You are on page 1of 16

MATA PELAJARAN : BAHASA INGGRIS HARI / TANGGAL : Kamis, 23

Maret 2021
KELAS / SEMESTER : XII TAHUN PELAJARAN : 2020/2021

USPBK BAHASA JAWA


KELAS XII
emie
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha
ping (X) ing salah sawijining aksara A, B, C, D, utawa E

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Mingkar- mingkuring angkara


Akarana karenan mardisiwi
Sinawuung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarata pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

1. Pitutur luhur kang kamot ing tembang dhuwur, yaiku.....


a. Nalika ndhidhik anak kudu nyingkiri tumindak angkara
b. Manungsa kudu milih agama sing paling becik
c. Nalika mulang anak kudu nganggo kidung
d. Manungsa kudu sregep nyambut gawe
2. Gatekna tembung ing ngisor iki!

Nuladha laku utama


Tumprape wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama

Tembang sinom ing ndhuwur dumadi saka.....gatra


a. 6
b. 7
c. 8
d. 9
e. 10
3. Gatekna tembung ing ngisor iki!

Ngelmu iku kalakone kanthi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangkese dur angkara

Setya budya pangkese dur angkara nduweni teges.....


a. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan
b. Golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa
c. Sipat kang ala bakal ilang kanti ngilmu kang becik
d. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan, bakal bisa kagayuh
e. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil
4. Tembang kang jumbuh kanggo nggambarake mangsa nalika manungsa
iku wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo
kulawargane yaiku tembang.....
a. Mijil
b. Sinom
c. Durma
d. Kinanthi
e. Asmaradhana
5. Gatekna tembang ing ngisor iki!
Upamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak bundhas anemahi

Pitutur luhur kang kamot ing tembang dhuwur, yaiku.....


a. Yen kurang pangati-ati
b. Lumaku ing ndalan kang kebak pacoban
c. Bakal entuk kacilakan ing sadalan dalan
d. Pungkasane bakal gawe lara awke dhewe
e. Wong kang kurang pangati ati bakal cilaka ing tembene

6. Gatekana tembang ing ngisor iki!

Lire lelabuhan tri prekawis


Guna bisa saniskareng karya
Binudi dadya unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang manggada nagra
Amboyong putri dhomas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana

Ukara kang tegese lelabuhane Patih Suwanda bisa mrantasi gawe,


yaiku.....
a. Bisa mati ngrana
b. Binudi dadya unggule
c. Bantu prang manggada
d. Purune sampun tetela
e. Bisa saniskareng karya
7. Gatekana tembang ing ngisor iki!

Wonten mwlih tuladhan prayogi


Satriya gung nagri ng Ngalengka
Sang Kumbakarna arane
Tur iku wama diyu
Suprandene gayuh utami
Dak wiwit prang Ngslengks
Dennya darbe atur
Mring raka amrih raharja
Dasamuka tan keguh ing aatur yekti
De mung mungsuh wanara

Miturut tembang ing ndhuwur, paraga kang gugur mbelani negarane saka
amuke wadyabala Prabu Ramawijaya, yaiku.....
a. Satriya
b. Sugriwa
c. Sumantri
d. Dasamuka
e. Kumbakarna
8. Ukara aprang rame karna mati jinemparing ing serat Tripama pada 6
iku ngemu teges.....
a. Karna perang tandhing nglawan buta
b. Karna gugur kena panah ing perang Bratayudha
c. Karna minangka prajurit utama
d. Karna manggala yudha prajurit Ngastina
e. Karna perang mungsung kadange dhewe

Pethilan teks cerkak kanggo mangsuli pitakonan no 9-10

Jam 06.00 esuk, Jono wis nganggo klambi rapi amarga dina iki arep
mangkat kerja. Ana ing panggonan kerjo Jono kondhang dadi wong sing
apik. Dheweke kalebu pawongan kang sregep, ora tau telat kerja lan
seneng tinulung marang kanca-kancane. Ana ing kantor uga dadi wong
kang dipercaya, amarga saben prakaryan sing dicekel mesthi rampung lan
apik banget hasile. Merga saka iku Jono disenengi wong akeh ana ing
kantore.

