You are on page 1of 5

UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI

3.3. MENELAAH TEKS PANATACARA


1. Identitas
a. Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
b. Kelas/ Semester : X/ Genap
c. Materi Pokok : Teks Panatacara/ MC
d. Alokasi Waktu : 2 x 45 menit
e. Kompetensi Dasar :
3.3 Menelaah teks panatacara.
.
f. Ancasing Pasinaon :

Lumantar pendekatan saintific, para siswa saged nelaah teks


panatacara kanthi nggatekake patrap religius, kebak tanggung jawab,
makarya sengkut (kerja keras), lan bisa mekarake kabisan mikir kritis,
kreatif, kolaboratif, lan komunikatif (4C).

g. Materi Pasinaon
1) Pangerten Panatacara
2) Struktur/ perangan teks Pranatacara
3) Bedane panatacara karo pamedhar sabda
2. Kagiyatan Pasinaon
a. Purwaka
Sadurunge mlebu materi Teks Panatacara, coba wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1) Apa kowe wis tau dadi panatacara? Ana ing adicara apa? Pirsa panatacara?
2) Bab/ Perangan apa wae ta kang ana ing sajrone teks Panatacara?

Supaya bisa mangsuli pitakonan ing dhuwur, coba para siswa nglanjutake kegiyatan
pasinaon kanthi nggatekake pituduh kang ana ing UKBM iki.

b. Wos Pasinaon
1) Pituduh Umum UKBM
Wacanen lan pahamana materi kang ana ing powerpoint.
a) Sawise paham isi materi kang ana ing wacan, ayo padha gladhen mikir kang luwih
njlimet lan tliti lumantar tugas-tugas kang ana ing UKBM iki, kanthi gladhen
pribadhi.
b) Garapen QUIZ ing papan kang wis disedhiyakake.

2) Kegiyatan Pasinaon
Apa kowe wis siap??
Ayo... gatekna pituduh pasinaon dina iki kanthi premati!!

Wacanen lan pahamana materi kang ana ing power point babagan:
a. Tegese Panatacara
b. Ayahan/ Pakaryan/ Tugase Panatacara
c. Bedane Panatacara dan Pemdhar Sabda
d. Struktur/ perangan teks panatacara
UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI
3.3. MENELAAH TEKS PANATACARA
TULADHA TEKS PANATACARA
Assalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkat dahat kinabekten. Bapak-bapak Ibu- ibu,
para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.
Langkung rumiyin, mangga kula derekaken ngunjukaken raos syukur alhamdulillah
dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih
rahmatipun, panjenengan kula saged sami pinanggih, kempal manunggal kanthi karahayon,
katentreman, kabagyan, kabagaswarasan, lan winantu ing suka rena
Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang kinurmatan. Mundhi
dhawuhipun ingkang hamengku karsa, Ibu saha Bapak Drs. Amat Jais Hadikusuma miwah
gotrah kulawarga, kaparenga kula Anton Sukito anglantaraken lampahing pahargyan
pengetan 25 warsa palakrama Ibu saha Bapak Drs. Amat Jais Hadikusuma.
Sugeng rawuh, sugeng lenggah, saha sugeng pepanggihan.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka rahayu. Kaparenga
kula minangka pambiwara ngaturaken rantaman urutaning adicara ing pahargyan
samangke punika.
1. Pambagyaharja dening anak mas Umar Winarna, putra pambayunipun Ibu tuwin
Bapak Drs. Amat Jais Hadikusuma.
2. Santi Swara Puja Rena dening Paguyuban Santi Swara ingkang dipunpandhegani
dening Ibu Dra. Lilik Werti Wandayawati.
3. Tanggap sabda dening sesepuh warga Bapak Drs. Karsena.
4. Beksa Wahyaning Wahyu Wibawa dening Bapak Drs. S. Djimanta tuwin Ibu
Widyastuti Renaningsih, S.H. saking Paguyuban Bina Natyaka, ingkang
kapandhegan dening Bapak H. Suwanta.
5. Sakarya Bakti Puja dipunpandhegani Bapak Drs. R.M. Toegiya Pradjamartana.
Para rawuh, mekaten menggah rancangan pepintaning adicara pahargyan pengetan
25 warsa palakrama Ibu kaliyan Bapak Drs. Amat Jais Hadikusuma. Sumangga, keparenga
sami ngenut lampahing pahargyan pengetan punika kanthi sekeca saha zamardika.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun.

