You are on page 1of 10

Wenehana tandha ping ( X ) aksara a , b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener !

 KD 3.1

Pengetan Dinten Kamardikan

Bapak saha ibu guru ingkang kula urmati saha para kanca ingkang kula
tresnani. Sumangga kula dherekaken raos puja – puji syukur wonten ngarsaneipun Gusti
Ingkang Maha kuwaos, awet sih nugraha saha kamirahanipun dhateng kula lan panjengan
sedaya.  Ing siyang punika, kita sageg makempal wonten Aula SD Luhur kanthi becik , boten
wonten alangan satunggal punapa.

Bapak ibu guru kula ngaturaken panuwun dhumateng panjenengan sedaya


bilih panjenengan kersa rawuh wonten papan punika saperlu nyengkuyung kagiyatan
mengeti dinten proklamasi Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 74

Bapak ibu guru saha para kanca sedaya kula ngraosi bilih minangka ketua
Panitia Pengetan Dinten Kamardikan RI ingkang kaping 74 menika wet saha ageng
tanggungjawabipun. Prmila kula saged betahaken pambiyantu saha nyengkuyung saking
kanca-kanca sedaya. Kajawi punika pitedah saha pitutur saking bapak ibu guru sanget kula
antu – antu kangge ngayahi jejibahan kula mangke.

Wasana cekap semanten atur kula. Mbok menawi anggen kula matur boten
mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangaksami. Nuwun

1. Acara ing nduwur dianakake ana ing  ... .

a. Bale Desa Luhur 

b. aula SD Luhur

c.   aula kantor kecamatan

d.   lapangan desa 

2. Ingkang atur sesorah sambutan  yaiku … .

a. Bapak guru

b. Kepala desa

c.  Ketua panitia

d.  ketua karang taruna 


3. Tembung kang nduwe teges pada karo rawuh yaiku … .

a. bali

b. teka 

c.   wangsul 

d.   kondur

4. Tembung nyengkuyung ing bahasa indonesia pada tegese ... .

a. mendukung

b. membela

c.   membantu 

d.   menyatukan

5. Sesorah ing nduwur kanggo mengeti  … .

a. Ulang tahun kamardikan RI 74  

b. Ulang tahun SD luhur 

c.   acara pentas seni SD Luhur kaping 

d.   kegiyatan karang taruna 

6. Sing perlu digatekake nalika sesorah ana ing ngisor,  kajaba  … .

a. Lafai

b. Intonasi

c.   klambine

d.   pamedhote ukara


7. Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten  …  nyuwun agenging pangapunten.
Tembung kang trep kanggo ngisi titik-titik ing nduwur yaiku ... .

