You are on page 1of 6

YAYASAN PENDIDIKAN ISLAM NAILUSSYUKRI

MADRASAH TSANAWIYAH NAILUSSYUKRI


Dsn. Pagerwojo, Ds. Jeruk Seger , Kec. Gedek , Kab Mojokerto 61351

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : IX


Hari/ Tanggal : Waktu : 40 Menit

Pitakonan ing ngisor iki wangsulana kang patitis, kanthi milih siji wangsulan kang paling bener !
1. Ing ngisor iki kang mujudake strukture teks drama modern yaiku …….
A. Alur, paraga, dhialog, seting,tema,lan amanat
B. Tema,alur,seting,sudhut pandhang, lan basa
C. Alur,paraga,tema,gaya bahasa,lan amanat
D. Tema,alur,paraga,basa,lan sudhut pandang
2. Badri malkune alon-alon kanthi ngelamun ing trotoar. Koran sak tumpuk digendhong ing
pundhake durung ana sing payu. Dino iku ora kaya padatan,panase nylomot bunbunan gosong,
Raine rada gosong, gulune asat,ngelak lan luwe. Suarane kendharaan ing perapatan pasar
Manukan niku gembrubug nambahi ati susah.2
Paragaraf ing dhuwur mi urut struktur teks klebu perangane…..
A. Ending C. Komplikasi
B. Klimaks D.Eksposisi
3. Sudra : Aku?....Durung,Dri.aku mau wes mlaku mubeng – mubeng wiwit saka terminal,ngalor
Tandhes,terus ngidul nganti tekan kene. Setorane Koran durung cukup nggo tuku
mangan.Aku ora wani tuku sarapan dhisek, jane no wetengku iki yow is luwe banget,
nanging yo kudu tak empet,lah arep piye maneh?”
Badri : Apa maneh aku, koranku wae durung ana seng payu. Koranku wae durung ana seng
payu. Kapan ya awake dhewe bisa mangan, nek sawayah – wayah luwe kari
mangan,opo maneh bisa cukup dhuwit kanggo mampir neng dhepot Rumadi utowo
dhepot liane sing uenak – enak panganane?”
Paragaraf ing dhuwur miurut struktur teks klebu perangane…..
A. Ending C. Komplikasi
B. Klimaks D.Eksposisi
4. Pethilan teks drama dhialoge migunakake sudra ing dhuwur migunakake basa ….
A. Ngoko lugu C. Ngoko alus
B. Krama Lugu D. Krama alus
5. Aluring cerita drama sing olehe nyritakake biasane dijujug saka pungkasan, nalikane wes arep
rampung banjur mbaleni cerito sak dhurungi diarani alur …
A. Alur Maju C. Alur mundur
B. Alur Lurus D. Alur Campuran
6. Struktur teks drama, kang kang nerangake papan panggonan kanggo main drama, wektu
dumadine kedadeyan, lan kahanan (situwasi) kang dicritakake jroning pagelaran drama
diarani…
A. Alur C. Paraga
B. Seting D. Amanat
7. Piwulang kang kinandhut sajroning naskah drama kang diadharake lumantar adegan lan
dhialoge para paraga diarani…
A. Alur C. Seting
B. Paraga D. Amanat
8. Paraga sing nengahi antarane paraga antagonis karo paraga protagonis. Lumrahe nyengkuyung
tokoh protagonist diarani paraga …
A. Pentagonis C. Antagonis
B. Protagonis D. Tritagonis
9. Paraga sing tansah lelawanan karo paraga utama, biyasane digethingi penonton diarani paraga
……
A. Pentagonis C Protagonis
B. Antagonis D. Tritagonis
10. Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani……
A. Protagonis C. Figuran
B. Antagonis D. Pembantu
11. Sawijining paraga drama diarani apik menawa ……
A. Aktinge krasa kaku merga kurang rileks
B. Ngrumangsani yen dideleng wong akeh
C. Bisa narik kawigatene penonton
D. Nalikane akting kurang semangat
12. Sing kudu dilakoni nalika nulis teks drama sawise nemtokake tema yaiku …
A. nggolek inspirasi C. Nemtokake tokoh
B. Nemtokake plot D. Nulis Teks drama
13. Apa wae kang dadi teknik kanggo nganakake pagelaran drama, yaiku…
A. Persiapan, latihan, pagelaran (pementasan)
B. Nemtokake Tema, setting
C. Nemtokake alur maju, mundur, alur campuran
D. Nemtokake paragane, lan kepriye watake
14. Ing drama modern, isisne crita ngenani apa wae?..
A. Isine nyritakake panguripan ing jaman saiki
B. Isine ngenani crita rakyat
C. Isine ngenani jaman kerajaan
D. Isine ngenani kasektane pangarang
15. Kepriyane sandhangan kang digunakake, nalika nampilake drama modern?...
A. Sandhangan kang digunakake sesuwai karo jaman perjuwangan
B. Sandhangan kang digunakake selaras karo jaman saiki
C. Sandhangan kang digunakake yaiku jarik, utawa udeng
