You are on page 1of 128

Tutur

Dening : Adinda Aulia Azahra (01)

Sintun lan Wati, tukang rasan-rasane RT 11, kasuwur


enteng omonge lan seneng ngurusi uripe wong sak desa. Esuk iki
ing warunge bu Yatin, ibu-ibu desa Sidokaya pada belonjo, ora
keri Sintun lan Wati mesti ana.

“He, hot news ! Sampeyan weruh bu Meta, sing jilbabe dawa


banget kaya arep ngepel dalan, anake sing jenenge Mimin kayae
meteng,” jare Sintun.

“Iya Jeng ! Aku ya krungu jarene meteng mbe dudane desa


Durenijo, pak Bakri,” timpale Wati.

“Lho, lha dalah ! Mosok ta ? Wong Mimin bocahe ora neko-neko.


Sampeyan aja nyebar gosip lo Tun ! ” jawabe bu Kepala Desa.

“Ora bu Des ! Iki aku intuk wartane saka tanggane pak Bakri
dhewe lo, jarene iki ya, wingi dalu ing daleme pak Bakri ana wong
wedok nangis-nangis njaluk dirabi amarga wis meteng 3 ulan,
nanging raine sing wedok ora ketok,” ature Sintun.

“Raine ora ketok kok sampeyan isa ngomong iku Mimin anake bu
Meta, duso lo sampeyan Tun ! Wati ki ya aja melu ngompori !” bu
Yatin nengahi.

“Iki wis terverifikasi, disangka wedoke saka RT 11 desane


awakdhewe, merga pak Bakri asring njemput wedok iku ing ngarep
gang,” timpale Wati.

“Wis-wis, ora intuk nuduh, wong wedok ya ora mung Mimin anake
bu Meta, Sri anake Sintun ya wedok, ana Bitun anake bu Yatin
bereng” ujare bu Kepala Desa.

“Sing penting hot news-e pak Bakri arep rabi karo wedoke RT 11”
tegese Wati.
Nalika ibu-ibu pada asik nawar kangkung, saka kulan ana
mobil putih mendek lan metu pak Bakri saka lawang kiwane.

“Assalamualaikum ibuk-ibuk, kula madosi bu Sintun ! ” aruhe pak


Bakri.

“Waalaikumsalam” jawabe ibuk-ibuk.

“Lha ana apa ki aku digoleki duda kerene desa Durenijo ? ” takone
Sintun endel.

“Bu Sintun, kula arep ngomong. Menawi ning griyane sampeyan wae
pie ? ” takone pak Bakri.

“Walah, penting iki tandhane. Ya wis ayo-ayo ana omah wae. Aku
pamit sek ya Jeng, arep ngobrol karo duda keren ! ” pamite
Sintun.

Sak paninggale Sintun lan pak Bakri, ibu-ibu pada kepo


marang apa sing bakal diomongake Sintun lan pak Bakri. Wati,
balane Sintun, ngajokake awake kanggo nguping apa sing
diomongke. Ibu-ibu liyane pada setuju.

“Ana apa ki pak Bakri ? Kok tumben banget,” takone Sintun.

“Bu, kula badhe nyuwun ijin kangge rabi kalih Sri, yogane
sampeyan,” panjaluke pak Bakri.

“Lho ! Sampeyan apa ora metengi anake bu Meta, si Mimin iku,


kok wani-wanine sampeyan arep ngerabi anakku ! ” jawabe Sintun.

“Mboten Buk, kula mboten enten napa-napa kalih Mimin. Kula


nyuwun pangapura sanget, kula kalih Sri khilaf bu, mula kula badhe
enggal ngerabi Sri sak derenge ana gosip nyebar,” panjabarane
pak Bakri.

Atine Sintun makdeg, kringet sak gedhe jagung ngucur


ana batuke, awake adem panas, anak wedok siji-sijine sak iki
meteng karo duda. Sing mau olehe Sintun nuduh Mimin meteng,
kok nyatane malah anake dhewe sing di-gosip-na.

“Kowe ancen wong ora bener, ngene ki piye nek tangga-tangga


pada weruh, harga diriku arep diseleh ndi ? Pokoke sesok gawa
kaluargane sampeyan, jam 8 isuk ! ”syarate Sintun.

“Nggih Buk, benjing kula teka jam 8, ngapunten sanget buk. Kula
pamit rumiyin sak derenge enten sing curiga,” pamite Bakri.

Sakrampunge Bakri bali, Sintun banjur melu ngrumpi


maneh ing warunge bu Yatin.

“Halo, Jeng ! ” aruhe Sintun.

“Ndo ! Sampun Bu omong-omonge kalih pak Bakri ? Enten info


napa ki bu Sintun?” takone bu Yatin.

“Haduh, mboten napa-napa Bu ! Mboten penting,” ature Sintun.

“Apa sih Tun kok ora penting ! Sri meteng kok ora penting ! ”
ujare Wati.

“Sapa sing meteng ? Sri ? Aneh-aneh wae kowe. Sing meteng iku
Mimin ! ” bantahe Sintun.

“Wis ora usah kowe tutupi, aku krungu dewe mau Bakri ngomong
arep ngerabi Sri perkara Sri meteng anake to ? Iso-isone
sampeyan nuduh Mimin sing bocahe ora neka-neka” ujare Wati.

“Kowe ngunu ya Ti ! Wayah aku ana masalah kowe malah nyeblokna


aku, ilingo sampeyan ya melu-melu nuduh Mimin sing meteng,”
jawabe Sintun.

“Nyatane Sri sing meteng, mulane aja seneng ngurusi uripe wong
liya nganti uripe anakmu kelendran ! ” sindire bu Yatin.

Bu Kepala Desa nengahi yen rasan-rasan lan nuduh tanpa bukti iku
penggawean kang ora bener, aja nganti sibuk golek cacate wong
liya nganti ora sadar kurang merhatikna anake dhewe. Mula aja
nyebar kabar kang urung tentu bener, sarta kudu nguati iman
supaya ora mlenceng ing dalan kang ora becik.
Ketiban Sara

Dening : Agnes Qowiyunda Brilianti (02)

Ing salah sawijining dina ana bocah sing wis putus asa
marang sekolahe. Dheweke wis pasrah Karo biji sekolahe. Jenenge
Viga, anake direktur salah sijine perusahaan ing kutha Bojonegoro
iki. Bapak lan ibune wis ora ngopeni anake. Viga duwe kanca
jenenge Moza, Rifda , lan Chaca. Dheweke sekolah ing SMA 1
Pitaloka.

Isuk-isuk Viga lungguh ing teras kelase, dumadakan Moza teka


takon marang Viga.

"Hee, Ga, mek apa kok lungguh dhewe ing kene?" Takone Moza

"Mbuh.. kesel aku ngeneki, biji elek saben Dina" wangsulane


Viga

Moza sing weruh Viga ngersula marang bijine iku ngandani dadi
wong aja pasrah, Tinimbang pasrah mending dodolan jajan wae ing
Pasar. Viga sing ngerungokno omongane Moza langsung mere
amarga atine gela. Ora suwe bocah wadon loro teka nemoni bocah
lanang Kuwi mau yaiku Rifda lan Chaca.

"Ana apa iki rame-rame ing kene?" Takone Rifda

"Ngrameni jagat wae!!" Omongane Chaca Karo nada duwur

Moza njlentrehake apa kedadean Kuwi mau. Rifda lan Chaca sing
wis ngerungokno omongane Moza banjur mulih lan omong didelok
wae Viga sesok mari-mari dewe.

Dumadakan wayah bengi ing omahe Viga, Moza teko dolan


ngajak Sinau Viga , nanging Viga nawani obat kanggo ngilangake
stress. Moza ora mikir suwe banjur njajal obat Kuwi mau. Sawise
dijajal Moza ketagihan. Akhire obat Kuwi mau dideleh Viga ing
tase Moza lan nggawe postingan marang kanca-kancane lewat hpne
Moza. Moza banjur mulih sawise njajal obat kuwi mau amarga
sirahe ngelu. Ing tengah perjalanan, Chaca ndeleng Moza mlaku
alon-alon kaya wong ora ngerti tujuan. Chaca langsung marani
Moza lan nakoki.

"Zaa, zaaa kowe kenek apa?" Takone Chaca Karo ngoyak awake
Moza

"Apa ta!! Aku rapapa!!" Wangsulane Moza karo mlaku


sempoyongan.

"Teka ngendi ta kowe ki?" Takone Chaca

"Omahe Viga" wangsulane Moza

Akhire Moza diterna mulih Karo Chaca tekan omahe. Chaca banjur
mulih amarga dheweke lali dikon ibune tumbas mie goreng.

Sesuk isuk wayah sekolah, Moza ditekani bocah akeh amarga


postingane promosiaken obat kuwi. Moza kedadapan ora ngerti
apa-apa. Banjur dheweke ndeleng hpne kaget amarga ora Moza
sing mosting obat kuwi. Viga sing liwat ing ngarepe Moza ditakoni.

"Ga, kowe sing mosting Iki ta?" Takone Moza

"Iyo" wangsulane Viga

Chaca lan Rifda sing krungu omongane kuwi mau, ngandani Kabeh
obat Kuwi ora bener. Obat Kuwi iso wae narkoba.

"Ga, Iki narkoba ta? Jawab Ga!!" Takone Chaca Karo nyurung
bahune Viga

"Jare sapa kowe? Rasah keminter dadi wong!" Wangsulane Viga

"Aku roh, wingi bengi Moza mulih karo gliyengan nek mlaku
dheweke sawise saka omahmu" omonge Chaca

"Jujur wae kowe , apa perlu guru BK tak celukke ?" Omongane
Rifda marang Viga
"Wis ya aku ngaku salah, nanging aja laporna Aku njaluk sepura
ya" wangsulane Viga

Kabeh bocah sasekolahan akhire padha ngerti kuwi ulahe


Viga. Viga dadi bocah mbedik amarga kurang diperhatikno marang
wong tuwane. Akhire Viga dadi bocah sing apik lan gelem dijak
Sinau bareng kanggo mundakna bijine.
Jakarta lan Sandiwara

Dening : Agrivina B. Wainesa (03)

Nayla, Tiara, Sinta, lan Risma iku koncoku sing paling


cedak. Sakdurunge enek covid, sak bendino kene dolanan bareng,
kadang nganti ing luar kota. Nek sekolah kene uga ngelakoni apa-
apa bareng, kene cah lima iki wis kelet terus koyok ora isa
dipisahake. Wajar ae kene ngelakoni apa-apa bareng amerga kene
wis kekonconan kawit SMP kelas siji nganti saiki arep lulus SMA.

Ing sawijining dina, aku lagi telponan karo kanca-kancaku


seng wis suwi ora tau ketemu amarga covid-19 mulane kita ora
bisa pembelajaran tatap muka ing sekolah lan suwi ora tau dolan
koyo biyen kae. Pas wayah iku koncoku Nayla kepengen ngajak
kene dolan marang omahe budhene sing manggon ing Jakarta
menisan jalan-jalan ing kono. “Walah mesti seru ya cah nek missal
kene cah lima iki dolan menyang Jakarta bareng-bareng,” Jere
Tiara. Banjur Risma jawab, “Iyo jelas lah, wis suwi kene ora tau
dolan meneh ya kawit enek covid iki”. Ancene sejak enek covid iki
kene wis ora tau dolan maneh amarga kene waspada lan pengen
pandemi cepet bar. Tapi jujur wae, rasane aku lan konco-koncoku
wis pengen dolan maneh, ditambah saiki PSBB wis ora seketat
biyen lan wong sing kenek covid saya saitik.

“Pie ya, sakjane aku ya pengen banget cah dolan koyok


biyen kae opomeneh ing Jakarta. Tapi masalahe ibuku mesti ora
negekeki izin amerga covid ijek ugung mari” jawabku marang cah-
cah. “Loh lha tapi kan saiki wis new normal, wong-wong nek njobo
kono ya wis podo metu-metu koyok biasane, asal kene nurut
prokes aman lah mestine” jere Sinta. Banjur Nayla ngomong “Iyo
betul kuwi, wis ngene wae, nek masalah izin kene mbijuk wae
marang wong tua. Sapa ta cah seng ora pengen ing Jakarta, nek
aku sih pengen banget. Kepriye yen kene izin nginep ing omahku
wae terus kene budal ing Jakarta nganggo mobil lan supirku.
Amarga bapak lan ibuku ing luar kota mestine aman sih, “

Banjur telponan pas wayah iku, akhire aku lan kanco-


kancoku bakalan budhal ing Jakarta tenanan nganggo rencana sing
koyok diomongno Nayla kuwi mau. Awale aku rodok wedi lan
nderedeg marai lagek iki aku mbijuk marang wong tuaku. Tapi pie
maneh, asline aku pengen pol ing Jakarta, amarga aku pengen
kuliah ing kono lan aku pengen roh kutone koyok piye.

Sakminggu sakwise kuwi, aku izin mareng ibu lan bapakku


yen arep nginep ing omahe Nayla kanggo nggarap tugas sekolah
bareng-bareng menisan dolanan mbek cah-cah. Syukure, ibu lan
bapakku ora curiga blas lan langsung menehi ijin amerga aku lan
cah-cah terah wis biasa nginep bareng. Akhire aku kondo marang
konco-koncoku lan kene sido budhal 3 dina kas.

Akhirne dina sing tak enteni teka, aku lan konco-koncoku


budhal menyang Jakarta nganggo mobil lan supire Nayla. Atiku
senenge ora kaprah, pas perjalanan kene cerito uwakeh tentang
opo wae. Tugas-tugas sekolah wis tak barno sedino sak durunge
kene budhal dadine pas jalan-jalan ora duwe tanggungan apa-apa
lan isa bebas.

Sakwise tekan Jakarta kene nginep ing omahe budhene


Nayla sing anyar, banjur kene dolan menyang Ancol lan Museum
Macan. Kene Cuma duwe waktu sedina tok, dadi pas isuk kene
budhal neng Ancol lan dolanan wahana-wahana permainan sing
menurutku seru banget amarga wis suwi aku lan kanca-kancaku
ora dolanan ngeneki. Pas ing Ancol kono, aku lan cah-cah seneng
banget, kene njupuk foto lan video kang uwakeh kanggo kenang-
kenangan. Nanging, foto-foto iku ora tak kirim ing ndi-ndi ben ibu
lan bapakku ora weruh yen aku bijuk.

Kene dolanan ing Ancol Cuma nganti awan tok, sakwise iku
kene dolan menyang Museum Macan. Duwek sing tak nggo dolanan
iki duwek celenganku ket awal tahun mulane aku duwe sangu cukup
kanggo ing Jakarta iki. Pas ing Museum Macan kene ndelok karya
seni kang apik lan macem-macem. Aku lan kanca-kancaku ora
ngarah nyesel teka ing museum iki amarga panggonan lan isine apik
banget.

Tibake dina iku, aku lan cah-cah ora sida nginep neng
omahe budhene Nayla amerga budhene enek keperluan mendadak,
mula iku kene langsung muleh wae. Pas ing perjalanan muleh cah-
cah pada lesu banjur kene mendek ing salah siji omah makan sing
ijek nek daerah Jakarta. Nanging, pas ing rumah makan kuwi aku
weruh ibu-ibu sing menurutku ogak asing. Akhire tak delok terus
lan tak iling-iling sopo ibu sing mangan ndek omah makan kuwi.

Pas aku durung bar mikir, ibuke kuwi langsung marani aku
lan cah-cah “Lhoo.. nduk kowe ya nek Jakarta to… karo sapa ae
iki? walah-walah awakmu kok gelismen gede ya. Ayo foto mengko
tak kirim nek ibukem, ape kanda yen aku petukan anake ndek
kene” ngendikan ibu kuwi. Bar ngono aku langsung iling, yen ibu
kuwi Bu Retno sing biyen ngontrak ning sanding omahku. Aku
durung jawab apa-apa tapi Bu Retno wis jupuk HPne lan buka
kamerane banjur ngefoto aku bareng cah-cah ndek rumah makan
kuwi.

“Sip, wis tak kirim neng ibumu. Aku ora nyangka tenan
bakal ketemu awakmu neng kene oponeh wis sakmene gedene, dek
biyen pas aku ijek ngontrak nek pinggir omahem awakmu ijek cilik
karo senengane nangis hahahah” Bu Retno ngomong moro-moro
diparani bojone lan bar ngono wonge medal teka omah makan kuwi.
Saiki sing tak pikirne, yen Bu Retno ngirim foto kuwi ing ibuku
berati aku ketauan yen aku mbijuk.

Tibake tenan, ora suwi tekan iku ibuku langsung nelpon


awaku nanging akun wedi banget nganti ora wani ngangkat telepon
teka ibuku kuwi mau. Awakku rasane dredge kabeh, kanca-kancaku
uga melu dredge amarga dheweke ya pada ditelpon karo ibuku.
Ketoke ibuku iki nesu banget. Akhire banjur kene mangan lan pas
perjalanan muleh aku wani ngangkat telpone ibuku. Nanging ibuku
ora nesu, tapi malah takok awakku lan cah-cah wis tekan ndi lan
ngongkon seng ngati-ati.

Rasane aku tambah wedi, mesti engko yen pas aku teka
lagek diseneni karo ibu lan bapakku. Tapi ya ape pie maneh, wong
terah iki kesalahanku amerga mbijuk marang wong tuaku. Akhire
sakwise perjalanan sing lumayan adoh aku lan cah-cah teka ing
omah. Kene diter ing omahe dewe-dewe karo supire Nayla.

Akhire saktekone awakku ing omah, ibu lan bapakku wis


ngenteni aku ing ruang tamu. Awakku pas mlebu omah rasane
dredeg banget lan ora wani ngomong apa-apa. Kene sak omah
meneng wae nganti ibuku mulai ngomong lan nyeneni awakku.
Bapakku uga nesu banget nganti awakku digepuk nganggo sapu.
Ancene awakku iki pantes diseneni lan entuk hukuman. Asline aku
ya nyadar apa sing tak lakokno iki salah, nanging aku malah tetep
milih pilihan seng salah. Aku janji marang awakku dewe ora bakal
ngulangi kejadian kaya iki amerga ora cuma mbijuk marang wong
tua nanging uga gawe wong tua ketar-ketir lan metu pas pandemi
sing artine aku bahayakno awakku lan wong-wong ing sekitarku.
Egois Nggarai Ala

Dening : Alam padang lokeswara (04)

Dina iku aku matur bapakku yen aku pingin diajari nyopir
mobil amarga aku wis nyadar nek aku wis mumpuni kanggo nyetir
mobil. Bapakku ngolehi banjur nelpon sopir sing mesti nyopiri
keluargaku. Sorene bapak sopir banjur teko, aku lan pak sopir
langsung budhal menyang lapangan.

“niki apane sik pak sing kang kudu di lakuno?” Takon ku

“Pertama idak i kopling banjur kuwi pindahno persneling melbu


gigi siji banjur digas alon-alon” wangsulane pak sopir

“Latian nyopir iku kudu sabar lan gelem ngalah karo pengendara
liane supaya ora cilaka” imbuh pak sopir

“Inggih pak” wangsulan ku

Banjur diajari pak sopir iku aku ngomong pak sopir amarga
aku pingin langsung diculno ing dalan merga aku wis ngerasa isa lan
lancar ing lapangan. Pak sopir ngiyani aku banjur nyopir ing dalan
gedhe lan menisan mulih. sak banjure tekan omah aku langsung
nyeritake latian nyopirku marang ibu lan bapakku. Sampun
seminggu latiyan berlalu, sore iku aku iseng-iseng nyoba nyopir
mobil ing dalan dewe lan ora dikancani pak sopir.

Aku muter-muter kutho rene-rono lan nyetel musik ing


mobil karo ngerasa seneng amarga aku wis isa nyopir mobil dewe.
Ndilalah pas aku ngenikmati dalan ana pengendara mobil banter
nyelip aku lan ape njupuk dalanku, aku banjur emosi lan berusaha
nutupi dalanku. Aku dempet-dempetan karo mobil kuwi akhire
mobilku senggolan lan nyebabake body mobilku penyok lan mberet
loro karone. Aku lan sopir mobil kuwi akhire minggir dalan amarga
ape nyelesaino masalah iku mau.

“pie to pak polahe sampean?!!” takok ku karo emosi


“nda sing salah iku awakmu, aku ape nyelip lan wes ngekakno
riting malah ora bagi dalan!!” wangsulane bapak-bapak iku

“wis-wis mas aja gelud mending masalah iki di lanjutno dateng


polisi mawon” warga sing ngelerai

Aku lan bapak-bapak iku banjur ning polantas bareng-


bareng. Sak wis e tekan kantor polisi aku lan bapak-bapak iku mau
nyeritakake masalah iku. Banjur aku nelpon bapakku supaya teka
marani aku ing kantor polisi. Sak wis e nelpon bapakku sekitar 10
menitan bapakku teka kalian pak sopirku, bapakku banjur nakoki
keadaanku lan njaluk informasi kronologis kejadianku ing pak
polisi.

Akhire bapakku lan aku damai kaliyan bapak-bapak sing


bermasalah karo aku, bapakku nambeli biaya dandan mobile pak e
kuwi, pak e kuwi nambeli biaya dandan mobilku. Banjur pak polisine
kuwi mau negur bapakku lan nilang aku, STNK mobilku di gawa pak
polisi amarga pas kuwi aku ugung nduweni SIM. Banjur tekan omah
aku didukani bapak lan ibuku

“pie to le kok iso kedadian koyok ngunu iku mau?” takone ibuk ku

“kuwe iki ugung isa ngendalino emosimu ing dalan” imbuh bapak ku

“ojo sembrono to le, iku mau isa nggarai cilaka awakmu lan wong
liane” imbuh ibuk ku

“inggih pak buk kulo salah, amarga ora gelem ngalah ing dalan”
wangsulan ku

“wis sak iki aja nyopir mobil sik sak ulan!!” imbuhe bapak ku

“inggih pak kulo njaluk ngapura” wangsulan ku

“Wis ya le aja di lakoni maneh” imbuhe ibukku

“nggih buk” wangsulan ku


Sak wis e kejadian iku aku sadar lan ngerasa salah lan ora
ngerungoake dawuh e pak sopir bien. Aku introspeksi diri yen ing
ndalan iku kudu sabar, ngendalino emosi, lan kudu gelem ngalah
supaya ora cilaka. Sak ulan berlalu aku wis di oleh i bapakku latian
nyopir maneh, aku kudu iso mbuktino yen aku wis berubah lan ora
kaya biyen maneh.
Sumringah

Dening : Aldila Dwi Nugroho (05)

Aldila minangka jeneng singkatan saka wong tuwa. Bocah


iki sing dikenal aktif lan seneng ngguyu wiwit cilik wis akeh crita
sajrone urip. Salah sawijine nalika tuku HP lan menyang omah
eyang. Ing sore kang cerah, kejaba Aldila katon lunggung ana
kursi ngarep omahe. Ulate mbesungut, atine katon nggondok.

