You are on page 1of 3

KANCA SMP

Ana salah siji sekolah swasta sing terkenal bange ting kutane. Sebut wae
sekolah Indah. Sekolah sing terkenal karo murid sing wong tuwane pada sugih lan spp
ne larang.
Tapi ing sekolah iku ana sing jenenge Damai karo Dista. Damai karo Dista iki
wis dadi kanca saka awal melbu smp. Damai karo dista iki terkenal amarga ing endi –
endi iku bareng wae. Ing kantin bareng, ing koperasi sekolah bareng, ing kantor guru
bareng, kecuali yen budhal karo mulih sekolah ora bareng amarga omahe beda
kecamatan dadine ora bisa bareng.
Nanging ing sawijine dina, arek loro iku mau pengen dolan bareng ing mall dina
sabtu.
“Dista, ayo dina sabtu kene dolan bareng ing mall, kene mangan karo dulinan game
bareng ing kana.”ajake Damai.
“Ayo kene ora tau dolan bareng ing njobone sekolah”jawabe Dista.
“Yak apa dino sabtu jam 10 isuk, amarga Mall e buka jam 9 isuk.”
“yowes, aku setuju karo usulmu, saiki wes wayahe mulih sekolah, engkok bengi siap
siap kanggo mene sabtu ya!”
Dista karo Damai wis mulih ing omahe dewe. Tekan omah Dista matur ing ibuke yen
mene deweke pengen dolan ing Mall karo Damai.

“Bu munapa, apa kula angsal benjing kesah datheng sareng Damai?” Takone Dista.
“ana perlu apa kowe ing mall?”
“Kula kajeng dolanan mawon kalih Damai, amargi kula dereng nate kalih Damai
wonten jawi sekolah”
“Yawis, sing penting kowe seneng karo kancamu”
Akhire Dista seneng banget oleh ijin saka ibune yen deweke oleh menyang mall karo
Damai.
Mene dino sabtu…
Dista tangi turu jam 8 isuk, sak durunge Dista wis tangi mari sembahyang, tapine mari
sembahyang deweke turu maneh.
“Huahhh, loh wis jam 8 isuk, kudune wayahe aku siap siap dolan karo damai.”
Omonge Dista.
Tapi sak durunge deweke adus, Dista buka hp ne disek menawi ana info saka kelas
utawa saka Damai. Ternyata pas buka pesen saka Damai, Damai ora iso dolan bareng
karo Dista, amarga Damai ana perlu keluargi. Padahal Dista wis seneng banget iso
dolan karo Damai..
“Yah.. sayange Damai ora iso dolan bareng” ngeluhe Dista.
“Nanging acara punapa ya Damai kok ora iso dolan..”
“Coba tak takokake lewat pesen”

Ing chat pesene Dista buka karo salam, sakwise iku deweke langsung takon ing
Damai.
“Damai, saestune wonten acara keluwargi punapa, mila mboten saged dolanan kalih
kula?” takone Dista marang Damai.
“nggih Dista, kula nyuwun pangapunten, amargi wonten acara silahturahmi dhateng
eyang putri” jawabe Damai.
Sak marine oleh informasi iku, Dista luwih tenang amarga wis eruh penyebab Damai
ora iso dolan karo deweke.
“Yoweslah, aku resik resik kamar wae, amarga ora sido dolan ing Mall”. Omonge
Dista ing kamar.
Akhire Dista resik resik kamar sampe jam 12 awan. Tapi Dista wis mulai lesu, adine
Dsita pengen metu golek panganan sing isok nggawe seneng atine.
Akhire Dista adus lan siap siap kanggo golek mangan kanggo deweke. Tapine ing
papan nedha, Dista ketemu karo konco sing sak kelas karo deweke, lan dipirsa Damai
karo kancane Salwa guyon bareng, sedihe ign kunu, kenapa Dista ora diajak dolan
bareng, malah dolan karo kancane sing ketoke jarang ngomong.. amarga Dista kesel,
akhire Dista marani Damai karo Salwa ing nggone mangan.
“Loh Damai, jarene ana acara keluarga? Kok malah kumpul karo liyane, lan dolane
kene ditunda amarga ketemuan karo kanca anyare” omonge Dista.
“Dista, sepurane aku ngapusi kowe, tapi saiki aku karo salwa iki ana keperluan
keluarga, amarga Salwa dewe iki misanan ku”
“Astaga, sepurane sing akeh yo Damai, aku ora ngerti yen Salwa iki dulurmu”
“Aku ya sepura ya, amarga aku sing ngajak kowe dolan ing mall, tapi akune pisan
sing nunda dolane”
“Iyoo, ora apa apa, wektuku iki mau cuman ngeresiki kamar wae kok”
Akhire Dista pamit mulih amarga ijin ibuke yen diluk mawon,
“Yawislah, Damai, aku mulih disik, ibukku wish ngenteni ing montor”
Sampeke ing omah, Dista langsung tumuju kamar amarga deweke isin banget wis
salah sangka karo kancane sing wis cedak saka awal melbu sekolah.
Ing dina senin, Damai karo Dista ketemu maneh.. sebenere dista rada isin iling
kejadian dino sabtu, tapi didelok damai orapapa tetang masalah iku.
“ Sugeng enjing Damai..”sapane Dista
“Sugeng enjing ugi Dista.. ya apa kabare?
“Alhamdulillah kabar ku apik kok”
“Yaweslah, kebetulan kene ketemu ing gerbang, ayo mlaku tumuju kelas bareng ya!”
“Oke, aja lali absen ing ngarepe ruang guru ya!”
Akhire Dista karo Damai balik dadi kanca sing apik, lan ora ana salah paham maneh
ing antawis piyambake sedaya.
Amanate saka cerita iki yaiku aja sampun langsung dipriksa saking sudut pandang
pertami mawon, amargi puniku dereng tamtu leres wontene punapa ingkang kedados
wekdal puniku, sasaene nakekake kalih kaliyan, supados mboten wonten
kesalahpahaman.

Nami : Salmaa Nabiilah Ghina


Kelas 12 IBB . No. Absen : 27

You might also like