You are on page 1of 1

1.

ing negari astina prabu pandu dewanata lan dewi kunti lagi nandang sedih amarga putrane yaiku
raden bima lahir awujud bungkus.dene ora ono gaman sing iso bedah bungkus.

2.banjur prabu pandu dawuhi putrane yaiku raden permadi sowan marang begawan abiyasa nyuwun
pituduh kepriye carane kanggo mecahke bungkus.

3.raden permadi nyaguhi pandawuhe ramane.banjur cepet cepet tumuju papan pertapane begawan
abiyasa.

4.sak tekane papan pertapane begawan abiyasa,raden permadi ngaturaken sembah sungkem banjur
deweke crita,yen rama lan biyunge lagi nandang sedih amarga kakange raden permadi yaiku raden
bima sing wujud bungkus

5.begawan abiyasa ngenehi pituduh marang dewi kunti lan prabu pandu dewa nata supaya bungkus
dibuwang ing alas krendawahana.

6.kurawa ngerti lan pingin nyelakani bungkus.tapi kurawa malah rekoso amarga ora ono senjata
kang bisa nyilakani so bungkus.

7.batara guru banjur ngutus prutane yaiku gajah sena supaya mecahake si bungkus.

8.sak tekane alas krandawahana,gajah sena banjur ngetokake kasektene kanggo mecahake si
bungkus.

9.ora suwi bungkus mau pecah lan raden bima metu saka bungkuse.

10.nanging emane raden bima malah perang tanding ngelawan gajah sena.gajah sena kalah
dibanting dening raden bima.dene roh lan kasektene gajah sena ana ing ragane raden bima

11.ing alas ketemu dening betara narata.batara narata ngei pangerten yen raden bima kui putrane
prabu pandu dewa nata lan dewi kunti

12.nalika arep tumuju kraton astina,raden bima ketemu marang dewi umayi.dewi umayi banjur crita
yen deweke diutus batara guru kanggo nggulawentah maringi kasekten marang raden bima.

You might also like