“Buk, ayah dereng rawuh ta? Kok suwe eram.” Pitakon Aldila
marang ibu e. Uga tibak e Aldila wis dijanjeni ayah e arep
dijak mlaku-mlaku sore menyang toko HP.

Aldila terus kelingan janjine ayah yen Aldila bisa rangking


1 arepe di tumbasne HP anyar koyok sing wes dak pingini katon
suwe.

“Ayah jek kerja nduk, kayak e bakal mulih rodho telat”, jawab e
ibu.

Aldila nimpali dhawuhane ibu, “Lha ayah wingi pun janji ajenge
numbaske aku HP anyar lo buk, mosok ayah kesupen ya ?”. Ora
suwe banjur ana suwara motor melbu nek ngarep omah, Aldila
langsung mlayu mastekne yen suwara iku teko motor ayah e mulih
kerja.

“Yeyyy, ayah rawuh……. Ayah rawuh.......”. Aldila sorak-sorak


bungah atine.

Aldila sing awale katon lesu, gelisah lan bingung uga langsung
semangat. Polae dino iki mau Aldila tampa rapot kelas 5 SD lan
dilalahe oleh ranking 1.

“Yah, sore niki sios tumbas HP anyar kagem Aldila kan?”, takon
Aldila.
“Wah, anakku ranking 1 tenan ta? Selamat ya nduk….. ayo gek
dang adus terus budal tumbas HP”, jawabe ayah Aldila. Banjur
tanpa basa-basi Aldila langsung njupuk klambi lan mlaku nak jeding
ados.

Rampung adus, Aldila di dandani karo ibuke, gawe minyak


wangi lan pupuran merok-merok. Bar kui langsung nemoni bapak e
sing wis siap budal ngenteni nek ngarep omah. Ing toko HP, Aldila
sampek bingung milih HP sing di pingini. Akeh pilihan HP sing di
tawarke mulai OPPO, VIVO, SAMSUNG apik-apik tur warnane
katon nyenengke.

Sakwise milih-milih HP kang ana ing toko, Aldila mulai sreg


karo salah sijine HP Samsung kang warnane ireng.

“Yah, aku seneng karo sepedah ingkang niki”, munine Aldila karo
ayah e.

“Sek, jajal dak takokne regane piro”. jawabe.

Banjur ayahe Aldila nakokne HP ireng mau kang di pingini


Aldila menyak penjaga toko. Tibake sing di pingini Aldila regane
2jt. Ayah e setuju karo HP kuwi merga model lan warnane kang
apik. Aldila yakin yen HP kuwi durung enek sing duwe.

“Pancen jos tenan pilihanmu wis”, dhawuhe ayah menyang Aldila.

Sakwise dibayar karo ayah e Aldila, HP kui banjur digawa


mulih menyang omah. Aldila wis ora sabar gawe HP kui menyang
omahe kakunge.

Ora krasa sisuk wis preinan sekolah sing suwene ana 3


minggu, aku lan kaluwargaku duweni rencana bakal dolan menyang
griyane kakungku kang ana ing desa watujago. Desane kakungku
terkenal ijek asri, kaline bening, lan sawah-sawahe katon ijo royo-
royo.
Perjalanan teka omahku menyang omahe kakungku butuh
wektu 3 jam. Mari sholat subuh aku wis semangat adus lan nyiapne
klambi ganti selama liburan ing kono. Gak lali ibukku juga nyiapne
bekal digawe selama perjalanan. Akeh pemandangan kang apik
amerga perjalanan menyang omahe kakungku ngelewati gunung lan
hutan.

Aku lan keluarga budal teka omah jam 7 esuk numpak


mobile bapak. Selama perjalanan aku lan bapak akeh crito tentang
pengalamane bapak pas jek cilik nek omahe kakungku. Aku malih
duwe rencana pengen dolan nek kali, sawah lan kebone kakung.
Ora krasa crita ngalor-ngidol, wayah jam 10 awan tibake ameh
tekan omahe kakungku. Kakungku ketok wis siap ngenteni nek
ngarep omah karo wajahe seneng banget karo katekananku.

Selama nek omahe kakungku, aku di ajak dolan menyang


kali, sawah lan kebon. Aku seneng isa liburan sekolah nek desane
kakungku.
Boneka Aya

Dening : Alya Ratu Pricilia (06)

Uripku nalika aku SD kebak dolanan karo kanca-kancaku.


Muter minangka perkara sing ora bisa dilalekake nalika duwe
wektu luang. Jadwalku nalika semana mung dolanan lan mlebu
sekolah. Saben awan, tanggaku sing umure padha karo aku, Aya,
mesthi nyeluk jenengku kanggo ngajak aku dolanan.

Nanging kadhang kala, yen ngenteni suwe banget aku bakal


menyang omahe lan mbengok jenenge kancaku. Wiwit dheweke
pindah saka omahku sing sadurunge kosong, aku mung siji sing
njaluk kanca. Bisa uga amarga dheweke isin banget lan dheweke
arang katon srawung karo tangga teparo liyane tanpa aku.

Kita ora bisa ngetung sepira kerepe dolan lan nglampahi


wektu ing taman cedhak komplek omah. Suwe-suwe, akhire Aya
katon penak nalika diajak ngobrol utawa dolanan karo tangga
teparo liyane. Kita asring dolanan karo dolanan sing diduweni.
Nalika semana kita seneng banget karo boneka.

Kita asring main karo boneka lan nggawe crita dhewe.


Kadhang kala, kita nganggep boneka kasebut minangka sadulur,
sedulur, utawa kewan ingon. Kita asring mbayangake kaya nalika
main drama minangka protagonis lan boneka liyane minangka peran
tambahan.

Ing dina Minggu, esuk dina Minggu pancen pas, kita


nggunakake wektu kanggo muter wektu. Nalika semana, aku sing
marani kancaku. Nalika aku nyeluk, ora ana sing mangsuli saka
njero omah. Nalika ndelok pager, aku ora weruh sepedha motor
sing asring digunakake kulawargane Aya.

Yen ngono, aku bisa nyimpulake yen Aya lan kulawargane


metu tuku sarapan. Pancen, ora suwe sawise iku Aya teka
bareng bapak lan ibune. "Aya, ayo dolanan boneka maneh!"
njupuk kula.
Nanging, kancaku iki meneng wae kaya ndhelikake apa-apa saka
aku. Sawetara detik mengko dheweke mangsuli, "Kowe ndhisiki,
aku bakal ngetutake.". Sawise krungu omongane, aku langsung
menyang taman.

Udakara sepuluh menit aku ngenteni Aya, pungkasane


dheweke teka nanging ora nggawa boneka kesayangane. Aku uga
kaget. Biasane dheweke bakal nggawa sapi sing diiseni, jarene
wong tuwane tuku dheweke metu saka kutha. Akhire aku takon
marang dheweke kenapa dheweke ora nggawa boneka. Tinimbang
mangsuli, Aya nutupi praupan nesu sing durung nate dakdeleng.
Banjur ora ana angin lan ora ana udan, kancaku langsung nuduh yen
aku nyolong boneka kasebut. “Nyolong, aku wae wis duwe akeh
boneka. Napa aku kudu nyolong boneka kowe? " Aku mangsuli
protes.

Praupane Aya dumadakan dadi abang lan jelas yen


dheweke nesu. Banjur, dheweke langsung nyurung awakku nganti
tiba tiba mundur. Nalika dheweke langsung ninggalake taman
kasebut. Aku, sing isih cilik nalika semana, mesthi wae nangis
nalika nyeluk ibu. Untunge, omahku lan tamane ora adoh banget
mula ibuku langsung metu saka omah lan nulungi aku.

Dina esuke, dumadakan Aya nyeluk jenengku saka njaba


omah. Aku sing krungu langsung bingung amarga tak kira dheweke
ora bakal kepengin ketemu maneh. Akhire aku metu saka omah lan
langsung nemoni kancaku. Nalika aku ngadeg ing ngarepe, Aya
langsung njaluk ngapura marang aku lan ujar manawa boneka
kasebut didhelikake dening adhine sing ora ngerti.

Banjur, aku lega lan aku wis ngapura. Sanajan dheweke wis
nuduh aku lan malah nolak aku, aku isih ora nesu marang dheweke,
amarga aku yakin ana Aya sing mung emosional sedhela. Sapa sing
ora nesu nalika ngerti yen barang sing disenengi ilang. Ana sing
nggawa metu karo ngolok-olok wong liya, malah ana sing nangis.
Aku yakin kancaku iki duwe sebab. Menawi amarga aku siji-sijine
wong sing main karo dheweke, mula dheweke mung nuduh. Sanajan
aku wis ngapura, Aya isih tetep ora krasa salah. Aku sing weruh
uga rumangsa salah. Pungkasane, supaya kahanane ora kikuk
maneh, aku ngajak Aya main maneh. Nanging wektu iki dudu
dolanan boneka, nanging muter sepeda.

Wis seminggu wiwit kedadeyan kasebut. Aku lan Aya wis


kumpul maneh lan ora nate mbabarake kedadeyan kasebut maneh.
Alesane mung siji, saengga kahanane ora dadi kikuk maneh. Sore
iki kita main maneh ing taman. Amarga sawetara sebab, wiwit
ngilang saka boneka Aya, kita ora nate main karo boneka maneh,
nanging muter sepeda.

Ternyata sawise mikir, muter sepeda luwih nyenengake


tinimbang dolanan karo boneka. Kita asring menyang warung
cedhak omah nggunakake sepeda. Kita duwe warna pit sing padha,
sing putih. Kita katon kaya sedulur. Malah sawetara wong kalebu
kulawarga kita dhewe ujar manawa praupane padha. Intine, aku
seneng banget duwe kanca kaya Aya lan muga-muga Aya uga
bersyukur duwe kanca kaya aku.
Teka Nanging Mung Sedhela

Dening : Amalia Sholawati (07)

Dina iki, aku ngenteni bocah cilik sing pisanan mbukak


mripat kanggo ndeleng jagad iki. Dheweke yaiku adhikku, sing
dakkarepake kulawarga lan aku. Nalika ing kamar panginepan, aku
tansah nyawang praupane adhikku sing ana ing ranjang bayi.
Praupane cilik, irunge cilik, lan tangane cilik. Aku kepingin banget
yen ing sawijining dina bisa ana wektu yen aku dolanan karo
adhikku.

"Adhik lucu. Tanganipun alit sanget. Ibu, kula badhe dolanan


kalih adhik." ujarku kanthi semangat.

"Haha .. Ngenteni adhikmu wis gedhe, ya. Banjur sampeyan


bisa dolanan karo adhikmu," ujare ibu karo ngguyu.

Ibu lan adhikku manggon ing penginapan mung sedina. Nalika


adhikku arep mulih, aku seneng banget nyambut dheweke ing omah
kaping pisanan. Yen ditakoni apa aku seneng saiki, aku ora bisa
nerangake, amarga sing dakkenal yaiku tekane nggawe uripku
luwih warni. Saben mulih sekolah aku mesthi njupuk wektu kanggo
dolanan bareng dheweke, anane pancen nggawe aku seneng amarga
akhire aku bisa oleh kanca dolanan."

"Adekkk, mbak teka ", aku langsung ngambung pipi nengen


lan kiwane bola-bali nganti pipine abang. "Aku kangen kowe "

"Nduk, ganti klambi dhisik", bengok ibu saka pawon. "Nggih,


buk",wangsulanku.

Nalika Adhikku umur patang wulan, ibu lan bapak nembe


ngerti yen adhikku ngalami penyakit jantung. Ibu lan bapak ngerti
nalika ndeleng adhikku sing lagi susah ambegan lan tanpa ngenteni
maneh, wong tuaku langsung nggawa adhik menyang dokter.
Sawise digawa menyang dokter, pungkasane kita ngerteni
yen penyakit adhikku minangka penyakit bawaan. Ngerti ngono,
nggawe jagadku krasa remuk, kenapa iki kelakon karo adhikku?
Dheweke isih enom lan mesthi ora bisa nahan prekara sing abot
banget. Muga-muga sawijining dina adhikku bisa pulih lan bisa main
maneh karo aku.

Adhikku wis kaping pirang-pirang mlebu ing rumah sakit.


Malah bapak gelem adol mobil kanggo biaya kesehatan Adhikku.
Ndelok adhikku turu turu manis ing inkubator, aku krasa sedih
banget. Kepiye bocah cilik kudu nglawan penyakit ala iki.

"bu, kapan adhik mantun? kula badhe dolan kalih adhik"


ujarku karo nangis.

"Sabar, nduk. Ndonga supaya adhikmu cepet-cepet mari,


ya." ngendikane ibu.

Wis luwih saka setaun adhikku liwati, aku sedih amarga


dheweke kudu berjuang dhewe ing kana, kudu berjuang kanggo
awake dhewe supaya bisa pulih. Aku saiki kepiye? Aku mung bisa
ndonga, muga-muga Gusti Allah menehi kesempatan marang
adhikku supaya bisa mari saka penyakit.

"Ya allah, tulung mantunaken adhik kula. Kula badhe dolanan


kaliyan adhik kula malih. Kula kangen adhi kula." Aku ndedonga
sawise sholat dhuhur. Dokter ujar menawa adhikku bisa diopeni
nalika dheweke umur rong taun lan aku rumangsa iki warta apik.

Nalika aku lan kabeh kulawarga nemokake salah sawijining


kabar apik babagan adhikku, Gusti Allah nduwe rencana liyane.
Adhiku wis ora tahan maneh, dheweke ora bisa nahan lara maneh.
Ing wulan Januari 2012, Gusti Allah wis nggawa dheweke lunga
selawase. Aku nganggep manawa Gusti Allah ora adil marang para
abdine, kenapa bocah cilik kaya awake dhewe kudu ditarik maneh?
Sanajan dheweke nembe ngrasakake napas jagad iki lan saiki
dheweke kudu mungkasi sadurunge bisa ngrasakake maneh.
Sakulawargaku teka, sedulurku gawe tenang aku. "Wis
tenang, ora apa-apa, ndonga supaya adhikmu tenang ing kana, ya?"
ujare sedulurku, Mbak Laras. Nanging tangisku ora bisa mandheg
sanalika. Omahku kebak wong teka nilik adhikku.

Nyawang kain kafan sing mbungkus awake adhik, aku


sedhih, dheweke tenan lunga? Aku ndeleng rupane ibuku, aku
nangis sinambi ngrangkul awake ing kamar.

"Huhu... Ibu, adhik buk. Kula badhe dolan kalih adhik.


Nanging kok adhik kesah rumiyin." Ujarku sinambi nangis.

"Shhh ... Wis, nduk. Sabar, ndonga supaya adhikmu tenang


ing kana." ngendikane ibu.

Adhiku digawa bapak menyang papan istirahat pungkasan


esuk, awake cilik digawa bapak sing ora nganggo sandal. Aku weruh
sedulurku nganggo seragam sekolah, lan aku langsung takon
marang ibu, "Bu, punapa kula mboten mlebet sekolah?"

"Ora usah disek. Mengko gawe surat izin ora mlebu


sekolah, ya" wangsulane ibu. Aku nurut.

Sawise kedadeyan kasebut, omahku krasa sepi banget. Ora


bakal ana guyu maneh saka adhikku, ora ana swara tangise sing
nggawe wong omah tangi lan ora ana gunemane maneh. Wiwit
adhine mbakyu, aku wiwit ngerti yen kabeh makhluk urip mesthi
bakal ninggal donya iki. Gusti Allah bakal males apa sing
ditinggalake ing jagad iki, apa sejatine urip. Pamit sedulur, nganti
mengko ketemu maneh.

Wiwit adhikku ninggal, aku wiwit sadar yen kabeh makhluk


urip mesthi bakal ninggal donya iki. Gusti Allah bakal njupuk
maneh apa sing ditinggalake ing jagad iki, apa sejatine urip. Pamit
adhikku, nganthi mengko ketemu maneh.
Dolanan Trail

Dening : Amellia Syabila P.C. (08)

Bocah cilik pancen nyenengake. Dolanan karo kanca,


nindakake apa sing dikarepake yaiku cara kanggo nyebutake awake
dhewe. Ya, iku sing daklakoni nalika isih cilik. Wong tuwaku mesthi
nyengkuyung apa sing dakkarepake ngerti potensine lan aku bakal
menehi pitutur marang kowe bab sing dakkira penting banget
nalika isih cilik.

Ing kelas 2 SD, wong tuwaku mesthi menehi hadiah yen bijiku
apik. Ing kelas 2 SD aku njupuk 2 pelajaran, yaiku pelajaran karo
kanca-kancaku sing daktindakake nalika awan lan uga pelajaran
pribadi sing dakkirim. nindakake ing wayah wengi. sawise maghrib
nganti jam 9 bengi. Aku uga seneng dina iku. Aku kepingin mlebu
ing ndhuwur 3 ing sekolah dhasar sing daksekolah. Aku seneng
banget bisa terus sinau. sanajan asile duwe ora nggayuh
kekarepan sing dakkarepake, aku ora kecuwan supaya terus entuk
asil paling apik nalika semana.

Biyen yen bakal ana PAT, nanging biyen diarani semester.


Wong tuwaku, sing tepat, bapakku mesthi ujar "Yen sesuk asile
kepenak, aku bakal menehi hadiah". Ya, iki carane wong tuwa
dakwulang dhisik, menehi semangat liwat ganjaran. Iki nggawe aku
luwih semangat sinau maneh supaya oleh hadiah saka wong tuwa.
Senajan hadiah kasebut ora mewah utawa cukup larang. Nanging
akeh artine kanggo aku.

Cekhane crita, dina njupuk kertu laporan teka. Ora kaya sing
dakramalake. Dina iku aku entuk rangking 8, senajan semester
sadurunge aku rangking 7. Mesthi wae, bijine saya mudhun, aku
banget kuciwa karo awakku dhewe. Semester iki aku gagal entuk
hadiah saka bapakku. Iki nggawe aku sinau luwih angel maneh.
Nganti semester sabanjure aku entuk rangking 5. Iki pancen
nyenengake kanggo aku.Aku peringkat kaping 5 ing kelas 3
semester 1. Aku nampa kertu laporan ing wulan Mei. Lan ing wulan
April aku ulang taun. Nanging bapakku ujar manawa aku uga bakal
entuk hadiah ulang taun nalika skor kertu laporan ku munggah. Lan
nalika sawise nampa kertu laporan lan ngerti rangkingku. Bapakku
menehi hadiah awujud sepeda reged cilik. Amarga bapakku seneng
muter pit motor. Aku uga pengin putrine seneng bab sing padha.

Nalika semana Aku wiwit sinau nunggang jejak, senajan tiba


kaping pirang-pirang, aku ora nyerah, aku terus nyoba. Nganti
pungkasane aku seneng muter sepeda reged nganti kelas 5. Wiwit
sinau bunder omahku dhewe ing lapangan, senajan aku seneng
banget, aku ora nate turu nalika semana, aku main jejak tanpa
ngerti wektu. Malah nganti sawetara tangga teparo negesake
bapakku amarga dheweke rumangsa yen aku awan nalika turu. Aku
ngetutake sawetara acara petualangan karo bapakku. Nanging,
ora disangka-sangka, nalika bapakku melu juara, bapakku tiba lan
patah balung. Aku sedih banget. ora bisa main sepedah motoran,
nanging bapak kandha marang aku "Mel, terus muter jejak yen
sampeyan seneng banget main trek, tiba iku wajar, aja mandheg
main jejak amarga ngerti bapak kaya iki amarga sampeyan main
jejak, mung wenehi piwulang iki supaya luwih ati-ati nalika dolan.
”Yaiku ujare bapak. Nalika semana, aku terus main sepedha
rereget.

Nyatane, aku malah duwe wektu sinau khusus kanggo ngerteni


trik dolanan sepeda jalan. Iki terus nganti tekan kelas 7 SMP lan
amarga kecelakaan bapak , bapakku jarang muter sepeda maneh
lan mbaka sethithik aku uga arang main jejak amarga kondisi ora
bisa ditindakake. Nanging nganti saiki nalika bapak ngajak aku
dolanan sepeda reged, aku ora nate nolak amarga aku yakin bisa
nggawe bapak seneng.
Pasutri

Dening : Aviola Dheya E. (09)

Ing enjing dinten ingkang cerah, kula saweg mlampah-


mlampah keliling griya sekitaran griya. Kula manggen ing kitha alit,
kalih penduduk ingkang mboten patos padat. Punapa malih nalika
dinten ahad, kathah tiyang ingkang mboten purun medal amargi
piyambake sedaya langkung remen kangge ngaso ing griya. Kotane
kula ugi kitha ingkang asri, nggadhahi kathah pemandangan ijem
ing pinggiring margi. Kalih griya-griya ingkang dijaraki dening wit
utawi tumbuhan ijem sanese.

Kula inggih menika setunggaling tiyang estri limrah.


Nyambut damel ing salah satunggaling kantor ing kitha kecile kula
puniki. Kalih gaji ingkang cekap kangge ngebaki kehidupane kula.
Kula kantun piyambakan ing ngriki, kaping kalih tiyang sepuhe kula
sampun mboten wonten lan kula putra setunggal-setunggale.
Gesang kula kebak kalih coban dados kula kedah saged usaha atos
kangge angsal gesang normale kula wangsul.

Ing kotane kula wonten patsuri ingkang terkenal.


