You are on page 1of 2

TUGAS BASA JAWA

Nama : Azfer Anarchia Raheel Al – Makki


Kelas : VII G / Absen : 7

RIYADI WONTEN GRIYA MAWON

Sasampunipun nglampahaken ibadah siyam Ramadan, sedaya umat


muslim sekaliyan bingah nyambut dinten raya riyadi. peristiwa menika
limrahipun dipunisi kalih silaturahmi dhateng tanggi, rencang celak/caket lan
pastinipun ugi keluwargi ageng kangge bersalaman.
Pandemi Covid ingkang kita alami kirang langkung 16 sasi punika
nganjuraken saben tiyang kangge #wontengriyamawon, mila pinten-pinten
tradisi riyadi kedah wonten ingkang ditunda, kados sholat riyadi wonten
jawining griya, ngrawuhi keluwargi, rencang utawi tanggi tepalih.
Sanadyan kita mboten malih dipunanjuraken kangge saged
nglampahaken kegiatan riyaya ingkang kasebat ing inggil wau, kita mboten
sah kuwatos , amargi libur riyadi wonten griya tetep saged bungah, seru lan
gadhah makna sareng keluwargi. Kados kula ingkang mboten saged riyadi
sareng keluwargi ageng salami kirang langkung 2 warsa punika. Bilih rumiyin
saderengipun wonten pandemi kula lan keluarganipun kula mesthi tindak
dhateng semarang jelang riyadi dugi.
Nanging dinten punika kita kedah saged nahan dhiri amargi wonten
intruksi saking Bapak Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo, kangge
mboten mudik dhateng jawining kitha ing riyadi warsa menika. Sanadyan kita
sakluwargi mboten saged kempalan langsung, kita nglampahaken sungkem
virtual sareng keluwargi ageng.
Salami riyadi wonten griya kula nelasaken wekdal kula kalih ngrencangi
ibunipun kula ngresekaken griya lan dolanan saha ningali film sareng
sadherek kandungipun kula. Kadhang kula rumaos bosan wonten ing griya
wanci riyadi tanpa sareng keluwargi ageng.

AZFER
Sanadyan kita mboten ngertos kala punapa pandemi covid punika
bibar , nanging kita kedah tetep bersemangat kangge nglampahaken dinten
dinten dhateng ngajeng lan tetep ngestuni protokol kesarasan saking
pemerintah. Kranten meniko, tanpa ngirangi semangat merayakan dan
memaknai Idul Fitri, kita manfaataken kondisi kados ngaten meniko kagem
taqarrub lan dhepe-dhepe dhateng ngarsane Allah, tansah nyenyuwun
dhateng Allah SWT.
Monggo, sedaya musibah meniko kita tampi kaliyah raos sabar. Sabar
dhateng napa ingkang sampun tinakdir kaliyan Allah, ugi sabar dhateng napa
ingkang sampun dipun tetapaken, dipun anjuraken lan dipun dhawuhaken
kaliyan para ‘alim ulama, ugi Pemerintah. Kita saget nyengkuyung dhateng
sedaya ikhtiyar kangge medot rante penyebaran lan penularan Covid-19
meniko

AZFER

You might also like