Professional Documents
Culture Documents
Piwulang 3 Kelas 9 Semester Gasal K 13
Piwulang 3 Kelas 9 Semester Gasal K 13
INDIKATOR
3.3.1 Mendengarkan wacana teks dialog berbahasa jawa
3.3.2 Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi dialog sandiwara berbahasa
jawa
3.3.3 Membetulkan diksi/ragam yang tidak sesuai dalam dialog sandiwara berbahasa
jawa
3.3.4 Menuliskan isi dialog sandiwara berbahasa jawa
KAWRUH SAPALA
Sandawara inggih menika satunggalinging karya sastra ingkang nggambaraken
cariyos gesangipun manungsa utaminipun saking konflik ingkang dipunalami, kanthi
pacelathon lan tindak tanduk ing panggung.
URUTAN PASINAON
SEDHAHAN
Enjing-enjing Bu Dipa ngawasi Sarijan kang taksih resik-resik taman.
Bu Surya : ”Yahene kok ngglenggeng bae lho, Jan. Apa wis sarapan iki mau?”
Sarijan : “Rengeng-rengeng, kok bu”
Bu Surya : “Nyambut gawe kok ura-ura, masa ya rampung gaweane?”
Sarijan : “Kangge nglipur manah kemawon, bu”
Bu Surya : “Tulung watu-watu ing kekembangan sing tumpang tindih kuwi tatanen”
Sarijan : “Nggih bu”
Bu Surya : “Iya ngono kuwi. Yen disawang, rak katon edi peni”
Sarija : “Inggih-inggih Bu, nanging miturut kula, tumpang tindih punika seni, lo bu”
Bu Surya : “Seni... seni. Kowe iki apa mudeng seni”
Sarijan : “Lo, Ibu, kok duka”
Bu Surya : “Ciri wanci, yen diwulang genti muruki”
Sarijan : “Nyuwun pangapunten Bu, inggih-inggih sing sabar drana mawon. Pancen
watak wantun kula ngaten punika, lho Bu. Menawi watuk saged diobati,
nanging watak angel tambane”
Bu Surya : “Kok isih bisa mangsuli. Lha pager mburi, sing ambruk wingi ya wis kok
dandani?”
Sarijan : “Dereng”
Bu Surya : “Yen gawe pager kuwi, mbok sing kukuh bakuh, dadi yen ketera angin ra
nungsang njempalik kaya wingi kae. Suket-sukete kuwi dibubuti lan
kembang-kenbang sing wis lalu langse enggal diresiki pisan. Aku arep
menyang pasar, kowe tunggu omah sing ati-ati, saiki akeh durjana juti”
Sarijan : “Inggih, bu”
(Pak Surya teka saka lawang pager)
Bu Surya : “Saka tindak olahraga esuk mau, Pak”
Pak Surya : “Iya, bu”
Bu Surya : “E, Pak, Sarijan kuwi saiki kok kerep ngalamun. Yen tandang gawe akeh
lerene, malah disambi karo ura-ura barang. Ora kena kanggo tepa tuladha
kaya mbiyen”
Pak Surya : ”Wit biyen mula, Sarijan kuwi rak kaya ngana. Nadyang mangkono, budi
pekertine becik, mula aku ya seneng dieloni. Idep-idep karo nulung dheweke”
Sarijan : “(mlayu nyedhaki bundaran) Pak, Pak…”
Pak Surya : ”Ana apa ta, Jan?”
Sarijan : “Kalawau wonten tamu nyaosi sedhahan. Punika sedhahanipun”. (menehke
sedhahan)
Bu Surya : “Saka sapa, Pak?”
Pak Surya : “Mas Puspo Kusuma, arep duwe gawe mantu”
Bu Surya : “Apa si Endah Peni?”
Pak Surya : “Iya ngono, kok. Lha wong dheweke ya wis lulus sarjana”
Bu Surya : “Banjur sapa calone, Pak?”
Pak Surya : “Calone... Putrane Pak Guna Sentika saka Semarang, Asmane Rana Yuda”
Bu Surya : “Wah ya sembada banget ya, Pak. Sarjana oleh sarjana”
Kelompok :…………………………….
Kelas :…………………………….
Naminipun siswa :
1 ……………………………
2 ……………………………
2
3
10
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
KOMPETENSI DASAR :
4.3 Menulis dan menyajikan naskah sandiwara
INDIKATOR :
4.3.1 Membaca naskah sandiwara.
KAWRUH SAPALA
Menawi badhe ngonceki pesan/isi ingkang wonten salebeting wohing karya sastra
(sandiwara), kita kedah mangertosi unsur karya sastra menika. Unsur karya sastra saged
dipunpilah dados unsur intrinsik (tema, alur, setting, paraga, watak, amanat) lan unsur
ekstrinsik (sosial budaya, ekonomi lan sanesipun)
1. Tema
Tema inggih menika gagasan pokok ingkang dados lelandesanipun cariyos kanthi
wutuh. Tema wonten ing salebeting cariyos boten dipun cethakaken, dados menawi kita
badhe mangertosi tema satunggaling cariyos kita kedah maos cariyos kalawau kanthi
wutuh.