Piyambake sedaya serasi sanget. Estri elok sanget lan ingkang
jaler tampan sanget. Piyambake sedaya ugi sugih lan nggadhahi
griya ageng. Nanging sayang piyambake sedaya dereng nggadhahi
lare. Kathah ingkang manahake estri mandul ingkang pungkasane
piyambake sedaya dereng dikaruniai setunggaling tiyang lare.

Saben dinten piyambake sedaya sibuk kalih pandamelane


piyambak-piyambak lan ing dinten libur piyambake sedaya mboten
ajeng nate ketingal medal saking griya. Piyambake sedaya asring
dados omongan wargi, amargi piyambake sedaya mboten saged
kempal-kempal kalih sae sanadyan piyambake sedaya sampun
kondhang ing ngriki. Sasampune mlampah-mlampah, kula mampir
blanja sayuran ing wande celak griya lan kepanggih ibu-ibu ingkang
saweg blanja ugi .
"loh mbak irna, kok lagek tuku sayur yahmene?" ucap salah
satunggaling ibu-ibu ing ngrika.

"oh nggih bu, kala-wau kantun tangi. Kala-wingi telas lembur


pandamelan ing kantor. " wangsulan kula

"lembur apa pacaran? Ndek ingi koyoke diter nganggo mobil jaler
wangsul ing griya." sumaur salah satunggaling ibu-ibu.

"nggih, kala-wingi pulange diantar pacar amargi sampun sanget-


sanget dalu damel pesen ojek piyambakan. Ajrih kenging punapa
kenging punapa bu. " wangsulan kula sinambi memilih-milih sayuran
ingkang ajeng kumasak mangke.

"oalah... saiki kapan nikah?" candane

"dereng bu, dereng siap. Mangke tengga rumiyin. " wangsulan kula
malih.

Bibar kula milih sayuran lan pinten-pinten bumbu pawon


ingkang telas, kula enggal mbayar lan kesah amargi ibu-ibu
kasebat kakathahan sanjang.

Ing setunggaling kala, kula mireng kabar menawi patsuri


paben hebat ing dalu dinten. Malah dados wartos ingkang cekap
menggemparkan ing kitha kula . Tangga ingkang saweg langkung
ngajenging griyane mireng teriakan setunggaling tiyang estri ing
lebeting griya. Nanging piyambake sedaya mboten purun tumut
campur masalah griya tangga pasangan kasebat . Pinten-pinten
dinten lajeng piyambake sedaya ketingal akur wangsul. Piyambake
sedaya ketingal bidhal nyambut damel sareng lan kesah mlampah-
mlampah sareng .

Dinten puniki inggih menika dinten jemuwah. Kula lan


pacare kula berencana kesah dhateng jawining kitha sasampune
wangsul nyambut damel. Kita badhe nelasake wekdal bocah kalih
lan ngresiki panggalih amargi penggawean. Kita nyipeng ing salah
setunggal hotel ing kitha sebelah. Hotel lintang 4 kalih fasilitas
jangkep. Kita remen sanget nelasake wekdal kalih olahraga utawi
madosi panganan-panganan ingkang unik lan eca.

Kula tansah taken kalih piyambake kala punapa kita ajeng


emah-emah lan nggadhahi kegesangan ingkang endah kados
patsuri kasebat . Nanging piyambake tansah wicanten.

Kados limrah kula blanja sayuran ing warung celak griya


lan sampun kathah ibu-ibu kempal.

“eh Mbak Irna, wis ngerti kabare pasangan sing omah gedhe wi
pisah?” tangled satunggale ibu-ibu

"kantos lah, diluk maneh aku nikah karo awakmu. Enteni ndhisik.
Aku ra ngarah ninggalno awakmu." Taken salah satunggale saking
piyambak sedaya.

“dereng bu, ngertos saking pundi bu?” wangsul kula, ndalang


mboten ngertos.

“loh loh loh, kabare wis kesebar sak kota ki. Mosok ora weruh,
barang-barange sing wedok yo wis dipindahi.” Ucape.

“oalah ngonten bu, nggih bu kula pamit rumiyin.” Wangsulku


setelas bayar sayur-sayur niki

Mboten selang pinten-pinten minggu, patsuri kasebat


dikabarake pisah. Duka punapa alasane, kula namung remen
sumerep puniku. Pungkasane punapa ingkang kula impikan dados
kasunyatan. Kula saged nggantosake posisi estri kasebat . Tamtu
kula lan mas jak mboten aka manggen ing kitha kasebat malih. Kita
pindhah ing kitha ingkang langkung ageng kalih griya ingkang
langkung wiyar saka griya kalih mantan semahe puniku.
Aku lan Bapakku

Dening : Bima Wahyu Kurniawan (10)

Pak Tejo iku salah siji wong sing tinggal ing kutha Sekar. Pak
Tejo urip karo anake, yaiku Tono. Pak Tejo kuwi wong sing sregep
mergawe. Pak Tejo mergawe dadi pegawai kantoran. Gajine uga
cukup kanggo kabutuhan saben dina. Awit ditinggal mati bojone,
Pak Tejo ngopeni anake dhewekan. Saben esuk, Pak Tejo wis
budhal mergawe menyang kantore nalika Tono isih turu.

Tono kuwi uga bisa diomong bocah sing sregep. Dheweke


mesthi ngewangi bapake ngurusi gawean ing omah, kayata ngresiki
kandang pitik, nyapu omah, lan sapanunggalane. Ing sekolah, Tono
dadi bocah sing pinter. Toni kuwi bisa diarani bocah berprestasi.
Saben dina Tono diterna sekolah karo bapake numpak motor
kawak.

" Wes jam 6.30 le, ayo budhal sekolah !" ajakane Pak Tejo marang
Tono.

" Inggih sekedap pak, kula taksih siap-siap niki," wangsulane Tono.

" Dak enteni ing motor ya, Bapak uga kudu wis budhal iki,"

" Inggih Pak.." (karo nganggo sepatu)

Banjur, Pak Tejo ngeterno Tono budhal sekolah. Ing


dalanan, Pak Tejo akeh ngekei wejangan karo diselingi guyonan
marang Tono. Pak Tejo ora lali ngilingake Tono yen dadi wong
kuwi kudu sabar lan nrima apa sing diparingi Gusti Ingkang Maha
Agung.

Sawise ngeterake Tono ing sekolah, banjur Pak Tejo


budhal menyang kantore. Lagek ndeleh tas ing meja, Pak Tejo
ujug-ujug diparani karo kepalane. Ing kono, Pak Tejo oleh surat
teguran yen mergawene Pak Tejo kuwi ora bener. Garapane akeh
sing salah. Mulane kepalane Pak Tejo kuciwa. Ing dina kuwi uga,
Pak Tejo dipecat saka penggaweane. Jleb! Pak Tejo kaget karo
omongane kapalane. Pak Tejo ora bisa ngomong apa-apa. Dheweke
ora percaya yen dipecat saka penggaweane. Banjur Pak Tejo
mangkat saka kantor. Pak Tejo bingung karo kahanane saiki. Pak
Tejo ora ngerti maneh arep golek gawean ing ngendi. Pak Tejo uga
bingung kepriye carane ngomong ing anake. Atine Pak Tejo sedhih
banget.

Sesuk isuke, Pak Tejo cepet-cepet golek gawean maneh.


Pak Tejo nglamar ing perusahaan ngendi wae ora ditampa. Banjur
dheweke petuk karo kanca lawase. Kancane nawani yen ana siji
gawean sing bisa nampa Pak Tejo. Ora nganggo omong kosong, Pak
Tejo langsung mangkat. Alhamdulillah!! Pak Tejo ditampa dadi
tukang ojek online. Pak Tejo seneng banget amarga wis oleh
gawean maneh.

Saben dina, Pak Tejo mangkat nyambut gawe dadi ojol.


Awit esuk nganti bengi, Pak Tejo mung oleh penghasilan saitik.
Kerana penghasilane saka ojek online kurang lan ora nyukupi
kabutuhan, Pak Tejo ngrangkep nyambut gawe srabutan dadi kuli
panggul ing pasar.

Ing sisih liya, Tono ora ngerti kahanane bapake saiki.


Padahal, bapake kahanane lagi susah banget. Tono ora rumangsa
yen penjaluke iku nyusahake bapake. Saiki, saben dina sangu
sekolahe njaluk diluwehi. Tono uga njaluk ditukokake klambi
sekolah anyar, sepatu anyar, tas anyar, lan sapanunggalane.

"Pak... Bapak... Tono nyuwun tambah sangu sekolah, Pak."


penjaluke Tono marang Pak Tejo.

" Arep mbok nggo apa le ? Sangu sekolahmu kuwi ga ya wis cukup
to ?" wangsulane Pak Tejo.

" Ngeten lho Pak, mulih sekolah aku arep dolan karo kancaku. Lha
sangu sekolah ora bakal cukup. Urung nek mengko aku arep tuku
jajanan. Bapak ki aja medit-medit karo anake," wangsulane Tono
marang Pak Tejo nganggo nada kereng.

" Bapak iki ora kok medit karo kowe, Le. Bapak pancen urung enek
duwit luwih. Iki bapak ya isih mergawe, kowe sing sabar ya,"
Wangsulane Pak Tejo. Banjur Tono budhal sekolah diterno karo
Pak Tejo. Tono isih gelo amarga sangune ora ditambahi karo
bapake. Awit budhal nganti teka sekolah, wajahe Tono mrengut
terus. Tono uga ora salim marang bapake. Tono langsung bablas
menyang njero sekolahan.

Amarga salah pergaulan, watake Tono saiki dadi beda.


Sithik-sithik dheweke nesu marang bapake. Tanpa alesan sing
jelas, Tono saiki malah dadi bocah sing gede sirahe. Senengane
pamer marang kanca-kancane. Tono uga seneng ngenyek marang
kancane sing ora patek pinter. Nek kancane nglakoni kaluputan,
Tono malah nyalahna lan maki-maki kancane. Mboh kenapa watake
kuwi dadi antagonis. Padahal bapake Tono ora tau ngajari Tono
sing ala-ala.

Ing sawijining dina, wayah mulih sekolah, Tono ora sengaja


ngerti bapake mergawe dadi kuli panggul ing pasar. Tono kaget
ngerti kahanane bapake sing saiki amarga beda karo sing dheweke
pikirna. Pikire Tono bapake isih nyambut gawe ning kantoran.
Banjur, Tono mlayu lan ngrangkul bapake. Tono nangis lan
rumangsa salah. Tono njaluk sepura ning bapake amarga wis tau
nglarani atine bapake. Pak Tejo uga melu nangis. Ngrungokna
sepurane Tono marang dheweke.

Nanging, Pak Tejo kuwi wong sing sabar. Masio kelakuan


anake ngono kuwi, Pak Tejo isih tetep gelem nyepurani anake. Piye
ora piye, Tono kuwi siji-sijine anake Pak Tejo. Pak Tejo matur
nuwun sanget marang Gusti Allah, menawi Pak Tejo lan anake isih
diparingi kesarasan lan kelancaran nalika nglakoni urip. Pak Tejo
uga ora kepengin hubungane dheweke karo anake dadi bubrah.
Perjuangan Dadi Penulis

Dening : Bunga Zahra L.S. (11)

Ing sawijining desa,ana bocah wadon sing uripe susah,


nanging bocah kuwi sregep, urip mlarate kuwi mbentuk watak dadi
rajin lan ora nate nyerah. Wiwit cilik, dheweke kudu nindakake
gaweyan sing kudu ditindakake dening wong diwasa kanthi mung
ngandelake panen ing kebon, lan uga mung sawetara plot. Jenenge
Risa, anake bapak Budi lan ibu Asih. Nanging bapak ibune wis
kapundhut, akhire Risa mulung kanggo nyambung uripe. Dina demi
dina mung ngupayakake entuk duit kanggo mangan. Risa minangka
gambaran semangat urip sing siyap ngrebut masa depan.

"Dina iki kita bakal ngobrol babagan cita-cita.",kandhane Bu Tya,


guruku.

"Tulisen apa sing dadi gegayuhanmu lan sawetara sebab kenapa


sampeyan pingin kaya ngono ing sakertas. Ngerti? ", lanjute Bu
Tya

Kabeh murid pada manthuk. Siji bab sing ana ing


pikiranku, dadi panulis. Dadi wong sing bakal dikenal karo akeh
wong, sing bakal kelingan karo akeh wong amarga pakaryane.
Mesthi apik. Aku pingin dadi penulis. Alesan aku pingin dadi
penulis; Kaping pisanan, amarga aku mikir nulis pancen nyenengake.
Kapindho, aku bisa ngutarakake perasaan liwat pirang-pirang
crita, perasaan sing bisa uga ora dakkandhani kanggo umume
wong. Sing nomer telu, aku pingin kerjane diowahi dadi buku. Aku
bakal seneng yen bisa ndeleng gaweyanku kanthi rapet ing rak-rak
sawetara toko buku terkemuka. Intine, dadi panulis minangka
impen sing kudu dakwujudake! Ora peduli saiki, aku bakal terus
ngupayakake.

Aku mesem marem karo tulisan ing lembaran kertas iki.


Panulis ... Ing sawijining dina, kabeh bakal kayektenan. Sawise
rampung, aku langsung nglumpukake kertas mau menyang Bu Tya.
Dina esuke, nalika Bu Tya bali menyang kelasku, dheweke mbagi
seprei sing ngemot impen mau marang kita. "Risa.", Kandhane Bu
Tya. Karo mesem lan semangat, aku banjur marani Bu Tya, lan
njupuk kertas. Nanging, aku kaget banget nalika ndeleng tulisan
ing tinta abang ing sangisore. “Impenmu dhuwur banget. Elinga,
awakmu mung putra pemulung, kepiye awakmu bisa dadi panulis
terkenal?". Aku lara ati. Aku nyawang praupane guru sing
dakkarepake sadurunge. Apa dheweke kaya ngana? Apa guru kudu
ngremehake cita-citane siswa? Apa ora cocog yen bocah pemulung
kaya aku duwe gegayuhan dadi panulis? "Luwih becik awakmu
ngowahi pola pikirmu . Awakmu klebu wong ora nduwe. Cukup
sekolah tanpa biaya, kepriye awakmu bisa mbayar akeh kanggo
nerbitake buku?”, ujare Bu Tya, sing maneh nyepelekake aku.

Kanthi kebak emosi, aku nggepuk meja ing ngarepku,


banjur metu saka kelas. Aku ora butuh guru kaya ngana.
"Panjenengan bakal ngertos Bu, sawijining dina, kula bakal
mbuktekake manawi kula bisa dadi panulis! Bocah mlarat kaya kula
bakal sukses dadi penulis! ” , tuturku. Ya, aku lair ing antarane
puluhan, malah atusan wong sing kurang mampu. Urip ing pinggir
kali, ora duwe omah mewah, ora duwe barang sing nyenengake, lan
kabeh biasa. Biasa banget. Ya kaya ngeneki minangka urip ing
Kutha.

Mulih saka sekolah, aku ngadolake rongsokanku. Aku


langsung mulih lan ngitung dhuwit saka adol kui. "Sewu… Rong
ewu… Ditambah rong puluh ewu, ditambah sepuluh ewu." Aku
seneng lan marem. "Alhamdulillah, telung puluh telu ewu." Aku
cepet-cepet marani Pak Joko, bakul majalah ing cedhak omahku.
"Pak, mundhut majalah paling anyar sing wonten audisi kanggo
kompetisi nulis crita cekak." Kandhaku nalika ketemu Pak Joko
ing kiosane. “Wah… Majalah apa iku, Ris? Aku durung nate
mbukak
majalah.”, Pak Joko mangsuli. "Apa awakmu golek majalah kaya
ngana, Ris?"
"Nggih, pak. Kula pingin melu lomba crita cekak. Sapa ngerti, yen
menang, ssejatine bakal dadi penulis terkenal. ”

"Wah .. Yen awakmu wis dadi penulis kondhang, aja lali ngajak Pak
Joko mangan sing enak, oke, Ris?"

"Siap Pak! Nyuwun pandonga, muga-muga kabeh bisa lancar. "

Aku nunggu sewulan ngenteni pengumuman lomba. Lan ora


muspra! Sawise bali saka adol barang bekas, aku nampa surat. Aku
mlayu menyang kios Bang Pak Joko lan maca surat ing kana.
"Selamett Risa, awakmu minangka salah sawijining pemenang
lomba nulis crita cekak babagan Impen. Tulisanmu bakal direkam.
Sawise buku diterbitake awakmu bakal nampa royalti saka saben
adol. Yen awakmu setuju, kita ngenteni rawuhane ing kantor, Jalan
Merpati nomer 23, Jakarta Selatan.”Aku maca surat kasebut
nalika mesem banget.

"Pak !!" Aku bengok. "Aku menang! Impenku kayektenan, cak! ”

Pak Joko mesem amba, dheweke maju lan ngrangkul kenceng.

"Selamet yo, Ris! Pungkasane, aku bisa diajak mangan enak karo
panulis hebat kaya awakmu ”

"Matur nuwun sanget, pak.. " Aku ngambung surat mau bola-bali.

“Ya Allah, matur nuwun kanggo hadiah sing paling apik iki. Akhire,
aku bisa mbuktekake marang kabeh wong, kalebu Bu Tya, yen aku
bisa dadi penulis. Perjuangane suwene wolung wulan kepungkur
saya akeh. ”, batinku.

Risa seneng lan bangga banget. Dhewekke bersyukur. Pranyata


ana kawicaksanan ing walik nasib sing dianggep bencana iku.
Keseron
Dening : Destika Safara Setianda (13)
Pit phoenix nengsemake atine Lia. Dheweke seneng entuk
pit anyar saka bapakne amarga juara 1 lomba nyanyi se-kabupaten
Klaten.
“Pak kula nyoba pit rumiyin nggih” ujarne Lia.
“iyaa, ndhuk ngati – ati, aja banter-banter. Mlakune turut pinggir
wae, aja mbok gawa ning tegalan yaa” ngendhikane bapak.
“pak….pak…ing tegalan kok nitih pit anyar, eman-eman pitku iki”
Lia nggenjot pedhalle semangat nganti sandale arep ucul,
dheweke pit-pitan sampe lali wayah yen wis arep maghrib.
“la…la…du…du..du…, enak tenan pit iki, ra salah anggonku milih
kowe. Jenengmu sapa yaa, hmmmm. Jenengmu sibang wae soale
warnamu kan abang hahahaha” gunemane Lia
Kring……kring……
“sangar tenan pitmu ndes, kenalan sik karo pit polygonku”
“ngageti wae kowe ki Ga, pitku jenenge sibang. Pitmu jenenge sopo
Ga? Tukiyul?”
Celathune Lia karo cekikikan.
“ngganyik tenan kowe, pitku jenenge gamis ben sing numpak tetep
ganteng lan klimis hahahaha” saurane Yoga
“walah….walah…. guaya tenan omonganmu, saknyatane sing numpak
pit iki gawene ra tau adus wae kok jenenge pitne gamis” ujarne
Lia.
“wis wis Ya…, mending kowe bali wae. Mengko digoleki bapakmu,
tur iki wis surup. Aja dolan ngendi-endi maneh cepetan mulih
kono”
“iya iki aku arep bali. Sesuk pit-pitan maneh yaa Ga”
Sawise iku Lia teka omah pas adzan maghrib, dheweke wis
dienteni bapake ing ngarep lawang.
“apik tenan, bocah wis dikandhani wong tua malah ambrekunung
karepe dhewe. Yen ora bisa dikandhani sesuk ora usah pit-pitan
maneh. Ana ngomah wae ngiwangi ibukmu opo sinau sing sregep!!!”
Srengenane bapak
“inggih pak, kula nyuwun pangapunten. Mbenjing mboten kula
baleni malih nggih pak” ujarne Lia.
Jam 05.00 esuk Lia wis tangi, nyandak pite banjur lunga tanpa
pamit karo wong tuwane merga saking senenge entuk pit anyar.
“atis banget esuk iki, haduh lali ora gawa jaket. Mergane yen
ketawan bapak, dina iki mesti ora sido pit-pitan karo yoga.”
grundelane Lia.
Ana ngomahe Lia, bapakne kaget yen anake wis ora ana ngomah.
Digoleki ing kamar,kolah,pawon tetep ora ana.
“jan tenan bocah siji iki, esuk-esuk wis mblayang. Mblayang ing
ngendi neh bocah kae?!!!”
Gunemane bapak kalian srengngen.
“kepriye to pak, pite Lia mboten wonten ing griya. Nggih berarti
dolan kalian kancane”
Ngendikane ibu
“wahhh bocah iku, mbok yo yen arep dolan pamit kek karo wong
tuwane” ujarne bapak
“Lia yen pit-pitan biasane muter ning endi wae pak, kok atiku ra
tentrem ngene ki. Wedi yen ana apa-apa”
“huss donga wae muga-muga Lia slamet raharja. Lia kuwi bocahe
nurut karo apa sing tak omongke, dadi ra mungkin nemu
kecilakan.” Ngendikane bapak

Srengenge ngetokake eseme, katon endah gawe tentreming ati.


Lia banjur marani Yoga ing omahe. Nanging ing prapatan cedhak
omahe Yoga, lia ora ngerti yen ana bakul bubur lagi nyebrang,
amarga dalane menggok. Saking bantere Lia arep nabrak tukang
bubur mau, bejane Lia bisa ngerem ndadak.
“mbak…mbak yen nduwe pit anyar aja keseron mengko malah
nyilakani wong liya.” Gembore tukang bubur.
“santuy wae mas, aku wis pro numpak pit. Tur pit iki penak banget
pas ditumpaki.” Ujare Lia karo ngacungke tangan.

