You are on page 1of 5

A.

Wangsulana pitakonan sing ana ing ngisor iki kanthi cara milih jawaban sing
paling bener saka pilihan jawaban A, B, C, D, utawa E !

1. Ing ngisor iki kang kalebu panganggone basa ngoko lugu, yaiku ...
A. Kanggo rembugan marang wong sing luwih dhuwur pangkate.
B. Kanggo rembugan antarane sapadha-padha.
C. Kanggo rembugan wong sing asor drajate.
D. Kanggo rembugan ing acara resmi.
E. Kanggo rembugan marang wong sing luwih tuwa nanging wis raket.
ANSWER: B

2. Basa kramane kuping yaiku ...


A. palarapan
B. paningal
C. padharan
D. talingan
E. asta
ANSWER: D

3. Ing ngisor iki kang kalebu ukara pitakon, yaiku ...


A. Mangana sing teratur kareben ora lara maag.
B. Jupukna obat ing dhuwur meja iku!
C. Dadi wong aja adigang, adigung, adiguna.
D. Aja dhumeh bisa tuku mobil.
E. Kapan Ibu kondur saking Solo?
ANSWER: E

4. Bapak Kepala Sekolah nakoni aku mau esuk. Basa krama aluse sing bener yaiku ...
A. Bapak Kepala Sekolah ndangu kula kala wau enjing.
B. Bapak Kepala Sekolah tangklet kula wau enjing.
C. Bapak Kepala Sekolah ndukani kula kala wau enjing.
D. Bapak Kepala Sekolah nyuwun pirsa kula kala wau enjing.
E. Bapak Kepala Sekolah taken kula kala wau enjing.
ANSWER: A

5. Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran ....
A. akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor.
B. sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor.
C. teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok.
D. teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor.
E. teks anekdot drajate pada wae yen kabandhing karo teks humor.
ANSWER: C

6. Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita
sabanjure, ing struktur teks cerkak diarani ...
A. resolusi
B. orientasi
C. koda
D. komplikasi
E. klimaks
ANSWER: B

7. Perangan cerkak sing ana ing ngisor iki kang ngandharake ngenani unsur latar papan yaiku ....
A. Marno saktemene ora lunga belajar kelompok, ning wiwit ngaso ana sekolahan mau wis
kansen karo Hardi yen arep nonton sorot. Hardi iku kanca rakete Marno, kang uga anake
wong sugih, ning merga kekerepen anggone mbolos, mula sekolahe dadi bodho.
B. Saiki kancane ubyang-ubyung ora mung winates kanca sekolah, nanging wis amba tebane.
Akeh kanca raket saka liya desa, sing sakjatine ora babag umur-umurane. Ning gandheng
padha kesenengan lan pekaremane mula banjur dadi mitra raket.
C. Sauntara iku Pinah lan Parmin reruntungan lagi golek urip, ngoyak playune dhuwit. Bocah
loro iku merlokake leren. Parmin ngglandhang tangane Pinah menyang ngisor wit trembesi.
Wis ora nggagas butuh lemek lungguh apa ora, bocah loro banjur ndhoprok. Panase
srengenge kang sumelet kaya ora direwes. Kringete dleweran ing pilingane.
D. Ika lan Pinah nuturi Desi amarga welas nyawang Parmin. Sing dituturi malah nyingkrih.
Sing ditinggal padha pating domblong. Parmin isih nangisi lawuhe.
E. Krungu anak-anake regejegan Mak Gi metu. Mak Gi ora kuwawa ngrasakake tingkahe
anak-anake. Mentas wae katon olehe beneh-beneh bisa golek urip. Nanging sedhela maneh
wis regejegan prakara lawuh gerih. Kanthi sareh semanta, ”Ana apa ta? Pin, Ka, sedulur-
sedulure kerah kok meneng wae ta?”
ANSWER: C

8. Bedane basa kang digunakake ing teks cerkak lan teks crita wayang, yaiku basa ing cerkak iku
nggunakake basa padinan, dene basa ing crita wayang ...
A. sinanggit mawa tetembungan basa Kawi.
B. akeh migunakake basa ngoko.
C. kacampuran dhialek lan idhiolek.
D. migunakake basa baku utawa standar.
E. migunakake basa Jogja-Solo.
ANSWER: D

9. Cerkak pancen crita fiksi tegese dudu bab kasunyatan. Nanging critane bisa wae wujud ...
A. pengalaman pribadi kang anggone mbabarake dikembangake sarana imajinasi.
B. sejarah kepahlawanan kang sumbere saka tuturane pelaku sejarah.
C. dongeng kang wis sumebar turun-temurun.
D. crita babad tanah Jawi kang wis diakoni dening masyarakat.
E. asal-usul panggonan kang dibumboni daya khayal pengarang.
ANSWER: A

10. Nalika sinau nulis cerkak apike diwiwiti kanthi nulis cengkorongan dhisik, gunane kanggo ...
A. nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan tumata urut-urutane.
B. nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang.
C. nuntun pamaca supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe.
D. nuntun pamaca supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang.
E. nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe.
ANSWER: E

