You are on page 1of 2

Tuladha Tembang Macapat “Pangkur”

Anggota Kelompok :
1.) Nabiilah Aulia Nurhalizah (25)
2.) Najwa Nisrina Setyanti (26)
3.) Putri Asyifa Kusuma Nawawi (27)

1.) Mingkar mingkuring angkara,


Nyumingkiri hawa napsu,
Akarana karanan mardi siwi
Yen arep nggulawentah anak,
Sinawung resmining kidung,
Kudu dirakit kanthi tembang kang endah,
Sinuba sinukarta,
Dipaes supaya katon becik,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Supaya ancase ngelmu luhur kuwi kelakon,
Kang tumrap neng Tanah Jawa,
Kang dumunung ing Tanah Jawa,
Agama ageming aji.
Agama dadi punjering kauripan.

2.) Nggugu karsane priyangga,


Nuruti sageleme dhewe,
nora nganggo peparah lamun angling,
Yen arep ngendika ora dipikir dhisik,
lumuh ingaran balilu,
Ora gelem dianggep bodho,
uger guru aleman,
Mabuk dialemi,
nanging janma ingkang wus waspadeng semu,
Nanging wong sing wis ngerti patrap,
sinamun samudana,
Malah ngasorake awak,
sesadoning adu manis.
Nanggapi kabeh kanthi apik.

3.) Sabarang kang dipun ucap,


Kabeh sing diomongne,
Nora wurung amrih oleh pribadi,
Mung gawe kepentingan pribadi,
Iku labuhan tak patut,
Iku kebajikan ora patut,
Aja na nedya nulad,
Aja niru,
Ing wateking nenem prakara punika,
Keenem sifat ing dhuwur,
Sayogyane ngupaya,
Samestine berlakukake,
Lir mas tumimbul ing warih.
Kesadaran sing mesti ana.

You might also like