You are on page 1of 5

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA KELAS XII

1. Tembang macapat cacahipun wonten?


a. 10
b. 11
c. 12
d. 13
e. 14
2. Cacahing gatra saben sapada dipunwastani?
a. Guru Gatra
b. Guru Wilangan
c. Guru Lagu
d. Guru Basa
e. Guru Wirama
3. Cacahing wanda saben sagatra yaiku?
a. Guru Gatra
b. Guru Lagu
c. Guru Wilangan
d. Guru Basa
e. Guru Wirama
4. Tembang macapat dhandhanggula menika kalebet jinisipun tembang?

a. Gedhe

b. Keroncong

c. Dangdut

d. Macapat

e. POP

5. Guru gatra tembang Dhandanggula ana?


a. 8
b. 9
c. 10
d. 11
e. 12
6. Tembang Dhandanggula nduweni watak?
a. Galak
b. Luwes
c. Lucu
d. Ngamuk
e. Trengginas

7. Sasmithaning tembang Dhandanggula yaiku?


a. Manis
b. Pahit
c. Asin
d. Kecut
e. Apek
8. Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha,” Tembung ewuh bisa ditegesi?
a. Ribet ing pandheling
b. Ribet ing panggrayang
c.  Ribet ing pangrungu
d. Ribet ing panggarsa
e. Ribet ing pangirup

9. Tembang dhandhanggula mathuk kanggo?


a. Nantang mungsuh
b. Medharake rasa susah
c. Aweh pangalembana
d. Nantang guru
e. Medharake pitutur
10. Pamedhare waitaning ati
Cumantaka aniru pujangga
Dahat mudha ing batine
Nanging kedah ginunggung
Datan wruh yen akeh ngasemi
Ameksa angrumoako
Basa kang kalantur
Tutur kang katula tula
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
Mrih padhanging sasmita
Pitutur luhur tembang kasebut?
a. Aja gumedgehe aja bungah yen dialem tansah andhap asor
b. Sing sabar aja kemrungsung
c. Tumindake sing prayoga miturut aturan
d. Kudu sregep nyambut gawe
e. Kudu teges dadi wong
11. Lamun sira nggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata

Ingkang becik martabate

Sarta kang wruh ing hukum

Kang ngibadah lan kang wirangi


Sokur oleh wong tapa

Ingkang wus amungkul

Tan mikir pawewehing liyan

Iku pantes sira guronana kaki

Sartane kawruhana

Tembang macapat Dhandanggula iku cacahe gatra ana?

a. 9
b. 10
c. 11
d. 12
e. 13
12. Guru Wilangan lan guru lagune tembang macapat Dhandhanggula gatra pungkasan yaiku?
a. 10-i
b. 10-a
c. 12-i
d. 12-a
e. 7-a
13. Jiwa Kaprawiran mring negara ateges nduweni?
a. Rasa tresna marang Negara
b. Rasa isin marang Negara
c. Rasa benci marang Negara
d. Rasa dendam marang Negara
e. Rasa malas marang negara
14. Cacahe serat wulangreh wonten pinten tembang
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13
e. 14
15. Kang kalebu tembang isine serat wulangreh, kajaba?
a. Dhandanggula
b. Gambuh
c. Sinom
d. Pocung
e. Suwe ora jamu
16. Sapa sing nganggit serat wulangreh?
a. Kanjeng sunan Pakubuwono III
b. Kanjeng sunan Pakubuwono IV
c. Kanjeng sunan Pakubuwono V
d. Kanjeng sunan Pakubuwono VI
e. Kanjeng sunan Pakubuwono VII
17. Kaprawiran den kaesthi.
Tembung “den kaesthi” kang ono ing duwurkuwi tegese?
a. Dikarepake
b. Dijarke
c. Digatekake
d. Diculke
e. Ditelantarke
18. Sifat perwira iku sifat sing?
a. Tatag, kendel
b. ngamukan
c. nesunan
d. guyonan
e. mbantahan

19. Ing ngisor iki kang dadi titikane basa ngoko alus yaiku...
a. basa ngoko kang kacampuran ragam basa krama alus
b. basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa krama alus
c. basa ngoko kang ora kacampuran ragam basa ngko
d. basa ngoko kang tembunge dienggo saben dina
e. basa ngoko kang tembunge basa rinengga
20. Basa ngoko kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman
diarani…
a. ngoko alus
b. krama alus
c. ngoko lugu
d. karma lugu
e. karma inggil

You might also like