D. Sandhangan kang digunakake selaras karo jaman kerajaan ( istana sentris)
16. Apa tegese interpretasi sajrone drama modern?...
A. Wajah sing bisa gambarake lan nguripake praga sing dipragakake
B. Obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil
C. Kejelasan , ketepatan vocal, artikulasi, intonasi
D. Naskah drama selaras karo praga sing dipragakake
17. Apa tegese ekspresi sajrone drama modern?...
A. Naskah drama selaras karo praga sing dipragakake
B. Kejelasan, ketepatan vokal, artikulasi, intonasi
C. Wajah sing bisa nggambarake lan nguripake paraga sing dipragakake
D. Obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil
Mbah Sura : Iki mau wes suwe nek anggone awake dhewe omong-omongan. Kok ..nganti
..kelalen , durung kenalan. Jenengmu sapa le?
omahmu nengndi?
Badri : Nami kulo Badri, Mbah. Griya Kula Taman
Sudra : Nami kulo Sudra. Griya kulo Kedungwaru. Mbah, kados pundi menawi
..njenengan kulo dhereaken kondur ?
18. Pethilan teks drama ing dhuwur dhialoge Sudra migunakake basa…
A. Ngoko Lugu C. Ngoko Alus
B. Krama Lugu D. Krama Alus
19. Pethilan teks drama ing dhuwur dhialoge Sudra migunakake basa…
A. Ngoko Lugu C. Ngoko Alus
B. KramaLugu D. Krama Alus
20. Ing ngisor iki kang klebu ukara sambawa yaiku…
A. Tulung dhik, mengko aku tukokna sega goreng ing warung
B. Mbak reto mengko bengi arep turu neng daleme pakdhe
C. Saumpama aku dadi bocah pinter, aku mesthi wae ketampa ing sekolahan sing maju
D. Aku suk emben arep diajak rekereasi neng ubalan
21. Ing ngisor iki kang klebu ukara sananta yaiku …
A. wiwit tanggal 5 januari 2021 ing Surabaya diberlakukan system PSBB
B. Dek tanggal 31 Desember 2019 ing kantor kabupaten ana wayang kulit
C. Adhikmu mengko yen wes rampung olehe mangan terna bali!
D. Mas Darta mengko bengi arep lamaran karo katresnane sing dipilih
22. Ing ngisor iki sing ora kalebu karma lagu yaiku …
A. Lumatar serat punika kulo naming badhe nyukani sumerap
B. Sampeyan kala wingi menapa tamtu kesah kaliyah hadi?
C. Rencang-rencang kula mangke badhe mbekta pisang raja
D. Bilih wonten kelepatan anggen kula matur, nyuwun agunging pangaksami.
23. Ukara Ing ngisor iki kalebu basa ngoko lugu yaiku.…
A. Panjenengan kulo wau punapa tamtu mundhut sekul wonten wande ?
B. Kowe mau apa sida tuku sega ing warung
C. Sampean kala wau punapa tamtu tumbas sekul wonten wande
D. Panjenengan wau apa sida mundhut sega ing warung ?
24. Kang klebu titikane basa ngoko alus yaiku …
A. Ngunakake basa karma inggil kabeh
B. Basane ngoko nanging kecampuran basa karma inggil
C. Basane kasar kabeh
D. Digunakake kanggo cecaturan antarane bocah karo bocah
25. Apa tegese piwulang ( Pesan moral )sajrone teks drama? …
A. Piwulag becik kang kinandhut ing sajroning naskah drama
B. Piwulang kang ora selaras karo bebrayan saiki
C. Piwulang kang kudu dilakoni para siswa
D. Piwulang kang kebak bab kang ala
26. Badri : Eeeee..ee. Wadhuh ..! Geneye ta wong tuwo iki ? Dra.. dra tulungana
aku, Dra ! Abot banget awake!
Sudra : Ora usah kakean omong, Dri. Wong tuwa saiki gak ayo dijunjung neng
..ngemper took kono. ( Badri lan Sudra ngangkat kanthi kleweran wong ..tuwa
mau menyang emperan tokone Cina sing dodolan Koran ).
Badri : Mbah lanang iki mesthi bae nduwe lara Jantung, Dra!
Sudra : Ayo Drin dang dilumahne!Banjur takwenehane bantuan napas kaya ning ..tipi-
tipi kae. Dhadhane takangkat –angkate. ( ora watara suwe wong ..lanang tuwa
mau banjur bisa ambegan lan bisa sadhar ).
Mbah Sura : Mantur nuwun, Nak. Kowe kabeh bocah bagus kang becik atimu. Matur nuwun
aku wis ditulungi.
Ing teks drama Drama ing dhuwur, nilai moral sing bisa dijupuk saka paraga Sudra yaiku…
A. Sabar narima C. Seneng tetulung
B. Sopan santun D. Gemi nastiti
27. Sing diarani laporan kegiyatan yaiku …
A. Rencana kegiyatan seng arep dilakoni
B. Laporan kegiyatan sing durung tau dialami
C. Laporan asli kegiyatan sing wis dilakoni
D. Laporan progam kegiatan sing rutin
28. Sawijine laporan kegiyatan kuwi nduweni stuktur teks kang dumadi saka …