9. Pitutur luhur kang kamot ana ing pethilan teks cerkak ing ndhuwur,
yaiku.....
a. Dadi wong iku kudu sabar lan narimo
b. Dadi wong iku kudu sregep sinau
c. Dadi wong iku kudu seneng tulung tinulung
d. Dadi wong iku kudu kurmat marang liyan
e. Dadi wong iku kudu kurmat marang guru
10.Miturut petilan cerkak ing ndhuwur, watak wantune Jono yaiku.....
a. Sregep, seneng makarya , lan bisa dipercaya
b. Sregep, seneng tulung tinulung, lan kudu sabar
c. Sregep, seneng tulung tinulung, lan seneng crita
d. Sregep, seneng tulung tinulung, lan bisa dipercaya
e. Grapyak, seneng tulung tinulung, lan sregep makarya
Pawarta kanggo mangsuli pitakonan no 11!
Sawijining usaha jroning piranti musik, yaiku gawe lan adol drum.
Manut ngrembakane musik sing sangsaya rame ing ngendi-ngendi,
kabutuhna marang piranti musik drum uga sangsaya akeh. Malah
produksi drum pira wae cacahe, mesthi bakal payu. Genah cetha, kuwi
dadi peluang usaha sing njanjekake.
Priya sing jeneng jangkepe Arto Subiyanto iki wis usaha gawe drum
awit tahun 1990-an. Sakdurunge tahun 1980-an, dheweke tau dadi
karyawan home industri kang uga gawe drum. Jalaran juragane nutup
usaha kuwi, wekasane kanthi sangu pengalaman lan niat sing tenanan,
dheweke nekat mbuka usaha produksi dhewe.
(Kapethik saka Panjebar Semangat, 17 Februari
2018)
11.Manut wacan ing ndhuwur Arto Subiyanto mbuka usaha gawe drum
amarga.....
a. Ngrembakane musik sing sangyasa rame
b. Kasengsem marang piranti musik drum
c. Kabutuhan marang piranti musik drum sangsaya akeh
d. Juragane nutup usaha home industri gawe drum
e. Nggawe drum kuwi gampang lan adol drum bathine akeh
Pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no 12!
APIKASI OJEKKOE DADI PESAING GOJEK

TRANSPORT KOE HIDANGAN KOE

Wis sesasi diluncurke, aplikasi ojek online iki wis katampa kanthi
antusias, becik saka driver arepa pangguna. Bab kuwi amarga Ojekkeo
menehake 100% asil ing dikasilke saka driver marang driver, nuli saka
ngendi Ojekkoe oleh untung? Sejatine, Ojekkoe ora jupuk persen saka
asile driver, nanging sistem sing mayokake neng Ojekkoe yaiku saka
pambayaran sewa sing dilakoke saka driver kanggo nggunakne alikasi
driver Ojekkou wiwit saka 10 ewu tekan 15 ewu rupiah. Minggu, 14
Februari 2016, tim Ojekkoe bali nganakne pendaftaran driver sing
dilakokake neng taman Langsat Kebayoran Jakarta.

Kapethik saka (http://blogspot.co.id)

12.Miturut wacan ing dhuwur, tim Ojekkoe ngnakne pendaftaran driver


tanggal…..
a. 12 Februari 2016
b. 13 Februari 2016
c. 14 Februari 2016
d. 15 Februari 2016
e. 16 Februari 2016
13.Pendhapa dumunung ing ngarep dhewe, perangan iki tansah dibuka tanpa
ana wates ruwangan. Wujud ruwangan iki ora tanpa ngemu teges, iki
aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinabuka lan
mentingake karukunan.
Salah siji pengguna pendhapa yaiku kanggo…..
a. Nampa tamu
b. Nyimpen pari
c. Nggelar wayang
d. Nyimpen pusaka
e. Ngumpil kawarga
14.Ing Ngastina Dewi Kunti nglairake bayi kang awujud bingkus. Dhawuhe
Dewa, bungkus kudu dibuang ing alas Kredawahana. Ing pertapan, Raden
Permadi njelasake kahana Bima Bungkus marang Retawu Begawan
Abiyasa. Amarga si Bungkus nggegerake ndonya, batara Guru ngutus
gajah sena kanggo mecah si bungkus lan uga ngutus Dewi Umayi kanggo
ngajari babagan apik marang si bungkus. Saksampunipun si bungkus
pecah, si bungkus mateni gajah sena. Banjur Batara Narada nerangake
awake si bungkus lan maringi asma Bratasena. Ratu Tasikmadu nyuwun
tulung Bratasena kanggo mateni Raja Raseksa lan patihipun. Sawise raja
raseksa lan patihipun mati, kekiyatanipun mlebu ing awake bratasena.