Tekan omahe Yoga dheweke lungguh ana emperan nungguni si


Yoga. Banjur cah loro kuwi mau mangkat pit-pitan. Dheweke
numpak pit banter-banteran ora mikir manungsa liyane, ana banyu
utawa jeglongan ditrabas kabeh. Lia lan Yoga balapan nganti
panggon tujuane ndelok sunrise. Lia ngebut banter, ora reti yen
rem ngarep wis owah.
“yeayy aku menang hhahaha. Yoga Wicaksana, bagus sekali”
“hihhh, lanang kok tandingane wedok yo ora patut , artine kowe
sing kalah. Lanang ra ngerumangsani.”
“karepmu, kesel aku. Saiki mending kowe ndelok pemandangan
kuwi Ya. Deloken apik tenan to.”
“jan apik tenan Gaa.” Gunemane Lia
Ing panggon iku, Lia ndelok wonten rombongan wong kang pit-pitan
kalian keluargane. Lia dadi kelingan bapak ibune amarga mau
dereng pamit yen lunga pit-pitan.
“ayo bali Gaa, cepet wes awan.”
“kaget aku, ana apa ko kayane ana sing ganggu pikiranmu? Yen ora
mbok ceritane balio dhewe kono.”
“mengko turut dalan tak ceritani, saiki gage bali muleh.”
Lia ngebut banter banget, nganti Yoga ora bisa nyedhaki Lia.
Tekane prapatan Lia ora reti yen ana montor arep belok tengen,
lia nyelip motor mau.
Brak………. Lia ketabrak motor mau, pit phoenix sing dihadiahke
bapakne ajur. Masyarakat pada nulungi mergane Lia semaput,
getihe pating dhewer.”
“kae rame –rame ana apa to? Ndi maneh Lia iki cepet banget
numpak pite.” Grundelane Yoga

Yoga nyuwun pirsa dening masyarakat ana kedadean opo kok


rame-rame.
“Pak, pangapunten kula badhe tanglet menika mirsani menapa
nggih?”
“ana kecilakaan nang, korbane cah wedok numpak pit karo
montor.”
Yoga banjur mlayu, kaget yen cah wedok kuwi Lia
“liaa tangia, heh ra lucu ngeneki kowe kok bisa kaya ngeeki
kepriye?” ujare Yoga karo nangis
“mas ngaliha aja didemek. Mben pulisi sing nangani.”
Limang menit sakwise iku pulisi lan ambulan teka. Yoga melu Lia
ing Rumah Sakit.

Ana ngomah bapak lan ibune khawatir banget, atine ora tenang.
Entuk telpon saka rumah sakit yen anake nandang kacilakaan,
tekan rumah sakit Lia uwis dipriksa, ora ana sing bebayani awake
nanging kudu leren sawetara dina.
“buk…. Pak…. Kula nyuwun pangapunten nggih, kesah pit-pitan
mboten pamit rumiyin, huhuhuhuhu.” Tangise Lia
“iya nduk, aja dibaleni maneh. Kepriye kok dadi kaya ngene iki ta
nduk. Pitmu sing rusak kae aja dadi abot ing pikiranmu. Besuk yen
bapak ana rejeki tuku maneh. Wis saiki leren o.” ngendikane bapak
“Aja keseron anggonmu tumindhak, mengko nemu kacilakan sing
mbebayani awakmu dewe.” Ngendikane ibu
“Nggih bu….”
Kabecikan

Dening : Devinta Ayu Safitri (14)

Ing sawijiining desa, ana wong wadon sing tinggal karo


simbahe sing sampun sepuh, amarga wong tuwane iku sampun tilar
dunya awit wong wadon iku tasih cilik. Dheweke ora tau sedih lan
susah masio njaga lan kudu ngurusi simbahe lan nindakake
pakaryan sadurunge dheweke menyang pasar kanggo budal kerja.
Dheweke kerja saka isuk nganti sore, lan biyasane wong nimbali
dheweke Ranti lan simbahe Asri.

Ing sawijine dina Ranti arep menyang pasar lan ketemu


pengemis sing sepuh lan nyuwun pangan marang dheweke, Ranti
sing ora nduwe apa-apa kaget lan kasihan ndeleng pengemis iku,
dheweke mbantu pengemis iku numbasno pangan lan sawise
numbasno pangan langsung diwenehake marang pengemis iku,
amarga dheweke iling karo simbahe sing ana ing omah. Sawise
pengemis iku rampung mangan, pengemis iku ngucapake matur
nuwun marang Ranti

Ing desa ana akeh wong sing seneng Ranti amarga


kebecikan marang wong, nanging ana wong sing ora seneng karo
dheweke, amarga dheweke ditresnani marang wong akeh. Dene
Ririn rekan kerjane sing sengit banget marang Ranti, amargi Ranti
dadi anak kesanyangane bos. Ana ing sapadane dina Ranti nalika
teka ing pasar, Ranti weruh Ririn sing nggawa panganan, lan saka
pengemis sepuh njaluk panganan sing digawa Ririn nanging ora
diwenehake lan senajan Ririn nibakna pengemis iku, Ranti sing
weruh iku sedih lan nyedhaki pengemis iku lan menehi panganan
sing dituku kanggo simbahe ing omah.

Ririn sing ngerti tekane Ranti, dheweke langsung ngalih,


lan ing wektu kuwi wonten wong teka lan badhe menehi pekerjaan
damel Ranti lan menehi kartu identitase, Ranti sing kaget mung
bisa ngucapake matur nuwun Pak. Sawise niku Ranti wangsul
menyang omahe, dheweke nyeritaaken kedadeyan ing pasar mau
marang simbahe. Ranti tanglet marang simbahe apa sing kudu
ditemtakake dening Ranti milih dodolan ing pasar utawa nyambut
gawe ing kantor, nanging simbahe mikir yen dheweke wong ora
nduwe, dheweke bisa kerja ing pasar amarga mung lulusan sma.
Lan keputusan sing dijupuk yaiku tetep mergawe ing pasar.

Nanging sawise sawetara dina kerja ing pasar, Ranti


dilereni amarga dituduh nyolong bahan sembako sing nduweni bos
e, dheweke uga ngaku amarga ora njupuk, nanging tuduhan
kasebut wonten bukti bahan sembako sing ana njero tas e Ranti.
Ranti ora bisa ngindhari apa sing kadadeyan lan bukti iku, lan
akhire Ranti dikongkon mulih. Ing dalan dheweke weruh Ririn sing
lagi ngobrol karo wong sing mau tuku bahan sembako ing toko sing
dijaga, dheweke nyedhak lan ngrungokake omongane Ririn lan
wong wadon kasebut kanthi dheweke kepireng omongan.

Ririn : “ Wis sampeyan rampungake to?”

Wong wadon : “ Iya wis rampung taklakoni”

Ririn : “ Yawis iki dhuwit kanggo awakmu”

Wong wadon : “ Iya matur nuwun”

Ririn : “ Aja sampe ana sing ngerti kadadeyan iki”

Wong wadon : “ Iya ora ana nganti wong sing weruh”

Ranti sing ngrungokake omongan iku mung bisa bisu lan ora
nyangka prilaku Ririn. Ranti banjur marani Ririn lan takon ngapa
sebabe nindakake tindakan iku. Ririn kaget Ririn tekan lan
ngendika.

Ranti : “ Ririn ngapa awakmu ngelakoni iku? Salahku apa


karo awakmu?”
Ririn : “ Kowe wes njupuk apa sing kudu tak karepi lan
mbarai aku ora disenengi wong . Kowe disenengi
bos mbe wong-wong. Gak adil Ran!”

Ranti : “ Istighfar Rin. Kelakuwan mu dewe sing mbarai


awakmu gak disenengi wong”

Ririn : “ Halah omong kosong. Awas kowe titeni”

Ririn banjur ninggalake Ranti. Ranti mung bisa sabar


marang apa sing kedadeyan , dheweke langsung wangsul ing omahe
lan nyiapake panganan kanggo simbahe. Ranti ora wani nyritakake
kedadeyan mau amarga ora gelem simbahe akeh pikiran lan
tambah sakit. Sawise nyiapake mangan Ranti uga nimbali simbahe
lan ngajak dhahar, nalika dheweke ing meja makan Ranti nesu
banget sedhela saka pasuryan, simbahe curiga karo dheweke lan
takon apa sing kedadeyan marang Ranti, dheweke mung bisu lan
ora wani crita, nanging simbahe mekso lan Ranti pun crito marang
simbahe apa sing kedadeyan mau.

Ranti : “ Niku mbah kula medal ndugi kerja ing peken


mbah”

Simbah : “ Kenopo Ranti metu ing kerja?”

Ranti : “ Kula difitnah mendhet bahan sembako mbah”

Simbah : “ Oh walah nduk kok isa iku lho pye”

Ranti : “ Mboten semerap kula mbah”

Simbah : “ Iya wis nduk ora apa-apa”

Ranti : “ Ngapunten mbah”

Simbah : “Iya nduk ora apa-apa”


Tina sing ora bisa kerja maneh bingung lan bisa syukur
marang sing kuwasa kanggo apa sing ana. Tina saben dina nglamar
mergawe ing endi-endi nanging ora ana sing ketampa.

Simbah : “ Ngapa praenmu kok nesu Ran?”

Ranti : “ Kula nesu amargi mboten saged nyambut damel


mbah”

Simbahe langsung mendel naika Ranti ngomong kuwi,


sawise sawetara menit simbah Ranti ngelingake tawaran kerja
saka wong sing nyedhaki dheweke nalika pas kerja ing pasar, lan
ngendika marang Ranti ana becike dicoba dhisik kanggo daftar
pekerjaan sing ditawarake iku. Esuk dinane Ranti tangi esuk-esuk
kanggo lunga menyang alamat sing dheweke entuk saka sawijining
wong. Ranti dandan rapi kanggo ngelamar kerja lan langsung budal,
ora lali saka Ranti ngandika pamit kanggo menyang simbahe lan
nyuwun pandonga.

Sawise ketemu alamat kantor sing digoleki dheweke


kepengin melbu, nanging wedi, nanging dheweke kudu wani. Ranti
teka lan takon marang karyawan wong sing nawari dheweke kerja
lan menehi kartu identitas. Karyawan iku ngendika nek wong sing
dimaksud Ranti yaiku Pak Arfan. Banjur karyawan iku ndudohi
ruangan Pak Arfan. Ranti ngetuk lawang ruangan Pak Arfan.

Ranti : “ Nyuwun sewu Pak”

Pak Arfan : “ Iya mlebu. Ana keperluan apa sampeyan


kudu teka ing kene?”

Ranti : “ Kula badhe daftar pekerjaan teng mriki Pak,


kula wong sing nalika semana ketemu kula teng
peken lan panjenengan menehi kula kartu identitas
lan badhe menehi kula pekerjaan panjenengan
ngelingi?”
Pak Arfan : “ Oh iya mesthi aku iling. Sampeyan bisa kerja
ing kene lan bisa miwiti kapan wae diwiwiti esuk
uga ora apa-apa? Oh ya sapa jenengmu?”

Ranti : “ Nami kula Ranti Pak, kula saged ngawiti kerja


enjing benjing Pak”

Pak Arfan : “ Oh iya sampeyan bisa budal isuk supaya bisa


ngerteni apa sing kudu dilakoni sesuk”

Ranti : “ Inggih Pak Arfan matur nuwun”

Ranti cepet-cepet bali menyang omah badhe ngandani


simbahe kabar apik iki. Nalika teka ing omah dheweke nyritakake
kabar apik iku lan simbah nunut seneng banget.

Ing sawijing dina Ranti ditimbali Pak Arfan, amarga


kedisiplinan lan keuletane Ranti banjur diangkat dadi manajer.
Sawise kabar iku Ranti seneng banget lan bersyukur dening maha
kuwasa.Wektu nganti wektu Ranti sukses lan dadi wong sugih
nanging dheweke tetep menehake rejekine marang wong sing ora
nduweni.

Lan sayektine wong sing mesti menehi sedekah maramg


wong niscaya sing kuwasa bakal bales kabecikane lan sayektine
keewuhan mesti ana kegampangan ne mung dadi wong kudu sing
sabar amarga sing kuwasa mesti seneng wong sing sabar.
Usaha Tukang Jamu

Dening : Dyana Putri Ayu Ismaning W.(15)

Ing dina minggu sing cerah iki Sari ramban godhong


digawe olahan jamu, ibune Sari sing namine bu Retno yaiku bakul
jamu ingkang laris lan terkenal banget amargi jamune sing alami
diproduksi piambak. Bu Retno sampun sadean jamu 8 tahun
kepungkur, awale bu Retno njajal-njajal ndamel jamu gawe bojone
sing lagi loro kolesterol sak bare ngombe jamu seminggu pisan
bojone langsung waras, bu Retno ndue pikiran yen ape nggwe
bisnis jamu, Sari lan bapake ndukung banget yen bu Retno nggawe
bisnis kasebut tapi ana kendala ing panggonan, omahe Sari ingkang
sempit lan ora ndue lahan sing amba kanggo mepe bahan bahan
jamu. Akhire pak Slamet (bapake sari) ngajak rembukan

“Buk apa awakdewe pindah omah wae yo, golek omah neh sing ana
latar gawe mepe godhong lan cedhak karo kantore bapak?”

“La pripun to pak, nek bade pindah nggih teng pundi? Rumas kula
mboten enten griya di sade dateng celake kantore bapak” tumut
bu Retno

Banjur sari krungu lan melu ngomong

“Tapi to buk pindah mboten napa-napa, mangke pados panggonan


ingkang rame lan nepak” tumut Sari

“La bener kui, pie buk gelem ya awak dewe ya wes wayahe ganti
omah”

“yawes lah pak manut wae”

Sari lan bapake kompak ngomong “horee. . .!!”

Sak wise pindahan omah, bu Retno mulai sinau khasiat godhong-


godhong lan mulai njajal nggawe jamu anyar.
Perjuangan bu Retno ndirio depot jamu ora
gampang,butuh waktu suwe mercayao yen jamu gawean bu Retno
aman, awale wong-wong wedi ape njajal padahal sampun di uji yen
jamune emang apik.

Siji demi siji pelanggane bu Retno tambah akeh, Sari sing


wis lulus sekolah mbantu ibu e sampek kuwalahan akhire nduwe
rewang kabehe 3. Wis 3 tahun bu Retno mbangun depot jamu
ingkag laris akhire bu Retno nggawe cabang maneh ing tenah-
tengah kota

Ndilalah lagek 1 tahun mbuka cabang ing kota, bu Retno ngalami


musibah yaiku kebakaran.

“paakk iki piee tokone kebakaraan” bu Retno sambi nangis lan


jerit-jerit

“ sabar buu iki wes cobaan, ikhlas yaaa”

“kabeh persediaan jamuku ludes, tokoku entek, rugi akehh” iseh


nangis

“Sampun buk sabar, niki cobaan saking gusti Allah kita namung di
titipi lan niki bisa dadi pembelajaran supaya luweh ati-ati maleh”
tumut Sari

“iya ndhuk ibuk ikhlas iki ya dadi pemblajaran gawe ibuk lan
para karyawan” sambi nangis

Sakbare kedadean iku bu Retno mulai maneh bisnis jamu


saka 0, mulai nggawe jamu anayar lan semangat anyar. Bu Retno
mutusna yen nduwe depot jamu 1 wae nanging sing gedhe yen wong
adoh pengen ngrasakake jamune bu Retno cukup lewat online wae.
Langganane bu Retno cukup akeh ana sing saka Sumatra,
Kalimantan, Surabaya.

Sak wise iku bu Retna kena musibah maneh yaiku akeh


penjual jamu sing njiplak dagangane bu Retna, mula niku
dagangane bu Ratna anjlok nganti 45% amargi katah saingan
beliau mulai mikir maneh pie ben bisa ndue langganan tanpa
njiplak pesainge kui, akhire bu Ratna nggawe maneh prodak anyar
yaiku skincare tradisional, durung berjalan 3 ulan prodake niku
sampun kejual katah lan akeh banget sing cocok kalian produke bu
Ratna.

Dadosipun sak iki bu Ratna ndue prodak jamu damel gerah,


skincare tradisional, lan pemutih badan sing pastine aman lan akeh
sing nggawe. Kerja keras Bu Retna sak keluarga nghasilna hasil
sing memuaskan. Saiki karyawan bu Retna kurang luweh ana 800
wong. Jenenge bu Retno terkenal agawe tukang jamu sing manjur.
Saiki usaha jamu bu Retno wis mlaku 8 tahun lan alhamdulillah
mboten enten kendala malih, langganane malah akeh lan urip ayem
tentrem.
Bocah Nakal

Dening : Eka Sari Febrianti (16)

Pitik jago pada keluruk pertanda iki wis isuk lan wayahe
budhal sekolah. Nanging isuk iki rasane aku kaya isih ngantuk
banget, mataku isih abot urung isa melek, nanging ibuku wis
berok-berok. Saben isuk wis kaya dadi rutinitasku krungu ibuku
berok-berok.

"Dika ayoo lang gage tangi, adus, wis awan lo iki,jago wis keluruk
kawit mau." Dawuh e ibu

"Nggih bu. Sekedap malih nggih bu. kula tasih ngantuk."jawab kula

" Ora ana sediluk neh, sak iki lang ayo tangi, iku lo deleng konco-
koncomu ya wis pada budhal sekolah." Balese ibu

"Nggih bu."

Aku banjur ndeleg jam. tibake iki mau wis jam setengah
7.aku mlayu kepirit-pirit melbu jedhing. Aku lali yen sak iki ana
upacara peringatan hari kesaktian pancasila. Banjur ana ulangan
lisan. aku siap-siap cepet-cepetan

"Bu kula mboten sisah sarapan nggih. Kula sampun telat niki."
Banjur salim kalihan ibu, budal menyang sekolah ora mirengke ibu
ngendikan apa.

"Dika,Dika bapak guru dek wingi bengi kayane, ana pesen marang
ibu, tapi ibuk supe." Jawab e ibu

"Mboten bu sampun, kula sampun telat." Jawab e Dika karo berok-


berok.sing wis budhal numpak sepedah e."

Ning sekolah,kanca- kancane dika wis pada


baris,upacarane ya wis dimulai. ya dika bingung ape piye, namung
dika ndeleng ana kancane sing ana ning nguri gedung sekolah,dika
banjur ora baris, nanging dika nyusul kancane sing pada ngerokok
ning nguri sekolah.

"kok pada ning kene ki pada lapo? "

"ya biasalah."

"aku oleh melu ga sih? "

"ayo tapi kowe kan, cah apik-apik to dik."

"alah orapopo mung sekali-kali wae lo."

Dika lan kanca-kancane banjur ngerokok bareng-bareng


ning nguri sekolah. Ning kono ya ana Pak akbar sing biasane dodol
kopi karo sarapan. sak bubar e upacara. tibake enek guru sing
moro-moro lewat ape ning warung e pak akbar.Nanging bocah-
bocah ora ana sing pada sadar yen bakale ana pak reno lewat.

"bocah-bocah ki podo lah opo ning kene. "

Dika lan kanca-kancane sing kaget langsung pada mateni rokok


e.banjur ndelikno sisa rokok sing ijek cemawis. Dika lan kanca-
kancane pura-pura ngoceki kacang kulit sing wis dituku ning
warung e pak akbar.

"eh pak reno, niki pak kula namung ngaso sekedap mawon."

"oalah yo wis lang podo bali ning kelas lo ya yen wis pada bar."

"nggih pak. "

Pak reno sing curiga tapi pura-pura kaya ora enek


popo.amarga pak reno iki mau curiga, dheweke banjur nerusake
lakune ora sida mampir sarapan ning warung e pak akbar. namung
nalika bocah-bocah wis pada bali ning kelas.Pak reno mbalik ning
nguri gedung sekolah kuwi mau.lan ngelontarake pitakonan marang
pak akbar.
"Pak nyuwun sewu, kula badhe tangklet, bocah-bocah niku wau
sampun dangu nopo nembe dateng mriki."

"owalah bocah-bocah niku wau nggih sampun kawit wau dateng


mriki. kula nggih sampun tangklet tapi bocah-bocah iki mau
ngomong yen pada mboten nderek upacara amarga sakit."

"ealah nggih sampun pak, kula pamit rumiyin."

Pak reno banjur mbalek ning ruang guru. sejatine pak reno
iki mau yaiku guru BK. lan pak Reno iki mau wis pesen ning ibuke
Dika. yen Dika ojo sampe melu bocah-bocah sing ora bener iku
mbolos jam pelajaran. nanging kok kayane ibuke Dika urung
ngomong ning Dika.

Dika lan kanca-kancane banjur ngelanjutake aksine ning


ngarape jedhing. Sak durunge Dika iku salah sijine murid teladan
sing disenengi guru-guru. Nanging Dika iku maleh sawise dheweke
ditinggal ambe bapak'e. Dika karek tinggal ning omah mbe ibuke.
Dika maleh nakal. amarga ibuke ya budhal mergawe saben isuk
nganti sore.

Wes wayahe mulih sekolah.

kringgg... kringgg

Bel tanda mulih sekolah wis muni. Dika lan kanca-kancane


sing mbolos sedino iki mau banjur pindah nggon. ora ning sekolah
maneh. Dheweke banjur budal ngamen lan nerusake ngerokok ning
ndalan.Banjur petukan karo Pak Reno. Mung Dika sing ditakoni
kaliyan pak Reno. Kenopo kok iso-isone Dika enek ning kono.
Sejatine pak Reno kuwi ya calon bapak e Dika.

Akhire Dika digawa muleh kaliyan pak Reno. lan di


kandakno marang ibune. apa sing di delok pak Reno sedino iki.
Sejatine pak Reno dewe ya mikir yen dheweke wis nikah karo
ibuke Dika. Dheweke iso ngandani lan ngebimbing Dika
kaya bapak-bapak liane.

Ning omahe Dika pak Reno ngomong kaliyan ibuke Dika

"Bu,kula niku nggih mboten purun cepet-cepet. nanging Dika niki


butuh bimbingan bu.mbok bilih kula kaliyan ibu saget nikah celak-
celak niki. sakderenge Dika luwih parah."

"Nggih pak kula nggih purun e ngoten. kula nggih mboten sekeco
ninggali Dika dados ngoten."

"Nggih sampun bu sak bibar e niki kula kaliyan kaluwarga bade


tindhak dhateng dalem e panjenengan. "

"Nggih pak monggo, kula nggih nerima mawon."

Ora suwe,suwe kacek seminggo Pak Reno kaliyan


kaluwarga teka ning omahe Dika. ngelamar karo nentukno tanggal
nikah. Dika seneng banget akhire dheweke nduwe bapak maneh.

