You are on page 1of 8

BAB VI

Karyenak Tyasing Sasama


(gawe seneng marang sasama)

Gambar menghormati orang lain/belajar

Samangsane pasamuwan
mêmangun marta martani
sinambi ing sabên môngsa
kala-kalaning asêpi
lêlana tèki-tèki
gayuh geyonganing kayun
kayungyun êninging tyas
sanityasa pinrihatin
pungguh-panggah cêgah dhahar lawan nendra

Sabên mendra saking wisma


lêlana laladan sêpi
ngingsêp sêpuhing sopana
mrih pana pranawèng kapti
tistising tyas marsudi
mardawaning budya tulus
mêsu rèh kasudarman
nèng têpining jalanidhi
sruning brata kataman wahyu dyatmika
(Wedhatama, Mangkunegara IV)

“Ing pasrawungan bebrayan agung, kudu bisa mangun sikep tepa slira. Rikala wektu kang longgar, lan nalika lelana
ngambara tapa brata, nggayuh kanugrahan, dumunung ing papan sepi, kudu didhasari ati kang hening, ora duwe
kekarepan ala, lan tansah njaga ati kanggo prihatin kanthi nyuda mangan lan turu. Saben metu saka ngomah, tumuju
ing papan sepi adoh saka hawa nepsu, mersudi ngelmu luhur, supaya cetha kang dadi gegayuhaning urip. Ati kudu
duwe tekad tansah ngupadi kanthi tekun, marsudi akal pikiran lan ngendhaleni rasa tresna asih, mapan ing tepining
samodra ngajab entuk kanugrahan saka Gusti.”

Kanggo ngadhepi jaman kang kurang wis owah jluntrunge iki, wong Jawa kudu duwe lan nindakake watak kang
utama, berbudi bawa leksana, netepi pangandika, sarta dikantheni rasa ikhlas, lila legawa, nindakake jumbuhing patrap
lan pangucap.
Sejatine, umpama manungsa iku ing panguripane tansah netepi lan nggunakake unggah-ungguh basa utawa
tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama ing pangucape, tartamtu bisa gawe urip guyub, rukun, ora ana
congkrah, lan pasulayan. Sikep manungsa kang kalebu nggambarake paugeraning urip becik, yaiku kang bisa nuwuhake
rasa lan pangrasa sejatining urip, lan isa nuduhake jati dhiri marang wong liya jumbuh karo kalungguhane. Manungsa
tansah mersudi lan tanggung jawab, urmat marang wong liya, andhap asor.
Sikep adigang, adigung, adiguna aja nganti tansah digatekake lan diugemi. Aja nganti rumangsa luwih kuwat,
luwih kuwasa, luwih pinter, kepara kudu sing bisa rumangsa, lan aja rumangsa bisa. Giri lusi janma tan kena ingina.
Menawa dirasakake, dadi wong aja nganti sakepenake dhewe, dupeh bisa ngomong banjur ora mawas wektu
lan panggonan, ora ngatekake karo sapa rembugan, kudu eling yen ajining dhiri gumantung kedaling lathi. Malah

1
kepara, sejatine unen-unen aja dumeh iku bisa digandhengake karo bab apa wae. Aja dumeh sugih banjur sumugih, aja
dumeh pinter banjur keminter, dumeh kuwasa banjur kumalungkung.
Nulad saka pengerten sempalan tembang ing Serat Wedhatama yasan KGPAA Mangkunegara IV kasebut, nyata
lamun manungsa urip ing ngalam donya iki kudu bisa njaga guyub rukun lan katentreman ing bebrayan agung, tansah
gawe seneng marang wong liya. Mula tansah dadi pengeling-eling lan rasa syukur yen ing papan dununge awake dhewe
tansah urip rukun, ayem, tentrem karo tangga teparo.
Andharan minangka tuladha saka sakehing kasusastran Jawa kang rinakit dening para pujangga-pujangga agung
ing tlatah Nuswantara, mligine ing tanah Jawa. Kasusastran kasebut awujud tembang macapat Sinom. Mula ing
wulangan iki putra siswa bakal nyinau babagan tembang sinom. Kang bakal disinau yaiku babagan pathokan tembang,
watak tembang, makna tembang, lan pungkasane isa ngonceki wos surasane tembang lan gawe tembang sinom kanthi
tema tinamtu. Saliyane iku, putra siswa uga dijaluk isa mangun rasa syukur marang Gusti lan ora gawe kapitunaning
bebrayan agung.

