You are on page 1of 9

SOAL UJIAN SEMESTER GASAL BAHASA JAWA KELAS XI

TAHUN 2021/2022

1. Puisi Jawa sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu nanging
nduweni rasa kaendahan kasusastran diarani ...........
a. Tembang
b. Geguritan
c. Wangsalan
d. Parikan
e. Gancaran

2. Geguritan diarani puisi bebas jalaran ........


a. Bebas anggone milih tema
b. Ora kaiket paugeran (aturan)
c. Sapa wae bisa ngripta
d. Bebas milih basa
e. Ora duwei tema

3. Endahing geguritan gumanthung saka basane, kajaba ..............


a. Pilihan tembung kang menthes
b. Runtutane swara (purwakanthi swara)
c. Tembung entar kang digunakake
d. Tembung andhahan kang diubah
e. Bagus lan ayune kang maca geguritan

Geguritan ing ngisor iki wacanen gawe mangsuli pitakonan nomer 4-6!
Omah Riwayat
Omah iki omah riwayat
Nalika bapamu isih cilik lan mlarat
Omah iki lawange tansah menga
Tumrap bocah-bocah kang isih sumega
Ya ing omah iki sliramu asring sanja
Nyambung ati kasepen kang sendhen ana kusen
Kusen-kusening panguripan kang wus padha kropos

4. Geguritan ing dhuwur duweni tema yaiku ............


a. Akeh wong kelangan omah
b. Omah cilik
c. Omah sejarahe wong tuwa
d. Omah bapak sing mlarat
e. Omah kang resik dipangani rayap

5. Geguritan ing dhuwur menehi pitutur wong tuwa marang .............


a. Bocah sekolah
b. putrane dhewe
c. Pengrawit
d. Sliramu
e. Bapake sing biyen urip mlarat
6. Amanate geguritan “Omah Riwayat” yaiku .......
a. Tansah eling karo sejarahe wong tuwa
b. Wani marang wong tuwa
c. Gubug njaluk marang wong tuwa
d. Tansah eling rekasane wong tuwa
e. Tansah eling pituture wong tuwa

7. Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku .....
a. Geguritan cacahe wand alan cacahe gatra ana tata aturane
b. Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/dilagokake
c. Geguritan iku ora kaiket guru lagu, guru wilangan lan guru gatra
d. Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru lagu lan guru swara
e. Tembang iku nggunakake purwakanthi guru swara ab / ab

8. Geguritan iku kanggo gampange uga diarani ................


Aa. Kakawin Jawa kuna
b. Kidung Jawa pertengahan
c. Tembang macapat
d. Tembang Campursari
e. Puisi Jawa modern

9. Tujuwan maca endah geguritan yaiku ...................


a. Nemokake struktur bathin geguritan
b. Nemokake struktur Jawa geguritan
c. Supaya sing mirsani pada nggumun lan eram marang sing maca
d. Bisa menehi tandha andhegan, nata napas lan pangucapan
e. Sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan

10. Alon-bantere swara, selaras-seimbange swara nganthi dadi wirama kang endah,
iku uga diarani .........
a. Diksi
b. Tempo
c. Dinamika
d. Artikulasi
e. Modulasi

11. Tegese singidan yaiku ...............


a. Tugel
b. Lair
c. Ndhelik
d. Conto
e. Pusara
12. Nalika maca geguritan, pangucapane tembung lan aksara kudu wuwuh lan cetha,
iku diarani .................
a. Tempo
b. Dinamika
c. Intonasi
d. Artikulasi
e. Amanat

MRIPAT
Dening: Moch. Nursyahid P.
Mripat
Cahyamu landhep kaya panah
Nanging endah

13. Saka irah-irahan ing dhuwur, krama inggile mripat yaiku ...........
a. Asta
b. Ampeyan
c. Rikma
d. Paningal
e. Tutuk

14. Nalika wanita ngandhut sepisanan antuk pitung wulan, dianakake upacara ritual
kang diarani ............
a. Sepasaran
b. Brokohan
c. Tingkeban
d. Siraman
e. Tedhak siten

15. Ing upacara mitoni, sang calon ibu lungguh ing sadhuwurue tumpukan jarik batik
kaya ngengremi endog. Tatacara iku diarani .................
a. Perdandan
b. Brojolan
c. Angreman
d. Siraman
e. Procotan

16. Kang diarani tedhak siten yaiku ...........


a. Cedhak lemah
b. Mudhun lemah
c. Sepasaran
d. Lair sepisanan
e. Upacara slametan
17. Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kedadeyan ing dhaerah-dhaerah,
kajaba ...............
a. Ruwatan
b. Mudhun lemah
c. mantenan
d. Karnaval
e. Larung sesaji