Dheweke wis kangen banget karo bapak sing ana ning


pinggire. Pikire Dika, Pak Reno ya mirip karo almarhum bapake.
Sifat kebapak-bapakane, carane nyeneni Dika. Dika seneng banget
amarga ape nduwe bapak anyar.

Pirang dina sak bar'e kuwi. Ibuk lan Pak Reno wis resmi
nikah. Ibu sak iki yo wis ora perlu mergawe bingung golek dhuwit
maneh. Sak iki namung bapakku sing budhal golek dhuwit karo
menisan ngerangkep njaga anak sematawayang iki. Sak bar'e
nduwe kaluwarga sing lengkap Dika seneng banget.

Dika ora tau ngeluh. Dika manut apa wae jerene wong
tuwa. Dika ya wis ora tau ngerokok, ngamen lan sak piturute. Dika
sak iki wis mbalek dadi Dika sing biasane di bangga-banggakno
guru-guru. Dika sing mesti pringkat siji kuwi.Bapak lan ibu ne
Dika yo melok bangga ndeleng Dika sing wis berubah dadi luwih
apik.
Pirang tahun kepungkur Dika banjur lulus. Banjur kuliah
ning fakultas kedokteran Universitas Indonesia. Ning sisi liyo.
Dika sak iki ya nduwe adhik maneh. Adhike wadon. Wis lengkap
kebahagiaan e Dika.
Kethul Menduwur

Dening : Fahreza Ahmad Sugianto (17)

Dredeg ing njero dadane Rudi ora bisa ilang wiwit


dheweke tangi turu, "Dag, dig, dug." Iki pertama kali dheweke
nyekel kasus segede iki ing pengadilan — kasus korupsi
pembangunan jembatan ing kabupaten X. Ya maklum, dheweke
hakim anyar; nanging jujur, adil, lan wes nangani kasus lumayan
akeh.

"Buk, tulung dongakno kula nggih, supaya lancar sedaya," dheweke


ngambung tangane ibune sing keriput sakdurunge budal.

"Pandongane ibu kuwi sejatine ora tau pedot le ... " Saut ibune
lirih.

"Ora usah ndredeg, tenang wae. Ngger awakmu jujur, adil, ora
nampa suap, mesti lancar lan pungkasane mesti apik," lanjut ibune.

"Nggih, aamiin buk. Matur nuwun, Rudi bidhal nggih,"

Rudi banjur budal ing pengadilan numpak motor bebek e,


warisan saka bapake kang wis kapundhut. Jam 7 kurang dheweke
wes teko, banjur siap-siap. Lambene ora mandek ndonga lan
salawatan, nyuwun kelancaran marang Gusti Allah.

Jam 7 sidang banjur dimulai. Selama sidang dheweke


ngrungokno opo wae kang dibahas karo pengacara-pengacara,
jaksa, lan liya-liyane. Sirahe mumet, dheweke ora tau weruh kasus
seruwet iki.

Saka informasi sing dheweke entuk, kasus iki diwiwiti saka


laporan mandor pambangunan jembatan sing curiga amarga
material jembatan adoh banget saka SOP (Standar Operasional
Keamanan), lan anggaran pembangunan sing maune 5M ing pusat,
mudun dadi 1M ing kabupaten. Si mandor mau banjur nyurigai
Bupati Kabupaten X kang dipasrahi dana saka pusat, lan nggawa
kasus iki ing meja hijau.

Rudi yakin yen Bupati Kabupaten X kuwi sing korupsi


dhuwit negara, amarga akeh sing janggal; material kang ora
menuhi SOP, pekerja-pekerja kang ora digaji, lan suwine masa
pembangunan. Rudi wes kepingin banget ngekei hukuman kang
abot, nanging dheweke ora bisa semena-mena lan butuh bukti
luweh kuat.

Rudi banjur nggawe keputusan yen bakal dianakake sidang keloro,


tanggal 1 Oktober. 2 minggu sakwise sidang pertama.

"Kringggg.. Kringggg," telepon omahe Rudi ing ruang tamu muni,


dheweke banjur mblayu nampa telepon, ninggal kompor kang
mekan ing pawon.

"Halo, assalamualaikum ... "

"Halo, Rud! iki Pak Basir. Ketua pengadilan. Sepurane ya tapi


kowe gak usah ngurus kasus korupsi kuwi neh mulai saiki. Wes
wes dibari wae. Ora usah diurus neh. Kuwi kasuse palsu, hoax.
Yen kowe ngotot ngurus kasus iki, ora usah kerja ning kene
maneh!" Suarane Pak Basir modele kaya kesusu. Rudi kaget
setengah mati, kaya kesamber bledeg awan-awan. Dheweke ora
nyangka yen kasus iki dibatalno secepet kuwi, padahal bukti-
buktine kuat, lan sidang keloro karek 3 dina.

Ing njero atine, Rudi mulai curiga yen ana 'permainan kotor' ing
pengadilan panggon dheweke kerja. Rudi banjur budhal menyang
kantor kanggo ngajak dunungan Pak Basir.

Rudi mlaku karo muring-muring menyang ruangane Pak Basir, suara


sepatu kulite krungu nganti ujung lobby. Banjur ing ngarep lawang
ruangan Pak Basir, dheweke petukan Mita, sekretaris.
"Rud, rud, tak kiro kowe ki yo hakim sing apik, sing jujur. Nyatane
nek wes ndeleng duwek gede yo podo ae kepincut. Wong kok
seneng mangan dhuwit haram." Mita banjut mire.

Rudi bingung. Dheweke wedi yen Pak Basir nyebar fitnah.

"Pak Basir! sampeyan niki jan jan e kepriye! kasus gede, wes karek
bar e kok malah dibatalno!" Rudi muring-muring ing kantore Pak
Basir.

"Teka-teka wis muring-muring, ora ndue tata krama!",

"He Rudi, tak dohi ya kowe ... kasus iki palsu, bukti-buktine palsu,
hoax!" Pak Basir nerusake omongane.

"Palsu saking pundi to, Pak??? niku lo bukti-buktine sampun


kathah, lengkap, kalihan wonten narasumbere!" Saut Rudi. Rudi
banjur ambegan gede, nenangno awake dewe.

"Narasumbere dateng pundi, Pak?" Rudi ngeduno suarane

"Wes ilang," bisik Pak Basir, banjur mesem licik persis kaya
penjahat ing film-film.

Rudi kaget, jantunge kaya mendek lan ambekane mulai sesek.


Dheweke ora bisa percaya.

"Sampeyan disuap to, Pak?!?!" Rudi mbengok.

"Plakk ... plakk!" Suara tangane Pak Basir ngampleng pipine Rudi.

Rudi muleh karo netes eluh, pipi lan atine loro, dheweke ya ora
nyangka yen Pak Basir, atasane dewe, nerima duwek haram,
padahal Pak Basir uga terkenal jujur lan disegani ing jajaran
wong-wong hukum.

Rudi lungguh ing kursi jati ing ruang tamune, ibune banjur marani
dheweke,

"Ana apa le?"


"Mboten wonten napa-napa, buk," Rudi mbujuk.

"Lha nek ora enek apa-apa kok kowe nangis?"

"Niku bu ... kasus korupsine Pak Bupati dibatalaken kaleh Pak


Basir, kepalane Rudi. Lan Pak Basir uga nyebar fitnah marang
wong-wong, jarene Rudi kang mbatalaken kasuse niku amarga
disuap," Rudi banjur ngusapi weluhe dewe.

Ibuke Rudi njupuk ambegan gede, melu kaget, banjur ngomong,

"Yowis lah le, sing sabar, arep piye maneh, kene yo wes ora bisa
ngapa-apa to? Tapi Rudi kudu iling yen Gusti Allah ora sare. Kabeh
mesti ana balesane. Wong sing ngelek-ngelek wong liya ya ngko
bakal dielek-elek ganti. Ngger Rudi ora salah, ngger Rudi jujur;
yawis, ora ana sing perlu diwedeni. Paham?"

Rudi mantuk, banjur turu ing pupune ibune. Ibune banjur ngelus-
elus rambute Rudi kang brintik.

"Wes, wes. Ibuk arep masak maneh, maeng kowe lali mateni
kompor to? masakane lho dadi gosong."

"Hehehe, nggih. Ngapunten, Buk," Rudi mesem cilik banjur tangi.


Kancaku

Dening : Felix Aditya H. (18)

Jeneng Ku Felix aditya bisa diarani Felix aku lair ing kota
bojonegoro aku anak mbarep sing nduweni watak Sabar lan nerima
Op wae argumene kanca kanca ku. Nalika aku isih sekolah SMP,
aku lan kancaku nduwe permasalahan yaiku enten masalah beda
pendapat kalihan kancaku, babagan masalah sing ana gandhengane
karo beda pendapat babagan wangsulan pitakon nalika guru menehi
pitakon sajrone jam sekolah. Nalika semana aku lan kancaku duwe
beda argumen kanggo mangsuli pitakon, kancaku mangsuli sing ora
salaras karo pikiranku pribadi, mula ana bedane wangsulan siji lan
sijine.

Nalika mbenerake wangsulan, semana kancaku isih tetep


mbenerake wangsulane, Aku dhewe uga mbenerake wangsulanku
dhewe, iku masalah sing nggawe aku lan kancaku pingin gelut lan
nalika ana beda pendapat babagan wangsulane kancaku terus
mbantah karo bedane wangsulanku karo dheweke, suwe-suwe
kancaku duwe rumangsa emosional banget amarga wangsulane
pikirane dheweke terus mbantah nganti guru sing mulang mulang
aku marang kancaku "kenapa kowe bisa padu lan pingin gelut",
banjur aku mangsuli pitakon saka ibu guru kancaku ibu tetep nolak
dheweke wangsulanku salah lan wangsulan sing bener duweni,

Nalika banjur guru ndeleng wangsulanku lan wangsulane


kancaku, jebule miturut guru, lan kancaku ora nampa omongane
guru, akhire kancaku wani kanggo padu karo guru lan kancaku
tetep miturut ego yen dheweke bener lan aku salah, nganti
kancaku duwe konflik karo guru lan aku Guru uga mangsuli kanthi
wangsulan sing sejatine lan sejatine jujur tanpa milih sisihane, ana
guru ngomong "ya, wangsulane bener."

Nalika Kancaku isih durung trima nganti dakcritakake


dhewe marang kancaku. pengin gelut amarga bedane wangsulan,
Aku lan kancaku gelut, swasana ing kelas wiwit panas lan nalika
semana kancaku liyane teka maneh lan ujar karo kancaku "yen
kowe padu babagan masalah bedane wangsulan Pitakon sing
diwenehake guru nganti Kowe kepingin gelut ora ana gunane lan
guru uga nerangake sapa sing bener, kenapa kowe isih pingin padu
nganti pengin gelut uga "Kancaku isih ngetutake Ego dheweke ora
gelem menehi babar pisan.

Mula aku terus nanggapi iki, pungkasane kancaku sing bisa


ngatasi masalah kanthi sabar lan wicaksana pungkasane Sanajan
masalah bedane wangsulan wiwit mudhun lan asile, kanca-kanca
isih kanca lan njaluk ngapura marang guru lan kanca ing kelas, lan
janji ora bakal mbaleni masalah debat nganti pengin gelut amarga
bedane masalah Wangsulan pitakon sing diwenehake ibu guru
sajrone jam sekolah.

Nalika permasalahanku iki nggarai isa ta gawe pelajaran


kanggo kedepan e nk saumpama enk permasalahan debat utowo
liyhane iso diselesai no secara apik apik ogak mesti kudu Diselesai
no cara sing Kekerasan.nuwun sewu lan maturnuwun saumpami
cerita ku niki enten sing salah.
Sing Salah Bakal Konangan

Dening : Fidiya Nita Y.E (19)

Ing SMA Adijaya, ana 3 bocah kekancan saka SMP yaiku


Acha, Bella, lan Cila. Acha iku bocah pinter, lan dadi ringking 1 ana
ing kelas. Bocahe grapyak, sumeh, lan sregep. Dene Bella, dheweke
dadi ringking 2. Bella sejatine meri karo Acha sing tansah dadi
ringking 1 lan disenengi guru-guru. Ana ing mburine Acha,
dheweke tansah ngelek-eleki Acha. Dene Cila, dheweke pancen
ora kalebu 10 besar, ananging bocahe iku pinter gambar lan rada
galak.

Dina iki, bapak ibu guru lagi rapat. Acha, Bella, lan Cila
lungguh ana ing bangkune. Acha jejer karo Bella dene Cila ana ing
mburine Acha. Banjur, ketua kelas mlebu. "Ayoo padha lungguh ing
bangkune dhewe-dhewe. Bu Sari matur yen mengko kene arep
ulangan matematika sawise guru-guru rapat." guneme Arya, ketua
kelas sing teges.

"Ana apa ta Bell? kok awakmu katon gugup banget?" pitakone


Acha mangerti Bella gugup saiki.

"Haduh Cha, aku ora ngerti blas bab iki. Aku wedhi mengko yen
nilaiku elek kepriye? Bab iki akeh banget ijir-ijirane. Aku wes
males dhisik ndelok rumus-rumuse".

Banjur Bella mbisiki Acha, "Wes Cha aku arep ngrepek rumus-
rumus wae." Acha langsung kaget, ngrepek iku padha karo golek
mati.

"Aja lah Bell, awakmu ngerti kan Bu Sari iku galak lan paling gak
seneng yen ana sing konangan ngrepek?" Acha melu cilik olehe
guneman.

"Pisan iki ae Cha, lha wong iki ulangane ya mendadak".


Bella nyuwek kertas saka bukune. "Cha, tulung koktulisake rumus-
rumus ing kertas iki ya. Aku kebelet ing jedhing Cha". Acha
tansah godheg-godheg.

"Aku ora gelem Bell, mengko yen awakmu konangan ngrepek bakal
diseneni lho ya." Bella tansah mekso Acha supaya gelem nulisake
dheweke. Acha ora tega nyawang Bella kang katon melas banget.
Akhire dheweke nuruti Bella.

Sawise saka jedhing, Bella mlebu maneh ana ing kelas. "Iki
Bell, aku wis nulisake awakmu rumus-rumus. Bu Sari durung mlebu
kelas, luwih apik awakmu saiki sinau tekan iki wae. Dadi ora perlu
ngrepek mengko". Ananging Bella wis males. Ora ana cara liya
maneh. Dheweke bakal nekat arep ngrepek. "Bu Sari, Bu Sari"
guneme Bayu sing jaga lawang. Banjur, Bu Sari mlebu tenan ana
kelas.

"Sugeng Enjing, Cah, Kita bakal ulangan matematika dina iki. Siap-
siap kertas karo alat tulis lan utamakan kejujuran".

Soal wiwit dibagi. Ana ing panggone, Bella umek golek krepekane.
Bu Sari saiki keliling ndelengi bocah siji-siji. Bella gugup Bu Sari
ana ing cedhake. Kertas krepekane ceblok. Bu Sari mangerti yen
ana kertas ceblok.

"Bella, iki krepekan mu?" pitakone Bu Sari.

"Mmboten Bu, niku mboten kertas kula." guneme Bella.

"Ora nggenmu tapi kok ceblok ana ing cedhakmu lho?" Bella gugup
ana ing panggone. Jantunge tansah dheg dhegan ora karuan. Mati
aku batine. "Niku mboten kertas kaliyan tulisan kula Bu, niki
mboten sami kaliyan tulisan kula." Bu Sari langsung ndelok tulisan
tangane Bella. Bedha tenan nyatane.

"Lha iki tulisane sapa terusan?" Acha ana ing panggone melu dheg-
dhegan. "Acha iki kertasmu? iki tulisanmu kan?". Para siswa saiki
padha heboh. Acha ringking 1 ngrepek? "Apa bener Cha, iki
tulisanmu?" Acha bingung kudu njawab apa saiki. Iku pancen bener
tulisane.

"I..inggih Bu, tapi niku mboten kertas kula." guneme Acha.

"Ora kertasmu? kok iso lho. Apa bener Bella yen iki kertas lan
tulisane Acha?" pitakone Bu Sari marang Bella. Bella meneng
sedhela banjur matur. "Inggih Bu, niku kertas kaliyan tulisanipun
Acha." Acha kaget krungu guneme Bella. Iku kan krepekane Bella.
"Acha ayo ing kantor guru saiki." Acha arep matur yen iku ora
kertase, ananging pasti Bu Sari ora bakal percaya ngono wae.
Akhire dheweke pasrah melu ing ruang guru.

Ana ing kelas, bocah-bocah padha rame. "Ya Allah, kok iso
isone Acha ngrepek ya? aku gumun apa jan jane Acha iku katon
pinter amarga asil ngrepek lan ora jujur? pantes ae nilaine tansah
apik apik." guneme Risa miwiti gosip.

"Iyo Acha iku sering banget olehe ngrepek, arep ulangan apa wae.
Ora mung pisan iki. Padahal aku wis ngomongi yen ngrepek iku
perbuatan ala, tapi tetep ae dilanjut olehe ngrepek." Bella melu
guneman. Cila sing krungu Acha difitnah ora trima.

"Awakmu aja sembarangan ngomong ngono ya Bell. Aku kenal Acha


suwi lan ora mungkin yen dheweke ngrepek. Acha iku bocahe
jujur." guneme Cila.

"Ya awakmu iku aja kemeruh Cil, wong aku jejerane Acha. Aku
luwih ngerti timbang awakmu."

Cila bingung karo Bella. Lan nggone sapa jan jane krepekan
iku? Cila ora ngerti. Acha sing wis bar tekan ruang guru saiki
mlebu kelas. Cila ngajak Acha ana ing taman mburi. "Cha, apa
bener iku krepekanmu?" pitakone.
"Iku emang bener tulisanku Cil, tapi iku ora kertasku, iku kertase
Bella. Aku dikongkon nulis ana ing kertase" Cila wis mikir yen iku
kertase Bella.

"Terus kenapa awakmu ora ngomong marang Bu Sari?". Acha


kudune jujur wae.

"Percuma Cil, Bu Sari ora ngarah percaya ngono wae, nyata-nyata


iku tulisanku." Acha katon pasrah, dheweke dihukum ngresiki
jedhing mengko mulih sekolah lan nilai nol kanggo ulangan
matematika bab iki.

Sawise sekolah, ing kelas mung ana Bella karo Cila. "Bell,
iku mau kertas krepekanmu kan?" Bella deg-degan.

"Aja sembarangan awakmu ngomong Cil. Jelas-jelas iku tulisane


Acha." Bella ora gelem ngaku yen iku kertase.

"Iyo tulisane Acha, nanging awakmu sing ngongkon Acha nulis."


Bar gawene kebongkar kabeh. "Aja sembarangan ya awakmu.
Nduwe bukti apa?".

"Arya ngerti pas awakmu ngongkon Acha nulis rumus-rumus. Aku


dikandari Arya yen kertas iku ora kertase Acha. Aja ngeyel
maneh Bell. Jan-jane Acha iku kan uga kancamu kok awakmu tega
fitnah Acha kang ora-ora." Cila iku lungguh jejer karo Arya. Arya
persis ana ing mburine Bella dadi krungu yen Bella ngongkon Acha
nulis krepekane. Cila pas iku lagi nggambar dadi ora ngerti yen
Bella omong-omongan karo Acha.

"Iya-iya iku emang kertasku. Aku iki meri Cil, karo Acha. Dheweke
pinter lan dadi ringking 1. Aku bosen dadi ringking 2 Cil." Cila
ngerti kahanane Bella. Tapi apa pantes fitnah kanca dewe? "Bell,
kabeh wong iku nduweni kalebihane dhewe-dhewe. Acha emang
pinter, tapi Acha uga tansah ngajari awakmu kan? Acha uga tau
meri karo awakmu amarga pinter nggitar. Bapake Acha sing galak
iku seneng yen anake pinter nggitar. Acha tansah dibanding-
bandingo terus karo awakmu Bell. Tapi apa tau Acha ngefitnah
awakmu?". Bella langsung meneng. Banjur dheweke sadar yen wis
kelewat bates. Ora semestine fitnah lan ngelek-eleki Acha. "Ya
Allah, aku jahat banget marang Acha, Cil. Aku kudu njaluk pangura
lan matur marang Bu Sari yen iku krepekanku." guneme Bella
akhire. Cila banjur plong atine.

Cila lan Bella banjur ing jedhing mburi panggone Acha


dihukum. "Cha, aku njaluk pangapura ya," Acha mesem amarga
Bella sadar. "Iyo Bel". Cila banjur ngajak Bella lan Acha matur ing
bu Sari. Bella banjur matur yen iku kertase.

"Bu Sari matur nuwun kowe wis ngomong jujur Bell. Hukuman sing
awale dadi hukumane Acha saiki dadi hukumanmu. Bu Sari ora
masalah yen ana bocah sing remidi. Iku tandhane bocahe durung
paham lan Bu Sari kudu nerangake luwih jelas. Kowe wis ngerti
kesalahanmu, lan aja diulangi maneh. Belajar saka kesalahan ya
Bell." Bu Sari iku apikan lan menehi wejangan sing apik. "Inggih
Bu, Kula nyuwun pangura malih." Isuke, kanca kelase Acha padha
njaluk pangura marang Acha. Lan uga padha ora wani ngegosip
Bella amarga yen Cila krungu bakal diseneni. Acha uga ngomong
yen masalah iki aja dibahas maneh.
Juara lomba

Dening : Gusti Hanan Yusuf (20)

Wayah kuwi aku isih lungguh dibangku sekolah SD aku


dhisik sekolah neng SDIT INSAN PERMATA.pada wektu aku isih
SD aku uga ora arang meloni beberapa lomba neng sekolah arepa
njaba sekolah.pada wektu aku SD dhisik aku tau meraih juara 3
neng sekolah jero beberapa mata piwulang kaya: basa
Indonesia,IPA,lan basa Inggris wayah kuwi aku mbisa oleh piagam
nanging,aku ora tau piagam kuwi ing ngendi saiki.

"wayah kuwi mbok aku sanuli ngomongke sinau sing bener ya nak
ben mengko bisa membanggakan kapindho wong tua",kata embok.