Pakaryan 1
Sadurunge ngancik ing tembang kang ngemot karyenak tyasing sasama, kanggo ngukur sepira pangertene
babagan budi pekerti luhur putra siswa dijaluk mangsuli pitakon iki.
1. Apa kang kok ngerteni babagan tembang sinom?
2. Yen ngerti coba andharna pathokane tembang sinom!
3. Kepiye pamawasmu babagan karyenak tyasing sasama iku?
4. Apa gunane karyenak tyasing sasama?
5. Miturut panemumu apa kang bakal dumadi yen ing donya iki ora ana wong kang karyenak tyasing sasama?
6. Tuduhna tuladha kang dumadi ing sakiwa tengenmu utawa kluwargamu kang nuduhake karyenak tyasing sasama!

Pakaryan 2
Ing trap iki putra siswa dijaluk nyinau lan mahami perangan-perangan kang ana sesambungane karo tembang
Sinom. Ing antarane yaiku pathokan tembang lan watak tembang.
1. Pangertene tembang Sinom
Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe
karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo pambuka crita
nanging uga kudu nulad papan panggonan.
2. Pathokan tembang Sinom
SINOM
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
8 a
8 i
8 a
8 i
7 i 9
8 u
7 a
8 i
12 a
3. Watak tembang Sinom
Watake tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah,
nggambarake sipat kan cukat trengginas, lan sapiturute.
4. Makna tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak,
luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa
srawung kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.
5. Wos kang kamot ing tembang sinom (Wedhatama)
 Serat Wedhatama aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh (wus sengsem reh
ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi, ati kang wengis bisa sirna amarga tresna asih
(karana karoban ing sih).

2
 Serat Wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa intelektual. Bab iku kawujud
ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu lumaku kanthi nalar (logika) (ngelmu iku mupakate lan
panemu) lan iku kabeh bisa digayuh kanthi tapa prihatin (pasahe lan tapa).
 Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi tuladha Panembahan
Senopati. Piyambake temen-temen anggone meper hawa nepsu (kapati amarsudi sudaning hawa lan nefsu),
kang dilakoni kanthi tapa (pinesu tapa brata). Piyambake ngupadi tansah gawe seneng atining liyan lan ing
saben pasamuwan tansah gawe tentrem. Nalika ngumbara ngupadi nugraha (kala kalaningasepi lelana teki-
teki), nggayuh pangarep-arep (nggayuh geyonganing kayun), kang kesengsem tentreming ati (kayungyun
eninging tyas), tansah nglakoni prihatin, bisa ngendhaleni mangan lan turu (puguh panggah cegah dhahar
lawan nendra). Saben mendra saka kraton, piyambake ngumbara ing papan sepi supaya entuk ngelmu
kasampurnan lan cetha apa kang tinuju (lelana laladan sepi). Ancase supaya alus budine (budya tulus) lan
kabisan kang murwat (mesu reh kasudarman). Ing pinggir samodra (neng tepining jalanidhi), piyambake
mahami kekuwatane samodra, kang kaya-kaya bisa digegem.
 Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat,
bandha, lan kapinteran (wirya harta tri winasis). Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula ora ana gunane dadi
manungsa, malah isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong kabur kanginan/ora duwe papan dunung
(kalamun kongsi sepi saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman,
ngulandara).
 Serat Wedhatama ngajarake telung perkara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar
nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti. (lila lamun kelangan nora gegetun,
trima lamun ketaman saserik sameng dumadi, legawa nalangsa srah ing bathara).
 Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan (kareme anguwus-uwus, uwose
tan ana, mung janjine muring-muring), nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengin dianggep pinter
sanajan bodho, lan tansah duwe pamrih.
 Manungsa kang luhur bebudene iku seneng mapan ing papan sepi (tuman tumanem ing sepi), reresik jiwa
(masah amemasuh budi), nanging tansah nglakoni kuwajibane, asipat ruruh, lan gawe seneng atining liyan.

