You are on page 1of 1

1. Dewi Kunthi : ” kang mas, pripun niki?

Putra kita ingkang nomer kalih tasih awujud


bungkus.”
Prabu Pandu : “ Iya diajeng… kangmas ya bingung. Kabeh pusaka sakti wis dak jajal kanggo
mecah si bungkus, ananging si bungkus ora pecah.”
2. Prabu Pandu : ” nggene ngger, tulung kuwe sowan mara dalemipun eyangmu Abiyasa,
supaya eyangmu sowan mara ing Ngastina, Rama arep nyuwun pirsa eyangmu kepriye
carane supaya kakangmu bisa metu saka bungkuse.”
Permadi : “ Sendika Dhawuh rama.”
3. raden permadi nyaguhi pandawuhe ramane.banjur cepet cepet tumuju papan pertapane
begawan abiyasa.
4. Permadi : “ mekaten eyang, kula kautus rama supados eyang saged rawuh wonten ing
Ngastina amargi kakang tasih awujud bungkus.”
Abiyasa : “ Iya ngger… eyang ngerti. Ramamu uga ibumu mesti lagi nandang duka. Wis ayo
menyang nang Ngastina.”
5. Abiyasa : “ Ngene, bucalen putramu ana ing Alas Krendawahana.”
Prabu Pandu : “ inggih Bapa, sendika dhawuh.” begawan abiyasa ngenehi pituduh marang
dewi kunti lan prabu pandu dewa nata supaya bungkus dibuwang ing alas krendawahana.
6. Kurawa ngerti lan pingin nyelakani bungkus,tapi kurawa malah rekoso amarga ora ono
senjata kang bisa nyilakani so bungkus.
7. Bathara Guru : “ Putraku, Gajah Seno, medhuna sira mara ing Alas Krendawahan. Pecahen Si
Bungkus supaya dadi satriya kang utama.”
Gajah Seno : “ Inggih Rama, pitutur Rama bakal kalaksanan.”
8. Bathara Guru : “ Dewi umayi, kuwe kautus maringi kawruh uga ageman. Menawa Si Bungkus
wis metu saka bungkuse, paringana busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning,
putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku pancanaka.”
Dewi Umayi : “ sendika kang mas.”
9. sak tekane alas krandawahana,gajah sena banjur ngetokake kasektene kanggo mecahake si
bungkus.
10. Gajah Seno : “ Aku iki putranipun Bathara Guru sing awujud Gajah. Aku kautus dening Rama
supaya mecah sliramu supaya bisa dadi satriya kang utama.”
Bima : “ Aku ora percaya… ayo yen wani perang musuh aku!” (Lajeng Bima perang usuh
Gajah Seno).
11. Gajah sena kalah dibanting dening Raden Bima.Dene roh lan kasektene Gajah Sena ana ing
ragane Raden Bima.
12. Bima : “ Hemmm… sinten sejatinipun kula?”
Bathara Narada : “ Perkencong, perkencong waru doyong. Ngger, sira iku putra kaping
kalihipun Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunthi. Sira lahir awujud bungkus pirang-pirang
tahun. Sira lair ing alam donya iki dadaiya satriya kang utama. Pramila kuwi, sira tak paring
tetengger Bratasena ya ngger….”
13. Nalika arep tumuju kraton astina,raden bima ketemu marang dewi umayi.dewi umayi banjur
crita yen deweke diutus batara guru kanggo nggulawentah maringi kasekten marang raden
bima.

You might also like