a. kalepatan

b. kaluwihan

c.   kasarasan

d.   kaselametan

8. Medharake gagasan utawa panemu kanthi migunaake basa lisan ing ngarepe wong utawa
pamireng akeh diarani … .

a. sesorah 

b. nembang

c.  ndhalang 

d.  geguritan 

9. Basa kang digunaake kanggo bocah luwih enom nalika sesorah yaiku … . 

a. ngoko

b. dialek

c.   krama

d.   krama lugu

10. Basa kang digunaake nalika sesorah marang wong kang luwih tua yaiku … .

a. ngoko

b. ngoko andhap

c.   krama

d.   krama lugu


11. Cengkorongane sesorah kang isine atur panuwun awit rawuhe para tamu yaiku ... .

a. salam panutup 

b. salam pambuka 

c.  panutup

d.  pambuka

12. Dudutan utawa simpulan, pangajak, lan atur pangapura ing sajroning sesorah iku kalebu ing
perangan ... .

a. pambuka

b. salam

c.  isi

d.  panutup

13. Lumrahe panutupe sesorah isine babagan ... .

a. wosing sesorah

b. pangajab lan panyuwun

c.  pangapura

d.  pangajab lan salam panutup

Artikel Terkait

 Latihan Soal PTS (Penilaian Tengah Semester ) Kelas 6 Mupel MATEMATIKA Dan
Kunci Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal
 40 Latihan Soal PTS (Penilaian Tengah Semester ) Kelas 5 Mupel Matematika Dan
Kunci Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal
 Latihan Soal PTS/UTS Kelas 5 Mupel Bahasa Jawa Dan Kunci Jawaban Lengkap Kisi-
Kisi Soal
 61 Latihan Soal PTS/UTS Kelas 4 Tema 1 Indahnya Kebersamaan Mupel PKn, Bahasa
Indonesia, IPA, IPS, SBDP Dan Kunci Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal
 Latihan Soal PTS (Penilaian Tengah Semester 1 ) Kelas 4 Mupel Matematika Dan Kunci
Jawaban Lengkap Kisi-Kisi Soal

II. isinana titik – titik ing ngisor iki !

14. sesorah utawa pidhato nduwe tegese medhar sabda.  Medhar sabda tegese ... . 

15. “ saking asiling pirembagan wulan kepengker katetepaken benjing enjing badhe kerja bakti.”

Tembung kepengker ing ukara ing nduwur nduwe teges ... .

16. Ngadeg ngapurancang ana ing ngarepe wong akeh kanthi mantep menika salah
satunggaling sikep sarira nalika atur ... . 

17. Babagan kang isine kabeh wigati kang bakal diwedharake ana ing sesorah diarani ... .

18. Babagan ing sesorah ingkang isine pangajeng – ajeng lan nyuwun pangapura ana bab kang
gawe kurang rena penggalih diarani ... . 

III. Wangsulana kang patitis !

19. Tulisna telu bae perangane sesorah !

Wangsulan:……………………………………………………………

………………………………………………………………………….

…………………………………………………………………………..

20. Sebutna apa bae sing kudu digatekna nalika maca teks sesorah ana sangarepe wong akeh!

Wangsulan : :
……………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………….

I. Wenehana tandha ping ( X ) aksara a , b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener !

KD 3.2

Wacanen kanthi permati!

Nalika lair, Adipati Karna dilarung ing kali banjur ditemu dening kusir kraton jenenge Adirata,
diwenehi jeneng Wasusena. Bareng wis diwasa Karna dadi adipati ing Awangga sawise
ngalahake Prabu karnmadra, raja ing kadipaten kasebut. Adipati Karna kagungan garwa
asmane Dewi Surtikanti lan kagungan putra Raden Warsa Kesuma. Pusakane kang amuh
yaiku Panah Kutawijayadanu, lan uga kagungan kuda minangka titihan kang aran
ciptaplanagati. 

  

21. Saking wacan ing nduwur, ingkang dilarung ing kali yaiku ... .

a. Adipati Karna 

b. Adirata

c.  Karnamadra

d.  Raden Warsa Kesuma

22. Nalika ditemu dening Adirata, Adipati Karna cilik dwenehi jeneng ... .

a. Werkudara

b. Wasusena 

c.  bimasena

d.  Karnamadra 

23. Tembung jeneng nduwe tembung pada tegese kaliyan ... .

a. anak

b. kakang

c.  adhi

d.  asma 

24. Adhipati Karna sasampunipun diwasa dadi kasatriyan ing ... .

a.   Madhukara

b.  Astina 

c.  Jodhipati
d.  Awangga

25.  Pusakane Adipati karna awujud panah kang ampuh kasebut .... .

a. Kunta Wijayadanu

b. Cakra

c.  Pasopati

d.  Gadarujakpala 

26.Adipati Karna iku atmajane Dewi Kunthi kaliyan Dewa Surya.

