You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun para pepundhen, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak Ibu para rawuh
sedaya ingkang kinurmatan.

Kula Nur Annisaa minangka ustadzah, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking
keparengipun Gusti, dene ing wekdal menika saged nindakaken pawiwahan supitan
putranipun ingkang asma Alif Fauzi. Salajengipun Bapak Satrio Aji Pamungkas
sakulawarga.

Sumangga kita sedaya panjataken dunga kanggo putra ingkang dikhitan inggih menika
Alif Fauzi. Bismillahirrahmanirrahim. Ya Allah Ingkang Maha Ageng, dadosaken putra
menika sholeh, putra ingkang bekti marang wong tuwane, lan putra ingkang saged
gumunggung wong-wong ing sekitare. Ya Allah Ingkang Kamulyane, paringana rejeki
marang putra menika, paringana putra menika kawruh ingkang sakdhuwur-dhuwure,
Gusti Allah Ingkang Maha Welas Asih, paringana kesehatan marang putra menika,
inggih waras akal pikiran lan waras awak. Mugi-mugi Gusti Allah ngabulake dunga
kanggo Mas Alif Fauzi.

Sepet-sepet sawone mentah ing Kuningan, cepet-cepet maca Al Fatihah sesarengan.

Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahi rabbil 'alamin. Arrahma nirrahim. Maliki


yaumiddin.Iyyaka na'kbudu waiyyaka nasta'in. Ihdinassiratal mustaqim. Siratal lazina
an'amta'alaihim ghairil maghdubi 'alaihim waladdhalin. Amin

Suwe ora jamu.. jamu godhong tela.. Mas Alif Fauzi.. mugi-mugi luwih becik.

Cekap semanten atur kula, yen wonten kalupatan kula nyuwun pangapura, sakbecik-
becike menungsa mesthi dhuwe kalupatan.

Ing pesantren mangan sukun, cekap semanten maturnuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

You might also like