You are on page 1of 4

MATERI KE-2

TEKS EKSPOSISI ADAT MANTU JAWA


KELAS XI/SEMUA JURUSAN
2020/2021

Teks Eksposisi

Eksposisi yaiku maparake, mbeberake, njlentrehake, ngaturake informasi, ngajarake lan


nerangake sawijining bab supaya dimangerteni lan nambah kawruh tumrap kang maca. Wacana
eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah -
langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab.
Tuladhane : upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan
sapanunggalane.

Titikane teks eksposisi:


1. Arupa wacan kang njlentrehake informasi kanthi rinci
2. Ana data arupa gambar, grafik, utawa tabel kang magepokan karo isine wacan
3. Ing wasana wacan ana penjelasan

Jinise teks eksposisi:


1. Eksposisi Definisi
Timun suri nduwèni jeneng latin cucumis sativus iku kalebu varietas tanduran
cucumber. Timun suri iku, woh kang ngandhut akéh banyulan ngandhut serat lan akeh provitamin
A. Timun suri biyasané akéh dituku nalika sasipasa. Timun suri bentuké lonjong lan dawané
kurang luwih 20cm-25 cm lan dhiameter 10 cm-15 cm. Nandur timun suri padha kaya nandur
timun ananging beda kaya semangka lan melon kang mbutuhaké akéh pupuk lan banyu. Nandur
timun suri ora perlu akéh banyu. Sawisé wiji thukuk lan nduwèni godhong kang dawané 10 cm,
cukup disiram nalika esok lan sore. Wit timun suri iku kalebu pala kasimpar awit mrambat. Ukuran
won timun suri kurang luwih padha kaya kates Bangkok lan abote tekan limang kilogram. Timun
suri bisa woh nalika umuré rong sasi. Timun suri migunani tumprap kasehatan awak amarga timun
suri ngandhut akeh vitamin A. Saliyané iku timun suri bisa nglawan penyakit. Woh timun suri uga
bisa nyehataké ginjellanlimpa. Timun suri uga bisa dadi obat tekanan darah tinggi. Timun suri
kang mateng bisa dititeni saka kulité. Timun suri biyasane digawe eslan dicampur karo sirup lan
es. Saliyané iku, timun suri bisa digawe sop buah kayata blewah, melon, alpukatlan liya-liyané.

2. Eksposisi Proses
Gawè nopia isih nganggo cara kang tradisional. Kanggo gawè kulit yaiku glepung trigu
dicampur banyu banjur diaduk-aduk nganti dadi adonan. Adonan iku mau banjur digawe bunder-
bunder gedhènè sak jempol-jempol.Sakwisè kuwi banjur bunderan mau diisi nganggo gula jawa
kang wis diremuk. Sakwisè dadi banjur dioven nganti tekan mateng.

3. Paragraf Eksposisi Perbandingan


Pasca gempa 5.9 skala ricther, saperangan Yogyakarta lan Jawa Tengah ajur mumur. Kahanan
iki ngundang perhatian saka akeh pihak. Pitulungan pada teka saka njero lan luar negri. Pitulungan
awujud panganan, obat-obatan, lan sandhangan dipanggonake ing panggonan sing strategis.
Babagan iki dimaksudake supaya cara mbagi bantuan bisa dilakokake luwih cepet. Para dokter lan
tenaga medis saka daerah-daerah liya uga teka. Dheweke maringi bantuan utawa pitulungan ing
Rumah Sakit lan tendha-tendha pengunsgian.

