You are on page 1of 2

Kelompok 2

Ing kelas 11 MIPA 6 ana pelajaran Bahasa Indonesia

Bu Ratna:"bocah bocah gaweo kelompok 4 wong, terus presentasikno materi tentang proposal"

Siswa:"inggih bu"

Bu Ratna banjur metu Songko kelas,murid murid pada ngrembug tugas kelompok

Sinta : "Lis, ayo menyang rombongane Rima! Rima pinter, tugase mesti cepet rampung".

Lisa : "Bener Sin, ayo marani Rima!"

Sinta : “Rima, aku karo Lisa melu kelompokmu ya?”

Rima : “Iyo Lis, Sin, kebeneran aku mung karo Nita”.

Nita : "Sesuk ngerjakne PR neng sekolah. Apa kowe duwe usulan pembagian tugas?"

Lisa lan Sinta : “Terserah kowe cah”.

Rima : “Aku iso golek materi bab perang ing perjuangan kemerdekaan”.

Nita : “Aku iso golek materi babagan kesepakatan lan rapat ing perjuangan kemerdekaan”.

Sinta : “Lha trus aku karo Lisa gawe power point”.

Rima : “Iyo, sesuk ketemu ya?”

Nita dan Rimapun mengerjakan tugas berdua hingga selesai. Keesokan harinya dikelas presentasi di
depan Bu Ratna dimulai.

Bu Ratna : “Kelompok 1, Rima, Lisa, Sinta, lan Nita ayo maju”.

Kelompok 1 : “Inggih bu”.

Bu Ratna : “Sinten ingkang badhe ngaturaken?”

Sinta : “Rima lan Nita, Bu”.

Bu Ratna : “Mula mangga Sinta kaliyan Lisa ingkang ngaturaken"


Sinta:"loh kok Kulo Bu?Rima lan Nita ingkang badhe ngaturaken.""

Bu Ratna : "Lha yo podo ae, lak kerja bareng. Sing presentasi yo podo ae. Ayo cepet Lisa, Sinta!"

Sinta : “Dadi sejarah kamardikan Indonesia diwiwiti saka um… ngono lan ngono”

Bu Ratna : “Kenapa Sinta? Lisa, kowe coba nerusake presentasi”.

Lisa : "mmm.. nggih bu.."

Bu Ratna : “Kok kowe ora ngerti tugas sing ditugasake kelompokmu? Rima, Nita, apa bener Sinta karo
Lisa lagi nggarap tugas?

Nita : “Satemene ora bu, aku mung kerjo dhewe karo Rima amarga Lisa lan Sinta ora bisa teka”.

Rima : “Inggih Bu, nalika minggu kerja kelompok, Sinta lan Lisa mboten saged rawuh."

Bu Ratna : "nyapo ora rawuh Sinta Lisa ?”

Lisa : "Piye Sin?"

Sinta : “Kula lara Bu, dados mboten saged rawuh ing dinten menika”.

Bu Ratna : “Aja ngapusi kowe, dina Minggu aku weruh kowe ing mall, kowe kudu sinau sing sregep
tinimbang dolanan kaya ngene iki, apa maneh mung nganggo jenengmu ing tugas kelompokmu. Nyuwun
pangapura marang Rima lan Nita. trus ojo dibaleni maneh nek ora. kowe ora mlebu kelas."

Sinta : “Nyuwun sewu Bu Ratna, kula mboten badhe malih, nyuwun pangapunten Rima, Nita, kula janji
mboten badhe nindakaken malih”.

Lisa: "Nyuwun sewu Bu. Rima, Nita, kula nyuwun pangapunten. Saksampunipun kula badhe sinau kanthi
tenanan, kula janji

You might also like