You are on page 1of 2

ُ‫ال َّسالَ ُم َعلَ ْي ُك ْم َو َرحْ َمةُ هللاِ َوبَ َر َكاتُه‬

‫َلى َسـيِّ ِد ال ُمرْ َسـلِ ْينَ ُم َحـ ٍّمد َو َعلَى اَلِ ِه‬ َّ ‫ل َح ْم ُد هَّلِل ِ َربِّ ال َعـالَ ِم ْينَ َوبِ ِه ن َْس تَ ِعيْنُ َعلَى ُأ ُم وْ ِر ال ُّد ْنيَـا َوال ِّد ْي ِن َوالصَّـالَةُ َو‬
َ ‫الس الَ ُم ع‬
‫صـ ْد ِريْ َويَسِّرْ لِي َأ ْمـِريْ َواحْ لُلْ ُع ْقـ َدةً ِم ْن لِ َسـانِي يَ ْفقَـهُ قَـوْ لِي‬
َ ‫ َربِّ ا ْشـَرحْ لِي‬. َ‫صحْ بِ ِه َأجْ َم ِع ْين‬ َ ‫َو‬
Ingkang kulo takdzimi, Pengasuh Pondok Pesantren Mahasiswi Alhusnna bapak K.H Hamam
lan ibu Hj. Isniyatul Ulya
Ingkang kulo hormati, jajaran ustadzah lan para pengurus serta keamanan, lan mbak” sedoyo
ingkang insyaAllah dirahmati kaleh Allah swt.
Sadeenge kulo matur, monggo kito sami-sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah
murbo ing dumadi. Wondene ing wekdal meniko kito tasih saged ngraosaken endahing iman
soho islam.
Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito
nabi Muhammad sollalohu ‘alaihi wassalam ingkang sampun nedahaken kito margi ingkang
leres.
Mbak-mbak sedoyo ingkang kinurmatan,
Kulo bingah sanget wonten wekdal meniko,amargi kito sami saged ngangsu kawruh babagan
“Budi Pekerti Ingkang Luhur”.
Agami islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi
Muhammad sollalohu ‘alaihi wassalam kautus wonten ing alam dunyo supados
nyempurnaaken budi pekerti. Kasebat wonten ing kitab suci Al-quran : Wa innaka la’alaa
khuluqin adziim.
Ingkang artosipun mekaten : sak temene jeroning tindak tanduk Rasulluloh sollalohu ‘alaihi
wassalamnnningkag Niku wonten budi pekerti ingkang luhur.
Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdanipun Rasulullah sollalohu alaihi wassalam ingkang
suraosipun : Innama buistu liutammima makarimal akhlaq. Artosipun kirang langkung,
saktemene ingsun dipun utus kagem nyempurnaaken budi prkerti.
Dados sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah nggadahi budi pekerti ingkang
luhur. Budi ekerti ingkang luhur inggih meniko sedoyo tindak tanduk ingkang sae, ingkang
natrapi paugeranipun agami islam.
Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih meniko kito kedah nggadahi
andap asor dumateng tiyang ingang langkung sepuh. Umpaminipun unggah-ungguh murid
kaloyan Bapak soho Ibu guru.
Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, poro tonggo, lan sedoyo tiyang sanes.
Mboten kasupen kaliyan por mitro soho konco. Menawi saged mbiasakakenbudi pekerti
ingkang luhur wonten sedoyo papan soho panggenan, kito saged gesang guyup rukun tot
tentrem karto raharjo.
Mbak-mbak sedoyo ingkang kulo tresnani,
Kulo kinten atur cekap semanten. Mnok bilih wonten atur kulo ingkang mboten mranani
wonten penggalihipun panjenengan sami, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Wassalamualaikum wr.wb

You might also like