Amanat kang bisa dijupuk saka crita Bima Bungkus kasebut, yaiku.....
a. Kudu ati-ati apa kang ditindakake marang liyan.
b. Aja gampang nesu sadurunge ngerti perkarane
c. Sedulur iku wong bisa dipercaya
d. Kudu manut marang guru
e. Guru ora mesthi pinter
15.Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan. Para
pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapa-bapa, ibu-ibu, para
rawuh kakung miwah putriingkang dhahat kinurmatan. Pethilan teks
pranatacara ing dhuwur minangka perangan.....
a. Salam pambuka
b. Ancasing gati
c. Surasa basa
d. Wasana basa
e. Purwaka basa
16.Gatekna gambar ing ngisor!
Gambar ing dhuwur iku tuladha panganan tradisional Jawa sing padhatan
akeh ditemokake ana ing tlatah Wonogiri sing bahan bakune saka
pohung. Panganan tradisional iku jenenge.....
a. Thiwul
b. Urap
c. Sega megana
d. Sega jagung
e. Gendha pecel
17.Ing sawijining dina nalika Rudi lan Rukidi lagi ngrembug bab kanggo
siap-siap menyanga industri, nalika kuwi kanca-kancane uga takon,
“kepriye, persiapan neng industri, wis siap durung, Rud?” pitakone
kancane marang Rudi.
“wis siap kabeh, muga-muga ora ana alangan apa-apa.” Waktu sansaya
sore wis wayahe bali neng omahe dhewe-dhewe. Rudi, Rukidi, lan
kancane kuwi lagi kumpul neng warung kopi Mak Cor.
Latar panggonan pethilan novel ing dhuwur, yaiku.....
a. Sekolahan
b. Warung kopi
c. Dalan
d. Omah
e. Warung tegal
18.Wektu iku ana siswa kang lagi wae rampung praktek saka industri.
Dheweke diutus guru maju sesorah bab industri, ora ana persiapan apa-
apa, banjur gelem ora gelem dheweke kudu maju. Miturut pethilan crita
ing dhuwur, meode sesorah kang digunakake siswa kasebut.....
a. Maca eks
b. Ekstemporan
c. Impromptu
d. Ngapalake teks
e. Maca sithik
19.Upacara pengantenan adat jawa iku salah sawijine upacara sakral adat
jawa sing nduwe rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara
panganten iki nglambangake sapatemonan antarane panganten putri lan
panganten kakung ing kahanan sing mligi kayadene raja lan ratu.
Padhatan, rantaman inti upacara dilakoni ing ndaleme panganten putri,
sing dadi pamangku gati yaiku wong tuwa utawa kulawarga panganten
putri dibiyantu dening kulawarga saka panganten kakung. Rantaman
adicara pangantenan adat jawa ing saben laladan, beda miturut kahanan
ekonomi saben kaluwarga.
Miturut pethilan wacana eksposisi ing dhuwur, sing ora kalebu filosofi
adat tradisi Mantu, yaiku.....
a. Lakune adicara mantu lumaku miturut adat tradisi ana ing papan
panggonan tinamtu
b. Lakune proses pangantenan gumantung saka kersane pangantenan lan
kulawarganipun
c. Fitrahe manungsa iku betah pasangan urip kanggo mbagi rasa seneng
lan susah kanthi kebak rasa tresna.
d. Adicara pangantenan kudu bisa nggawe seneng para tamu kang rawuh
tanpa nggatekake prabeya/beaya
e. Upacara pangantenan duwe tujuan kang mulya kanggo nerusake
sesambungan anggone omah-omah
20.Ing tlatah prambanan ngrembaka crita rakyat kayadene candi sewu. Crita
sing nyritakake Bandung Bandawasa sing kepincut karo Rara Jonggrang.
Ananging Rara Jonggrang ora gelem dadi sisihane Bandung Bandawasa
tanpa menehi syarat sing mokal bisa dilakoni. Bandung Bandawasa dikon
nggawe candi cacahe sewu sakjrone sewengi. Gandheng Bandung
bandawasa iku sekti mandraguna, dheweke bisa nglakoni syarat kuwi
mau, ing wayah tengah wengi wis entuk 999 candi. Ngerti kahanan
mangkono, Rara Jonggrang banjur gawe-gawe supaya ora kasil anggone
Bandung Bandawasa tandang gawe. Mulane kabeh wong kon nutulan
ngobng damen ana ing sisih wetan suaya dikira wis esuk. Nerti Rara
Jonggrang tumindak culika, Bandung Bandawasa nesu banjur Rara
Jonggrang disabda dadi candi-candi sing kaping 1000.