"iya mbok aku ngujar mengko yen aku wis gedhe arep
membanggakan kapindho wong tuwa lan munggahake bapak lan
embok haji",kata hannan

"iya nak,ibu mesti percaya",kata embok

Kajaba neng sekolah aku uga tau meloni lomba basa


Inggris ding njaba sekolah.Lomba sing ping pisan aku meloni wayah
kuwi dianakne saka Erlina Production lomba kuwi dianakne neng
GOR SMT wayah itu.saya eling kahanan ne ing kana ramai banget
lan sing meloni lomba pun uga akeh sanget banget sadurunge aku
wis mendaftarkan awak saya,lalu tiba lah nang wektu dina h
sadurunge aku uga wis sinau lan njagakne awak matang
matang.disana aku berdoa ben diwenehi kegampangan jero
ngerjakne soal.lalu aku ngerjakne soal sabisa aku lan ngarep-arep
paling ora aku kudu juara.Setelah aku ngerjakne soal aku leren
dhisik karo nunggu pengumuman juara.

"gimana mau soalnya gampang apa susah?",kata embok

"alhamdullilah gampang gampang rudatin bu",kata hannan


"oalahh sing penting akeh akeh berdoa ben diwenehi juara",kata
hannan

"iya bu", tembung hannan

"karo nunggu gimana kalo awake dhewe jajan jajan dulu?",kata


mbok

"iya bu aku uga lapar",kata hannan

Jam-jam banjur aku nunggu pengumuman ne ora kunjung


diumumne.saya sempat kesal lan ora sabar marang embok aku
amarga suwe pisan menunggunya,tapi embok aku sanuli nyabarke
saya.Setelah itu,juara akhire neng umumkan nuli aku rumangsa
gugup lan tegang wayah kuwi aku mikir aku ora arep juara ning
alhamdulliah aku isih juara harapan 3 wayah kuwi aku pun seneng
lan tetap bersyukur juara iki dadekne patokan aku kanggo meraih
juara juara lainya.Dan wayah kuwi sing mbisa juara lolos menyang
jenjang provinsi menyang Surabaya.

"alhamdullilah ya kowe juara harapan 3,walaupun durung juara 1


ning gapapa gawe pambengen wae", tembung mbok

"iya bu,maaf hannan durung bisa membanggakan ibu",kata hannan

"iya nak ora apa apa sing penting kowe wis juara lan kedadeyan
lolos menyang babak selanjute neng Surabaya",kata embok

"iya bu",kata hannan

"pesan embok sinau sing tenanan ya,untuk njagakne awak",


tembung embok

"iya bu",kata hannan

Sakwise kuwi para finalis lomba dilombakan meneh neng


Surabaya,waktu kuwi aku nginep neng omah bude aku sadurung
dina lombanya.Disana aku diajak dolanan dolan neng mall bareng
kakang sepupu wadon aku kanggo ucul penat lan ketegangan sing
arep aku adhepi sesuk.

"yo awake dhewe refreshing dhisik, sadurung hannan mengahdapi


ujian",kata bude

"iya kuwi ide sing bagus",kata hannan

"gimana sing lainya arep kan?",kata budhe

"iya ayoo",kata embok lan kakang

"yo awake dhewe dolan dolanan sing itu!",kata kakang

"iya kak ayo",kata hannan

"yo kowe wis dolan suwe pisan ayo awake dhewe mulih sesuk
hannan wis lomba!",kata embok

"iya ibu",kata hannan

Sesok dinane aku njaga jaga kanggo mangkat menyang


lombanya,lombanya wayah kuwi dianakne neng siji mall neng
surabaya ning aku lali namanya.Sesampainya dikana aku dikancani
embok saya.Setelah kuwi embok aku ngomongke menawa lomba
nya wis dianyak lan aku pun akhire lungguh neng panggon lombanya
ning wayah aku ndeleng soalnya jebulna soal MTK padahal aku
meloni lomba basa inggris.Ternyata embok aku salah mau kudune
lombanya durung dianyak kanggo sing basa inggris aku pun akhire
metu saka panggung lan disoraki saka panonton nya "huuu
huuu,kata panonton" aku rumangsa isin banget lan nesu marang
embok aku amarga salah mlebu lomba.tetapi akhire aku disogok
jajan saka embok aku lan aku ora nesu maneh.Akhirnya lomba basa
inggris nya wis dianyak sadurung ngerjakne aku berdoa dhisik lan
aku pun ngerjakne soal nya karo teliti.sawise telabuyar jebulna
pengumuman nya diumumkan neng keesokan harinya.Lalu aku
dijemput kakang aku kanggo mulih menyang omah bude aku.
"hannan yo kowe cepet mlebu menyang panggung",kata embok

"iya ibu",kata hannan

"lhoh iki kok soal mtk ya",kata hannan jero ati

"embok iki kayane embok salah mau sakudune lomba basa inggris
nya isih mengko iki lomba matenatika",kata embok

"oh iya embok salah,maaf",kata embok

"gimana sih embok ini",kata hannan

"huuu huuu",teriak panonton

"ibu,hannan ta dadi isin kalo disoraki kaya tadi",kata hannan

"iya embok njaluk ngapura, yo embok tukokake jajan"

"iya bu", tembung hannan

"hannan yo iki lomba ndak wis dimulai",kata embok

"iya bu",kata hannan

gimana mau bisa ngerjakan nya?",kata embok

"alhamdullilah bisa bu,tapi akeh sainganya",kata hannan

"iya gapapa, pengumuman nya diumumkan sesuk ayo awake dhewe


pulang",kata embok

Sesok dinane pengumuman wis diumumke ning demen aku


isih durung bisa lolos menyang jenjang nasional ning orapapa aku
dadekne iki dadi pambengen bersejarah jero urip aku amarga kuwi
nduwe arti banget kanggo saya.saya bisa meraih juara lan lolos
menyang provinsi kuwi uga wis cukup nggawe embok aku
bangga.Lalu aku berpamitan marang bude aku lan kakang aku.

"apura embok hannan isih durung bisa lolos menyang jenjang


nasional",kata hannan
"iya gapapa nan,masih ana kesempatan diliya hari",kata embok

"budhe,kakak embok padha hannan pamit dhisik ya",kata embok

"iya embok ati ati ya",kata budhe lan kakang

"iya,maaf ngewuh-ewuhi", tembung embok

"halahh ora apa apa kokk",kata budhe

"yaudah kalo ngono embok lan hannan pamit dhisik ya", tembung
embok lan hannan.
Kecelakaan

Dening : Hilmi Basama Mahardika (21)

Assalamualaikum kula hilmi basama mahrdika ajeng


nyriyosaken pengalaman kula ingkang mungkin berkesan kangge
kula. Dados criyos kula puniki bab peristiwa kacilakan ingkang kula
alami menabrak ibu ibu. Leresipun dinten jemuwah tabuh 10 enjing
puniku kula badhe kesah dolanan dipunamargikaken libur sekolah
wekdal puniku.

Kula medal griya lan pungkasanipun kesah dhateng griya


kanca kula. Wekdal badhe kajeng menyebrang leresipun dijalan
diponegoro, saderengipun kula menyebrang kula dhateng tepi
langkung-langkung rumiyin ngantos apotik diponegoro lan kula
pungkasanipun menyebrang kalih cara memotong ingkang puniku
estu lepat saleresipun . Wanci menyebrang fokus kula tebagi
dhateng kalih arah inggih punika sumerep spion lan sumerep
kondisi ngajeng ingkang puniku cekap rame .

Wekdal kula ningali dhateng spion ndadak wonten arah


ingkang berlawanan wonten ibu ibu numpak motor kalih mbekta
cekap kathah pot sami sami memotong kados kula lan
pungkasanipun "brakkkkkk" tabrakan puniku nggih mboten
tertahankan lan kula nggih ugi kaget wonten motor ingkang
memotong kados kula.

Pungkasanipun kula lan ibu ibu puniku bertabrakan antawis


ngajeng kalih ngajeng leres ditengah diponegoro ingkang cekap
rame puniku. Kula nggih dhawah lan dhadha kula terbentur
spedometer motor kula lan dhawah kesebalah kiwa, lajeng ibu ibu
dhawah ugi kesebelah kiwa lan tangan kiwa ibu ibu puniku
dipunangge menyangga wancid hawah lan patah wonten
pungkasanipun. Selang pinten-pinten detik kula lan ibu ibu puniku
ditolong dening tukang becak, tukang parkir, lan kathah tiyang
malih sanesipun.
Posisi kula wonten ngriku namung luka ringan lan ibu ibu
puniku patah tangan lan rah terus mili saking irungipun. Sampun
mesthi kula langsung diserang dening tiyang tiyang ingkang wonten
ing sawentawis puniku dipunamargikaken ibu ibu ingkang kula
tabrak ketingal cekap jahat.

Anehipun ing wanci sasampunipun kedadosan puniku kula


dipunkengken nyukani nk kula kalih bu kasebat , padahal kedahipun
sanes stnk kula ingkang dipuntedha nanging ktp kula ingkang
kedahipun dipuntedha. Kula langsung mawon menelpon kanca kula
lan ibu kula ingkang taksih wonten dikantor ing wanci puniku.

Pungkasanipun kula dipunkengken tanggel jawab inggil


kedadosan kasebat , kula dipunkengken mbekta ibu ibu kasebat
dhateng griya sakit. Mboten lami lajeng kanca kula dugi an tumut
ngrencangi kula lebet ngrampungaken masalah kasebat.

Pungkasanipun nggih kula ngulemi becak kangge mbekta


ibu ibu kasebat dhateng griya sakit paling caket inggih punika
griya sakit aisyah. Motor kula risak lumayan jahat lan kangge
awentawis kula titipaken wonten alfamart diponegoro lan kula
tumut dhateng griya sakit berboncengan kalih kanca kula. Ibu ibu
puniku langsung mlebet dhateng ugd wonten griya sakit aisyah.
Mboten mendel wonten ngriku kula ugi rumaos kaget amargi biaya
becak ingkang kedah kula bayar puniku 60.000, bab puniku ndamel
kaget kula amargi jarak saking diponegoro dhateng griya sakit
puniku mboten kados puniku tebih.

Sawentawis 30 menit kula ngentosi dirumah-sakit sareng


kanca kula kanca kantor ibu kula nggih dugi lan nakekaken
kawontenan kula lan ibu kasebat , ibu kula mboten langsung dugi
dhateng griya sakit dipunamargikaken enjing puniku ibu kula telas
nglampahaken vaksin. Mboten selang setunggaling keluwargi ibu
ibu puniku dugi lan dhateng griya sakit lan tingal kawontenan ibu
ibu ingkang kula tabrak.
Pungkasanipun kula kepanggih kalih kakang ibu ibu ingkang
kula puniku lan kula wangsul diserang lan disalah lepat kan malih
dening kakang ibu ibu puniku, kula dipunkengken ngaken lepat lan
terus dipunpeksa kangge sanjang menawi kula puniku lepat.
Padahal kalih ogika kakang ibu ibu puniku mboten wonten ing papan
kedadosan lan berspekulasi menawi kula puniku kenceng wanci
mbekta motor lan kula ingkang lepat lebet kedadosan puniku,
ingkang wonten pundi kedahipun sami sami gadhah lepat amargi
posisinipun sami sami memotong.

Sasampunipun kula diserang dening kakang korban kula


puniku kantos kula nggih telas ugi amargi diserang bertubi tubi.
Kula nggih nyerang wangsul kalih nada ingkang cekap inggil lan kula
ing wanci puniku ugi mboten memperdulikan menawi piyambakipun
inggih punika tiyang sepuh. Pungkasanipun nggih kedados
keresahan didalam ruang ugd kasebat lan ditegur dening pegawai
griya sakit ingkang saweg wonten didalam ruang ugd puniku.
Sasampunipun lami ngentosi wonten ngajenging griya sakit amargi
ngentosi kasil ronsen ibu ibu puniku pungkasanipun dikter nggih
medhotaken menawi ibu puniku kedah nglampahaken operasi lan
nyipeng dirumah-sakit. Kula nggih wangsul kerumah lan
beristirahat amargi badan kula ugi rumaos sakit sedaya.

Sonten dintenipun kula kesah dhateng tukang pijet ingkang


wonten ing laladan jembatan kaliketek, kula dipijat dibeberapa
perangan wetheng kiwa amargi wanci dipunangge ambekan laladan
wetheng kiwa kula sakit mila mboten nyaman sedaya.

Dipijit namung sawentawis 15 an menit nanging kula


menjerit kesakitan. Sasampunipun pijet kula wangsul kerumah lan
beristirahat. Ngenjing dintenipun kula mbekta motor kula
dhateng bengkel lan ibu kula ndamel laporan dhateng kepolisian
inggil kedadosan kacilakan kasebat . Selang seminggu lajeng kula
nglampahaken mediasi sareng tiyang ingkang kula tabrakakhiripun
masalah puniki dipunrampungaken kalih damai tanpa wonten
masalah ingkang kedah lan berurusan kalih hukum. Pungkasanipun
nggih kepolisian ndamel serat perdamaian lan kaping kalih belah
pihak bertanda tangan wonten inggil matrai 10.000 lan
pungkasanipun kula lan ibu ibu puniku resmi berdamai.
Dhawuhipun Ibu

Dening : Ifadatun Nailiyah (22)

Dina iku isuk manjing awan aku lan Ibuku ana ing pawon
arepe masak kanggo dhaharan siyang. “”Nduk, mengko Ibu lan
Bapak arepe menyang kondhangan mantene yogane Pakde ing
Kapas. Kowe apa arep melu?””. Aku rada kaget lan bingung banjur
matur alon-alon “Ngapunten Bu, mangke siyang kula lan Sari badhe
ngerjakake tugas video dhateng dalem, dadose mboten saget
tumut dhateng kondhangan.”. Pancene aku lan Sari
ngrencanakake arep nggarap tugas video kanggo mata pelajaran
Pendidikan Jasmani Olahraga Kesehatan ing omahku amarga latar
omah ku amba lan penak yen digawe tugas video Olahraga. “”Oh
ngono. ya wis Nduk, mengko roti angsale Bapak saka bancaan
dhek bengi isa disuguhna marang Sari kanggo camilan”,
ngendikanipun Ibu. Aku mangsuli “Nggih Bu, Matur suwun”.

Awan jam setengah 11 Sari wis teka marang omahku


“Assalamu’alaikum, Ta Sinta” Aku banjur buka lawang lan
“Waalaikum salam, mlebu Sar”. Sari banjur mlebu omahku lan
nyalimi Ibuku “Assalamu’alaikum Bu, duspundi kabaripun Bu, sehat
nggih?””. “Waalaikum salam, Alhamdulillah Nduk Sari, Ibu sehat”,
wangsulipun Ibu.

Aku lan kancaku mulai nggarap jam 11 awan. Nalika jam 12


Ibu pamit badhe kondangan manten banjur ngendikani "Aja lali
mangan awan!" aku mangsuli "Nggih Buk".

Aku jupuk roti kanggo cemilan kanggo aku lan Sari.

Nanging, amarga aku uga fokus nindakake tugas lan sak


liyane kui amarga aku uga isih krasa wareg sawise mangan roti,
aku lali pesene Ibu nganti Ibu kondur saka kondangan.
Aku ditangleti "Apa kowe wis mangan, Nduk?". Aku
mangsuli "Dereng". Ibu langsung duka lan nggrundel "Wong wis
dikongkon mangan kawet dhek awan kok ya ora mangkat!". Aku
mung bisa meneng amarga mbantah iku ora becik.

Banjur aku pamit karo Bapak arepe tuku panganan ing


njobo amarga aku ora penak lan sungkan yen mangan ing omah
nanging ana Sari ing omah. Nalika Bapak mangsuli "Iya" aku banjur
lunga.

Tekan panggon mangan aku pesen panganan lan ngenteni.


Sawise panganan disajikake, Sari langsung mangan nanging aku
entuk telpon saka Kakangku. Aku nampa telepon banjur didukani
Kakang, "Dhek, kowe ing endi saiki?kowe kok seneng banget
nggawe Ibu duka? muliha saiki !". Piyambake mikir aku ora kok
mangan manut dhawuhipun Ibu tapi malah ngluyur lunga-lunga. Aku
alon-alon nyauri "Kula tumbas dhaharan Mas. Niki nembe dugi
dhaharanipun, bade kula nedha". "Muliha saiki! Ora usah dipangan
ndah panganane!" Amerga kakangku wis kadung nesu, akhire aku
mulih manut printahe tanpa mangan panganan sing daktuku.

Tekan omah, Ibu duka maneh, aku mung bisa meneng lan
mlebu pawon arepe tandhuk mangan. Bapak pirso piyambakipun
bingung lan tanglet "Kowe mau ngomong yen kowe tuku panganan
ta nduk?" . Aku nyauri "Nalika dhaharanipun dereng sempet kula
nedha, kula diutus wansul kalih Mas". Midhanget ngono, Bapak
langsung dukani Kakang "Kowe maksude piye ta Le? Adhike tuku
mangan kok raoleh dipangan iku karepe kepriye?!". Aku uga nyoba
mbela Kakangku nanging Bapak wis kadung duka . Lan Ibu uga
ngendika "Napa sampeyan nyalahke Mas lan mbela Sinta, jelas
saka wiwitan Sinta salah dheweke ora nurut printahe Ibu"

Yaiku keributan ing omahku. Nanging ora suwe, amarga


kabeh hubungan kulawarga ora bisa uwal amarga ana masalah. “Bu,
kula nyuwun pangapunten. Kula janji badhe nurut dhawuhipun Ibu,
Bapak, kalih Mas Kakang”, aku matur karo nyalimi Ibu kanthi
mripat mbrabak. “Iya, Nduk. Ibu ya njaluk njaluk sepura. Dadia
anak sing pinter, ngerti lan nurut ya”, Ibu mangsuli. “Inggih Bu.
Mas, adhik nyuwun ngapunten nggih”, ujarku karo nyalimi Kakang.
“Iya Nduk, podo-podo”. “Lhaa mbok ya ngene lak becik. Saben
kaluwarga mesti ora luput saka masalah, ananging dheweke kudu
pinter kepriye ngatasine”, Bapak ngendika. Wengi iku kabeh saya
apik lan wis ngapura.
Aja Iri

Dening : Izza Azrillia Nur F. (23)

Rini iku anak sing rajin. Dheweke sregep sinau supaya bisa
dadi dokter. kawit cilik Rini ndue cita cita isa ngobati bapak e sing
loro loronen. Rini saka keluarga sing kurang. Amarga bapak e rini
lara, sing dadi tulang punggung ing keluargane yaiku ibuke. Ibuke
Rini ndue warung cilik ing ngarep omah. Biasane, sakwise sekolah
Rini ngewangi ibuke jaga warung karo sinau. Rini Ora patah
semangat walaupun dheweke ngerti keluargane kekurangan. Akeh
tonggo ngomong yen Rini ora ngarah bisa dadi dokter. Keluargane
Pak Bayan lan Bu Yanti sering ngolok olok Rini lan bapak ibuk e .
Keluargane Pak Bayan ndue usaha pertambangan kang sukses.
dheweke ndue putri sekelas karo Rini, jenenge Nani. Nanging bedo
nasib karo Rini nggawe Nani nduweni watek males lan manja.
Dheweke njaluk apa wae bakal dituruti karo bapak ibuk e.

ing sawijining dina, Nani entuk nilai elek. dheweke diseneni


bapak ibuke amarga ora iso entuk nilai entuk kaya Rini.

Pak Bayan : "Sampeyan iki piye ta nduk, sampeyan iki luwih


kecukupan daripada Rini. Karek sinau wae apa susahe? Aja nggawe
bapak isin. anake Pak Bayan pengusaha sukses kok peringkat mburi
dewe."

Bu Yanti : "Bener iku Ni, Ibuk isin. Rini sing keluargane cuma ndue
warung wae bisa peringkat 1 terus"

Nani: "Bu, aja banding bandinga aku karo Rini. Palinga Rini ndue
nilai apik terus ya ora jujur. lagian napa bu, cita-citane dadi
dokter? duwit gawe bayar sekolah nduwe. gaya gayane arep
sekolah kedokteran"

Pak Bayan : "Lha terus sampeyan arep dadi apa karo nilai
semunu?"
Nani : "Kula dereng ngerti pak"

Bu Yanti : "Aja ngisin ngisini bapak lan ibuk ya nduk. Sinau sing
pinter. Aja sampe kalah karo Rini. "

Nani banjur melbu kamare karo ngamuk. deweke kesel dibanding


bandingo karo Rini.

Nani : "Pokoke iki kabeh gara gara Rini, aku kudu bales dendam."

Sesoke ning sekolah, Nani ngerti Rini budal isuk. durung


enek kanca kancane sing teko. Dheweke banjur nduweni pikiran
elek. Nani nggawa duit saka omah banjur dilebokno ing tas e Rini.

Bel masuk kelas wis krungu. Nani bengok bengok ing kelas
nggoleki dhuwit ing tas.

Nani : "Dhuwitku ilang, Sapa sing jupuk dhuwitku?! "

Sena : "Awakmu deleh endhi mau Ni?"

Nani : " Aku mau nggawa duit akeh ning tasku. Saiki ora ene, mesti
ana sing jupuk dhuwitku iki"

Sena : "Masa ning kelase kene ana sing njupuk dhuwit?"

Nani : "Sapa ngerti ene sing lagi butuh dhuwit, makane nekat
jupuk dhuwitku"

Sena : "Piye kene lapor wali kelas ae? Bu Yuli pasti bisa ngebarno
masalah iki"

Nani : " Yawis, ayo lapor guru"

Selang beberapa menit bu Yuli melbu kelas.


Bu Yuli : " Cah, iki ana kancamu sing dhuwite ilang. menawa ana
sing nemu apa ngerti ngomongo ora papa. mending kalian ngomong
saiki, mengko ibu ora bakal marah"

Nani :"Bu, geledahi mawon tasipun kanca kanca menawi mboten


wonten sing purun ngaku"

Bu Yuli :" piye cah? Ora ana sing ngerti? "

Nani : "Ayo bu gledah mawon"

Bu Yuli : "Yawis, ayo tase didekek ning nduwur meja"

Siswa siwi kelas iku banjur nglakoni apa sing diutus bu Yuli.

Bu Yuli :"Rini, iki dhuwit apa?"