2. Alur Utawi Plot
Alur Utawi Plot inggih menika lampahipun cariyos ingkang nggadhahi sesambungan
sebab akibat. Alur menika kaperang dados tiga, inggih menika:
a. Alur maju utawi progresif. Cariyos ingkang dipuncariyosaken kanthi runtut saking
wiwitan ngantos pungkasan.
b. Alur mundur utawi flashback. Cariyos ingkang dipuncariyosaken kahanan ingkang
sanpun dipunlampahi.
c. Alur campuran. Cariyos ingkang dipuncariyosaken campuran antawisipun saking
cariyos ingkang sampun kalampahan lan ingkang saweg dipunlampahi.
Pitepungan, panulis nepungaken paraga lan latar cariyos.
Konflik, Wiwit wonten prakara-prakara ingkang dipun tingalaken.
Klimaks, Prakara-prakara ingkang wonten sangsaya ndeder.
Antiklimaks, Prakara-prakara sampun ketingal mendha.
Cariyos rampung, saged kanthi cariyos remen saged ugi cariyos susah.
3. Setting utawi latar
Setting saged awujud wekdal, panggenan, lan swasana.
Latar wekdal : inggih menika wekdal ingkang dipungambaraken nalika
paraga ngalami kedadeyan ing panggung.
Latar panggenan : inggih menika panggenan ingkang digambaraken wonten ing
panggung saben babakipun.
Latar swasana : Latar swasana dipunperang dadi kalih :
- Swasana alam : kedosan ing sakupengipun paraga, tuladhanipun : udan gerimis ,
swara jangkrik lagi ngerik (bengi)
- Swasana manah/ati : menapakemawon ingkang dipunraosaken paraga, tuladhanipun
: murka, nesu, was was, seneng.
4. Paraga(paraga) lan watak(penokohan)
Paraga menika sami kaliyan tokoh wonten ing cariyos, menawi penokohan menika sipat
wewatakanipun paraga ing cariyos. Kangge mangertosi wewatakanipun paraga ing
cariyos saged dipuntingali kanthi cara :
a. Analitik, inggih menika wewatakanipun paraga ingkang dipuncariyosaken kanthi
cetha dening panulis.
b. Dramatik, inggih menika wewatakan ingkang dipuncariyosaken naming samadya,
saged dipunmangertosi kanthi gambaran lair, pamikir lan pangraosipun paraga.
Tanggapanipun paraga sanesipun, lan ngambaraken skiwa tengenipun paraga.
Panokohan menika watak saking paraga ing cariyos. Wonten 3 jenis penokohan, inggih
menika:
a. Protagonis, inggih menika paraga utama ingkang limrahipun nggadhahi watak sae.
b. Antagonis, inggih menika paraga utama ingkang limrahipun nggadhahi watak awon.
c. Tritagonis, inggih menika paraga ingkang naming mbiyantu ingkakang nggadhahi
watak netral.
6. Amanat / Pitutur
Amanat/Pitutur inggih menika pesen ingkang badhe dipunaturaken marang pamirsa.
URUTAN PASINAON
A. Kawaosa sandiwara ngandhap menika !
Paraga :
1. Bari : nelayan, umure udakara 35 tahun.
2. Inah : bojone Bari, umure udakara 30 tahun
3. Udin : anake bari, murid SD kelas 4.
4. Carimun : nelayan tanggane Bari, wis melu klumpukan warga lan dadi anggota
KUD
5. Juragan Kardi : tengkulak iwak, uga rentenir.
Adegan 1
Setting : Omahe Bari cedhak pesisir ing perkampungan nelayan.
Musik : Swara radio lagune dhangdhutan campursarinan lamat-lamat.
Juragan Kardi teka ing omahe Bari saperlunagih utang. Wis suwe Bari ora bisa nyaur utange
amarga ombak laut lagi gedhe, asile nelayan mung sethithik ora bisa dianggo nyaur. Udin
anake Bari lagi dolanan prau-praunan saka kayu sing gedhene udakara telung puluhan
sentimeter.
Juragan : “Assalamu’alaikum”
Bari : “Waalaikum salam. Eh, Juragan! Mangga!”
Juragan : “Ri, Bari! Utangmu during kolunasi. Isih akeh ki, gunggung rong yuta!”