Atmajane iku tegese ... .

a. adhine

b. kakange

c.   anake

d.  bapake

27.Nalika perang baratayuda Adipati Karna aben ajeng kaliyan Raden Arjuna. Aben ajeng
tegese ... .

a. dulur lanang

b. adu arep

c.  sanak kadang

d.  dipun kusiri

28.Paraga wayang Adipati Karna nduwe watak ... .

a.   srakah, ala atine, seneng goroh

b.   luhur budine, kendel, licik , 


c.   culika, ala atine, srakah

d.   luhur budine, teguh ing janji, mbelani negara

29.  Nalika perang jemparingan adipati Karna kaliyan raden Arjuna nitih kreta. Nitih kreta tegese... .

a. numpak 

b. nganggo  

c.   nggawa 

d.   nduwe

30.Ingkang dados kusiripun Adipati Karna nalika perang tandhing kalawan Raden Arjuna yaiku ... .

a.  Prabu Kresna

b.  Prabu Suyudana 

c.  Prabu Salya

d.  Prabu Puntadewa

31.Perangipun Adipati Karna kaliyan raden Arjuna rame banget, mboten wonten ingkang mimpang. 
Mimpang tegese ... .

a.  kalah

b.  menang

c.  ngrubut

d.  pasrah 

32.Wonten ing akhiripun crita Karna tandhing, Adipati Karna gugur dening raden  Arjuna ketaman
pusaka ampuh kasebut panah ... .

a.  Cakra 

b.  Pasopati
c.  Kunta Wijayadanu

d.  Gada Rujakpala

33.Adipati Karna gugur dados satriya ingkang mbelani negara. Jejering satriya utama kudu berbudi
bawa laksana, tegese ... .

a.  Wanni nantang sapa bae

b.  Wani perang karo sapa bae

c.  Yen ngomong kudu netepi omongane

d.  Yen ngomong kudu bisa gonta – ganti

II.  isinana titk-titik ing ngisor iki !

34.  Perang  gedhe antarane Kurawa lan pandhawa diarani perang ... 

35. Adipati Karna negtingalaken titisipun jemparing. Raden Ajuna dipun les kulukipun, kenging.
Raden Ajuna lingsem sanget. Lingsem sanget pada tegese ... .

36. Paraga wayang kang nduweni watak alus budine, satirya, seneng tetulung uga lembah manah.
Satriya ing Madukara yaiku ... .

37. Semar, Petruk, Gareng lan Bagong paraga wayang ingkang kasebut ... .

38. Perang Baratayuda yaiku perange Kurawa  kalawan Pandhawa kapendhet saking crita ... .

III.    Wangsulana kang patitis !

 39.Raden Arjuna rumangsa isin banget kuluke dipanah dening  adipati Karna.

Ukara ing nduwur owahana dadi ukara krama alus !

Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………

40.Karna tandhiig iku salah satunggaling cerita perang baratayuda. Perang iku nyritaakeperange
sapa karo sapa ?

Wangsulan: 
……………………………………………………………………………………………………………
Kunci Jawaban PTS Kelas 5 Semester 1 Bahasa Jawa 

KD 3.1

1.  b 2.  c  3. b 4. a 5. a  6. c  7. a  8. a  9. a 10. d 

11.  d 12. d 13. d

14. ngandharake omongan utawa micara sangarepe wong akeh

15. sasi wingi

16. sesorah

17. isi / dudutan

18. pangajab

19. salam pambuka, purwaka/pambuka, isi/dudutan, panutup, salam panutup

20. lafal /tata pangucapan tembung lan ukarane, intonasi, tempo, lan ekpresine

KD 3.2

21.  a 22.  b   23. d 24. d 25. a  26. c  27. b  28. d  29. a  30. c 

31.  b 32. b 33. c

34. Baratayuda

35. isin banget

36. Arjuna

37. punakawan

38. Mahabarata

39. Raden Arjuna rumaos lingsem sanget mahkhutanipun kenging jemparing dening adipati Karna

40. tata pangucapane/lafal, intonasi, akting/gerak mimik, lan pengahayatane

You might also like