You are on page 1of 3

Oky

Oky yaiku siswa sing cerdas lan pinter ing sekolahe, dheweke dadi siswa berprestasi
se Jawa Timur amarga menang lomba Story Telling Basa Jawa sing dimeluine pas kelas 8
SMP.
“Ky, aku oleh njaluk ajari aksara jawa ora? Aku urung paham ky.” Laras, kanca sakelase Oky
sing seneng Oky amarga pinter lan gantenge Oky
“Oh iya Ras bisa, kene tak ajari, sing ndi sing durung dingerteni?”. Laras seneng amarga Oky
gelem ngajari dheweke gawe mahami aksara jawa, Oky ya ora segan gawe ngajari Laras
sampek Laras paham lan ngerti
“Piye Ras wis paham durung?”
“Wis kok Ky, suwun ya wis diajari”
“Ora papa, yen ana perlu aja sungkan-sungkan gawe ngomong ya, aku tak rapat Osis dhisik”
Oky langsung nuju menyang ruang Osis sing wis diisi adhik-adhik kelas Osise. Rapat mari
sampek jam 3 sore, Oky pamitan moleh ing kanca-kanca Osise
“Rek, aku bali dhisik ya, wis di WA ibuku iki”
“Iya, ati-ati Ky”.

Namung sapa sing bisa nyangka yen ning omahe Oky dadi anak sing bisa diomong
nakal utawa ora nurut apa jare ibune, bapake Oky wis ning surga amarga tabrakan karo truck
gandeng pas menyang Magelang. Paling iku sing nggarai Oky terpukul lan kelangan sosok
bapak.
“Ky, bisa ngrewangi ibu tumbas uyah? Ibu sik masak le, ora bisa ditinggal iki” ibune
ngomong, namung Oky tetep ndeleng youtube ing hpne
terus jawab “Eala bu, aku iki sek sibuk, aja dikongkoni ae lah, aku iki pegel, pegel rebahan.”
Oky ora tau basa marang ibune padahal dheweke juara umum lomba basa jawa
“Ya Allah nak, ibu njaluk tulung tumbasno uyah tok menyang warunge mbak lilik wae loh
nak, dhiluk wae ya”
“Moh bu, nek dhiluk ya budhal dhewe kanaloh”, ibune mung bisa sabar ngadepi sikape Oky
sing kaya ngunu, sikap keras kepalane sing ora bisa dirubah.

Isuke Oky pamitan lan njaluk sangu marang ibune kaya malak duit,
“Bu, Ibu, pean nyang ndi sih, aku iki kate budhal sekolah, njaluk duite gawe sangu”, terus
ibune metu tekan pawon lan ngekekno sangu gawe Oky 50.000, namung apa sing diomong
Oky pas weruh duit iku
“Ya Allah Bu, mbok ya ya masa cukup mung 50.000 iki bu”
ibune mung jawab “Iku wis luweh teka cukup le gawe siswa SMP”
“Moh bu, keana maneh ngunuo 100.000, kok medite se sampean.” sakjane duit samunu bagi
siswa SMP iku wis gedhe banget, namung ncen Oky wae sing senengane ndolek perkara
marang ibune, ora bisa dipungkiri, Oky anak teka keluarga sing duweni kebun sawit 5hektar
ing Sumatera mnagkane Oky bisa duwe fasilitas kayata omah mewah, mobil lan motor sing
akeh.

Semarine drama perkara sangu ing omahe iku mau, Oky budhal sekolah diterna
ambek supir pribadine. Pas tutuk ana ing sekolah, Oky langsung melbu kelase lan ketemu
Laras sing wingi njaluk ajari basa jawa. Laras nyapa Oky
“Halo Ky, aku wingi melu remidi basa jawa, Alhamdulillah aku oleh biji 80, suwun ya Ky
wis diajari”
“Alhamdulillah lek ngunu Ras” terus Oky lan Laras ngelanjutna omong-omongane lan sinau
bareng.

~1~
Pas wis bel moleh sekolah muni, Oky ngajak Laras menyang omahe
“Ras, gelem melu aku ora? Sinau bareng ngunu menyang omahku?” Laras sing notabene wis
seneng Oky yawis langsung gas mawon
“Wah, orapapa tah? Sungkan tapi aku mbe wongtuamu hehe”
“Halah orapapa, aku mesti ora ana kancane ning omah, aku iki anak tunggal, omahku sepi
pol, sinau ya dhewekan sisan, kancanana aku ya ning omah” Laras setuju langsung budhal
menyang omahe Oky bareng numpak mobile Oky.

