You are on page 1of 2

Anisa Rizqi Rahmadhani (07/MIPA 2.

4)

GAMELAAN JAWA
Gamelan jawa iku salah siji jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga
Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik gamelan
saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan luwih alon.
Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan Sunda sing rasa
musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras
slendro lan laras pelog. Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma
nem). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang
dadipathet nem, pathet sanga, lan pathet manyura. Urutan iki umume kanggo
pagelaran wayang. Laras pelog nduweni gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma nem
pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pahtet nem, pathet lima, lan pathet
barang.
Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bagian yaiku gongan, balungan,
panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong menika kalebu
gongan. Balungan iku rangkeyan melodi ing gamelan. Dadi ing jinis musik gamelan iki inti
melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki. Sing kalebu balungan yaiku saron panerus,
saron barung, demung lan slenthem. Saron demung utawa asring disebut demung iku salah
sawijining pirantigamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron
paling gedhe ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe
demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. Loro jinis
piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhe ing
kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambane 9 cm. Saron demung
ndhuwe swara paling rendah ing kelompok saron. Panerusan yaiku bonang, gender, gambang,
siter lan rebab. Bonang barung yaiku salah sawijine bagian perangkat Gamelan Jawa kang
duweni bentuk pencu banjur diarani bentuk pencon. Laras slendro wilahe ana 12 cacahe,
banjur kang laras pelog wilahe ana 14. Bonang barung manggone ing rancakan saka kayu
kang bentuke kaya amben. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangake ing tali kang
diarani pluntur. Bonang barung ditabuh nganggo kayu kang cacahe 2, kayu kuwi mau sing
bageyan dhuwur diblebet nganggo kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola
tabuhane, yaiku polatabuhan gembyang, mipil, imbal, sekaran, klenangan, lan liya-liyane.
Bonang barung kuwi gunane kanggo mbukani gendhing. Sakliyane kuwi,bonang barung uga
bisa kanggo nuntun alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang barung kuwi bisa kanggo
Anisa Rizqi Rahmadhani (07/MIPA 2.4)

nuntun instrumen liyane. Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun,


nanging kolaborasi karo bonang penerus gawe pola lagu lan ing aksen-aksen penting bonang
gawe sekaran kang biasane ana ing akhir kalimat lagu.
Yen kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo
kombinasi tlapakan karo driji, dadi ora nganggo alat khusus kanggo nabuh. Ing musik
modern, piranti iki digolongake piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadah penyangga
saka kayu sing wujude memper huruf X. Kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo
mimpin lan ngarahake musik. Kendhang nduweni jinis lan ukuran kang werna-werna.
Ukurane kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuke kaya drum lan
dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4 kelompok iku nduweni fungsi dhewe-dhewe
kanggo nggawe swara sing harmonis.
Gamelan Jawa nduwe aturan sing wis pakem antarane katata saka pirang-pirang
rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampak utawa cepet-
rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine wis diatur ing
bagian-bagian sing saben-saben ketata 4 gatra. Pandangan urip Jawa kang digambarake
sajrone musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan
sajrone omongan lan tumindak saengga mujudake toleransi ing sasama. Wujud nyata ing
musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong,
srin, kendhang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama. Gamelan Jawa biasane
dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa uga ana swara
sindhen kang nembangake lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.

You might also like