Pakaryan 3
Ing ngisor iki bakal kababar tembang sinom kang ngemot surasa karyenak tyasing sasama. Coba salah siji siswa
macakake kanthi seru tembang iki, sokur bage anggone macakake kanthi tetembangan, dene kanca liyane nyemak.
Tuladha tembang Sinom
5 6 6 6 6 6 6 6
nu- lad- a la- ku- u- ta- ma
5 6 6 4 5 6 j65 5
tu- mrap- e wong ta- nah Ja- wi
5 6 6 6 5 3 3 j21
won A- gun ing Ngèk- si- gan- da
g g
1 2 3 2 1 y t y
Pa- nêm- bah- an Se- na- pa- ti
1 2 2 2 2 1 j23
ka- pa- ti a- mar- su- di
1 1 1 2 1 y 1 2
su- da- ning ha- wa lan- nêp su
-
y 1 1 1 1 1 1
pi- nê- su ta- pa bra- ta
1 2 3 2 1 y t y
ta- na- pi ing si- yang ra- tri
y 1 2 3 2 2 2 2 3 j2 y j12
1
a- mê- ma- ngun kar- ye- nak tyas- in sa- sa- ma
g

Bonggan kang tan mêrlokêna

3
mungguh ugêring ngaurip
uripe lan tri prakara
wirya arta tri winasis
kalamun kongsi sêpi
saka wilangan têtêlu
têlas tilasing janma
aji godhong jati aking
têmah papa papariman ngulandara

Kang wus waspada ing patrap


mangayut ayat winasis
wusana wosing jiwangga
mêlok tanpa aling-aling
kang ngalingi kalingling
wênganing rasa tumlawung
kèksi saliring jaman
angalangut tanpa têpi
yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma

Gladhen
Sawise putra siswa wis nyinau lan mahami perangan babagan tembang sinom, ing trap iki kanggo ngukur sepira
pangertenmu garapen gladhen ing ngisor iki!
Garapen miturut piterang iki! Garapen kanthi klompok!
1. Coba wacanen ukara-ukara ing perangan pratelan, banjur sebutna guru wilangan lan guru lagune!
N Pratelan Guru wilangan lan lagu
o
1 kapati amarsudi ……………………………………….
tumrape wong tanah Jawi ……………………………………….
sudaning hawa lan nêpsu ……………………………………….
Panêmbahan Senapati ……………………………………….
Nulada laku utama ……………………………………….
wong agung ing Ngèksigônda ……………………………………….
pinêsu tapa brata ……………………………………….
amêmangun karyenak tyasing sasama ……………………………………….
tanapi ing siyang ratri ……………………………………….
2 mangayut ayat winasis ……………………………………….
Kang wus waspada ing patrap ……………………………………….
mêlok tanpa aling-aling ……………………………………….
wusana wosing jiwangga ……………………………………….
wênganing rasa tumlawung ……………………………………….
kang ngalingi kalingling ……………………………………….
angalangut tanpa têpi ……………………………………….
kèksi saliring jaman ……………………………………….
yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ……………………………………….

Pakaryan 4
Ing trap-trapan iki putra siswa bakal diukur sepira pangertene babagan amanat utawa pitutur kang kamot
sajroning tembang. Mula kanggo ancas kasebut wangsulana pitakon ing ngisor iki! Bisa digarap kanthi klompok! Yen wis
rampung bisa andharna kanthi lesan ing sangarepe kancamu!
Nanging sadurunge ngancik merdekake surasane tembang, coba tulisen tembung-tembung kang kokanggep
angel. Golekana tegese luwih dhisik! Bisa digoleki ana ing bau sastra (kamus basa jawa)
Tuladhane:
Winasis : pinter
Suksma : Gusti, ruh, Dewa

4
Tyasing : atine, rasane

Tembang Pratelan Werdine


Sepisan Nulada laku utama …………………………………………………………………………
tumrape wong tanah Jawi …………………………………………………………………………
wong agung ing Ngèksigônda …………………………………………………………………………
Panêmbahan Senapati …………………………………………………………………………
kapati amarsudi …………………………………………………………………………
sudaning hawa lan nêpsu …………………………………………………………………………
pinêsu tapa brata …………………………………………………………………………
tanapi ing siyang ratri …………………………………………………………………………
amêmangun karyenak tyasing sasama …………………………………………………………………………
Amanat/pitutur kang kamot
…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..