4. Paragraf Eksposisi Laporan


Sejatine, ora mung ITS sing nawarake umah instan sehat kanggo Aceh utawa lewih populer
kaliyan Rumah ITS kanggo Aceh (RI-A). Pusat Penelitian lan Pengembangan Pemukiman
Departemen Pekerjaan Umum uga nawarake “Risha” alias Rumah Instan Sederhana Sehat. Modele
meh kembar, gampang dibongkar-pasang, malah motone “Pagi Pesan, Sore Hunu”. Bedani yaiku,
sistem struktur lan konstruksi Risha bisa digawe bentuk panggung. Regane Raisha watek sethithik
luwih larang, Rp 20 juta kanggo tipe 36. Tapi, umure bisa nganti 50 taun amarga komponen
struktur nganggo beton sing bertulang, ditambah pelat baja nang sambungane. Kekuatane marang
gempa uwis diuji nang laboratorium nganti zona ke nenem.
5. Eksposisi Klasifikasi (Pembagian)
Pemerintah garep maringi pitulungan kanggo pembangunan omah utawa bangunan kanggo
para korban gempa bumi.Pitulungan utawa bantuan pemabngunan omah utawa bangunan mau arep
disesuaikake kaliyan tingkat kerusakane. Warga sing omahe rusak entheng ulih bantuan sekitar 10
juta. Warga sing omahe rusak sedheng ulih bantuan sekitar 20 juta. Warga sing omahe rusak parah
ulih bantuan sekitar 30 juta. Calon warga sing ulih bantuan mau arep ditentokake marang aparat
desa kaliyan pengawasan saka pihak LSM.

6. Eksposisi Ilustrasi
Apa kowe tau ketemu karo kahanan tertentu kaliyan rasa wedi? Kepriwe carane ngatasi?Ing
ngisor iki ana 5 jurus kanggo ngatasi rasa wedi mau. Pertama, siap-siap sing seapik-apike menawa
nemangi kahanan tertentu; Keloro, sinauni seapik-apike menawa nemangi kahanan mau; katelu,
latih rasa percaya diri; kapapat, sauwise ana rasa percaya diri, kandelake keyakinan; kalima,
kanggo nambah rasa percaya diri, kita kudu nambaha kecakapan utawa keahlian liwat latihan
utawa sinau sing bener-bener.

Struktur Teks Eksposisi


Teks eksposisi nduweni struktur lan kaidah kebahasaan tartamtu. Struktur teks eksposisi
yaiku :
1. Tesis (pembuka) : ngenalake isu, masalah utawa pandangan penulis bab topik kang arep
dibahas.
2. Rangkaian Argumen (isi) : panemu utawa argumen penulis kanggo njelasake tesis
3. Penegasan Ulang (penutup) : dudutan
Tuladha:
Manfaat Lidah Buaya
Tesis:
Ciri-ciri Lidah buaya antara liya : bentuk godhonge dawa, kandel lan wernane ijo.
kandungan serat kang ana ing godhonge minangka daging Wiwit jaman mbiyen, nenek moyang
kita wis mangerteni wit lidah buaya lan manfaat kang ana ing kandungan buahe. Manfaat tlidah
buaya kang duwe jeneng latin Aloe Vera itu ora mung kanggo bahan ngobati rambut kang rontok,
ananging uga kanggo kesehatan.

Argumentasi:
Wiwit biyen kabeh ngerti menawa lidah buaya iku nduweni manfaat, ananging akeh piyayi
kang ora ngerti menawa tanduran kasebut bisa dadi komoditas kang cukup nggawa
keuntungan.Pirang-pirang peneliti ngandharake akeh manfaat saka taneman kasebut. Manfaat mau
antara liya 1) Bagian saka tanduran iki bisa digawe obat kang apik kanggo mbantu proses
pemulihan tatu. 2) Lidah buaya bisa ngurangi proses peradangan kang disebabke anane asam
lemak kang numpuk. 3) Mbantu nglancarake pencernaan lan ndukung detoksifikasi (ngetokke
racun saka awak). 4) Lidah buaya nduweni efek anti bakteri lan anti jamur. Sipat kasebut
ndadekake lidah buaya kagolong produk sehat kang alami, antioksidan kang cukup kuat, nolak
radikal bebas. 5) Gel utawa jus lidah buaya secara tradisional dingo obat diabetes, amarga sifate
kang bisa ngudhunake kadar gula.

Penegasan Ulang:
Lidah buaya gampang katemokake ana ing ngendi-endi amarga gampang dibudidata.Lidah
buaya nyata-nyata ora mung kanggo rambut ananging kanggo kesehatan uga.

You might also like