11. Sawijine teks cerita diarani teks anekdot yen ing crita kasebut tinemu anane ...
A. paraga
B. latar
C. alur
D. perangan lucu
E. judul lan tembung
ANSWER: D

12. Teks anekdot iku minangka teks sing digunakake kanggo guyonan utawa gegojekan mula basa
sing digunakake yaiku basa ...
A. kawi
B. sing prasaja
C. krama alus
D. bagongan
E. sembarangan
ANSWER: B

13. ”Ngadeg neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan
nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng
neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan
dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit …
Latar perangan crita ing dhuwur yaiku …
A. wayah sore ing tlampik omah
B. wayah surup ing tlampik omah
C. wayah sore ing njero omah
D. wayah surup ing njero omah
E. wayah bengi ing tlampik omah
ANSWER: A

14. Jinise drama sing ngandhut unsur agama utawa nilai religius diarani ...
A. pantomim
B. tablau
C. pasie
D. tragedi
E. dhagelan
ANSWER: C

15. Drama kang nduweni ancas menehi panggulawentah tumprap masyarakat diarani drama ...
A. modern
B. action
C. tradisional
D. tablau
E. melodrama
ANSWER: A

16. Ukara kang dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih kang siji-sijine ukara mau isih madheg
dhewe-dhewe serta surasaning ukara-ukara mau ana gandheng cenenge diarani ukara
camboran ...
A. jejeran
B. sejajar
C. raketan
D. kosok balen
E. susun
ANSWER: B

17. Tokone lagi tutup, jalaran iki dina Minggu. Ukara kasebut kalebu ukara camboran ...
A. raketan
B. raketan katrangan
C. sejajar
D. sebab akibat
E. susun
ANSWER: E

18. Nuri ora mlebu sekolah, amarga lara panas. Tembung lara panas ing ukara kasebut kalebu ...
A. jejer
B. wasesa
C. lesan
D. katrangan
E. ukara babon
ANSWER: D

Wacanen teks drama ing ngisor iki nganti patitis!


Wonten salah satunggaling desa inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga
ingkang gesangipun rukun lan sae inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono
kagungan putra naminipun Prima. Prima bocah ingkang sopan lan alus anggenipun matur,
ananging amargi srawung kaliyan bocah ingkang mboten genah, unggah-ungguhipun Prima
sampun benten.
Bapak : “Le,,,Prima! Rene sedilut!”
Prima : “Ana apa Pak?”
Bapak : “Terno undangan iki ning omahe Pak Praptoyo Le.”
Prima : “Gahaku Pak, aku arep mancing.”
Ibu     : “Weleh….mbokyo nek karo wong tuwa iki sing sopan.”
Bapak : “Yowes Bu, yen ora gelem yo ora ngapa-ngapa.”
Ibu    : “Ora isa ngono kuwi Pak, cah enom saiki wes akeh sing ora ngerti unggah-
ungguh, ojo nganti Prima melu-melu.”
Bapak : “Yowes…Yowes,,,rasah ribut.”

19. Paraga bapak ing teks drama kasebut duweni watak ...
A. wicaksana
B. alem
C. ora wigati
D. kereng
E. sabar
ANSWER: E

20. Wayah paraga njoget lan nembangake kidungan jula-juli kalebu ing struktur pertunjukan ludruk
babagan ...
A. adegan lakon
B. adegan lawak
C. bedayan
D. gara-gara
E. bedholan
ANSWER: C
21. Adicara siraman ing tingkeban iku dianakake kanggo mitoni anak nomer ...
A. siji
B. loro
C. telu
D. papat
E. lima
ANSWER: A

22. Piranti kanggo upacara Tedhak Siten yaiku ...


A. panggaron sing diisi kembang setaman
B. kembang mayang
C. jarik 7 werna
D. udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang
E. andha pring Arjuna
ANSWER: E

23. Kang kalebu dasanamane tembung pranatacara yaiku ...


A. pranata adicara
B. pambagyaharja
C. pamedhar sabda
D. panyaru
E. pewara
ANSWER: A

24. Pidhato pengarahan yaiku ...


A. Pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas utawa kagiyatan.
B. Pidhato kang diandharake dening wong kang nduweni pengaruh kanggo ngresmekake
samubarang.
C. Pidhato kanggo ngarahake salah sawijining kagiyatan.
D. Pidhato kang isine ngenani sawijining laporan pertanggungjawaban tugas utawa kagiyatan.
E. Pidhato kang isine medharake sawijining ajaran utawa agama tartamtu kanggo paring
pancerahan marang para umat.
ANSWER: C

25. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake nalika pidhato yaiku ...
A. nggatekake rakite ukara kang becik
B. nggunakake unggah-ungguh basa kang becik
C. swara lan pocapan cetha
D. enggal-enggal dirampungi
E. mangerteni sapa wae para rawuh utawa tamu sing rawuh lan suwasanane saengga bisa
ngetrapake tata trapsila sing becik
ANSWER: D

You might also like