You are on page 1of 2

‫السّالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫م َعلَى ُم َح َّم ٍد َو َعلَى الِ ِه َواَصْ َحابِ ِه‬$ُ َ‫صالَةُ َوال ّسال‬ ّ ‫اَ ْل َح ْم ُد هلِّل ِ الَّ ِذيْ اَ ْن َع ْمنَا ِبنِ ْع َم ِة ْااِل ْي َما ِن َو ْا ِال ْسالَ ِم َوال‬
‫ َأ َّما بَ ْع ُد‬. ‫العالمين َوَأ ْشهَ ُد اَ َّن ُم َح َّمدًا َرس ُْو ُل هللا َخاتِ ُم النَّبِيِّي َْن‬
َ ُّ‫اَجْ َم ِعي َْن َأ ْشهَ ُد اَ ْن الِإلَهَ ِإالَّ هللاُ رب‬
almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,
ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh,
ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo Dzurriyah ...........
wabil khusus shohibul bait, inggih meniko Bapak ….....…….sekeluarga

Alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT
kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil ‘aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten
kenikmatan dumateng kito sedoyo, dene menopo kulo lan panjenengan sedoyo saget
angrawuhi Kegiatan Rutin Silaturrohmi ugi Kirim Do’a wonten dalemipun Bapak ……
kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi
kehadiran kulo lan panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan
hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X

Sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito
kanjeng nabi agung Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli ‘alaa Muhammad…
ingkang sampun paring pitedah dumateng kito sedoyo arupi diinul Islam, arupi agami
Islam, Lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, Kito sedoyo dipun akui umatipun
Baginda Nabiyulloh Muhammad SAW ingkang angsal syafaatipun Beliau. Amin 2X yaa
robbal ‘alamin …

Bapak Ibu lan poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, kawulo ing mriki selaku
pranoto adicoro ing pakempalan meniko. Wondene adicoro ingkang bade lumampah
inggih meniko :
1. Pembukaan
2. Waosan Arwah
3. Waosan Surat Yasin Lan Tahlil
4. Penutup/Do’a

Poro Rawuh Rohimakumullah.... Keranten wekdal sampun sakwantwis dalu,


Monggo pakempalan menika kito wiwiti kanthi wahosan ummul qur’an shurotul fatihah
ing pengajab mugi-mugi adicoro meniko berjalan kanthi lancar lan sedoyo niat hajat kito
dipun kabul aken dening Allah SWT
...... ‫على هذه النية وعلى كل نية صالحة ؛ الفاتحة‬

Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken. Adicoro saklajengipun inggih meniko


wahosan arwah ingkang bade kasampekaken dening ..........

Mekaten kolo wahu wahosan arwah, dhumateng sederek .... kulo aturaken agunging
panuwun.

Adicoro Saklajengipun waosan Surotul Yasin ugi Kalimah Thoyyibah tahlil, Kulo
suwun dumateng panjenenganipun Bapak …...... dados Rois ipun Lan barokah do’a ipun
kulo suwun Bapak ..... .
Mekaten kolo wahu wahosan Surat Yasin ugi tahlil, dhumateng Bapak ..... lan
Bapak .... kawulo aturaken agunging panuwun.

Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo wau waosan Surat Yasin,
tahlil, lan doa sampun paripurno kanthi lancar lan gangsar, Mugi-Mugi, menopo ingkang
dados niat lan hajat kito sedoyo estu-estu dipun qabulaken dening Allah SWT. lan sedoyo
Arwah ingkang dipun kentun tansah pikantuk maghfiroh saking Allah SWT. Amin

Minangkani sesulih saking Keluarga Bapak ........….. ngaturaken agunging panuwun


atas kerawuhan panjenengan sami. Mugi-Mugi kerawuhan panjenengan sedoyo dipun
catet dados amal hasanah, manfaat, maslahah fiddini waddunya wal akhirat.

Mbok bilih Keluarga Bapak .............. anggenipun paring panghormatan, pinaraan


ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan sedoyo. Kawulo minangkani sesulih
saking Keluarga Bapak ...... ngaturaken agunge samudro pangaksami.

Saking kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten ingkang sak
katah-katah ipun mbok bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan
sedoyo.

Akhiru kalam,
ُ‫ َوال َّساَل ُم َعلَ ْي ُك ْم َو َرحْ َمةُ هّٰللا ِ َوبَ َر َكاتُه‬،‫َو ْال َع ْف ُو ِم ْن ُك ْم‬
Allahumma sholli alaa Muhammad….

You might also like