You are on page 1of 2

Nama: Angelina Widya Asih

Kelas: X IPS 2
No: 02
Tugas Bahasa Jawa

CRITA WAYANG
KEWICAKSANAAN YUDHISTIRA

Yudhistira kondhang kelawan kawicaksanan kang di nduweni, utamane bab tulus lan ikhlas.
Salah sawijining nalikane ing perjalanan, Yudhistira ketemu kaleh manuk cilik. Manuk cilik iku
mau mabur banjur nyedhaki marang Yudhistira. Manuk cilik iku njaluk marang Yudhistira
kanggo menehi perlindungan amarga dheweke digodak elang gedhe sing bakal mangan dewek e.
Manuk kasebut ujar yen dheweke kepengin dilindhungi dening Yudhistira amarga manuk cilik
iku anduweni anak sing kudu dipangani. Yudhistira langsung nyetujoni penjalukane manuk cilik
iku supaya dijaga.
Ora let suwe, manuk elang gedhe nyedak i Yudhistira kelawan langsung njaluk supaya
Yudhistira pasrahake manuk cilik sing dicekel. Yudhistira pun uga mboten sopan nolak
kepinginan elang gedhe iku supaya njaluk manuk cilik kasebut ing genggamane.
Nanging elang gedhe iku isih meksa Yudhistira kanggo masrahne manuk cilik ing genggemane.
Elang gedhe banjur ngandhani Yudhistira manawa manuk cilik sing dicekel iku kudu dipangan
dheweke lan kudune kaya ngono. Nanging Yudhistira isih ora gelem nuruti jaluk ane menehi
amarga manuk cilik kasebut duwe anak sing kudu dipakani ibune.
Elang gedhe ujar yen nasib manuk cilik wis mangsuli kasebut dadi panganane deweke. Banjur
elang gedhe iku pungkasane nawakake yen ora mangan manuk cilik saliyane Yudhistira pengin
nyerahake awake dadi panganan.
Ing kene ana kesungguhan lan keikhlasan Yudhistira sing ketok jelas banget. Yudhistira tanpo
mikir dowo, sarujuk karo panjaluk elang gedhe, yaiku nalika iku manuk cilik dibebasake
Yudhistira kanggo bali ing sarange.
Elang gedhe iku banjur langsung ngrebut awake Yudhistira kanthi cakar sing landhep lan banjur
bisa mangan sikil Yudhistira. Kedadean iku diadhepi dening Yudistira kanthi tenang lan kanthi
rasa ikhlas.
Nalikane terus nglarani lara, saiki gilirane Yudhistira kanggo nyerahake tangan loro supaya
dipangan elang gedhe mau iku. Nganti nalikane giliran elang gedhe bakal ngejut mripate
Yudhistira, banjur elang gedhe takon maneh manawa Yudhistira percaya yen kekarepane bisa
dipangan elang.
Yudhistira isih ketok tenang lan wicaksana mangsuli yen dheweke setuju karo panjaluk ane
elang iku. Yen loro mripate bakal dicucuk elang gede, mongko ana mukjijat kedadeyan. Elang
gedhe iku maleh dadi Dewa, manuk cilik sing mabur menyang sarang kasebut banjur bali lan
malih dadi Dewa.
Dewa kasebut banjur sangjang yen dheweke lagi nyoba sepira gedhene keikhlasan ingkang di
nduweni Yudhistira. Lan pancen bener yen Yudhistira iku uwis lulus, mangka ing wektu kasebut,
Yudhisthira diwenehi hadiah dening dewa lan dheweke diakoni minangka wong sing nduweni
sipat ikhlas dhuwur lan ora ana sing nandingi.

 Tema carita wayang kasebut yaiku kebecikan lan ketulusan ati

 Makna sing bisa dipetik saking crita wayang kang judhule “Kewicaksanaan Yudhistira”
kasebut yaiku Yudhistira kondhang kelawan kawicaksanan kang di nduweni, utamane
bab tulus lan ikhlas. Yudhisthira diwenehi hadiah dening dewa amarga kesungguhan lan
keikhlasan atine lan dheweke diakoni minangka wong sing nduweni sipat ikhlas dhuwur
lan ora ana sing nandingi.

 Pesan nilai cerita wayang tersebut bagi kita:


Kita kudu ikhlas lan tulus nalika tetulung marang liyan. Aja dadi wong kang sombong lan
egois ananging dadia wong kang wicaksana lan remen mitulungi

You might also like