Teges tembung
Kinabekten : dibekteni Palakrama : nikah/ dadi manten
Ngunjukaken : ngucapna Rantaman : rancangan
Pinanggih : ketemu Pambayun : pembarep
Manunggal : dadi siji Dipunpandhegani : dipimpin
Karahayon : keslametan Santi swara puja rena : tembang kang nyenengna ati
Winantu : dibarengi Tanggap sabda : nyambut kanthi sesorah
Suka rena : senenge ati sakarya bakti puja : nindakake pakurmatan
Mundhi dhawuhipun : nampa dhawuhe Beksa : tarian
Hamengku karsa : kang duwe karep Kasembadan : kaleksanan/ kelakon
Anglantaraken : ngantarake
UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI
3.3. MENELAAH TEKS PANATACARA
IMBUH KAWRUH
TEMBUNG YOGYASWARA
Yogya = becik, swara = swara/ pangucap. Yogyaswara = swara kang becik.
Tembung yogyaswara yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji (sing meh pada
pangucapane), mung beda wanda pungkasan (sing ngarep tiba swara 'a' sing mburi tiba
swara 'i'), nduweni teges lanang wadon.
(terjemahan; Yogya = baik, swara = suara. Yogyaswara = suara yang baik. Tembung/
kata yogyaswara yaitu dua kata yang dirangkap menjadi satu (yang hampir sama
pengucapannya), hanya beda huruf akhirnya (yang depan berakhiran 'a' yang belakang
berakhiran 'i'), mempunyai arti laki-laki dan perempuan.)
Tuladha tembung yogyaswara:
 Pemudha-pemudhi, artinya; sebutan untuk orang laki-laki dan perempuan yang
masih muda.
 putra-putri, artinya; sebutan untuk anak laki-laki dan anak perempuan.
 Raseksa-raseksi, artinya; sebutan untuk buta/ raksasa laki-laki dan perempuan.

TEMBUNG ENTAR
Tembung entar, yaiku tembung silihan, tembung kang ora kena ditegesi mung
sawantahe bae. Dadi tegese ora salugune. Diarani uga arti kiasan.
(terjemahan; Tembung entar yaitu kata pinjaman, kata yang tidak dapat diartikan
sebenarnya. Jadi artinya bukan sebenarnya. Dinamakan juga arti kiasan).
Entar = silih = ampil (pinjam)
Tembung entar tegese tembung-tembung sing duwe teges ora sabenere. Ing Basa
Indonesia diarani kiasan utawa ungkapan.
(terjemahan; tembung entar artinya kata-kata yang mempunyai arti bukan sebenarnya.
Di dalam Bahasa Indonesia dinamakan kiasan atau ungkapan).

Tuladha tembung entar:


 Gedhe atine
 Dawa tangane
 Jembar segaran
 Adus kringet

RURA BASA
Rura Basa yaiku basa kang luput, nanging dianggep lumrah ana ing padinan,
amarga wis ora bisa dibenerake maneh. Rura tegese rusak utawa salah. Rura basa
tegese basa sing wis rusak utawa luput, nanging yen dibenerake dadi saya salah.
Mula Rura basa uga diarani basa sing salah kaprah.
(terjemahan; Rura basa yaitu bahasa yang salah, tetapi dianggap lumrah dalam
keseharian, karena sudah tidak bisa dibenarkan lagi. Rura artinya rusak atau salah. Rura
basa artinya bahasa yang sudah rusak atau keliru, tetapi jika dibenarkan malah menjadi
semakin salah. Maka dari itu Rura basa juga disebut bahasa yang salah kaprah).
Umpama; tembung nguleg sambel iku ora bener. Benere nguleg lombok, trasi, uyah,
tomat, moto, lan sapiturute.
(terjemahan; Misalnya; kata ngulek sambel itu tidak benar. Yang benar nguleg cabai,
terasi, garam, tomat, micin, dan lain-lain).
Nanging yen dibenerake kaya ing dhuwur iku malah bisa digeguyu dening wong akeh.
(terjemahan; Tetapi jika dibenarkan seperti contoh di atas malah dapat ditertawakan
UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI
3.3. MENELAAH TEKS PANATACARA
orang banyak).
Tuladha rura basa:
 Mbunteli tempe, benere mbunteli dhele godhog kang wis dirageni supaya dadi
tempe.
 Menek klapa, benere menek wit klapa arep apek klapane.
 Mikul dhawet, benere mikul angkring isi wadhah dhawet.