Rini :"Bu, niku mboten yatra kula. Kula mboten ngertos wonten
yatra dhateng tas kula bu."

Bu Yuli :" Berarti iki dhuwitmu Nani? "

Nani :"Nggih bu, niku dhuwit kula"

Bu Yuli :" Rini, ayo melu ibu ning kantor"

Rini lan Nani banjur melu bu Yuli ning kantor.

Bu Yuli :"Rin , kenapa dhuwit iki bisa ana ning tasmu? "

Rini :"Saestu bu, kula mboten ngertos"

Nani :"Halah mbujuk iku, awakmu kan ora nduwe dhuwit gawe
sekolah Rin. Palingo awakmu jupuk dhuwit gawe kuwi kan"

Rini :"Ora Ni, ora aku sing jupuk"

Bu Yuli : Wis wis, saiki dhuwite wis ketemu. Rini ngomong yen ora
njupuk dhuwit iku. Ayo golek buktine wae"

Nani :"Bukti menapa bu? "


Bu Yuli :"Rini mau budal jam pira? "

Rini : "Jam 6 bu"

bu Yuli :"Nani? "

Nani :" Jam 6.30 bu"

Bu Yuli :" Nah yawis, ayo ndeleng cctv wae"

Nani :"Cctv bu? "

Bu Yuli :" iyo. ning ngarep kelas kan ene ctv, sapa ngerti ana
petunjuk lewat kunu"

Rini :"nggih bu"

Akhire Bu Yuli, Rini lan Nani periksa rekaman cctv mau.

bu Yuli : "Rin,iki Rini mari ndekek tas ning kelas awakmu metu.
Nang ngendhi? "

Rini :"Kula dhateng perpustakaan bu"

Yuli :"Lha.. Rini Ora melbu kelas maneh sampe bel sekolah muni.
Nani, awakmu ora metu kelas. Ana sing bisa dijelasno? "

Nani :"Niku bu.. "

Bu Yuli :"Ora papa, ayo crita"

Nani :" Kula sengaja lebetne dhuwit kula dhateng tase Rini. Kula
mboten seneng Rini. Kula sering dibanding bandingke kalihan Rini.
Rini saking keluarga biasa tapi bisa pinter. "

Rini :"Tapi kenapa kudu nglakoni iki Ni? "

Nani :"Aku ora ngerti. Aku terlanjur ngamuk mau"

Bu Yuli :" Apa bu Yuli perlu telepon bapak ibumu Ni? "

Nani :"Mboten bu, kula salah.Ampun bu"


Rini :"Nggih bu, mboten napa."

Bu Yuli :"Yawis, ayo Nani minta maaf sing tulus karo Rini. lan aja
diulangi maneh"

Nani :"Nggih bu"

Nani :"Aku minta Maaf ya Rin. Aku janji gabakal ngulangi iku. Aku
kapok Rin"

Rini :" Iya ora papa. Aja iri karo aku maneh ya. Pie nak kene sinau
bareng wae? Aku bakal ngajari awakmu apa sing durung iso."

Bu Yuli :"Nah ide bagus iku. Sinau karo kancamu iku iso digae
tambahan."

Nani :"Gapapa Rin? Aku wis jahat karo awakmu mau"

Rini :" Gapapa. Kan awakmu Kancaku"

Nani :" Makasih ya Rin, awakmu apikan. Besok aku bakal ngomong
ning bapak ibukku. Yen biaya sekolahmu kurang, keluargaku bakal
bantu."

Rini :"Tenan Ni? "

Nani :"Iyo"

Rini :"Ya Allah, Suwun ya Ni"

Nani :"Sip lah"

Bu Yuli :" Nah, wis apikan kan. Ayo lhang podo balik kelas. Supaya
ora ketinggalan pelajaran. "

Nani, Rini:" Nggih bu"

Nani :"Matur nuwun nggih bu"

Bu Yuli :" Iya"


Nani :"Ayo balik kelas calon bu dokter"

Rini :"Ayo"

Akhire Rini lan nani balik ning kelas karo mesam mesem.
dheweke kancanan apik. Rini ngajari Nani apa sing durung Nani iso,
lan Nani nepati janji keluargane bakal bantu biaya sekolahe Rini.
Semenjak iku nilai nilaine Nani dadi apik. Keluargane Rini lan Pak
Bayan dadi akur. Ora pernah ana sing ngolok olok Rini maneh.
Vanatic

Dening : Khalaifa Ikhsyanafisyah D. (24)

Ikhsan iku anak terakhir saka Bapak Nur lan Ibu Tanti.
Ikhsan nduwe mas pembarep sing jenenge Mas Ali lan nduweni
mbak sing jenenge Mbak Dilla. Iksan saiki lahi wae lulus SMA lan
durung keterima kuliah utawa kerja. Dene mase saiki wis kerja ing
perusahaan dadi web developer lan mbake wis kuliah semester
lima ing Universitas Negeri Surakarta. Ikhsan sering ditakoni
karo Bapak lan Ibune “kowe saiki arep piye, le?” Pitakonan
kasebut gawe Ikhsan bingung. Amarga dheweke saiki durung
keterima kuliah lan dheweke durung keterima kerja. Ikhsan uga
iri karo kanca-kancane sing wis padha mulai kuliah ning kampus lan
wis padha mulai nyambut gawe.

Dina Kamis sakrampunge ashar, Ikhsan dolan ing omahe


Dika, kanca SMP lan SMA ne Ikhsan. Dika saiki uga durung
keterima kuliah. Bocah loro iku mau padha sambat bab kahanan
sing dialami saiki.

“Piye iki, Dik?” “Apane sing piye?”


“Yo awak dhewe iki lho. Sampek saiki durung lapo-lapo. Awakmu
gak iri ndelok bocah-bocah wis padha nyambut gawe, wis padha
kuliah?”
“ Yo pingin, San. Rejekine awak dhewe saiki durung ketampa kuliah
utawa mergawe.”
“Aku pegel, Dik. Saben dino disambati karo bapak lan ibuku.
Dibanding-bandingno karo anak-anake kancane. Aku iri karo mas
lan mbakku sing wis iso gawe wong tuwaku seneng nanging aku
durung.”
“Piye nek awak dhewe saiki mlaku-mlaku ning kutha golek angin.
Ben awakmu ora stress mikir?”
“Yo wis lah, ayo!”
Ikhsan lan Dika munyeri kutha nganti srengenge wernane
jingga. Wektu Ikhsan lan Dika lewat ing ngarep omahe Dwi,
kancane Dika SMA, cah loro iku mau ngerti ana mobil van tuwa
sing ana latar omahe Dwi. Ikhsan lan Dika minggir sedhela kanggo
ndeleng mobil kasebut.

“San, mobil iku cara didandani, kayane bisa dadi apik, yo?”
“Iyo dhik, eman-eman. Kayane iku isih kena dinggo.”
“DIKAAA, IKHSAAN!”
“DWI!” Dika lan Ikhsan marani Dwi sing ana teras omahe
“Piye kabarmu, Dwi?”
“Alhamdulillah apik, Dik. Piye awakmu saiki?”
“Yo isih ngeneki, Dwi. Klitar-kliter karo Ikhsan cah loro.’
“Dwi, awakmu gak yo ning Universitas Malang to? Kok saiki nde
omah?”
“Iyo, San. Ning kampusku ana acara dosen mulai 2 dina kepungkur.
Senin ngarep aku balik maneh nde Malang.”
“Oalah. Dwi, mobil van sing nde latar iku nggonmu ta?”
“Iyo, iku sing duwe bapakku. Mobil iku wis dituku suwe karo bapak,
tapi durung tau dinggo lan durung enek sing tuku.”
“Lha bapakmu oleh mobil antik apik ngunu saka ngendi, Dwi?”
“Bapakku kawit biyen bisnis makelar mobil, Dik. Makane duwe
kenalan akeh sing duwe mobil kaya ngono iku.”
“Oalah, apik yo mobile!”
“Yo jelas apik. Bapakku wis hobi mobil kawit suwe. Saiki yo wis
pengalaman. Iki kok padha ngadeg? Mlebu to! Ana jajan saka
mbahku dhek awan. Ayo!”

Dika, Dwi, lan Ikhsan omong-omongan bab kuliah lan liya-


liyane. Sakwise Sholat Maghrib, Dika lan Ikhsan pamit mulih saka
omahe Dwi. Ing dalan, Dika lan Ikshan isih kelingan mobil sing ana
omahe Dwi.

“Dik, piye nek awak dhewe buka usaha kafe keliling?”


“Kafe keliling piye to?”
“Dadi awak dewe tuku mobil van sing ana omahe Dwi. Terus
mengko kene buka usaha kafe sing panggonane pindah-pindah.”
“Oh, yo! Masuk iku, San! Tapi modal usahane awak dewe saka
ngendi?”
“Awakmu ijek duwe tabungan apa ora”
“Isih ana. Tapi yo ra bakal cukup kanggo tuku mobile Dwi”

“Mengko kene urunan. Yen duike kene isih kurang, mengko kene
ning bank kanggo njupuk pinjaman.”
“Ngono yo isa sih. Mengko aku tak matur bapak karo ibuku dhisik.
Yen menawa oleh, sesok awakmu tak kabari.”

Sesok isuke, Dika lan Ikhsan langsung menyang ing omahe


Dwi. Dika lan Ikhsan langusng methuki Pak Heri, bapake Dwi,
kanggo dunungan bab regane mobil. Saka omongan sing lumayan
suwi, akhire Dika, Ikhsan, lan Pak Heri sepakat yen mobil iku
dituku Dika lan Ikhsan karo rega sing pas.

Dika lan Ikhsan nyiapno kabeh kebutuhan sing bakal


dinggo buka usaha. Wiwit saka perabotan, panganan, ombenan, lan
sak piturute. Nanging Dika bingung, kepriye carane promosi
supaya usahane cah loro iku bisa laris.

"San, piye carane kene awak dhewe promosi kanggo usaha iki?"
"Gampang, Dik. Awak dhewe promosi lewat sosial media lan
masang pamflet ning sekitar sekolah, kampus, lan kantor sing akeh
bocah-bocah enom. Mengko kene uga njaluk tulung kanca-kancane
kene kanggo promosi ning akun sosial media."
"Oh, iyo ya! Ora kepikiran aku."
"Saiki awak dhewe kudu dunga, mugi Gusti maringi berkah marang
usahane awak dhewe, aamiin."
"Aamiin Ya Rabbal Alamiin"

Kafene Dika lan Ikhsan nduweni jeneng "Vanatic". Lagi


wae buka seminggu, Vanatic uwis rame banget. Akeh kanca-
kancane Dika lan Ikhsan sing mampir pas wayah mulih nyambut
gawe utawa pas cuti kuliah. Sitik-sitik, Dika lan Ikhsan bisa nutup
silihan Bank lan mulai bisa menehi Bapak Ibune dhuwit tambahan.
Pak Nur lan Bu Tanti bungah banget ngerti anake bisa mandiri lan
mbantu bapak ibune.
Kesenenganku

Dening : M. Reza Erfansyah (25)

Halo, jenengku M. Reza Erfansyah bisa diarani Reza Aku


lair ing kutha Bojonegoro, tanggal 19 Januari 2004. Aku minangka
anak mbarep saka rong anak. Aku lair minangka bocah sing ceria
sing mesthi ngguyu. Bocah cilikku ora beda banget karo bocah
liya, ora ana sing istimewa lan migunani.

Nalika umurku 6 taun, aku mlebu Taman Kanak-kanak


(Taman Kanak-kanak), nalika semana aku aktif banget lan ora
kepengin nyerah. Nalika aku sekolah ing taman kanak-kanak, aku
seneng banget karo musik, amarga aku mikir musik minangka jinis
intuisi, kanggo nggawe, nambah lan nampilake ing bentuk seni.

nalika aku lungguh ing sekolah dasar. Nalika semana, aku


nate gabung karo bapak lan kanca-kancane manggung ing pesta
ulang tahun Bojonegoro, yaiku EXPO Gebyar Bojonegoro. Iki
pisanan main karo kancane bapak. Nalika semana aku lagi nyekel
instrumen drum. Aku gugup banget ing panggung amarga iki
pertunjukan pertama. Kayane kegiyatan iki minangka kesenengan
khusus supaya aku bisa nyalurake hobi lan nglatih keberanianku
kanggo tampil ing ngarep umum. Sawise budhal SMP, aku mbalik
muter musik ing kegiyatan PENSI ing sekolah. Wektu iki aku
nyekel Gitar. Ya, sejatine ana rasa seneng lan sedhih.

Sawise lulus sekolah menengah, aku kepengin main musik


lan main ing ngarep dadi saya gedhe. Wiwitane aku njajal sinau
gitar, gitar iku alat musik sing dimainake kanthi metokake supaya
bisa ngasilake nada. "Suwe-suwe aku mulai bisa main gitar sanajan
aku dudu ahli, paling ora aku bisa main.

Nalika aku sekolah menengah, aku ketemu kanca-kancaku


sing ternyata duwe kemampuan main macem-macem musik,
sawetara bisa main gitar, bass, keyboard lan nembang, mula aku
nggawe band. Kanthi katrampilan sing ora biasa nalika semana,
aku lan kanca banda didukung dening kekarepan sing kuwat,
kepengin weruh, pungkasane nyoba kanggo melu kompetisi ing
sekolah lan sekolah ing njaba.

Ing sawijining dina nalika latihan ing studio musik karo


kanca-kancaku, aku ora mikir ana konflik sajrone seleksi lagu sing
bakal dinyanyekake nalika kompetisi, kanca-kanca ora gelem
mundur amarga ego seng isih ora stabil, mula aku mutusake
konsultasi kanggo milih lagu sing bener lan alhamdulillah kanca-
kanca ngrungokake omonganku

Dina demi dina kita latihan nganti dina diwiwiti. Wiwitane


kuwatir menawi para peserta liyane uga sukses, nanging kita isih
optimis bakal menang lan pungkasane ora nggawa piala utawa
sertifikat kanggo digawa mulih amarga iki mung wiwitan.

senajan isih adoh saka kasampurnan nanging paling ora


ana kawicaksanan kabeh. Kaping pisanan, aku lan kanca-kanca duwe
pengalaman sing nyenengake lan penasaran. Kapindho, pagelaran
kasebut nggawe kita luwih jero muter musik. Katelu, amarga musik
kita wis dingerteni dening akeh wong

Dadi akeh pengalaman main musik saka aku, muga-muga ana


piwulang positif sing bisa dijupuk saka pengalaman iki. Nuwun
sewu wonten kalepatan.
Ing Panggon Iku

Dening : M. Fariz Laksono (26)

Jenengku Tara putra bagaskara. Wong-wong biasa nyeluk


aku Tara. Asalku saka Semarang lan umurku saiki 19 tahun. Aku
anak tunggal ing keluargaku. Bapak lan ibuku wis ninggalake aku
wanci aku umur 5 tahun. Nganti saiki aku urip lan sak omah kaliyan
simbah. Nanging, setahun kapengker simbah sedha. Dadi saiki aku
urip dewe ing kene.

Sawijining dina, Aku mutusake ngerantau ing Jakarta. Aku


nekat ninggalke omahku gawe neruske urip. Aku nyiapke barang-
barang sing arep tak gawa. Koper, klambi, lan celana arep tak
gawa. Aku uga ora lali gawa panganan lan ombenan gawe ing
perjalanan mengko.

Sesok dina, aku budal ing stasiun lan tuku tiket sepur.
Sakwise tuku tiket aku kudu ngenteni tekane sepur amarga aku
teka luwih cepet ketimbang jadwal budale sepur. Sekirone 30
menit aku ngenteni, akhire sepur sing tak tumpaki teka. Aku
munggah sepur lan lungguh ing bangku.

Gak suwe, dumadakan ana wadon lungguh ing sampingku.


nek disawang umure gak pati adoh karo umurku. Atiku deg-degan
amargi weruh wadon sing ayune kaya widodari ing langit iku.
Amargi ben ora canggung Aku nduwe inisiatif gawe ngajak ngobrol

"Mbak, asal saking Semarang?"

"inggih mas"

"Oalah, lha nitih sepur niki arep menyang pundi?"

"Kula kuliah mas ing Jakarta. Niki arep balik ing kampus. lha mas
uga arep menyang Jakarta?".

"iya mbak, sami kaliyan sampean hehe"


wiwit iku Aku ngobrol karo wadon iku nganti ora kerasa perjalanan
sepur wis arep tekan ing Jakarta.

Gak suwe, sepur sing tak tumpaki wis tekan ing stasiun
Pasar Senin Jakarta. Akhire Aku mudun saka sepur lan kepisah
karo wadon mau. Nanging aku lagek iling yen aku lali durung takok
sopo jenenge lan njaluk nomor telpone. Saka iku aku kuciwa yen
sadar ora bakal iso ketemu maneh karo wadon sing gawe aku
kesemsem.

Wektu wis kliwat, gak kerasa aku wis 2 tahun ing Jakarta.
Ing kene aku turu ing kost an lan aku yo wis mergawe dadi barista
ing salah siji kafe gede ing Jakarta. Amargi hasil kerja kerasku
aku wis iso nyukupi kauripanku.

Ing sawjining dina, aku jaga ing kafe panggonku mergawe.


Dina iki pelanggan sepi lan durung ana siji wong sing mampir ing
kafe. Gak suwe, ana wadon mampir ing kafe gawe busana khas cah
kota gede sing ketok yen iku busana larang. Tanpa mikir, aku
langsung ngelayani wadon iku amargi aku seneng banget ana
pelanggan sing mampir. wadon iku pesen kopi lan banyu putih.

Sakbare iku, aku langsung ngeterke pesenane wadon iku.


Atiku mak deg pas wadon iku mlengak ing aku. Aku kaget amarga
wadon iku yaiku wadon sing tak temoni ing sepur 2 tahun biyen.
Tanpa disangka aku bisa ketemu maneh karo wadon iku lan wadon
iku yo isih iling karo aku. Amargi wis tau petuk, aku ngancani
wadon iku ing kafe.

"ora nyangka lho mbak iso ketemu maneh hehe", omongku karo ati
sing gumbira

"inggih mas, kulo nggih mboten nyangka"

"oh nggih mbak, asmane mbake sinten nggih?"

"oh, nami kulo Naura mas"


"oalah, Naura. tepangaken nami kula Tara"

Wiwit dina iku, Aku karo Naura dadi luwih cedak lan aku
dadi nduweni perasaan karo dheweke. Aku lan Naura sering
ketemu ing kafe panggonku mergawe iku.

Akhire, sakbare setahun aku cedhak karo Naura aku


nduwe niatan gawe nungkapke perasaanku. Wanci nunjukake jam
12 awan, biasane Naura mampir ing kafe. Atiku deg degan amargi
aku ora sabar gawe ngungkapke perasaanku. Gak suwe, akhire
Naura teka ing kafe. Aku langsung ngampiri dheweke nanging aku
kaget yen Naura teka karo wong lanang. Padahal, biasane Naura
teka dewe lan mampir ing kafe gawe ketemu Aku. Amargi
penasaran aku langsung takok ing Naura.

"Naura, cah lanang iku sopo?", aku takon karo mendem rasa
penasaran

"Oh, iki pacarku mas. jenenge Arhan. Sepurane yo mas, aku ora
tau jujur karo sampean yen aku asline wis nduwe pacar".

Krungu omongane Naura iku aku mung iso mesem lan


mendem rasa kuciwa ing ati. Nanging, aku tetep ngelayani
dheweke lan gak suwe Naura karo pacare mulih saka kafe.

Sejak dina iku, Aku wis gak tau hubungan maneh karo
Naura. Atiku wis kuciwa lan uripku ajur. Amarga iku penggaweanku
dadi ora kerumat. Akhire aku dipecat dadi barista ing kafe
panggonku mergawe.

Sewulan wiwit kedadeyan iku, aku mutusake gawe


ngelalikake Naura lan Aku arep balik kampung ing Semarang. Aku
nitih sepur ing Semarang. Sak tekane ing Stasiun Semarang aku
mudun sepur lan metu tekan stasiun. Nanging, ing tengah dalan
ana suara sing nyeluki jenengku. Aku noleh mburi, jebul aku kaget
yen sing nyeluk aku iku Naura. Dadakman dheweke uga balik ing
Semarang. Amarga aku wis ikhlas ngelalino dheweke, aku ora
ngampiri Naura lan aku ngelanjutake perjalananku gawe balik ing
omah.

5 wulan wis kelewat. Akhire aku usaha buka kedai kopi ing
daerahku. Alhamdulillah usahaku ing kene lancar lan usahaku uga
wis mulai berkembang.
Siji babagan sing iso tak sinauni saka kedadeyan sing tak
alami yaiku aja lali gawe ngurus awak dewe lan aja pernah
nggantungake kebahagiaane awake dewe marang wong liya, amargi
yen wong iku lunga awake dewe sing bakal ajur.
Kanca Anyar

Dening : Muzzaki Fakih (27)

Ing Bojonegoro ana bocah jenenge Taqik sing senengane


sepedahan. Bocah kui sepedahan saben hari minggu lan dino libur
liane. Yen sepedahan, kuwi suwene 2 sampek 4 jam. Kadang yen
sepedahan, ibune titip blanja marang Taqik. Blanjane yaiku
endog, uyah, gula, lenga, tepung, lan liya-liyane. Taqik tau
mecahno ndog pas sepedahan amargi Taqik liwat dalan sing ora
alus lan endoge dideleh ing kerenjang sepeda. Yen sepedahan,
Taqik sering mampir ing panggon rental PS. Terus, deweke main
PS sampek awan. Taqik mesti mulih jam 12 utawa pas wayahe
dhuhur. Kadang pas sepedahan, Taqik petukan kanca lan dijak
dolanan. Taqik kui bocah sing seneng sepedahan lan dolanan.

