You are on page 1of 4

1. Aja lungguh, ngadeg, utawa ndhodhok nang tengah lawang, dadi adoh jodhone.

Unen-unen kiye jane ngandhut pitutur luhur babagan tata krama. Lungguh, ngadeg, utawa
ndhodhok nang tengahing lawang kuwe tumindak sing bisa ngganggu anggone wong
arep mlebu metu umah.

Unen unen wonten nginggil kalebet jinising ….


A. pepali
B. murwakala
C. gugon tuhon
D. wasita sinandhi
E. pitutur sinandhi

2. Aja sok mangan ing paturon!


Ingkang boten kalebet ancas saking unen-unenwonten nginggil inggih menika ….
A. Supaya bisa empan papan.
B. Supaya urip resikan.
C. Supaya upa ora padha pating kececer nang paturon.
D. Supaya paturone ora reged.
E. Supaya ora adoh sekang rejeki.

3. Pepaliku ajinen mbrekati


Tur slamet sarta kuwarasan
Pepali iku mangkene
Aja agawe angkuh
Aja ladak lan aja jail
Aja ati serakah
Lan aja celimut
Lan aja buru aleman
Aja ladak wong ladak pan gelis mati
Lan aja ati ngiwa

Nilai-nilai ingkang boten kandhut wonten ing pepali wonten nginggil inggih menika ….
A. Boten pareng angkuh, amargi menawi angkuh saged ndadosaken cilaka.
B. Boten pareng umuk lan jail, amargi saged damel cilakaning liyan.
C. Boten pareng gadhah ati ingkang srakah, amargi saged disengiti dening tiyang sanes.
D. Aleman menika srana kangge mados pagesangan ingkang mulya.
E. Menawi wonten tiyang ingkang lepat, saenipun ampun dipunguroni ananging cekap
dipunarahaken supados dados tiyang ingkang sae.

4. Pakulinan ora entuk negor wit gedhe iku duwe karep... .


A. Ngopeni anak.
B. Ndhidhik disiplin.
C. Nglestarekake alam.
D. Urmat karo wong tua.
E. Tanggung jawab karo sapadhane.
5. Piwulang kang kamot ing wewaler ora entuk nglungguhi kijing yaiku... .
A. Urmat.
B. Kuwalat.
C. Pekewuh.
D. Diprimpeni.
E. Ngisin-isini.

Wacanen wacana ing ngisor iki!

Minangka anak sakmesthine duwe rasa urmat marang wong tuwa ibarat “aja sira
wani marang atuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka kang murbeng dumadi
“. Saka andharan iku bisa dimangerteni menawa kanggone wong Jawa, wong tuwa
iku utama ateges lku kudu diajeni, diurmati kanthi gelem ngajeni lan ngurmati ateges
diarani anak sing bekti. Menawa matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu
nganggo basa kang alus lan kepenak dirungokake, ya mesthine nganggo basa Jawa
karma. Aja pisan-pisan wani marang wong tuwa amarga iku bisa diarani anak kang
duraka.

6. Apa isi pokok wewaler wacan ing dhuwur….


A. Anak sakmestine duwe rasa urmat marang wong tuwa
B. Yen matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu nganggo basa kang alus lan
kepenak dirungokake
C. Bakal kena bendu saka kang murbeng dumadi
D. Yen matur marang wong tuwa nganggo basa Jawa karma
E. Aja pisan-pisan wani marang wong tuwa amarga iku bisa diarani anak kang duraka

Wacanen wacana ing ngisor iki!

Sajroning urip ing bebrayan prayogane aja siramulang gething marang liyan,
jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwise. Saka andharan kasebut bisa
dimangerteni menawa urip ing bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi wae. Ana ing
sekolahan minangka bocah sekolah sejatine aja nganti ana rasa gething, anyel, lan cubria
marang kancane, amarga kanthi kawetuning rasa kang kaya mengkono kuwi mau bisa
njalari cecongkrahan marang kanacne dewe. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun, pada
urmat lan ngurmati.

7. Nilai kang kamot ing sajroning wacan wewaler ing dhuwur yaiku………
A. Yen urip bebrayan ana ing ngendi wae, aja nganti ana rasa gething, lan cubria amarga
bisa njalari cecongkrahan.
B. aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang
ora ana uwise
C. Sajroning urip ing bebrayan prayogane aja sira mulang gething marang liyan.
D. Menawa urip ing bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi wae kang kaya mengkono kuwi
mau bisa njalari cecongkrahan marang kanacne dewe.
E. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun, pada urmat lan ngurmati
8. Aja ngidoni sumur, mundhak guwing lambene. Gugon tuhon iku diarani gugon tuhon....
A. Salugu
B. Isi wasita sinandhi
C. Bebandhan
D. Keluwarga
E. Bebangsa

Nglangkahi Gemelan
Ing Pura Mangkunegaran Surakarta, akeh peninggalan sujarah jaman biyen kang
isih disimpen lan dirumat kanthi becik. Uwal saka kontroversi ing gamelan Kyai Kanyut
Mesem nganti saiki nduweni wewaler sing diugemi lan ora ana sing wani nerak. Wewaler
mungguhing gamelan Kyai Kanyut Mesem mau ora kena dilangkahi. Para pangrawit
utawa abdi dalem liyane ora ana sing wani nerak wewaler mau.