PEPINDHAN
Pepindhan yaiku tetembungan sing ngemu surasa pepindhan, irib-iriban. Mulane
biyasane diwiwiti nganggo tembung-tembung pindha, lir, kaya. Pepindhan asale saka
tembung pindha kang tegese kaya, lir, pendah, kadya, kadi, lan sapanunggalane.
(Terjemahan; Pepindhan yaitu kata-kata yang mengandung makna pengandaian,
perumpamaan. Maka dari itu pepindhan biasanya dimulai dengan kata-kata andai, bagai,
seperti. Pepindhan berasal dari kata pindha yang artinya kaya, lir, pendah, kadya, kadi,
dan sebagainya.)
Tembung pepindhan uga diarani unen-unen kang ora ngemu suroso sejatine. Mulane
pepindhan nganggo tembung; kaya, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane. Yen ing bahasa
Indonesia diarani kalimat pengandaian nggunakake tembung ibarat, umpama, lan
sapanunggalane. Pepindhan asring digunakake kanggo pacelaton padinan, lan panyondro
sajroning babagan sing wigati.
(Terjemahan; Tembung pepindhan juga disebut kata-kata yang tidak mengandung
makna sebenarnya. Maka dari itu pepindhan menggunakan kata; kaya, lir, kadya, pindha,
dan lain sebagainya. Jika di dalam bahasa Indonesia disebut dengan kalimat pengandaian
menggunakan kata ibarat, umpama dan lain sebagainya. Pepidhan sering dipakai dalam
percakapan sehari-hari, dan kalimat pengandaian dalam mengisi event yang resmi.)
Tuladha pepindhan :
 Abange, kaya godhong katirah.
 Abang kumpul padha abang, kaya alas kobong.
 Abote, kaya watu.
 Adheme, kaya es.
 Agunge, kaya samodra rob.

PANYANDRA
Panyandra yaiku unen-unen utawa tetembungan saemper pepindhan kang surasane
mawa tetandingan sing ngemu teges memper utawa mirip. Babagan kang dicandra yaiku
babagan kabecikan lan kaendahan, kayata kahanane manungsa, kahanane mangsa,
kahanane kewan, kahanane solah bawa, lan sapanunggalane.
(terjemahan; Panyandra yaitu kata-kata atau kalimat sejenis pengandaian yang
diibaratkan menggunakan perbandingan yang mengandung arti seperti atau mirip. Hal-hal
yang digambarkan yaitu perihal kabaikan dan keindahan, seperti keadaan manusia,
keadaan musim, keadaan hewan, keadaan tingkah laku manusia, dan lain sebagainya.)
Tembung Panyandra ateges tetembungan kang nggambarake kahanan nganggo
pepindhan. Ukara kanggo nyandra tanpa ditandhani tembung-tembung kaya, kadya,
pindha, lan sapanunggalane.
(terjemahan; Panyandra artinya kata-kata yang menggambarkan keadaan
menggunakan pengandaian).
UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI
3.3. MENELAAH TEKS PANATACARA
Tuladhane panyandra
 Alise nanggal sepisan
 Bangkekane nawon kemit
 Drijine mucuk eri
 Rambute ngandhan-andhan

Sawise kowe maca lan mahami MATERI PANATACARA (PPT), TULADHA


TEKS PANATACARA lan IMBUH KAWRUH (tembung yogyaswara, tembung entar,
rurabasa, pepindhan, panyandra) ING UKBM PANATACARA kanthi nggunakake
literasi, observasi, lan dhiskusi karo kanca-kancamu, coba gladhen soal kang ana
ing quiz!

c. Panutup
Sawise kowe sinau kanthi tahapan-tahapan lumantar kegiyatan pasinaon, ing ngisor iki ana
tabel kanggo ngukur dhiri pribadhimu tumrap materi kang wis kosinaoni.

Jawaben kanthi jujur babagan penguasaan materi UKBM kang ana ing ngisor iki.

Tabel Refleksi Dhiri Pemahaman Materi


No Pitakonan Ya Durung
1 Apa kowe wis mangerteni babagan ayahan/ tugase
panatacara?
2 Apa kowe wis mangerteni babagan perangan sajrone teks
panatacara?

Yen mangsuli “DURUNG” ing salah sawijine pitakonan ing dhuwur, pramila sinau
maneh materi kasebut ing powerpoint kang sampun sumadya lan sinaunen maneh kegiyatan
pasinaon kang sakiramu perlu kobaleni kanthi bimbingan utawa wejangan Guru utawa
kancamu. Lan yen kowe mangsuli “YA” ing kabeh pitakonan kasebut, kowe bisa
nglanjutake.

You might also like