You are on page 1of 9

MATERI TEKS EKSPOSISI

SEJARAH GAMELAN & WUJUD GAMELAN


KELAS XII/SEMUA JURUSAN
2021/2022

A. Sejarah Gamelan

Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Budha
ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit.
Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawaiku kasil saka
budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang. Seni perkembangané musik Jawa
iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, [tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa
pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam. Ngrembakané musik
gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa
pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam.
Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi
gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang
nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké
mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A
B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi
aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwénipathet, ana watesé
sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi yaiku alat musik
ingkang ditabuh. Miturut basa Baliwonten istilah gambèlan ingkang dadosgamelan. Konon, ing
mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa
Saka, dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing
Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong
kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman
rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan.
Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi
proses industri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih
(Sn) lantembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi. Gamelan
biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani
wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep
dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan
kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan
diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta.
Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang
umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.
Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik banget kanthi
ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata:
1. Bali.
2. Sunda utawa Jawa Barat.
Bukti otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi Borobudur,
Magelang Jawa Tengah kang ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé katon maneka piranti
kayata:
• suling bambu.
• lonceng.
• kendhang (ing maneka ukuran).
• kecapi.
• instrument kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik, kalebu sithik
gambaran babagan èlemèn instrumen logam. Perkembangan sawisé kuwi, gamelan digunakaké
kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi akhiré ngadheg dhéwé minangka musik
dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé
gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa
pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia. Instrumené dikembangaké kanthi
bentuké kaya mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit. Ing pambedané karo musik India,
siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké. Ingmitologi
Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, dewa kang nguasai
kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medang kamulan (saiki Gunung
Lawu). Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang paradewa. Kanggo
pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan.

Miturut Larasé
1. Gamelan Laras Sléndro
Sléndra (ing Sundha disebut salendro) iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyane
sléndra, ana uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndra béda karo titilaras pélog.
Ing slendra ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndra duwé 5 nada ing saben
gembyang utawa oktaf, yaiku 1 2 3 5 6 utawa C- D E+ G A siji lan sijiné nduwé béda interval
swara sing cilik. Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan slendra wiwit ana ing tanah Jawa.
Ana kang ngira yèn ‘’sléndra’’ ana sesambungane karo Wangsa Syailendrakang naté kawentar
ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané sléndra karo andha swara
tradhisional ing Indhia lan Cina.
Notasi.
Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) barang
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nenem
Ing Bali, sléndra digunakaké kanggo kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng karo
anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi ‘’nem, sanga,’’ lan ‘’manyura’’. Urutan
iki umumé kanggo pagelaran wayang.
• Pathet Nem
Umumé ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dianggo ing swara kang cendhèk kanthi adhedasar 2
karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet liyané. Sléndro pathet nem
sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan
perang prampogan utawa perang gagal.
• Pathet Sanga
Umume ditulis ‘’sléndro sanga’’. Ana kalané uga disebut ‘’barang miring’’. Pathet iki
adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog pathet nem ing
pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing pagelaran wayang purwa pathet
sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid jejer pandhita utawa wetune Bambang
tekan perang kembang.
• Pathet Manyura
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané, pathet
manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki ing
pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah esuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi watara
jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang tekan tancep kayon lan kanggo upacara-
upacara khusus. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu iku wis prak-esuk.
2. Gamelan Laras Pélog
Gamelan laras pélog béda karo gamelan laras slendra. Laras pélog ana angka 4 (papat) karo
7 (pitu). Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyane Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo
Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada yaiku 1 2 3 4 5
6 7. Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para
empu Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog kuwi
kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné laras Gamelan ing Jawa
kuwi biyèn mung slendra.
Notasi
Angka Pangucap Jeneng
1 ji (siji) Panunggul
2 ro (loro) Gulu
3 lu (telu) Dhadha
4 pat (papat) Pélog
5 ma (lima) Lima
6 nem (enem) Nem
7 pi (pitu) Barang
Ing Bali, Pélog digunakake kanggo kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo acara
nikahan lan kanggo iringan Tari. Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem,
Lima, lan Barang.
• Pathet Nem
Umume ditulis "Pelog Nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2
karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih dening pathet liyané. Ing pelog pathet 5
dienggo kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.
• Pathet Lima
Umume ditulis "Pelog Lima". Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo
selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti
tengah wengi.
• Pathet Barang
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané, pathet Barang
luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra Manyura, pathet iki dienggo
ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi, lan kanggo upacara-upacara khusus.

B. Wujud Gamelan
1. Saron

2. Demung

3. Peking
4. Bonang barung

5. Bonang penerus

6. Kenong

7. Kethuk/kempyang
8. Gender barung

9. Gender penerus

10. Slenthem

11. Kempul
12. Gong

13. Gambang

14. Kendhang

15. Suling

16. Siter
17. Rebab

You might also like