9. Apa kang dadi underane teks eksposisi ing ndhuwur iku?


A. Kyai Kanyut Mesem ing Pura Mangkunegaran
B. Bektine para abdi dalem ing Pura Mangkunegaran
C. Ora kena nglangkahi gamelan Kyai Kanyut Mesem
D. Ora ana sing wani nabuh gamelan ing Pura Mangkunegaran
E. Pura Mangkunegaran mapan ing kutha Surakarta

Gatekna pacelathon iki !

Sawijining dina, Aji dimasakake dening ibune jangan khas asli Blora karemane
yaiku Jangan Lembarang. Age-age Aji njupuk piring banjur mangan sega lawuh Jangan
Lembarang karemane mau, ananging gandheng wus wareg, segane isih turah ana piring.
Ibu ngendika yen mangane ora entek, pitik ingon-ingonane Aji bakal mati.

10. Sejatosipun, babagan sega nyisa mboten wonten sesambetanipun kaliyan pitik mati.
Nanging menawi dipungalih kanthi weninging pikir, sejatosipun wewaler kasebat
nggadhahi pikajeng ...
A. minangka wujud rasa syukur marang Gusti isih diparingi rejeki arupa panganan.
B. kudu dikira-kira sepira akehe upamane njupuk mangan supaya ora nganti nyisa.
C. ora ana pawongan liya sing gelem ngentekake sisa panganan sing ora kepangan.
D. minangka wujud syukur merga isih ana wong ing negara liya kang mati kaliren.
E. urip iki pindha kompetisi, aja nganti kalah karo wong liya, utamane bab mangan.

11. Aja gawa klambi warna ijo utawa biru yen ning segara, mundhak diseret lelembut.
Wewaler kasebut menehi teges, yen gawa klambi warna ijo lan biru yen njegur ning
segara, ora ketara yen keseret ombak amarga warnane nyamari.
Adhedhasar tuladha wewaler kasebut, piwulang luhur kang diajarake nenek moyang
kangge generasi Jawa saiki yaiku ….
A. Supaya bisa menehi patuladan ajaran bab sopan santun tata krama dhateng liyan
B. Supaya suku Jawa dipandhang luwih
C. Supaya bisa menehi tata krama dhateng liyan
D. Supaya bisa menehi pangeling-eling ajaran dhateng liyan
E. Supaya bisa menehi pangeling-eling/ nasehat ajaran bab sopan santun tata krama
dhateng liyan

12. Aja sok tumbak cucukan,mundhak dadi wong kafir. Tumbak cucukan tegese ….
A. Seneng tetulung
B. Seneng crito
C. Seneng ngrungoke
D. Seneng dolan
E. Seneng adu-adu

13. Aja sok jag-jagan ing amben utawa paturon, mundhak ora ilok.
Gugon tuhon ing dhuwur becike dilakoni amarga . . . .
A. Bisa wudunen
B. Bisa gawe awak lara
C. Mengko angel anggone turu
D. Mengko angel anggone golek jodho
E. Regedan kang nemplek ing dlamakan sikil ngregedi kasur

14. Ing pada ka-27 Susuhunan Pakubuwana II memacuh marang putra wayahe supaya ora
kena madat, dene kang nglanggar bakal ditokake saka dhaftar keturunan Kanjeng Sunan
kang kapethak ing Laweyan. Susuhunan Pakubuwana III memacuh supaya anak turune
ora ngangkat wong kang dudu saka jinise lan supaya anak turune ora nglanggar
pepacuh kang wis diwedharake.
Suwene-suwe budaya wewaler kang tinulis ing serat-serat lawas Jawa iku dipercayani
dening masarakat Jawa. Wewaler iku dadi asipat umum lan dadi kabudayan Jawa.
Wewaler nduweni daya kang bisa njaga keslametan manawa percaya tumrap wewaler
kasebut.
Wewaler saka Susuhunan Pakubuwana II kang bisa ditrepake ing padintenan, yaiku . . . .
A. Ora kena nandur waluh ing ngarep omah
B. Ora kena nyampingan cindhe
C. Ora kena dedolanan ing alas
D. Kudu sinau tembang Kawi
E. Ora kena madat

You might also like