Kapindho Bonggan kang tan mêrlokêna …………………………………………………………………………


mungguh ugêring ngaurip …………………………………………………………………………
uripe lan tri prakara …………………………………………………………………………
wirya arta tri winasis …………………………………………………………………………
kalamun kongsi sêpi …………………………………………………………………………
saka wilangan têtêlu …………………………………………………………………………
têlas tilasing janma …………………………………………………………………………
aji godhong jati aking …………………………………………………………………………
têmah papa papariman ngulandara …………………………………………………………………………
Amanat/pitutur kang kamot
…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..

Katelu Kang wus waspada ing patrap …………………………………………………………………………


mangayut ayat winasis …………………………………………………………………………
wusana wosing jiwangga …………………………………………………………………………
mêlok tanpa aling-aling …………………………………………………………………………
kang ngalingi kalingling …………………………………………………………………………
wênganing rasa tumlawung …………………………………………………………………………
kèksi saliring jaman …………………………………………………………………………
angalangut tanpa têpi …………………………………………………………………………
yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma …………………………………………………………………………
Amanat/pitutur kang kamot
…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..
…………………………………………………………………………………………………………………………..

Pakaryan 5
Ing ngisor iki kababarake saperangan tembang kang ana ing Serat Wedhatama, setitekna banjur gancarna
tembang iki nganggo basamu/basa padinanmu! Supaya luwih cetha andharna kanthi lesan! Bisa dirembug kanthi
klompok!
a. Mangkono janma utama,
tuman tumanem ing sepi,
ing saben rikala mangsa,
masah amemasuh budi,

5
lahire den tetepi,
ing reh kasatriyanipun,
susila anor raga,
wignya met tyasing sesame,
yeku aran wong barek berag agama.
Gancaran : …………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
b. Ing jaman mengko pan ora,
arahe para turami,
yen antuk tuduh kang nyata,
nora pisan den lakoni,
banjur njujurken kapti,
kakekne arsa winuruk,
ngandelken gurunira,
pandhitane praja sidik,
tur wus manggon pamucunge mring makrifat.
Gancaran : …………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………….

2. Saka tembang-tembang kang wis kokgancarake iku, wenehana tuladha kahanan ing sakiwa tengenmu kang
jumbuh/cocok karo surasane tembang! Isa pakarti ing kluwargamu utawa tangga teparomu!

Pakaryan 6
Sawise nggarap saperangan gladhen kang cumawis, ing pakaryan 6 siswa kaanggep ngerteni babagan tembang
sinom. Mula saka iku, kanthi mandhiri kadhawuhan :
1. Gawe tembang sinom kanthi tema “gawe seneng atining liyan” nggunakake basa padinanmu!

Pakaryan 7
1. Andharna kanthi lesan tembang kang wis digawe!
2. Aweha panyaruwe utawa panemu marang tembang kang digawe dening kancamu!

Pakaryan sabacute
3. Goleka tuladha tembang pangkur saka media liyane, kayata ariwarti (koran), kalawarti (majalah), TV, radhio,
internet, buku,lan sapiturute!
4. Sawise wis bisa nemokake tembang saka media liyane, banjur oncekana temane, maknane, amanat/pituture,
lan gancarane! Garapan ditumpuk ing pasatemon candhake!
5. Pakaryan kasebut wartakna marang kanca-kancamu ing papan liya, bisa lumantar madding utawa internet!

Wimbuh kawruh
Panulise tembang macapat iku sejatine ora angel, amarga pathokan lan tata carane nulis wis cetha lan
gumathok. Iku isa kaudi lumantar gladhen kaprigelan kang rutin. Tembang macapat iku minangka salah sijining jinis
karya sastra. Mula surasane lan basa kang digunakake milih tembung-tembung kang duwe wangun lan teges endah.
Dene trap-trapan panulise tembang macapat iku :
1. Nemtokake wataking tembang.
Ing babagan iki minangka trap-trapan sepisan nulis tembang macapat. Awit kanthi nemtokake watak uga
nemtokake pamilihe tembang kang gegayutan karo jinise tembang macapat.
2. Nemtokake pamilihe tembung.
Kaya dene nulis karya sastra liyane, panulise tembang macapat uga milih tembung kang duwe nilai kaendahan
supaya karya kang tinulis duwe nilai becik.
3. Nemtokake jinise tembang macapat

6
Nemtokake jinise tembang macapat kudu wis dijumbuhake karo tema. Jinise tembang ,macapat wis ana pathokan
kang baku, yaiku guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra. Mula ing trap-trapan iki wis wiwit cetha anggone bakal
nulis tembang macapat.