Pas tutuk omahe Oky, Laras langsung terngangah amarga ora nyangka yen omahe
Oky ternayata segede iki,
“Wah Ky, iki tenanan omahmu? Wapik Ky, ora kaya omahku sing cilik banget, sempit”
“Wis ora usah bahas sing liyane, awamu lungguho sing nyaman, aku tak jupukna awamu
panganan dhisik, oh iya awamu ngombe apa Ras?”
“Ora usah kaya ngunu lah Ky, wis sembarang orapapa”
Oky langsung menyang pawon nemui ibune terus ngomong
“Bu, ana kancaku loh, aja ngomong aneh-aneh, wis biasao wae”
“Ya Allah nak, ibu loh ora tau ngomong apa-apa tentang kowe”
“Yawis bu, ndi ngombene, ndang tak nang kancaku”
Oky langsung nemui Laras sing wis ngenteni ing sofa mbale.
“Sepurane ya Ras, radak suwe, dijak omong-omongan ibuku ing pawon”
“Orapapa Ky santai”
Terus wong loro iku sinau basa Jawa bareng digawe ulangan harian besok ing sekolah.

Isuke Oky jaluk sangu menyang ibune, namung ibune mek ngekei 20.000 amarga
duite menipis, Oky ora terima dikei samunu, bagine Oky duit 20.000 iku ora cukup gawe
dheweke, terus Oky ngomong
“Eala bu ibu, kok cik medite karo anake dhewe, alasane pean wae ora gelem ngekei sangu”
Oky langsung budhal sekolah, ora pamitan menyang ibu, ora ngucapna salam, langsung
numpak sepedah motor lan suasana hatine nesu karo ibune. Ing dalan gede Oky numpak
sepedah ngebut, bola-bali nyalip truk gede lan mobil-mobil, Oky nesu pol marang ibune isuk
iki, amarga ora waspadae Oky, pas dalan tikungan dheweke ora weruh yen ana mobil pick up
ngangkut wedi (pasir) sing padha bantere karo Oky. Supir mobil iku kaget lan ngerem
dadakan, yen Oky, dheweke langsung nabrak pick up iku mau lan bagian ngarep mobile
rungsek, sepedah motore Oky melbu ing ndisore mobil pick up, Oky sing sirahe kenek aspal
sampek helme pecah lan sikile cuklek. Warga sekitaran tikungan iku mau, padha kaget
amarga ana suara sing nyaring banget, Supir lan Oky digawa ing puskesmas setempat gawe
dilaksanana pengobatan, salah sijine warga sing jenenge Ajeng jupuk hpne Oky gawe telpon
ibune Oky ben ibune weruh yen Oky kena mushibah.

Ing omahe, ibune Oky duweni firasat ora enak marang anake. Langsung oleh tepon
saka Oky sing iku ana suarane arek wedok sing nginfona yen Oky tabrakan karo mobil pick
up, ibune Oky syok langsung budhal nemui Oky ing puskesmas desa sing digawe Oky
tabrakan. Pas ana ing puskesmas, ibune Oky langsung nangis amarga nemui doktere sing
nangani Oky tabrakan, doktere ngomong
“Niki anake panjenengan pun mboten sanget melampah malih, amarga enten tulange sing
cuklek lan kudhu dilaksanakaken oprasi bu”

~2~
Pas ana ing omah, Oky wis sadarna diri lan dheweke meneng wae, ora ngomong apa-
apa, dheweke rasane nyesel amarga wis nesu lan mikir yen mushibah iki pasti teka amarga
dheweke wani marang ibune,
“Bu ngapuntene sing khatah, kula khilaf bu, kula mesti mbantah apa sing panjenengan
omong, kula mboten tau nurut ibu. Kula mikir bu, amarga kula nesu kalihan ibu, kula oleh
mushibah sampe sikil kula cuklek niki, ngapuntene sing khatah bu” Oky njaluk pangapurane
ibune sing lagi ndulang Oky ing teras mburi omahe, ing kunu Oky nangis, dheweke bener-
bener nyesel lan merasa bersalah amarga tambah ngerepoti ibune terus-terusan.
“Wis le, orapapa, jenenge wae mushibah ora ana sing weruh, sing penting saiki Oky wis
sadar yen karo wong sing luwih tua kudhu tutur katae dijaga, perilakune sopan nggih le. Oky
ora usah mikir ngana, ibu loh bersyukur banget dadi ibune Oky, Oky anak sing pinter, anak
sing rajin, duweni prestasi sing ora ana anak liyane sing duweni”
“Nggih bu, kula mboten maleh ngelawan omongane ibu, kula pun kapok bu”
“Nggih nak wis ayo maem”
Ibune seneng amarga ndeleng anake wis sadar apa sing salah, saiki Oky yen marang ibune
mesti ngomong nganggo basa Jawa alus, dheweke mikir kudhu ngemuliana ibune sing wis
ana gawe Oky sampek dina iki.

Pesen sing ana ing cerita iki yaiku, aja wani marang wong tua terutama ibu, amarga
bisa dadi malapetaka bagi sing wani ngelanggar kaya Oky, ora usah nesu marang wong tua
amarga ora ana gunane, wong tua kit kene cilik wis kerja banting tulang menghidupi anake,
aja malah durhaka marang wong tua.

TAMAT

~3~

You might also like