A. Pambuka, Isi, Lan Panutup C. Panutup, Isi, Lan Pambuka
B. Isi Saran Lan Atur Panuwun D. Pambuka, Penutup, Lan Saran
29. Struktur teks laporan kegiyatan kang isine ngenani andharan ngenani : jinis kegiyatan, wektu
lan panggonane, peserta lan panitia, serta andharan bab asli kegiyatan jroning struktur teks
laporan kegiyatan diarani…
A. Isi C. Saran
B. Pambuka D. Panutup
30. Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dilaksanakake. Sahingga
kuwi laporan kegiatan katulis kanggo…
A. Dokumen pribadi para siswa
B. Dokumen kanggo sekolah
C. Pertanggungjawaban
D. Latihan nulis laporan
31. Paugeran panulise teks laporan kegiyatan kang isisne ngenani andharan, yaiku …
A. Runtut manut strukture
B. Tulisane kudu bener
C. Nganggo basa sing endah
D. Dilampiri data lan foto
32. Gatekne ukara iki :
1) Kegiyatan karya wisata dilaksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2015
2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil
3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kelaksanan kanthi lancer
4) Tukuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah
Ukuran sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiatan yaiku ing ukuran nomer ...
A. 1,2 C. 1,3
B. 3,4 D. 2,4
33. Atur panuwun marang sapa wae sing nyengkuyung marang lumakune kegiyatan, nyuwun
ngapura menawa lumakune kegiyatan ana bab-bab sing kurang, pengarep-arep ngenani
kegiyatan ing wektu sateruse. Andharan kang kaya mangkane kalebu jinis struktur teks laporan
kegiyatan
A. Pambuka C. Isi laporan
B. Panutup D. Asile kegiyatan
34. Basa sing digunakake kanggo nulis laporan kegiyatan yaiku basa …
A. Dhialek lan krama
B. Rinengga lan entar
C. Ilmiah lan dhialek
D. Buku lan ilmiah
35. Tembung sing mratelakake gunggunge utawa cacahe barang kewan, wong, lan sawijine bab
diarani tembung …
A. Aran
B. Kahanan
C. Kriya
D. Wilangan
36. Aksara jawa sing dienggo nulis tembung-tembung manca kang ngucapane kudu dicethakake,
khususe tembung-tembung saka basa Arab diarani aksara …
A. Rekan C. Swara
B. Murda D. Legena
37. Tembung wilangan yaiku tembung sing mratelakake gunggunge barang, kewan, wong, lan
sawijine bab Tembung ing ngisor iki kang ora klebu jinis Tembung wilangan yaiku…
A. Tembung wilangan susun
B. Tembung wilangan pecahan
C. Tembung wilangan sadhengah
D. Tembung wilangan lesan
38. Apa wae kang klebu tembung wilangan sadhengah yaiku…
A. Satus, telu,sekeet, suwidak, Lsp
B. Sethitik, secuwil,saparengan, sakabeh
C. Seprapat, rong papat, telung prapat, siji setengah
D. Kasiji, kaloro, kalmia, kasepuluh
39. Tembung ing ngisor iki, kang klebu tembung wilangan sadhengah yaiku…
A. Sethitik, sacuwil, saparengan, sakedhik
B. Seprapat, rong papat, telung prapat, siji setengah
C. Kasiji, kaloro, kalima, kasepuluh
D. Satus ,telu sekeet, suwidak, Lsp
40. Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere nindakake pakaryan. Ing ngisor iki kang klebu tembung
tanduk yaiku…
A. Adhik mengko sore sidane dipapag Sari
B. Handoko nambani sikile seng lara
C. Klambiku wingi apa sido koksilih ?
D. Dhuwit saka bapakmu wingi isih takgawa
41. Sadurunge nulis laporan kegiyatan, bab-bab sing kudu dilakoni yaiku kajaba…
A. Sakabehane kegiyatan sing wis kelaksanan apa dene sing durung kelaksanan dichateti
B. Ngumpulake dhat-dhata utawa bahan-bahan sing arep dilapurake
C. Nggawe cengkorongan lapuran kang isine: pambuka, isi, lan penutup
D. Nggawe dudutan saka laporan kagiyatan kasebut
42. Tata cara utawa teknik maca nyaring teks laporan kegiyatan kudu nggatekake…
A. Tangga nada, pocapan, solah bawa
B. Papan panggonan, setting
C. Lafal, adhegan/jeda, intonasi
D. Obahe awak
43. Laporan saoraorane kudu kena kanggo mangsuli 6 pitakonan yaiku…
A. Apa, sapa, ing ngendi, kapan, geneya, kepriye
B. Apa, saka ngendi, sajrone, kapan, geneya
C. Kepriye, apa wae, sapa, dina apa, kapan
D. Wektu, dina, papan panggonan, isine, kepriye
44. Sakdurunge sholat idul fitri para panitia padha andum zakat fitrah marang …
A. C.