18. Dikendhiti tegese ..............


a. Ngembang
b. Undhangan
c. Ditaleni wetenge
d. Lunga
e. Rata tur alus

19. Kang ora kagolong piranti kanggo upacara tedhak siten yaiku ............
a. Kain jarik werna pitu
b. Andha tebu ireng
c. Kurungan
d. Klasa kang isih anyar
e. Dhuwit logam lan dolanan

20. Kang dikarepake cengkir gadhing digambari pewayangan yaiku ...........


a. Supaya bisa niru lan pinter nggambar wayang
b. Supaya si bocah mbesuk seneng marang wayang
c. Supaya si bocah ndalang wayang
d. Supaya yen bocah laire lanang duweni watak satriya yen wanita duweni sifat becik
kaya tokoh gambar
e. Supaya si bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik
ana ing gambar

21. Upacara larung Sesaji biyasane dilaksanakake .............


a. Wulan Januari
b. Wulan April
c. Wulan Besar
d. Wulan Sura
e. Wulan Desember

22. Upacara kanthi tujuwan nylameti si bocah nalika bocah wis ora ngombe ASI
diarani .......
a. Selapanan
b. Tedhak siten
c. Brokohan
d. Nyapih
e. Tingkeban

23. Nyusun laporan kegiyatan supaya bisa migunani ana tataran-tataran kang kudu
dilakoni, yaiku .................
a. Data acak
b. Ngarang laporan bebas
c. Ngurutake arsip
d. Milih narasumber
e. Tuwuh pamikiran apa sing arep dilaporake

24. Apa-apa sing klebu praboting kaperluan ing upacara tradhisi slametan
diarani ..........
a. Perangkat
b. Slametan
c. Ubarampe
d. Tilamsari
e. Sukerta

25. Ubarampe kanggo acara tingkeban yaiku ............

a.

b.

c.
d.

e.

26. Suruh kang dilinthing diboboti jambe banjur ditaleni lawe putih diarani .............
a. Bantalan
b. Gantungan
c. Buntalan
d. Buntelan
e. Gantalan

27.
Urutan acara ing gambar bisa ditilik ing upacara adat tradhisi .............................
a. Tingkeban
b. Sepasaran
c. Tedhak Siten
d. Brokohan
e. Slametan
28. Wong sing kajibahan nata lakune adicara diarani ................
a. Orator
b. Narator
c. Eksekutor
d. Pranatacara
e. Pewara

29. “Para rawuh ingkang minulya, kados sampun jangkep tumapaking adicara.
Pramila sampun dumugi purnaning titi laksana”, pedhotan teks iki kagolong tuladha
struktur teks pranatacara .......................
a. Teks panutup
b. Teks pambuka
c. Atur Pakurmatan
d. Teks inti
e. Salam Pambuka

30. “Wilujeng siyang, assalaamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi


kasarira panjenengan sedaya.” Tuladha iki diarani teks ..............
a. Salam pambuka
b. Salam panutup
c. Surasa
d. Wos (isi)
e. Panutup

31. Tembung hamangku karsa duwe teges ...........................


a. Memanis
b. Lancang
c. Bebaya
d. Duwe gawe
e. Sing ngetutake

32. Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ....


a. panata adicara
b. pambagyaharja
c. panata acara
d. panambiwara
e. Pewara

33. Kang ora kalebu syarate dadi pranatacara kang gamben yaiku ....
a. wasis ing olah basa lan sastra
b. sugih ing kawruh
c. besus ing busana
d. tansah ngugemi subasita
e. nuhoni trah utama

34. Jinis pidhato kang isine ngajak utawa nyemangati diarani .....................
a. Naratif
b. Deskriptif
c. Persuasif
d. Pidhato tanpa teks
e. Pidhato mawa teks

35. Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara
ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing
ukara iku padha karo….
a. artikulasi
b. intonasi
c. lafal
d. vokal
e. wirama gendhing

36. ”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke
digunakake ing perangan ….
a. pambuka
b. atur pakurmatan
c. isi
d. rantaman adicara
e. atur panutup

37. Kang ora klebu titikane olah swara ing pranatacara yaiku ...................
a. Lafal
b. Vokal
c. Intonasi
d. Artikulasi
e. Narasi

38.
Gambar ing dhuwur tuladhane jinis pidhato ...................
a. Naratif
b. Pidhato tanpa teks
c. Pidhato mawa teks
d. Persuasif
e. Deskriptif

39. Atur pakurmatan, Tetepungan lan Atur Puji Syukur kagolong gagasan baku
struktur teks pidhato ..........
a. Atur panutup
b. Isi
c. Salam panutup
d. Salam pambuka
e. Pambuka

40. Dasanamane pidhato yaiku...


a. Wara-wara
b. pacelathon
c. Sesorah
d. Rembungan
e. gladen

You might also like