Bari : “Inggih Juragan. Mangke bibar nglaut kula lunasi, Juragan!”
Juragan : “Kapan mangkatmu, Ri?”
Bari : “Ngenjang, Juragan!”
Juragan : “Aja sesuk. Bengi iki kowe kudu mangkat nlaut! Bengi iki!”
Bari : “Obake taksih ageng, juragan. Nggegirisi !”
Juragan : “Pokoke bengi iki. Sesuk asile wenehna aku, kanggo mbayar utangmu,
ngerti!”
Centheng : “Awas ya yen ora mangkat. Yen ora dibayar, omahmu daksita, ngerti!”
Bari : “Mak, juragan nagih. Jareutange isih akeh ! Rong yutanan.”
Inah : “Ya Allah, saka ngendi maneh ya, Pak olehe dhuwit?”
Bari : “Ya, siji-sijine upaya kudu mangkat bengi iki.”
Udin : “Tok… otok… otok… otok, wus, wus, wus, awas ombake gedhe! Wuus…
wuus… wuus.”
Inah : “Udin, dikongkon nyambut gawe kok dolanan bae!”
Udin : “Ombake gedhe mak…!”
Inah : “Ombake gedhe, ombake gedhe?”
Udin : “Ombake gedhe,Pak! Prahune rusak.”
Juragan : “Kudu disaur utangmu! Rungokna ya, mengko bengi kowe kudu mangkat
nglaut kana! Ngerti?”
Inah : “Kepriye Pak? Mengko bengi iki isih angin baratan, Pak. Ombake ya isih
gedhe. Nggegirisi, bisa bisa prahune diterjan ombak, ilang!”
Bari : “Ya kuwi resikone nelayan. Nek ombak gedhe tetep mangkat nglaut ya
mesthi ngandhepi bebaya. Nanging iki tanggung jawabku kanggo nguripi
kulawarga. Wis sing tabah bune, aku mangkat bengi iki. Dongakna ben
slamet, entuk iwak akeh ya!”
Adagan 2
Setting : Pesisir panggonane prau nelayan sendher. Esuk wancine prau nelayan
bali.
Musik : Swara mesin prahu nelayan.
Inah : “Iki kabeh pokale juragan kardi! Kowe mateni bojoku, Kardi! Mateni bojoku!
O Allah, Kang Carimun…. Nang ngendi, Kang bari?”
Carimun : “Kepriye nah? Bari during bali?”
Inah : “Durung , Kang!”
Carimun : “Kenapa bari nekat ngaut? Iki isih ana angin baratan ombake gedhe.”
Inah : “Kang bari dipeksa juragan Kardi ngaut, Kang Carimun! Nggo nyaur utange
kandhane Jurgan Kardi. Yen sesuk ora disaur, omah iki arep disita!”
Carimun : “Utang marang lintah darat. Wah ya mesthi wae kejem. Arep nyita omah!”
Inah : ‘Kang Bari nganti esuk padhang ngene iki urung mulih. Musibah? Kerem?
Disamber angin barat?”
Carimun : “To, Darto. Ajaken mulih Yu inah karo Udin bali ngomahe dhisik!”
Inah : “Ora, Kang. Aku arep nunggu Kang Bari nang kene!” (Nangis)
Carimun : “Ya, nek mangkono ya wis. Nanging menawa nganti awan during teka, ya
mengko digoleki, nang tengah.”
Inah : “Kang Carimun , iki urip kepiye ta? (Setengah mbengok tanpa pangarep-
arep). O, Allah Gusti, urip kok kaya ngene. Sangsara, apa maneh yen Kang
Bari cilaka katerjang ombak. Prahune Kerem. Kepriye? Udiiin!”
Carimun : “Sing tabah, Nah! Sareh dhisik. Istighfar!”
Inah : “Dina apik lan karaharjan warga nelayan ya mung nang laut. Saka laut. Laut
iki menehi pangarep-arep. Laut, ombak lan pesisir kang diduweni warga
nelayan. Nanging yen kaya ngene iki kepriye, Kang?”
Carimun : “Ya, iki hukum alam jenenge. Laut migunani kanggo nelayan. Bisa entuk
iwak akeh!”
Inah : “Iya, Kang. Wingi entuk iwak akeh. Dina iki entuk iwak mung sethithik.
Sesuk bisa ora oleh apa-apa!”
Carimun : “Mangkono siklus panguripane nelayan. Padha karo ombake. Ana ombak
gedhe menawa ana angin baratan sing njalari nelayan wegah nglaut amarga
keweden ombake sing bisa ngancurake praune. Uga ana ombak kang cilikan
lan menehi iwak akeh kanggo nelayan. Rak ngono ta?”
