You are on page 1of 19

f TEKS EKSPOSISI GAMELAN

Wacana Eksposisi
Wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab
kanggo pamaos. Supaya pamaos pikoleh informasi kang genep babagan sawijining objek,
sabanjure pangerten pamaos bisa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi
ngerti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane iki
bisa ditindakake lumantar sadhengah cara njlentrehake, ing antarane proses lan ilustrasi.
Bab kang dijlentrehake ing wacana eksposisi bisa awujud:
1. Data faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata, kedadeyan ana, lan bisa asipat historis
(bisa dicritakake kanthi cetha).
2. Sawijining analisis utawa panapsiran objektif marang saperangan pakta.
3. Pakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki:
1. Jlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan
2. Mrelokake pakta kang dikuwatake utawa dicethakake kanthi angka, peta statistik, grafik,
organigram, gambar, lan sapiturute.
3. Mrelokake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan lan pakta.
4. Nggoleki sumber ide saka pangalaman, pengamatan, tumindak, lan keyakinan.
Pathokan panulise eksposisi:
1. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok
prastawa/persoalan.
2. Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani tumindak lan panemune pamaos.
3. Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake.
4. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional
5. Ing eksposisi, pakta-pakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan
lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi pambuktine).
6. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek
kang dirembug.
7. Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake,
8. Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

Materi Teks Eksposisi Gamelan Jawa

Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing


pulo Jawa, Madura, Bali, lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku
"gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo
ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar
nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata
nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo
gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname. 
Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranatural, mula swarané gamelan
diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang
ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké
yèn gamelan iku kaya komparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius
kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik
pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana
loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén
kanggo laras pélog lan sléndro. Pelog titi laras : 1 2 3 4 5 6 7. Slendro titi laras: 1 2 3 5 6
Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal digolongake dadi
telung klompok, yaiku :
● Klompok ricikan balungan (melodis), yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi cedhak
banget karo rangka gendhing (balungan gendhing). Ricikan utawa instrumèn gamelan ing
kelompok iki, yaiku;
1. Saron

Saron iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah
kayu ing loro sisi ngisore. Saron bentuké kaya lèmpèngan emas kang disusun ing kayu.
Saben lèmpèngan nduwèni titilaras kang béda.
Ana 3 jinis saron yaiku:
·      Saron panerus (ing laras slendro: Peking)
·      Saron barung biasa disebut saron barung
·      Saron demung biasa disebut demung
Wujud wilah saron iki meh padha karo wilah gambang, bedane nek wilah saron digawe saka
logam (umume sing apik perunggu), nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe
saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar
20 cm.

2. Demung
Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki jinis saron paling gedhé ukuranè, sing paling cilik pekingsing
tengah-tengah saron barung tembè demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan
slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda.
Wilah saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan
ambanè 9 Cm.
Saron demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron

3. Saron Barung
Saron barung iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok
piranti saron. Iki jinis saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung. Ana 2 jinis saron
panerus yaiku pelog barung lan slendro barung. 2 jinis piranti panerus iki nduwe laras beda-beda.
Wilah saron barung iki luwih gedhe dibanding saron panerus ning luwih cilik dibanding saron
demung. Wilah sing luwih dhuwur swarane, ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7.
Saron barung nduwe swara luwih dhuwur sakoktaf dibanding saron demung.

4. Saron Panerus (peking)


Saron panerus iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron panerus iku diso'ake
langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Ing laras slendro, saron panerus diarani Peking.

Iki jinis saron sing paling cilik saka bentuk balungan liyané yaiku saron lan demung. Ana 2 jinis
saron panerus yaiku pelog paneruslan slendro panerus. 2 jinis pirantipanerus iki nduwé laras
béda-béda. Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané, sing apik digawe saka sungu
kebo.
Wilah saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung landemung nanging wilahé luwih
kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7,
sing paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4 cm.
Saron panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingaké karo saron barung.
Cara nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel loro saka
tabuhan saron lan demung.
5. Slenthem
Slenthem iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon
sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo ngetokaké gema
swarané.

Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu kaluwarga gendér; utawa dijenengi gendér


panembung. Nanging slenthemduweni bilah padha karo bilahsaron; Slenthem oktafé paling
ngisor yen ing klompok instrumensaron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainake lagu
balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih gedhe
tinimbang gendér. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesikang nduwéni titilaras. Lémpéngan iki
kabentuk kanthi resonansi pringkanggo mbanteraké swara.

● Gamelan Garapan (Harmonis)


6. Rebab

Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké senar lan senar. Rebab
iku salah sawijine racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab
iku piranti musik sakaArab/Timur Tengah. Nanging, saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa.
Saiki rebab wis asring digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika
pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam.

7. Kendhang
Kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi
antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké
piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper
huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang
nduwèni jinis lan ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cm nganti 45 cm.
Kendhang bentuké kaya drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.

Wujudé mèh silindher,simetris, ing salah siji sisih rada gedhé


tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh.
Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Ana 4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling gedhé
ukurané)
· Kendhang gendhing utawa kendhang ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
· Kendhang wayangan
· Kendhang batangan utawa ciblon
· Kendhang ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo
ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn
musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.
Akèh jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
· Dlong : swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang ketipung),
ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing langsung diculaké. Swara iki nduwé
nadha paling cendhèk.
· Dhah : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang
ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan sing langsung diculaké.
· Thung : swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji sing
langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan kendhang sing
gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing langsung diculaké.
· Ket : swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk driji
utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora langsung diculaké (tetep
nempèl) utawa nutup.
· Tong : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo
pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
· Tak : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo kabeh driji lan
sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl, déné tlapakan tangan tengen
nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki nduwé nadha paling dhuwur.
· Deng : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji ono ing
sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.
Notasi swara kendhang sing umum dienggo yaiku:
· Swara dlong diwakili simbol D
· Swara dhah diwakili simbol b
· Swara thung diwakili simbol p
· Swara ket diwakili simbol k
· Swara tong diwakili simbol o
· Swara tak diwakili simbol t
· Swara deng diwakili simbol B

8. Gendèr

Gendèr iku salah siji pirantigamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni
11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélognduwèni 12-13
wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali
kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau
dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi
ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing
paling ngisor rosé. Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing
luwih dhuwur.
Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing
digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi
nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen
utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem
antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné
kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing
pagelaran wayang kulitricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana,
nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh
instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.
Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku :
1. Gendèr penembung yaiku gendèr sing paling gedhé.
2. Gendèr barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané
saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.
3. Gendèr penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur
ketimbang gendèr barung.

Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12 jenis tabuhan, yaiku :


1. Tabuhan gendèr gembyang mbukak
2. Tabuhan gendèr gembyang nutup
3. Tabuhan gendèr gembyang minggah
4. Tabuhan gendèr gembyang mandha
5. Tabuhan gendèr kempyung mbukak
6. Tabuhan gendèr kempyung nutup
7. Tabuhan gendèr kempyung minggah
8. Tabuhan gendèr kempyung mandhap
9. Tabuhan gendèr gantungan gembyang
10.Tabuhan gendèr gantungan kempyung
11.Tabuhan gendèr mipil
12.Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)
Saliyané iku ana rumus liya kang khusus digunakaké kanggo ngiringi suluk
(pedhalangan) wayang, yaiku :
1. Tabuhan gendèr pathetan
2. Tabuhan gendèr ada-ada
3. Tabuhan gendèr grambyangan

9. Bonang
Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing
wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
· Bonang barung
· Bonang panerus
Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang
digawe saka kayu sing rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe tinimbang
pucuk liyane, lan ing pucuk kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang iku
ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning kadang uga ana sing
12.
Kethuk, kempyang, kenong lan bonang iki sejatine termasuk jinis gongning gong sing disokake
kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng, gong suwukan lan kempul.