Miturut isine pethilan crita rakyat ing dhuwur kalebu.....


a. Sage
b. Mitos
c. Fabel
d. Legenda
e. dongeng
21.Mangga para pamiyarsa menawi betahaken winih jagung ingkang top
markotop, kulo mundhut jagung bisi 2
Iklan kang ana ing dhuwur kuwi kalebu iklan ana ing ngendi....
a. Kalawari
b. Ariwanti
c. Baliho
d. Radhiyo
e. TV
22.Wayang wong menika salah satunggaling jenis pagelaran tradisional
Jawa. Wayang wong menika gabungan saking senidrama ingkang
ngrembaka ing negri Eropa kaliyan seni pagelaran wayang ingakang
ngrembaka ing tanah Jawa. Pagelaran wayang menika ngrembaka ing
kraton kangge hiburan golongan priyayi utawa bangsawan.

Ana ing pethilan teks eksposisi ing dhuwur ana tembung ngrembaka kang
nduweni teges yaiku.....
a. Tumbuh
b. Rintisan
c. Bersemi
d. Berkembang
e. Kelestarian

Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomor 23,
24, lan 25!
Lintang Wengi
Dening: Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa


Agawe pangungun sadawane gili
Wasana.....
Den semu
Geneya.....?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
.....miri.....jebul datan ayandhang

23.Tegese tembung ludira ing ukara Ludira Kadya Kandheng, kapireng


kekidunganmu endah rinasa, yaiku.....
a. Getih
b. Awan
c. Surup
d. Angin
e. kringet
24.Wos surasane geguritan ing dhuwur, yaiku.....
a. lintang kang njerit
b. lintang kang anyor
c. ora katon srengenge
d. swasana kang peteng
e. langit kang kebak mendung
25.Geguritan kanthi irah-irahan “Lintang Wengi” ing dhuwur kalebu jenis
geguritan.....
a. Anyar
b. Lawas
c. Klasik
d. Romansa
e. Kidung

26.Gatekna gambar ing ngisor iki!

Gambar ing dhuwur iku kalebu ana ing perangan pakaian adat Jawa. Apa
jenenge perangan ing dhuwur iku.....
a. Beskap
b. Blangkon
c. Selop
d. Jarik
e. Keris
27.Perangan pakaian adat Jawa kanggo nutup sirah sing digawe saka bahan
batik. Lumrahe sing nganggo wong lanang. Biasane ana mondholan ing
mburine.
Perangan pakaian adat apa sing dikarepake saka wacan ing dhuwur.....
a. Selop
b. Jarik
c. Keris
d. Beskap
e. Blangkon
28.Setitekna gambar gamelan ing ngisor iki!

Piranti gamelan ing nduwur diarani.....


a. Rebab
b. Saron
c. Kempul
d. Kenong
e. Gambang
29.Ing ngisor iki piranti gamelan kang cara nggunakake digesek....

a.

b.

c.

d.

e.

30.Kendhang yaiku salah sijining piranti gamelan kang digawe saka kayu lan
kulit. Kendhang ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora
nganggo tabuh. Kendhang diselehake ing wadah panyangga saka kayu
sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsine
kanggo mimpin lan ngarahake musik.
Teks ing dhuwur iku kalebu teks eksposisi.....
a. Analisis
b. Ilustrasi
c. Definisi
d. Klarifikasi
e. Gosok balen
31.Aja gawe sumur ing ngarepan omah. Ukara kasebut kalebu gugon tuhon
jinis.....
a. Wewale
b. Pitutur sinandhi
c. Bocah sukerta
d. Saloka
e. Sanepa
32.Aja lelungan ing dina Setu Pahing, kuwi dina geblage simbah mandhak
apes. Ukara kasebut kalebu gugon tuhon jinis.....
a. Sanepa
b. Saloka
c. Wewaler
d. Bocah sukerta
e. Pitutur sinandhi
33.Ana ing ngisor iki kang ora kalebu saka tuladhane wewaler, yaiku.....
a. Aja nganggo klambi ijo ana ing Parang Tritis
b. Aja nganggo katok abang ing wayah purnama
c. Ora ilok mangan ing ngisor jobin mundhak kaya ula
d. Yen madhang ora usah karo ngombe, mundhak kekarepane ora
kagayuh
e. Aja nyicip panganan nalika isih dimasak amarga bisa gawe ora enak
masakane

34.Tembang ing ngisor iki satitekna!