B. D.

45.
A. C.

B. D.
46. Sang kholifah yen ditulis nganggo aksara jawa dadi…
A. C.

B. D.

47. Ukara kang cocog kanggo bagean panutup ing teks laporan kegiatan yaiku…
A. Borobudor manggon ing wewengkon kabupaten Magelang
B. Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135.
C. Karya wisata wis kelaksanan kanthi lancar
D. Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 maret 2015
48. Kanthi nulis teks laporan kegiatan kauntungake akeh banget, ing ngisor iki kang ora klebu
kauntungane yaiku ?...
A. Bocah-bicah nduweni cathetan kegiatan apa sing tau dilakoni
B. Bocah-bocah nyritakake kanthi runtut kegiatan mau marang kancane
C. Ing liya wektu kanthi cathetan laporan kegiatan bisa dadi sumber kanggo nulis liyane
kayata:
Guguritan, tembang, cerkak LSP.
D. Bocah-bocah bisa dramake teks laporan kegiatan kesebut
49. Ing ngisor iki, sing ora klebu tuladha aksara rekan yaiku…
A.

B.

C.

D.

50. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere ketaman pakaryan. Ing ngisor iki kang kalebu ukara
tanggap yaiku…
A. Mbak mengko sore dipapag Wahyu
B. Ibu saiki lagi ngedusi adhik
C. Alfi nangisi dolanane sing ilang
D. Rini esuk mau nangis

You might also like