You are on page 1of 2

Nur Annisaa M,F

9I
24

Selikuran
Ing kabudayan Jawa, Selikuran utawa Malem Selikuran iku adat kalumrahan donga
bebarengan, wiyahé diadani para Muslim ing kukuban RT, RW, lan padhukuhan kanggo
nyambut tekaning Lailatulkadar rikala wengi tanggal 21 wulan Pasa. Ing wewengkon karaton,
adat Selikuran lumrahé dadi karaméan. Karaton Kasunanan Surakarta salah siji karaton ing Jawa
sing kondhang ajeg ngayahi kirab tumpeng kanggo ngramékaké Malem Selikuran.
Ana sawenèh panemu kapan mulabukané adat Selikuran. Kalumrahan iki ana sing matara wis
ana nalika mangsa Sultan Agung madeg ratu. Panemu liya ngandharaké yèn adat Malem
Selikuran lekas nalika Sunan Kalijaga minangka wali ing Tanah Jawa.

Ing Karaton Surakarta, bakuné adat Selikuran iku wetuning ratu lan arak-arakan prajurit saka
karaton menyang Mejid Agung ngarepaké turuné Lailatulkadar. Ing Mejid Agung Karaton
Surakarta, upacara donga marang Allah ginelar njaluk kawilujengan lan berkah tumrap wulan
Pasa. Sabanjuré, tumpeng cacah sèwu didumaké marang abdi dalem lan kawula.[2][3]
Acara Selikuran mono wis lumaku kawit mangsané Pakubuwana IV[4], nanging tembé
ngrembaka dadi acara gedhé nalika Pakubuwana X madeg ratu.[2] Kanggo tujuan ékonomi lan
pariwisata, udakara taun 1927, adat Selikuran didadèkaké karaméan ing Kebon Raja(dicekak
Bonraja, saiki Taman Sriwedari). Arak-arakan saka karaton sing rute kawitané menyang Mejid
Agung dilih menyang Bonraja.[4]Kanggo nambah regengé, arak-arakan prajurit mawa ing uga
diadani.[2] Jalaran arak-arakan mawa ing iki, kirab Selikuran ing Surakarta uga misuwur
diarani Kirab Ting utawa Kirab Ting-Ting Hik.[3] Ing taun 2009, rute kirab dibalèkaké miturut
bebakuné, ya iku saka karaton menyang Mejid Agung, awit kacumpiné béya acara.[4]
Adaté biyèn, sawisé Selikuran saben wengi ganjil ing sepuluh dina pungkasan wulan Pasa, wong
Surakarta masang ing ing jaba omah. Nalika samana, Malem Selikuran dilanjutaké acara
Maleman sing ginelar sawulan notog ing Bonraja. Karaméan Maleman kala samana asring
disandhingaké karaméan Sekatènan ing alun-alun karaton awit raméné. Sawisé Indonésia
mardika, Maleman ora tau digelar manèh.
Pralambang
Adat Selikuran nuladhani kadadéan nalika Muhammad mudhun Gunung Nur sawisé éntuk
wahyu Lailatulkadar. Mapag baliné, para sakabat teka nggawa obor. Arak-arakan ing iku
nuladhani para sakabat sing nggawa obor lan minangka pralambang pepadhang. Saliyané iku,
tumpeng sing cacah séwu minangka pralambang wulan cacah séwu sing dadi gambarané
Lailatulkadar.

Ancas Selikuran
Jroning Quran nggoning rasa jati
Nanging pilih wong kang uninga,
Anjaba lawan tuduhe,
Nora kena binawar,
Ing satemah nora pinanggih,
Mundhak katalanjukan,
Temah sasar susur,
Yen sirdayun waskitha,
Kasampurnaning badanira puniki,
Sira anggegurua.

Sejatine maleman selikuran kuwi mujudake tuladha karukunan umat ing alam donya iki.
Ketemune ajarane Islam karo budaya kang lumaku ing tanah Jawa ora prelu nuwuhake dredah.
Mula saka kuwi kang prelu dituladani ora liya mung manunggaling kawula kalawan gusti, pasrah
marang kersane Kang Kuwasa, lan laku utama mligine ing dina-dina sepuluh pungkasan ing Sasi
Pasa iki.

Tradisi Selikuran
I’tikaf , ibadah ing mesjid
Silaturahmi
Sedekah
Wenehi pangan
Dunga sesarengan
Cukur rambut

You might also like