Asmaradana
Sejatine urip iki
Kaya dene wong lelungan
Nang donya mung mampir ngombe
Teruse jagad akherat
Nunggal lawan Pangeran
Kang titis pangestinipun
Yekti antuk kanugrahan

Watake tembang Asmaradana ing sisih kiwa yaiku .....


a. Seneng
b. Sedhih, prihatin
c. Gagah, galak
d. Kendho
e. Luwes
35.Ing ngisor iki kang migunakake guru lagu lan guru wilangan (6-i)
yaiku ......
a. Dedalane guna lawan sektiKhotijah
b. Tumungkula yen dipun dukani
c. Kudu andhap asor
d. Bapang den simpangi
e. Wani ngalah dhuwur wekasane

36.
Tulisan jawa ing dhuwur iki latine.....

a. Wajike klethik gula jawa, luwih becik kang prasaja


b. Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja
c. Wajike klethik gulane jawa, luwih becik sing prasaja
d. Wajik klethik gulane jawa, luwih becik kang prasaja
e. Wajik klethik gula jawa, luwih becik kang prasaja

37.
Menawa ditulis mawa aksara latin dadine.....
a. Kembang aren sumebar ing tepining kalen, aja dahwen yen kowe
kepengin kajen
b. Kembang aren sumebar tepining kalen, aja dahwen yen kowe pengin
diajeni
c. Kembang aren sumebar ing tepining kalen, aja dahwen yen kowe
kepengin kajen
d. Kembang aren sumebar ing tepining kalen, aja dahwen yen kowe
pengin kajen
e. Kembang aren sumebar tepining kalen, aja dahwen yen kowe
kepengin kajen

38.
Manawa ditulis mawa aksara latin dadine.....
a. Cengkir wungu, wungune ketiban daru, watak guru kudu sabar momot
mengku
b. Cangkir wungu, wungune ketiban daru, watake guru kudu sabar lan
momot mengku
c. Cengkir wungu, wungu ketiban daru, watak guru kudu sabar lan
momot mengku
d. Cangkir wungu, wungune ketiban daru, watake guru kudu sabar
momot mengku
e. Cengkir wungu, wungune ketiban daru, watak guru kudu sabar lan
momot mengku
39.Kasusastran gagrag anyar kang nyaritakake panguripan sabendina,
kawangun kanthi basa padinan diarani.....
a. Crita lucu
b. Crita cekak
c. Crita
d. Tema
e. Alur
40.Ing ngisor iki kalebu ukara pitakonan retoris,yaiku...
a. Sapa sing ngeterke kowe mau?
b. Apa koq pikir aku gelem karo kowe?
c. Sing endi sepedhamu?
d. Kenangapa kowe mulih koq ora pamitan karo aku?
e. Apa iki payungmu?

II. wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

41.Gatekna pethilan cerkak ing ngisor iki!


Esuk-esuk Joko wis tekan ana ing kantor. Amarga udan deres Amat
mangkat kerja rada gasik.
Lagi wae tekan kantor Joko wis ditimbali marang pimpinane.
“Jok, mreneya!”
“Inggih, Pak. Wonten menopo, Pak?”
“Tulung jupukna berkas kang ana ing dhuwur lemari.”
“Sik, Pak. Aku njupuk ngombe sik.”
“Aja kesuwen ya.”
“Inggih, Pak. Menika sampun kulo pendhetaken.”

Ukara kang kacithak kandel ing dhuwur, owahana miurut unggah-ungguh


kang bener!

42.Sebutna kanthi urut tata cara upacara panggih ana ing adat tradisi mantu!
43.Tulisen mawa aksara jawa ukara ing ngisor iki!
Ibu Fatimah tindak dateng peken mundhut gendhis
44.Crita singkat kang ndudut ati amarga lucu lan nengsemake, biasane
ngenani wong penting utawa kondhang lan adhedasarkedadeyan nyata
diarani.....
45.Tulisen mawa aksara latin aksara Jawa ing ngisor iki!

Good luck yha gaeeeeeeeesssssss!!!!!!!!!!!

KUNCI JAWABAN

A. Pilihan ganda

1. A

2. D

3. C

4. E

5.E

6. E

7. E

8. E

9. D

10. A

11. D

12. C

13. A

14. A

15. A

16. A

17. B
18. C

19. D

20. D

21. D

22. D

23. B

24. D

25. A

26. E

27. E

28. D

29. B

30. C

31. B

32. C

33. A

34. B

35. D

36. C

37. E

38. A

39. B

40. B

You might also like