10. Bonang Barung

Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan


perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani bentuk Pencon. Bonang
Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog. Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé,
banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka
kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali
kang diarani Pluntur.
Bonang Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur
diblebet nganggo Kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akèh pola tabuhané, yaiku pola
tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal,Sekaran, Klénangan, lan liya-liyané.
Bonang Barung kuwi gunané kanggo mbukani Gendhing. Sakliyané kuwi, Bonang Barung uga
bisa kanggo nuntun alur Gendhing. Khusus ing pola Mipil, Bonang barung kuwi bisa kanggo
nuntun Instrumenliyané. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun,
nanging kolaborasi karo Bonang penerus gawé pola lagu lan ing aksèn-aksèn penting bonang
gawé Sekaran kang biasané ana ing akhir kalimat lagu.
Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu).
Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka
Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn
Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran
Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl
tinimbang sing saka wesi murni.

11. Bonang Panerus


Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku
salah sawijining perangkatGamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu banjur diarani
bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha
karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur kang laras pélog wilahé ana 14
cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang
mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon,
yèn Bonang penerus kuwi penconé cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang
panerus. Piranti kang dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro
kang pucuké diblebet ngaggo kainlan Pluntur. Bonang panerus iki cara nabuhé padha karo
Bonang barung, yaiku nganggo cara Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, Gembyang, lan
liya-liyane. Bonang iki nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alurGendhing kang
digawé Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet tinimbang Bonang
Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo mbukani gendhing.
Bonang kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu).
Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka
Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa. Nanging yèn
Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi maksuté, 7 kanggo ukuran
Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga cara gawéné kang luwih angèl
tinimbang sing saka wesi murni.

12. Siter
Siter iku piranti gamelan sing dipetik kayagitar. Cacah senare ana 11 pasang
utawa kadang12 pasang. Siter iki fungsine pada karo Celempung.

13. Suling

Suling iku salah siji piranti musiksing disebul. Fungsiné kanggo


nambahswara-swara ing melodi. Ing musikgamelan Jawa, suling iku nduwé 2 laras
yaiku:Slendro lan Pélog. Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo inggamelan Sundha.
Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara suling dikasilaké amarga
rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran
dawa rongga angin sing digeteraké.

14. Gambang

Gambang iku salah siji perangkat gamelan


Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing digawé saka
wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut
ditumpangaké ing sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké
swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné, wilah-wilah dipasang
ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben
wilah. Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede lan wilahedigawe saka kayu sing
atos banget. jaman mbiyen ana gambang gangsa, sing wilahe digawe
saka tosan utawa logam ning saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang antara 29 Cm
nganti 58 Cm, sing ukurane luwih gede iku nduwe nada swara luwih rendah, kabeh cacahe ana
19 utawa 20 wilah.
Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane yaiku kira-kira 35 Cm.

● Kelompok ricikan utawa instrumèn struktural (ritmis), yaiku; ricikan-ricikan kang agawé
raketing dolanan kanthi mbentuk struktur adhedhasar (nentukaké) wujud gendhing. Ricikan
utawa instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku:

1. Kethuk

Kethuk iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung,
kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip
karo kenong, bonang lankempyang. Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.

2. Kempyang
Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku disokake ing
enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk.
Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
3. Kenong

Kenong iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh.


Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan,
dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok
perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik
dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada
unik.

4. Kempul
Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya
umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan slendro, nanging
kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.

Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih


cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm. Kempul
ngetokake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane
luwih dhuwur maneh.

5. Gong
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé sakatosan lan nduwé ukuran sing
gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum
digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben
laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong. Gong Gedhé kang cacahé loro lan siji gong
suwukan.

Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter,


lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé
lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong ditabuh kanggo awèh
tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh
(ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu. Piranti musik tradhisional iki saiki
nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambuka acara.
6. Kecer

Kecèr iku salahsiji pirantigamelan Jawa sing digawe sakatosan.


Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik modern.
Ingmusik modern piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi
piranti utama kanggo nggawe suasana rame lan meriah.
Carane ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh.
Kecèr iku kudu sepasang, siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane wis
disoake permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur.
Sepasang kecèr iku disokake ing grobogan utawa rancak sing wujude meh pada karo
grobogan saron ning luwih cilik sithik. Katone iki piranti gamelan sing paling brisik ning yen ora
ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing babak-babak lakon wayang tinamtu.

SEJARAH
Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan
Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan
Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawaiku
kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang. Seni perkembangané
musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, [tepukan tutuk] saka anané gèsèkan
ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur
gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam. Gamelan
Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan
Jawa duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf
yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné
pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B]
kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi
aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwénipathet, ana watesé sak
gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi yaiku alat
musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang dadosgamelan.
Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang
Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing
Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika
nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan.
Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing
jaman modern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri,
ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lantembaga
(Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi. Gamelan biyasané kanggo
ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak. Gamelan biyasané
kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi
kang wadon jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa
gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang
nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta. Biyasané
dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis
tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.
Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik banget kanthi
ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata:
1. Bali.
2. Sunda utawa Jawa Barat.
Bukti otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi
Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé katon maneka
piranti kayata:
● suling bambu.
● lonceng.
● kendhang (ing maneka ukuran).
● kecapi.
● instrument kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik, kalebu sithik
gambaran babagan èlemèn instrumen logam. Perkembangan sawisé kuwi,
gamelan digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi akhiré ngadheg
dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan
didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan
sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia. Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya
mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit. Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné
dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké. Ingmitologi Jawa,
gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, dewa kang nguasai
kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medang kamulan (saiki Gunung
Lawu). Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang paradewa. Kanggo
pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan.

Miturut Larasé
1. Gamelan Laras Sléndro
Sléndra (ing Sundha disebut salendro) iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyane sléndra,
ana uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndra béda karo titilaras pélog. Ing
slendra ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndra duwé 5 nada ing
saben gembyang utawa oktaf, yaiku 1 2 3 5 6 utawa C- D E+ G A siji lan sijiné nduwé béda
interval swara sing cilik. Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan slendra wiwit ana
ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn ‘’sléndra’’ ana sesambungane karo Wangsa Syailendrakang
naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndra karo andha
swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
Notasi.
Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) barang
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nenem
Ing Bali, sléndra digunakaké kanggo kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng
karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi ‘’nem, sanga,’’ lan ‘’manyura’’. Urutan iki
umumé kanggo pagelaran wayang. 
● Pathet Nem
Umumé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dianggo ing swara kang cendhèk kanthi adhedasar 2
karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Sléndro pathet nem
sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer
tekan perang prampogan utawa perang gagal.
● Pathet Sanga
Umume ditulis ‘’sléndro sanga’’. Ana kalané uga disebut ‘’barang miring’’. Pathet iki adhedhasar
swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog pathet nem ing
pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet
sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetune Bambang
tekan perang kembang.
● Pathet Manyura
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané, pathet
manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki ing
pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah esuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara
jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-upacara
khusus. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-esuk.
2.  Gamelan Laras Pélog
Gamelan laras pélog béda karo gamelan laras slendra. Laras pélog ana angka 4 (papat)
karo 7 (pitu). Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyane Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo
Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6
7. Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para empu
Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog kuwi kalebu ing
larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa kuwi biyèn
mung slendra.
Notasi
Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) panunggul
2 ro (loro) Gulu
3 lu (telu) Dhadha
4 pat (papat) Pélog
5 ma (lima) Lima
6 nem (enem) Nem
7 pi (pitu) Barang
Ing Bali, Pélog digunakake kanggo kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo acara
nikahan lan kanggo iringan Tari. Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem,
Lima, lan Barang. 
● Pathet Nem
Umume ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2
karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih dening pathet liyané. Ing pelog pathet 5
dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.
● Pathet Lima
Umume ditulis "Pelog Lima". Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo
selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti
tengah wengi.
● Pathet Barang
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané, pathet Barang
luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo
ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara khusus.
\

You might also like