Pikolehing pasinaon
1. Siswa bisa ngerti tembang sinom.
2. Siswa bisa ngerti pathokane tembang sinom.
3. Siswa bisa gawe tembang sinom kanthi tema tinamtu.
4. Siswa bisa ngerti pitutur kang kamot sajroning Wedhatama pupuh sinom.
5. Watak kang utama, berbudi bawa leksana, netepi pangandika, sarta dikantheni rasa ikhlas, lila legawa,
nindakake jumbuhing patrap lan pangucap.
6. Manungsa tansah mersudi lan tanggung jawab, urmat marang wong liya, andhap asor.
7. Sikep adigang, adigung, adiguna aja nganti tansah digatekake lan diugemi.
8. Manungsa urip ing ngalam donya iki kudu bisa njaga guyub rukun lan katentreman ing bebrayan agung, tansah
gawe seneng marang wong liya.

Pakaryan 8
Gladhen kompetensi
I. Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku …
a. guru sastra d. guru wilangan
b. guru basa e. guru gatra
c. guru lagu
2. Dene kang ngemot pathokan cacahe wanda saben sagatra yaiku …
a. guru sastra d. guru wilangan
b. guru basa e. guru gatra
c. guru lagu
3. Pathokan tembang sinom yaiku …
a. gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,
b. gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a
c. gatra : 7, wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, lagu : a, i, u, a, u, a, i
d. gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o
e. gatra : 9, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
4. Tembang macapat kang asale saka tembung ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni,
logondhang diarani ....
a. dhandhanggula d. sinom
b. pangkur e. kinanthi
c. mijil
Nulada laku utama
tumrape wong tanah Jawi
wong agung ing Ngèksigônda
Panêmbahan Senapati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nêpsu
pinêsu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amêmangun karyenak tyasing sasama
5. Werdine Nulada laku utama yaiku ....
a. Tansah prihatin
b. Nyonto tumindak kang becik
c. Tansah gawe senenge wong liya
d. Urip kudu bisa meper hawa lan nepsu
e. Kalakone panggayuh iku seneng tapa brata
6. Tembung amarsudi iku tegese….
a. ngupadi d. kawruh
b. prihatin e. awan

7
c. seneng
7. Pratelan kang ateges ngendhaleni hawa lan nepsu yaiku ….
a. Nulada laku utama
b. kapati amarsudi
c. sudaning hawa lan nêpsu
d. tanapi ing siyang ratri
e. amêmangun karyenak tyasing sasama
8. Dene pratelan kang nuduhake prihatin iku kudu ditindakake sawayah-wayah sanajan awan lan bengi yaiku ….
a. Nulada laku utama
b. kapati amarsudi
c. sudaning hawa lan nêpsu
d. tanapi ing siyang ratri
e. amêmangun karyenak tyasing sasama
9. Panulise tembung ing ngisor iki kang bener yaiku ….
a. panandhang d. patuladan
b. celatu e. patokan
c. pratanda
10. Tembung suta tegese yaiku ….
a. kewan d. sedulur
b. pakaryan e. anak
c. awak

II. Wangsulana kanthi premati!


Setitekna tembang ing ngisor iki!
Kang wus waspada ing patrap
mangayut ayat winasis
wusana wosing jiwangga
mêlok tanpa aling-aling
kang ngalingi kalingling
wênganing rasa tumlawung
kèksi saliring jaman
angalangut tanpa têpi
yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma
1. Sebutna jinising tembang!
2. Sebutna guru lagu, guru wilangan, lan guru lagune!
3. Jlentrehna wos surasane kanthi ngancarake nggunakake basamu dhewe! Andharna kanthi lesan!
4. Andharna pitutur kang kamot sajroning tembang!
5. Tulisen tembang sinom kanthi tema ‘urip rukun karo tangga teparo’!

You might also like