You are on page 1of 3

MATERI BAHASA JAWA

KELAS XI
2020/2021

PERTEMUAN KE-1

TEKS SERAT WEDHATAMA


SMK Ma’arif NU 1 Cilongok Materi KD 3.1
PUPUH POCUNG

SERAT WEDHATAMA
Karya sastra iku diserat dening Ngarsa Dalem kang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Raja ing keraton Mangkunegaran Solo. KGPAA
Mangkunegara IV kalebu raja kang kawentar amarga kawasisane ing babagan ilmu pengetahuan,
piyambake uga kawentar amarga kalebu sawijining tokoh kang sakti mandraguna, adil, lan arif
bijaksana. Lumantar olah laku spiritual kang mumpuni, piyambake sedah karo kasampurnan
gesang sejati salebete ngadep Tuhan Ingkang Mahawisesa, yaiku warangka manjing
curiga atanapi anggayuh kamuksan, ngadep Gusti lan ragane sirna tan winekas.
Serat iku kadhapuk saka 100 pupuh tembang macapat, kang diperang dadi limang tembang,
yaiku :

Pangkur (14 pupuh,1 – 14)

Sinom (18 pupuh, 15 -32)

Pucung (15 pupuh, 33 – 47)

Gambuh (35 pupuh, 48-82)

Kinanthi (18 pupuh, 83-100)

Wose tembang macapat kang ana ing serat wedhatama yaiku ngandharake bilih
manungsa urip ing ngalam donya iki ora bisa uwal saka Gusti Kang Maha Kawasa, kang wis
maringake kanugrahan awujud rasa pangrasa minangka sawijining bab kang bisa mbedakake
manungsa karo titah liyane.
Pitutur kang kamot ana ing tembang ngandharake tumindak becik kang kudu dilakoni
dening manungsa supaya bisa dadi manungsa kang utama. Tumindak kasebut yaiku tansah eling
lan waspada ing samubarang gawe, lan kudu bisa ngendhaleni hawa nepsu kang gawe kapitunan
marang awake dhewe lan wong liya, lan nuwuhake sikap tansah “mulat sarira angrasa wani
(mawas diri)”.

TEMBANG MACAPAT POCUNG


A. Pangertene tembang Pocung
Pocung iku mucung, pinucung, kluwak, lan tembung kang duwe wanda cung. Tegese kaluwak
utawa pucuk. Anggitane Kanjeng Sunan Giri kanggo selingan nalika lagi luntur kekarepane.
Duwe pangrasa kang kepenak/bebas.
B. Pathokan tembang Pocung
POCUNG
Guru Guru Guru
wilangan lagu gatra
12 U
6 A
4
8 I
12 A

C. Watak tembang Pocung


Watake tembang Pocung iku sakepenake ati, lucu, lan ngguyokake. Cocok kanggo
nggambarake bab-bab kang ngguyokake lan mung geguyonan, lan sapiturute.
D. Makna tembang Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake nalika mayit/jenazah wiwit
dipocong/dikafani; lan watak tembange yaiku sembrana lan sakepenake dhewe. Tegese wong
kang seda bakal lali apa-apane, lan turune sakepenake gumantung karep saka sanak kadang kang
isih urip.
E. Tuladha tembang Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Tembung lan Teges :
Ngelmu : Ilmu Lawan : kanthi
Kalakone : dilakoni Kas : Karep
Laku : Tumindak Nyantosani : Tentrem
Lekase : wiwit Pangekese : ngadohake

F. Wos kang kamot ing tembang Pocung (Wedhatama)


Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka,
amarga yen sikap kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara. Ing
perangan liyane serat wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur.

You might also like