwija kedah ngginaaken
masker, jagi jarak, ugi wisoh asta mawi sabun ing toya ingkang mili. Pihak Madrasah ugi
nindaaken pengecekan suhu badan lan dipunserat salebeting absensi siswa. Kagem siswa
ingkang sakit utawi suhu badanipun inggil, dipuncawisaken ruang isolasi lan perawatan.
Nalika mlebet ruangan kangge proses pasinaon, kursi ugi pun paringi jarak. Para siswa ugi
dipunkedahaken ngginaaken face shield ingkang sampun dipunsiagaaken dening Madrasah.
Salebeting pageblug, para siswa ingkang tumut pasinaon tatap muka namung 3 kelas. Saben
kelas dipun dum dados 2 ruangan kanthi cacah saben ruangan 16 siswa. Jam pelajaran
ugidipun watesi namung 2 jam pelajaran utawi 4 jam pelajaran kanthi sejam pelajaran 30
menit. Sasampunipun pasinaon purna, para siswa ugi dipunprayogiaken kangge ngugemi
protokol kasarasan sasampunipun dugi ing griya.
Kepala MTSN 1 Grobogan, Moch. Muchlis ngendikan bilih saderengipun PTM
kawontenaken, siswa-siswi sampun dipunbekali ilmu ngenani protokol kasarasan. Satemah,
para siswa ngugemi protokol kasarasan awit saking griya dumugi Madrasah. Wonten ing
Madrasah ugi ngugemi protokol kasarasan kanthi jagi jarak, wisoh asta, ngantos ngukur suhu
badan.
Sawetawis menika salah satunggaling siswa, Fina ngakeni bingah saged ndherek pasinaon
sinaosa salebeting kawontenan siyam tansah greget ndherek pasinaon ngantos purna.
Dheweke ugi mratelaaken bilih saderengipun wonten uji coba PTM, Madrasah
ngawontenaken pasinaon daring kanthi media WA, link, lan sapanunggalanipun.
Pihak Madrasah ngajab supados pageblug korona menika tumuli purna satemah lampahing
pasinaon saged kalampah kanthi normal malih.

NB:
 PESERTA MEMILIH SALAH SATU MATERI TEKS BERITA
YANG AKAN DIBACAKAN PADA SAAT LOMBA.
 SEBELUM LOMBA DIMULAI, PESERTA DIHIMBAU UNTUK
MENGAMBIL UNDIAN YANG SUDAH DISIAPKAN PANITIA
SEBAGAI PENENTUAN NOMOR URUT.

You might also like