You are on page 1of 5

Nama : Adam Febryan

NIM : 18205241039

Kelas : Lingusitik Historis Komparatif B

Dosen Pengampu : Dra. Siti Mulyani, M.Hum

Ringkesan Panaliten Rekontruksi Basa Internal saha Eksternal

1. Rekonstruksi Vokal dan Diftong Bahasa Melanau Purba Anggitanipun Rahim Aman,
Norfazila Ab. Hamid saha Norfazila Ab. Hamid

a. Sumber Panaliten

Panaliten menika dipun-unduh wonten ing laman website ejournal.ukm.my , ingkang


awujud jurnal anggitanipun Rahim Aman, Norfazila Ab. Hamid saha Norfazila Ab. Hamid.
Panaliten menika dipun-publish wonten ing februari 2015 dening Gema Online, Journal of
Language Studies, saking Universitas Kebangsaan Malaysia.

b. Ringkesan Jurnal Panaliten Rekontruksi Internal

Jurnal panaliten menika dipuntindakaken kangge mangertosi wujud vokal saha diftong
purba wonten ing Basa Melanau Purba ingkang adhedhasar saking pendekatan Rekontruksi
Dalam (Internal Rekontruction). Panaliten menika kalebet wonten ing panaliten Lingusitik
Historis Komparatif. Kathah panaliten ingkang sampun nate naliti bab varian basa Melanau
Purba, ananging saking panaliten-panaliten ingkang sampun kalampahan menika dereng
wonten ingkang saged ngandharaken kanthi cetha cara rekontruksi basa wonten ing Basa
Melanau Purba. Pramila, panaliten menika dipuntindakaken kangge ngrembag bab
rekontruksi vokal saha Diftong wonten ing Basa Melanau Purba. Minangka manggihaken
sumber data saking panaliten menika, panaliten katindakaken wonten ing Sungai Rajang,
Matu, Daro, Igan, Oya, Dalat, Mukah, Balingian, Bintulu, sepanjang Sungai Rajang, Kanowit
saha Tanjong. Saking 12 papan ingkang kasebut menika minangka data namanipun papan
ingkang taksih ngginakaken kathah wujud varian basa Melanau. Ananging wonten ing
panaliten menika namung badhe karembag wonten ing 13 varian basa kemawon ingkang
sampun saged makili sedayanipun varian basa Melanau.

Adhedasar saking kajian Rekontruksi Dalam (Internal Rekontruction), panaliten


menika dipuntindakaken adhedhasar kaedah Rekontruksi Dalam (Internal Rekontruction),
inggih menika ingkang sapisan inggih menika nemtokakaen tembung-tembung kognat
ingkang wujudipun saking basa turunan ingkang badhe diputandhingaken. Saking tembung
kognat ingkang kapanggihaken menika lajeng dipunrantam set-set koresponden-nipun.
Salajengipun menika saking ngrantam set-set koresponden menika, saged dipunpanggihaken
fonem purba saking tembung turunan menika. Anggenipun nemtokakaen fonem purba
menika kedhah adhedhasar saking teori, satunggal koresponden bunyi namung saged
mandhapaken satunggal fonem purba.

Asilipun Panaliten saha Pirembagan

Adhedhasar saking tiga welas wujud varian basa Melanau menika saged kapanggihaken
fonem vokal saha diftong saking basa Melanau Purba kadosta mekaten :

a. Rekontruksi Vokal-Vokal Basa Melanau Purba

Adhedhasar saking data 200 tembung turunan varian basa Melanau, dipunpanggihaken
gangsal fonem basa Melanau Purba ingkang nggadahi fonem /*i, *u, *o, * dan * / ingkang

awujud satunggal vokal depan, kalih vokal tengah, saha kalih vokal belakang.

Rekontruksi Vokal Depan /*i

Basa Melanau Purba menika nggadahi vokal tinggi depan *i ingkang saged
kapanggihaken wonten ing wiwitanipun tembung, praakhir tembung, saha pungkasaning
tembung. Rekontruksi vokal menika dipunmandhapaken saking varian basa Melanau kanthi
langsung. Ananging gayut kaliyan analisis menika ugi taksih wonten perangan vokal *i
wonten ing pungkasaning tembung ingkang taksih awrat dipunanalisis.