Inah : “Kang masalahe saiki ya upaya kanggo nyaur utang marang Juragan Kardi!
Aku dhewe yaw is pesen menawa lagi angin baratan kudu sing ngati-ati
sajroning nglaut!”
Carimun : “Wis ngene wae. Mengko Sore menawa Bari wis mulih dirmbuk maneh
utange marang Juragan Kardi. Mengko dakgolekna upaya kanggo nyauri
utange Bari, saka kas warga. Banjur lunasana nganggo duwite kas. Sesuke
tembe Bari ngajokake permohonan nyilih marang kas warga. Utawa bisa uga
Marang KUD.”
Inah : “Lha mengko nyaure kepriye?”
Carimun : “Ya, diangsur. Mung wae ora kaya patrape Juragan kardi. Iki Rak
perkumpulan nelayan, dadi ya ngerti kapan wayahe nek ora nglaut. Sing
cetha ora ngabot-aboti uripe nelayan. Mengko dakjlentrehke sing pepak.”
Udin : “Mak, kae praune bapak! Mulih, Mak! Bapak mulih!!!”
Carimun : “Lha, kae ta, Bari mulih, Nah!”
Juragan : “Ee, ee, aja padha seneng. Aja kokjupuk iwak kae mengko. Kae duwekku.
Kanggo nyaur utange Bari!”
Inah : “Pangapunten, Juragan. Asil dinten menika kangge nedha rumiyin. Benjang
menawi angsal kathah badhe dilunasi!”
Juragan : “Kapan? Iki wektune wis entek. Dina iki kabeh asile kanggo nyaur utangmu.
Wis angkuten mlebu mobil kabeh nek wis minggir praune. Sudi lan Castono,
lebokna mobil iwake Bari kae ya! Cepet, selak awan!”
A. PENGETAHUAN
I. Kaparingana tandha ping (X) ing wangsulan a, b, c, lan d ingkang leres!
1. Menapa ingkang dipunsebat sandiwara ….
a. Cariyos dumadosipun satunggaling panggenan.
b. Cariyos ingkang paraganipun kewan ingkang nggadahi watak kados manungsa.
c. Karya sastra ingkang nggambaraken cariyos gesangipun manungsa utaminipun
saking konflik ingkang dipunalami, kanthi pacelathon lan tindak tanduk ing
panggung.
d. Karya sastra ingkang nggambaraken cariyos gesangipun manungsa utaminipun
saking konflik ingkang dipunalami kanthi boten ngagem pacelathon.
2. Kethoprak salah satunggaling kesenian sandiwara saking daerah ….
a. Sumatra
b. Bali
c. Jawa barat
d. Jawa tengah
3. Wonten ing sandiwara ‘Sedhahan”. Bu Surya anggenipun ngendikan kaliyan Pak
Surya ngginakaken basa ….
a. Ngoko alus
b. Ngoko lugu
c. Krama
d. Karma inggil
4. Tembung sedhahan nunggal teges kalian tembung….
a. Wara-wara
b. Pariwara
c. Pawarta
d. Undangan
5. Latar wekdal ing sandiwara Sedhahan inggih menika ….
a. Enjing
b. Siang
c. Sonten
d. Dalu
6. Latar panggenan ing sandiwara Sedhahan inggih menika ….
a. Winggking griya
b. Taman
c. Sabin
d. Ngajeng griya
7. Wonten ing sandiwara Sedhahan ngginakaken alur ….
a. Maju
b. Mundur
c. Campuran
d. Maju,mundur
8. Bu Surya : “Tulung watu-watu ing kekembangan sing tumpang tindih kuwi
tatanen”
Sarijan : “Nggih bu”
Bu Surya : “Iya ngono kuwi. Yen disawang, rak katon edi peni”
Tembung edi peni tegesipun ….
a. Ketingal semrawut
b. Ketingal sae
c. Ketingal padhang
d. Ketingal runtut
20. Carimun : “Wis ngene wae. Mengko Sore menawa Bari wis mulih dirmbuk maneh
utange marang Juragan Kardi. Mengko dakgolekna upaya kanggo
nyauri utange Bari, saka kas warga. Banjur lunasana nganggo duwite
kas. Sesuke tembe Bari ngajokake permohonan nyilih marang kas
warga. Utawa bisa uga Marang KUD.”
Saged dipun tingali saking pachelaton ing nginggil Carimun dados paraga ingkang
nggadahi watak ….
a. Protagonis
b. Antagonis
c. Tritagonis
d. Apatis
B. KETERAMPILAN
1. Kadamela setunggal naskah sandiwara sesarengan kanca setunggal kelompok (3 siswa)!
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………..
2. Katindakna sandiwara ingkang dipun damel kalawau ing ngajeng kelas!