You are on page 1of 1

Wewaler Luhur Urip ing Madyaning Bebrayan

Manungsa urip ing alam donya ora bisa uwal saka tepa slira lan samad sinamadan. Kudu
nggatekake marang welinge para leluhur kang kebak ing kautaman. Para leluhur wis akeh
paring patuladhan becik marang turune kang awujud wewaler utawa pitutur kabecikan.

Minangka anak sakmesthine nduwe rasa urmat marang wong tuwa kaya dene wewalere
wong Jawa ‘aja sira wani marang wong atuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka kang
murbeng dumadi’. Saka andharan iku bisa dimangerteni menawa kanggone wong Jawa, wong
tuwa iku utama ateges kudu diajeni, diurmati kanthi gelem ngajeni lan ngurmati ateges diarani
anak sing bekti. Menawa matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu nganggo basa kang
alus lan kepenak dirungokake, ya mesthine nganggo basa Jawa krama. Aja pisan-pisan wani
marang wong tuwa amarga wani marang wong tuwa iku bisa diarani anak kang duraka lan bisa
kuwala. Penganggepe wong Jawa wong tuwa kang nandhang tatu atine amarga saka tumindhak
duraka anake, apa kang kawetu saka pangucape bisa malati tumrap anak.

Sajroning urip bebrayan prayogane aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku
bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwise. Saka wewaler kasebut bisa
dimangerteni menawa urip ing bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi wae. Ana ing sekolahan
minangka bocah sekolah sejatine aja nganti ana rasa gething, anyel, lan cubriya marang
kancane, amarga kanthi kawetuning rasa kang kaya mengkono kuwi mau bisa njalari
cecongkrahan marang kancane dhewe. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun, pada urmat lan
ngurmati. Ana ing urip bebrayan prayogane aja lali marang ngelmu kang karya tentreming ati,
jalaran kuwi bisa gawe tentreming bebrayan. Saka andharan kasebut bisa dimangerteni
menawa elmu kuwi wigati kanggo nggawe ati dadi ayem lan tentrem kanthi ati kang tentrem
mesthine bakal ndadekake.

You might also like