Rekontruksi Vokal Tengah * dan *a

Basa Melanau Purba menika nggadahi kalih vokal tengah, inggih menika vokal
tengah rendah * saha vokal tengah rendah * . Vokal tengah rendah * ingkang namung
dipunpanggihaken wonten ing praakhir tembung saha pungkasaning tembung. Adhedasar
saking basa turunan ingkang kapanggihaken wonten ing varian basa Melanau saged
dipunmangertosi bilih fonem / / menika minangka wujud saking rekontruksi fonem basa
Purba Melanue * .

Rekontruksi Vokal Belakang *u saha *o

Basa Melanau Purba menika nggadahi kalih fonem vokal belakang inggih menika
vokal belakang tinggi *u saha vokal belakang separuh tinggi *o. Vokal belakang tinggi *u
menika dipunpanggihaken wonten ing wiwitanipun tembung, praakhir tembung,
pungkasaning tembung tertutup, saha pungkasaning tembung terbuka. Rekontruksi vokal
menika dipunmandhapaken saking varian basa Melanau kanthi langsung. Adhedhasar saking
basa turunan ingkang kapanggihaken wonten ing varian basa Melanau saged
dipunmangertosi bilih fonem *u menika minangka wujud saking rekontruksi basa Purba,
wondene vokal *u menika kanthi langsung dipunmandhapaken wonten ing sedaya varian
basa Melanue wonten ing wiwitanipun tembung.

b. Rekontruksi Diftong-Diftong Basa Melanau Purba

Basa Melanau Purba menika nggadahi enem diftong, inggih menika *- w, *- w, *- j,


*-ej, *-uj dan *-oj, ingkang kanthi langsung dipunmandhapaken saking tiga welas sumber
data saking varian basa Melanau. Saking sedaya diftong ingkang kapanggihaken menika
namung dipunpanggihaken wonten ing pungkasaning tembung.

Saking panaliten ingkang dipuntindakaken wonten ing 13 sumber data varian basa
Melanau ingkang dipuntandingaken kaliyan Basa Melanau Purba, menika saged
manggihaken gansal fonem vokal basa Melanau Purba inggih menika *i, * , * , *u , *o saha
enem fonem diftong inggih menika *- w, *- w, *- j, *-ej, *-uj, *-oj. Fonem vokal ingkang
kapanggihaken inggih menika satunggal vokal depan, kalih vokal tengah, saha kalih vokal
belakang, bilih diftong ingkang kapanggihaken menika namung dipunpanggihaken wonten
ing pungkasaning tembung.

2. Variasi Dan Rekontruksi Fonologis Isolek Kerinci : Studi Dialektologi Diakronis Di


Kecamatan Bukit Kerman Anggitanipun Rengki Afria
a. Sumber Panaliten
Panaliten menika dipun-unduh wonten ing laman website repository.unja.ac.id.
Panaliten menika awujud jurnal anggitanipun Rengki Afria saking Program Studi Sastra
Indonesia, Fakultas Ilmu Budaya, Universitas Jambi dipun-publikasi wonten ing laman
website menika taun 2017.
b. Ringkesan Jurnal Panaliten Rekontruksi Eksternal
Jurnal Penelitian menika dipuntindakaken kangge ngandharaken bab variasi-variasi
fonologis, Rekontruksi Fonologis saha ngandharaken inovasi saha retensi ingkang
dipunpanggihaken wonten ing Kecamatan Bukit Kerman, mligiinipun desa Pulaupandan,
Pengasi saha Muak. Bilih dipuntingali saking salah satunggaling kajian panaliten inggih menika
kajian Rekontruksi Fonologis basa purba, panaliten menika saged kalebet wonten ing Kajian
Rekontruksi Luar (eksternal rekontruction). Saking kawontenanipun rekontruksi basa purba
menika saged nemtokakaen basa utawi dialek menika saking proses inovasi utawi retensi.
Adhedhasar saking panaliten menika ingkang sipatipun panaliten deskriptif, panaliten menika
katindakaken ngginakaken pendekatan kualitatif saha kuantitaif ingkang kaginakaken kangge
nemtokaken dialek saha subdialek adhdhasar saking presentase wujud-wujud dialek saha
subdialek.

Objek saking penelitian ngginakaken sumber kanthi lesan saha seratan. Data ingkang
dipunginakaken inggih menika bunyi-bunyi isolek Kerinci wonten ing Kecamatan Bukit
Kerman ingkang kathahipun 738 tembung. Sumber data menika dipunpundhut saking data
lekasional saking tigang infoman wonten ing saben desanipun. Anggenipun ngempalaken
data menika ngginakaken kalih metode inggih menika cakap saha semak. Wonten ing cara
angenipun analisis data menika ngginakaken metode padan utawi teknik pilah minangka
teknik dhasaripun saha teknik lanjutan sanesipun.

