Asal Usule Reog Ponorogo

You might also like

You are on page 1of 1

ASAL USULE REOG PONOROGO

Rikala jaman samana ing klanah ponorogo ana pawongn loro padha sektine. Wong
loro iku sak peguron ora tahu rukun ing babakan apa wae, arane singo barong lan
kalana sewandono. 

Singo barong lan kelana sewandana iku wong loro sak piguron nanging dadi
mungsuh bebuyutan. Memungsuhane kalorone saya nemen prikolo kalorone
bebarengan ngleboni sayemboro sing sarate ono telu sapa sing menang sayemboro
iku bisa nikah karo putri ayu saka Kediri yaiku dewi sanggalangit.Dene sarate yaiku :
1.      Jaran satus patang puluh papat kembar lan sing nunggangi pisan
2.      Janmo aneh sing endase loro
3.      Lan tontonan anyar sing durung nate ono.

Sengite singo barong soyo dadi banget bareng weroh mungsue bisa oleh jaran satus
patang puluh papat ora mung kembar nanging duwe buntut warno emas. Kanthi licik
singo barong kongkonan uwong kepercayaane supoyo ngrebut syarat sing nomer siji
wau marang kelana siwandono.

Akhire dadi perang rame banget sing gowo korban akeh ing kaloro – lorone mbanjur
singo barong lan kalana sewandana adep – adepan perang. Singo barong meh wae
menang ananging wis para isuk srengenge wis metu iku njalari singa barong
kekuatane entek.

Wektu sing kaya ngono iku di werui dene kelono sewandono mulo terus singo barong
di sabdho dadi makhluk aneh sing endhase loro endhas sing nomer siji singo sing
nomer loro merak, kewan sing dadi ingon – ingone singo barong sak lawase manggon
ing endhase singo barong mangani tumo.

Sapa nyana, singo barong sing uwes awujud singo lan merak dadekake kelono
sewandono kasil ing syarat kaloro. Syaray katelune kelono sewandono ngarak singo
barong sing wis rubah wujud dadi singo karo diiringi gamelan aneh sing digawe saka
kayu lan pring iku dadi tontonan sing aneh.

Wusanane ing carito kelano kelandono dadi pemenange terus nikah karo dewi
songgolangit lan dadi panguasa kediri, deweke uga marisi kesenian arak – arakan
singo lan gamelan sing tumekan saiiki di jenengi reong ponorogo.

You might also like