You are on page 1of 2

MATERI BAHASA JAWA

KELAS XII

Tata carane nulis tembang macapat

Nalika esih kelas X lan XI mbiyen, bocah-bocah tau lan pernah gladhen nulis utawa gawe
tembang macapat. Ananging, ana ing kelas XII materi nulis utawa gawe tembang macapat esih
dicakake supaya bocah-bocah luwih prigel anggone nyinauni jenis-jenising tembang macapat
kang paugerane beda-beda. Mula kudu di eling-eling maneh kepriwe carane anggone nulis utawa
gawe tembang macapat. Ing ngisor iki tata carane gawe tembang macapat supaya gampang kudu
ngerti urut-urutane.yaiku:

1. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep digawe tembang
2. Temtokna tembang apa sing arep kogawe
3. Tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru lagune
4. Gawea ukara-ukara (kalimat) kang salaras karo paugerane tembang macapat
5. Titinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang kogawe mau, kudu cocok karo
paugerane tembang sing kogawe

Tuladhane:
Paugerane tembang Dhandhanggula:
Guru gatra : 10 gatra
(10i) ………………………….
(10a) ………………………….
(8e) ………………………….
(7u) ………………………….
(9i) ………………………….
(7a) ………………………….
(6u) ………………………….
(8a) ………………………….
(12i) ………………………….
(7a) ………………………….

Cara nembangke tembang macapat


Cara nembangake tembang macapat diarani dhendha kerata , tegese anggone nembangake
kudu cetha sambungane, lugu lan bares, prasaja (ora kakehan luk, cengkok lan wilet kaya
tembang gedhe), amarga kudu inget teges lan wose tembang kang diwaca.
Babagan kang kudu dimangerteni lan dipahami kayata :

1. Pedhotan
Pedhotan yaiku asone napas nalika nembangaake macapat, bisa mapan ana ing saben wanda
ana ing tembung kang diarani pedhotan kendho, uga bisa ing pungkasane wanda kang
diarani pedhotan kenceng
2. Andhegan
Andhegan yaiku medhot anggone nembang, bedane yen pedhotan iku medhot ana ing
tembung, manawa andhegan iku mandheging tembang ana pungkasaning ukara. Manawa
mandhek ing pungkasaning ukara nanging tegese tembang during rampung diarani andhegan
wantah ( medhot/mandheg ukara tekan koma). Andegan alit medhot ukara wus rampung
tegese (titik) dene andhegan ageng yaiku mandhek ukara nanging tegese tembang sapada
uwis rampung.
3. Wirama
Wirama ing sajronie nembang macapat kudu ajeg, tegese anggone nembangake macapat
bebas lan mardika anggone miramakake waton jumbuh karo kaendahane, trep karo titi laras,
pedhotan lan sapanunggalane
Babagan olah wirama diperang dadi 6 yaiku :
a. Wilet : variasi utawa kembangane ing babagan pangolahan cengkok
b. Cengkok : rerengkaning titilaras uga gaya lagune/tembangane
c. Laras : yaiku nadha utawa endhek dhuwur dawa lan cendhake swara kang
jumbuh karo titi larase
d. Luk : nglimput andhah swara lan anung swara
e. Gregel: variasi luk kang dicepetake (fibrasi)
f. Sliring: yaiku nyimpange swara saka laras (falsetto)

You might also like