Asilipun Panaliten Saha Pirembagan

Minangka kerabat saking basa Minangkabau saha Melayu Tengah, Basa Kerinci menika
nggadahi status ingkang sami minangka turunan langsung saking basa Malayan Sub-family.

a. Variasi Bunyi Vokal, Diftong saha Konsonan

Saking data wonten ing Kecamatan Bukit Kerman menika kapanggihaken variasi-variasi
bunyi inggih menika bunyi gugus [aɁ], bunyi [i], [u], [ә], [e], [o] saha [oɁ]. Variasi Bunyi
vokal menika manggihaken 15 variasi bunyi vokal, bilih saking variasi diftong menika
manggihaken 4 varian bunyi diftong, saha manggihaken 24 wonten ing varian bunyi
konsonan. Saking asiling saha pirembagan data menika lajeng dipunpanggihaken 25 unsur
fonologis utawi 3,38 % saking 738 tembung ingkang kaginakaken wonten ing panaliten
menika. saking asilipun menika saged dipuntemtokaken bilih status kebahasaan menika boten
wonten unsur ingakang beda.

b. Wujudipun Rekontruksi

Anggenipun rekontruksi data tembung menika ngginakaken perangkat korespondensi


bunyi ingkang adhedhsar saking International Phonetic Alphabet (IPA) ingkang
manggihaken data bilih rekonstruksi fonem vocal dipupanggihaken 21 PIBK *a / penultima
(< PM *a) > semua isolek a, Rekonstruksi Diftong 3 PIBK, saha Rekonstruksi Fonem
Konsonan 38 PIBK. Saking asilipun rekontruksi menika saged dipunpanggihaken wujud
fonem proto ingkang nglampahi proses refleksi wonten ing wujud ingkang samenika. Wujud
menika saged medhal wonten ing posisi penultima, ultima, wiwitanipun tembung,
pungkasaning kata, wiwitan saha pungkasan tembung saha antepenultima.

c. Inovasi Fonologis

Inovasi basa ingkang dipunpanggiaheken wonten ing isolek Isolek Kerinci di Kecamatan
Bukitkerman minangka protobahasan PIBK dumugi dados IBK sekarang ini. Adhedhasar
saking pengamatan inventarisasi dipunpanggihaken 41 data PIBK kasebut, ingkang
mujudaken asil inovasi fonem vokal saha konsonan ingkang kathahipun 25 (IM), 24(IP) saha
20 IPp. Ewahipun wujud isolek menika saged karembag kados mekaten :
PIBK *s / ultima (< PM *s) > IM ʃ, z.

PIBK *s pada posisi ultima (saking PM *s) ewah dados ʃ dan z wonten ing IM.

Tuladhanipun : PIBK *susaw‘susu’ (< PM *susu(Ɂ)) > IMsuʃow.

Saking asilipun menika lajeng dipunginakaken kangge nemtokakaken isolek,


ingkang asilipun menika IM saha IP ngggadahi wujud inovasi fonem vokal saha konsonan
ingkang langkung kathah inggih menika 36.23 % saha 34.78 %, pramila saged dipunsebut
isolek inovatif. Wondene, bilih saking IPp menika wujud inovasi-nipun menika langkung
sakedik inggih menika 28.99 %, ingkang saged dipunmangertosi isolek konservatif.

d. Retensi Fonologis

Wujud pemertahanan fonem daerah saking panaliten menika kapanggihaken 25 data


fonem. Tuladhanipun menika :
PIBK *l
PIBK *l / #-, ultima (< PM *l) > semua isolek l.
Tuladha analisis tembung :
*l / ultima PIBK *salaŋ ‘salang’ > semua isolek salaŋ.
PIBK *buluh ‘buluh’ > IPPbuloh, IP buleuh, IM buluh.

Saking pengamatan ingkang dipuntindakaken wonten ing Kecamatan Bukit Kerman


dipunpanggihaken data fonem vokal, diftong, fonem konsonan saha presentase: IPp kathahipun
44 utawi 35.78% IP kathahipun 41 utawi 33.33 %; saha IM kathahipun 38 utawi 30.89%,
pramila kathahipun retesi ingkang kapnggihaken inggih menika 123. Varian-varian saking
ewahipun fonologis menika saged wonten ugi jalaran saking perangan-perangan
ekstralinguistik (luar bahasa). kadosta : geografis, budaya, saha sosial

You might also like