You are on page 1of 1

RANGKUMAN MATERI

BAHASA JAWA KELAS 2


WULANGAN 1 URIP RUKUN
Wacanen teks ing ngisor iki ! (Ana ing buku halaman 13-14)
Kerja Bakti
Dina Minggu esuk, lingkungan sakiwa-tengene daleme pak Wibawa katon rame. Para warga guyup
rukun nindakake kerja bakti utawa gotong royong bebarengan ngresiki dalan lan kalen. Bapak-bapak resik-
resik, dene ibu-ibu nyepakake dhaharan kanggo sarapan. Para warga anggone kerja bakti katon cukat
trengginas. Ora ana sing sangga uwang. Olehe tumandang gawe disambi guyon supaya ora gampang kesel.
Werna-werna piranti sing dienggo. Ana pacul, arit, cethok, sapu, lan cikrak. Bocahbocah padha melu repot
tumandang gawe. Bima, Rini, lan kanca-kancane sregep banget. Atine seneng bisa kumpul karo para warga.
Sawise kerja bakti kabeh kumpul ing latare pak Wibawa. Sarapan wis sumadiya. Dhaharan sing
sumadiya wernane akeh. Ana sega pecel, lodheh, urap-urap, ayam goreng, lan isih akeh maneh jinise. Uga ana
bubur kacang ijo, es blewah, lan teh anget. Ibu-ibu padha iwut ngladeni bocah-bocah. Bapakbapak mundhut
dhewe-dhewe. Kabeh dhahar bebarengan. Anggone dhahar padha katon rahap. Ing kana-kene keprungu guyune
para warga. Pancen warga RT loro kelurahan Sukamaju angger ana kegiyatan mesthi dilakoni bebarengan. Bab
kuwi nuduhake yen para warga tansah guyup rukun.
MBEDAKAKE SWARA JEJEG LAN SWARA MIRING
1. SWARA JEJEG
Swara jejeg uga diarani swara sampurna, olehe maca padha karo tulisane.
Tuladha :
a. Swara a jejeg = lima, ana, pira, sapa, mara, sega, maca
b. Swara i jejeg = iki, kuwi, pipi, siti, rugi, lagi, baris
c. Swara u jejeg = luru, guru, biru, maju,tumbu
d. Swara e jejeg = sate, kene, jare, kowe, lele
e. Swara o jejeg = domba, loro, belo, kilo, ijo, kono
2. SWARA MIRING
Swara miring uga diarani swara ora sampurna manawa olehe maca owah saka tulisane.
Tuladha :
a. Swara a miring = kambil, baris, domba, bapak, sekolah, gawe, anak
b. Swara i miring = lading, adhik, dhuwit, wis, pitik
c. Swara u miring = payung, wisuh, weruh, pikun, tarung
d. Swara e miring = bebek, golek, menek, tekek
e. Swara e pepet = wareg, wedi, geger, banger
f. Swara o miring = adoh, dhondhong, terong, bocah

You might also like