Ing sawijine dina minggu pas wayah Taqik sepedahan,


koyok biasa, Taqik budhal sepedahan jam 8. Tapi pas sepedahan
Taqik ora petuk kancane. Taqik terus sepedahan sampek jam 10,
terus mampir ing panggon rental PS. Tapi Taqik lali ora nggawa
duwik. Taqik ora sida main PS. Terus Taqik sepedahan ning alun-
alun terus lungguh ning panggon lungguhan cedak lapangan. Ora
biasane Taqik lungguh-lungguh kayak ngene.

pas wayah Taqik lungguh ing kana, ana bocah lanang sing
lungguh rada adoh saka Taqik. Bocahe jaketan, topinan, lan
nyangking tas cilik. Terus bocah kui ngetokno HP lan HP kui
dinggo dolanan game. Taqik ndelok bacah kui saka adoh. Bocah
sing main mau rada nggedekno suara HPne dadi suara game ing
HPne rada krungu. Taqik rada nyedak supaya isa ndelok game opo
sing dimaino. Taqik nyedak terus nyedak, sampek Taqik lungguh
ing sampinge bocah kui lan iso ndelok game sing dimaino. Ing HPne
bocah kui ketok ana wong rambute pirang klambinan ireng sing
nyerang musuhe nganggo pedang sing gede. Bocah kui ketok ora
ngrasa terganggu ana Taqik lungguh ing sampinge. Bocah kuwi
tetep fokus maino game ning HPne.
Sakbare Taqik ndelok bocah kui main rada suwe, Taqik
takok marang bocah kuwi. "he, kuwe main game opo" takok Taqik.
"dissidia final fantasy" jawab bocah kuwi singkat. Taqik yo nduwe
HP sing iso diisini game, tapi Taqik ora tau ngisi game ning HPne.
Terus Taqik takok "piro ukuran game kuwi?". "sak giga enem atus
MB" jawab bocah kuwi.

Sakbare Taqik ndelok bocah kuwi maen final fantasy ing


HPne, Taqik dadi pingin isa main game kayak ngono ing HPne dewe
lan dimaino ing omah. Terus Taqik takok marang bocah kuwi "piye
carane ndownload game kuwi lan dimaino ning HP?". "Carane kuwe
mbukak aplikasi chrome utawa aplikasi browser laine sing iso
dinggo ndownload, terus golek www.coolrom.com.au. Terus nak
kana goleki game sing pingin mbok download. Nak wes mbok
download, download aplikasi z archiver. Aplikasi kui dinggo
ngekstrak file game ben isa dimaino. Sakbare kui download
aplikasi PPSSPP ing app store, terus bukak PPSSPP lan goleki file
game sing wis mbok ekstrak mau terus game isa dimaino"
penjelasane bocah kuwi dawa. Sakbare njelasno, bocah kui
mendeg main lan nglebokna HPne ing sak celonone. Terus bocah
kui ngomong "Jenengku Adi, omahku Klangon. Aku sekolah ning
SDN Kauman 1. Kuwe sapa?". "Aku Taqik, omahku ning Kauman lan
aku sekolah ning SDN Kauman 2".

Sak bare kuwi Taqik ngomong "he ayo sepedahan bareng.


Aku pingin roh omahem. We nggowo sepeda to?". "Yo, ayo. Sok
kapan kapan ayo petukan neh, ayo main bareng". "Yo, ayo" Jawab
Taqik. Sak bare kuwi Taqik entuk kanca anyar sing isa dijak maen
bareng lan sepedahan bareng.
Aja Dolan Wae

Dening : Naela Cyril Zerlinda (28)

Wektu aku isih kelas 1 SD, saben bengi aku diutus sinau
kaliyan bapakku nanging ing sawijining dina aku bengi-bengi ora
malah sinau tapi aku malah dolanan ing omahe kancaku. Aku
meneng meneng kabur saka omah ora ijin, supaya aku isa dolan.
Wektu iku aku dolanan lompat tali ing ngarep omahe kancaku.

Puput : He cah enak e kene dolanan apa iki?.

Nindy : Kepriye yen kene dolanan lompat tali wae? Mesti seru.

Anggi : Setujuuu, tapi sapa sing nduwe lompat tali?.

Sherly : Aku nduwe lompat tali, sek ya cah takjupuke.

Aku : Nah sip, Cepetan ndang dijupuk selak bengi aku wedi
digoleki bapakku.

Sherly : Lho, dungaren ana apa kok digoleki biasane ora?.

Aku : Mergane ndek mau aku asline diutus sinau karo bapakku,
tapi aku malah dolan ora ijin.

Puput : Ya wis, ndang ayo dimulai dolanan e.

Akhire pas dolanan e ape dimulai aku lan kanca-kancaku

hompimpa. Anggi : Ayo padha hompimpa.

Kabeh : Hompimpaa.....

Tiba-tiba saka ngguri ana sing njewer kupingku, tiba e iku bapak
ku.

Bapakku : Bengi-bengi ora sinau malah dolan bocah iki.

Aku : Aduhh aduhh ampun pakk.


Bapakku : Makane aja dolanan bengi-bengi, bengi iki wayahe sinau.

Aku : Nggih pak ampun. (nangis)

Bapakku : Wis saiki ndang mulih ndang sinau sesuk sekolah!

Aku : Nggih pak.

Akhire aku mulih saka omahe kancaku, perasaanku wektu iku isin
lan campur aduk amarga aku dijewer ing ngarep e kanca-kancaku.
Tekan omah aku banjur sinau..

Ibu : Apa ana seng kowe ora paham? Perlu diajari karo ibu?

Aku : Nggih bu Nomer 4 kula mboten paham.

Ibu : Nomer 4 iki jawaban e ana ing bacaan e, waca maneh ben
paham.

Aku : Nggih bu, matur suwun.

Akhire wis jam 9 bengi aku wis bar olehe sinau. Sak wis e sinau
aku isih dinasehati maneh karo bapak lan ibu.

Bapak : Pokoke ora oleh dibaleni maneh dolanan bengi-bengi kaya


iki mau!

Ibu : Nduk, dirungokake omongane bapak, aja dolan wae!

Aku : Nggih pak, bu. kula mboten mbaleni malih.

Bapak : Pokoke dadi bocah kui kudu sregep sinau supaya pinter
oleh biji apik, dhek wingi ulangan matematika mu oleh biji 50,
ketara yen ora tau sinau.

Ibu : Apa kowe tak daftarne les wae ya supaya gelem sinau?

Aku : Nggih bu, kula daftarne les cumawon.

Bapak : Yowes pokoke bariki bijimu kudu luweh apik.


Ibu : Nek iso entuk ranking 10 besar supaya ibu karo bapak isa
bangga.

Aku : nggih bu kula bakal sregep sinau supaya angsal biji luwih
becilk kaliyan isa ranking 10 besar.

Ibu : Ya wis yen sinaune wis bar, bariki ndang turu.

Bapak : Iya bariki ndang turu sesuk sekolah, ora apik turu bengi-
bengi.

Ibu : Sesuk sekolahe masuk jam pira?

Aku : Jam 7 bu.

Ibu : Ya wis sesuk tak gugah jam 5.

Aku : Nggih bu.

Akhire sak bare kajadiyan kui aku dadi kapok dolanan bengi-bengi,
lan aku dadi luwih sregep sinau.
Mitra

Dening : Novia Bunga Rahmadani (29)

Baginipun kula, mitra inggih punika salah setunggaling


tiyang ingkang angsal ngremenaken kula, salah satunggaling tiyang
ingkang gadhah artos sanget lebeting gesang kula, amargi mitra
tiyang ingkang tansah wonten kangge kula.

Kula gadhah kathah rencang,sedayaning tiyang ing


kelasipun kula,ingkang rencangan kalih kula. Nanging namung
sewates rencang ingkang mboten pati celak,kados mitra. Nanging
kula cekap begja amargi taksih nggadhahi 2 tiyang mitra inggih
punika Misa kaliyan Nesi.

Tepangaken, nami kula Ajeng Sari, kelas 1 SMP,kula inggih


punika lare ingkang cekap pinter,amargi asring angsal juwara
kelas,pramila bab punika,kathah rencang kula ingkang kajeng
mitran kalih kula.

“Jeng,aku oleh nyilih buku ensiklopediamu bab kewan?” taken


Misa. “Oleh lah Mis”, wangsulanku sinambi ngedalaken buku
ensiklopedia ingkang awrat saking lebeting tas kula. Wanci puniki
inggih punika wekdal ngaso, Misa lan Nesi lenggah lan nedha
sareng kula.

" tak balikna 5dina maneh ya jeng, dina jemuwah,oleh ora jeng?"
tembung Misa. "mbok balikna dina apa wae orapapa Mis,tapi aja
dirusakna lo ya? " katanipun kula "iyaa, " wangsuli Misa. "Jeng,
kowe entuk buku kuwi saka ngendi ta?" taken Nesi. "Oh, aku entuk
teka bapakku Nes,wis entuk buku iku rada suwe,” jelasipun kula.
"Ooohh…," wangsuli Nesi.

Sampun 1 minggu wiwit Misa nyambut buku gadhahipun kula.


"Jeng, bukune dak balikna pas mengko istirahat yaa!” tembung
Misa. Kula namung nyanggupi. "Mis, ayo melu ngancani aku ning
ruang guru sedhiluk!” serunipun kula wanci ngaso. " Lha Nesi piye
Jeng???”taken piyambakipun "Dheweke lagi ngerjakna tugas sing
durung rampung Mis..” jelasipun kula. "Ohhh, yowis ayo!!” tembung
Misa.

Kita enggal mlampah tumuju ruang guru. "Ah…," jeritanipun Misa.


"kenapa ta Mis kok berak berok?" tanyanipun kula lan Nesi,
"Bukumu ilang Jeng!!!!!!!!”wangsul jean kedangdapan, “Wis aja
tegang,ayo digoleki bareng-bareng!" ajakipun kula, "ok, " wangsul
Nesi lan Misa.

Dumadakan dugia Jessica, "Nesi paling bukune ana ning


njero tasmu,apa ning njero tas Ajeng,” tembung Jessica. Kula
enggal mriksa tasipun kula, mboten wonten. "ahh…, bukune ana
ning njero tasku…,” tembung Nesi. "kowe sing njupuk nes?" taken
Misa, kula namung mendel kepaku mboten mungkin mitra ingkang
kupercayai sanget nyolong buku gadhahipun kula, "Ora! Aku ora
njupuk buku iki, tapi buku iki tetiba ana ning njero tasku "
Wangsul Nesi, "Mbijuk! Buktine wis cukup ta,wis jelas-jelase buku
iku ana ning njero tasmu,mustahil yen buku iki mlaku dhewe ning
njero tasmu ta?, " tembung Jessica, "Bener kowe sing njupuk
bukuku Nes?" tanyanipun kula taksih mboten pitados, Nesi nolak
tuduhan niku. Kula saleresipun manahaken mboten mungkin serlina
sahabatipun kula tega nglampahakenipun, " Jeng, mitra kui ya
isa berkhianat, apamaneh mitra paling cedhak,masa kowe isih ora
percaya? Wis ana bukti nyata ning ngarepmu Jeng!!” Tembung
Jessica. Wiwit wanci puniku, kula lan jean nebihi saking serlina,
pungkasanipun piyambakipun dipuntebihi dening kanca-kanca
ingkang sanes.

Setunggaling dinten, kala kula mlampah nglangkungi ruang


gantos putri, kula mireng Jessica saweg wicanten kalih
sahabatipun , Queency. "Saktenane,Queen,sing nyolong bukune
Ajeng iku Vera, aku sing ngongkon dheweke gawe njupuk lan
ndeleh buku kui ning njero tase Nesi. Aku mung pengin balas
dendam gawe masalah sing kae” kantenan jessica " Dadi dudu
Nesi?” taken queency, "Ora, tapi aja kanda rahasia iki ning sapa-
sapa lo ya?!” wangsul Jessica. "emange kowe balas dendam kenapa
Jes?" taken queency, "Yaah pas isih SD Nesi tau madul ning guru
yen aku nyurung kancaku, " kantenan jessica, "Ben saiki dheweke
ngrasakna,mangkane aja macem-macem karo aku!” lajeng jessica.

Brak…, kula buka konten ruang gantos, "Dadi kowe fitnah


Nesi?” tangklet kula ing jessica "j… jengg…," jessica kaget, "aku
ora bakal nglaporna kowe ning bapak ibu guru,tapi kowe kudu
njaluk sepura ning Nesi! Lan jelasna ning kanca-kanca sing liane!!”
serunipun kula srengen. "ii..iya.. tapi janji ya kowe ora bakal madul
ning bapak ibu guru??...” wangsul jessica, "janji, " janjinipun kula.

Wiwit wekdal punika, serlina wangsul dipuntampi dening


kanca-kanca kula, sadayaning kanca nedha pangapunten inggil
kedadosan puniku, kelebet Jessica, kula lan Misa amargi sampun
nyalahaken kiyambake. Sasampunipun kedadosan puniku, kula ,
Misa lan Nesi wangsul mitran , lan dipuntambah jessica lan
queency, "aku ana hadiah gawe mitranan mu,lan gawe tandha
njaluk sepuraku, aku menehi iki.., " tembung jessica dados
panedha pangapunten, piyambakipun nyukani setunggaling gelang
ingkang wonten huruf (BFF). Lebeting manah kula berjanji mboten
badhe asal mastani sembarangan.
Ibu Paling Jagad

Dening : Regita Ajeng RahmaWati (30)

Ing wayah wengi nutupi mega peteng ing langit, aku sing
rajutan karo ibuku wiwit aku isih cilik digambar ing tlapukane, aku
uga mikir apa sing bakal kedadeyan yen ibuku dudu ana ing
ngarepku. Aku percaya tenan yen ibuku ora bakal kaya saiki, ibuku
sing rumangsa wis diwasa, ngerti tegese katresnan lan akeh
pengorbanan ibu sing wis nate nandhes ing ati lan salah sawijining
sedulurku.

Aku tresna banget marang ibuku, mula rasane ora mung


tresna karo awake dewe, lan bapakku bereng seneng nduwe bojo
kaya ibu, sing teges, disiplin, rajin, setya banget marang tanggung
jawabe, nanging ing wektu sing padha bakal gampang nangis yen
tresnane kanggo kaluwarga diganggu, lan bakal galak nalika
kaluwargane lara.

Lan aku isih ngelingi kanthi cetha lan jelas ing pikiranku
nalika aku isih cilik ibuku mesthi trampil karo aku kanthi tresna.
Ibu mulang aku carane ngomong, mlaku-mlaku lan liya-liyane. Aku
mesthi kelingan ibu sing kateguhan sampeyan, kateguhanmu saiki
tantangan.

Nalika esuke durung katon, nalika aku isih turu, nanging


ibu wis tangi lan tangi kanggo ngresiki omah, nggawe sarapan
kanggo aku lan kabeh omah. Ibu pancen ora nduwe ibu loro, wanita
paling gedhe. Banjur sawise iku ibuku nitih sepedah nggawa aku
menyang sekolah.

Bayangake ing lamunan nalika aku sekolah. Ing sawijining


wengi, ibuku crita yen aku isih sekolah aku mesti diterne lan
dipapak, wiwit TK, kelas 1 nganti kelas 6.

Ibuku ora nate sambat, lan ibuku terus ngolahake pedahe


sampe tekan tujuanne maeng. Senajan ing kana kanca-kancaku
numpak sepeda dhewe. Lan ing kana aku tansah ngucapake matur
nuwun lan bangga nduwe ibu kaya dheweke sing ora lali karo anake,
aku ora bisa mbayangake sepira gedhene pangorbanane kanggo
anake.

Lan nalika aku wis SMP. Kapan aku pengin metu, ibuku
mesti takon apa sing tak butuhake, ing endi, lan karo sapa aku
arep metu. Senajan aku ana ing omah kanca, ibuku mesti nelpon
aku saben 3 jam. Wiwitane takkira iku kakehan.

Nanging yen dipikir maneh, iki minangka cara paling apik


kanggo ibu ngucapake rasa tresnane. Aku ngucapake matur nuwun
banget amarga duwe ibu sing protektif lan tansah kuwatir karo
kahanane.

Minangka anake, ibuku ora pengin ngalami kahanan sing


angel. Rasa kuwatir ibu mesti nggawe aku ati-ati njupuk keputusan
lan nggawe aku rasa aman.

Ing pas sawijining awan pas dina ibu aku ngomong “Bu,
tulung telpon nomerku ya?? Kelalen ing papan sing sadurunge. ”
banjur ibuku telpon nomer ponselku kanthi santai, lan nemokake
ponsel..... ibuku ora sengaja maca tulisan ing ponsel iku, ibuku
kaget, gumun, ora ngerti, lan ora krasa matane kebak eluh kayane
ora percaya karo sing diwaca ing ponsel anake. Ana telpon sing ora
kejawab ing ponselku saka “Ibu Paling Apik”.

Wektu 9 taun ora dirasakake lan terus kliwat, ing Dina


Ibu taun iki aku ngirim sms marang ibuku: “Sugeng Dinane Ibu”,
ibu paling gedhe ing jagad iki, matur nuwun bu, amarga wis dadi
ibu sing apik kanggo aku lan mbakyuku, terus dadi sing paling apik
kanggo kaluwarga.

I Love You..... tembung sing gampang banget nanging


migunani banget tegese ibuku isih dadi ibu paling gedhe ing jagad
iki nganti saiki lan saklawase.
Lan ora mung aku tok mbakyuku uga ngirim sms kanthi
tembung: “tresnaku kanggo sampeyan kaya hawa sing nyebul, buku
sing kandel ora bakal cukup minangka wadhah tresnaku kanggo
sampeyan, dawa petelot ora bakal bisa kanggo nulis tresnaku
marang sliramu, tresnaku karo sliramu kaya bledug gandum sing
ora bisa dietung, kaya hiu sing butuh banyu laut kanggo urip, ya
kaya ngono aku, sing butuh sampeyan supaya terus ambegan.
Sugeng Dina Ibu Sampeyan mung siji-sijine”.
Ngapusi Bakal Cilaka

Dening : Rosita Kamalinda (31)

Mulai wulan Maret 2020 anane pandemi virus corona


nyebabake sekolah ditutup. Kagiyatan pambelajaran ditindakake
ing omah dewe-dewe. Kabar punika nuwuhake rasa bungah siswa-
siswi sekolah. Nanging mboten kaliyan Mak siti, amargi ngerasa
kuwalahan ngurus Tono ingkang angel tuturane kanggo sinau ing
omah.

Dheweke ora tau absen, pamit kerja kelompok ing omahe


kancane kanthi wis 3 dina ora mulih alasane tugase ingkang
diparingi saya kathah. Nanging Tono malah ning warung kopi,
penggaweane mung wifi an sambi main game. Mak Siti mboten
saged nuntut keras marang Tono amargi dheweke angel banget
tuturane nganti Mak Siti kuwalahan.

kanthi, ing setunggale dinten Mak Siti gadhah kabar


saking Doni ingkang gawe Mak Siti ambyar atine. “
Assalamualaikum Mak, kula Doni rencangipun Tono" ngono ature
Doni. “ Waalaikumsalam, oalah Doni ana opo le ?” takone Mak Siti

“ Kula badhe nyanjangi jenengan menawi Tono kudu diisolasi


dhateng RSUD Mawar Mekar. Amargi dheweke kena razia ngopi
dhateng cafe lan kasilipun rapid test Tono menika positif.”

“ Astaghfrullahaladzim, terus piye le ?” jawab Mak Siti kanthi


suara ingkang serak lan abot.

“ Sementara wektu iki, Tono diisolasi rumiyin dhateng griya sakit


menika, Mak Siti mboten perlu kwatir. Tono kudu dirawat kanthi
kasilipun tes menika negatif lan saged mantuk dhateng dalemipun
malih.” Jawab Doni.

“ Yo wis le yen ngono aku tak telpon Tono sek. Matur nuwun
kabare yo le ? “ saure Mak Siti.
“ inggih bu” jawab Doni.

Senajan diwenehi kabar saka Doni, Mak Siti lemes lan


tangisipun mboten saged dipunkuwawi malih. Sapungkure tenang
Mak Siti arep nelpon Tono nanging Tono sampun nelpon ibune
rumiyin.

“ Assalamualaikum Mak, kula mboten saged mantuk rumiyin


amargi...” ature Tono ingkang sampun dipedhot kaliyan ibune.

“ Waalaikumsalam, Ibu wes ngerti yen awakmu saiki positif covid.


Wis dikandani pisan pindo isek ngeyel munine kerja kelompok
makane tak wenehi izin nanging kenyataane ibumu dewe kok tego
awakmu apusi to le.” Saure Ibu kaliyan suwara ingkang serak
kayata wong nahan tangise.

“ Kula nyuwun pangapura Mak, senajan sampun ngapusi ibu. Kula


sampun diparingi ganjarane yaiku positif covid menika. Kula
mboten punapa napa ibu mboten perlu kuatir mbenjing badhe di
swab test. Sepisan malih Tono nyuwun panagapuro lan nyuwun
donga ne mugi-mugi kasilipun swab mbenjing negatif negatif .”
Saure Tono kaliyan suara tangisanipun kepireng marang telpon
Mak Siti.

“iyo kanggo awakmu ibu sepuro, nanging iling pepiling ibu ojo
dibaleni maneh lan ojo lali nyuwun doa sehat marang Gusti.“

“Matur nuwun bu, Tono musti doa marang Gusti nyuwun sehat lan
lancar kagem mbenjing. Tono pamit istirahat rumiyin nggih bu ,
assalamualaikum.” Pamit Tono.

Sapungkure telpon ibune Tono ora bisa turu dheweke


mikiro ibune ing omah piyambak Tono sing keadaan ing griya sakit
nduweni rasa bersalah sampun ngapusi.

Esuk bubar subuh Tono arep olahraga ing sakeliling


kamare punika. Dheweke wingi dipundawuhi salah sawijine perawat
yen kudu bisa ana wanci gawe olahraga supaya rileks lan
nguwatake daya tahan tubuh. Dheweke wedi yen ora bisa cepet
cepet kondur menyang omahe. Ing kondisine Tono ingkang lagi
ndredeg Mak Siti ngirim layang kanggo Tono supaya ora kakean
pikiran lan tetep ngaturaken doa nyuwun sehat marang Gusti
Allah. Tono bungah amargi ibuke menika tetp perhatian lan kasih
sayange ora surut senajan Tono wis ngapusi ibuke.

Jam sepuluh Tono disanjangi yen dheweke arep di swab


tes. Sapiturute menyang ruang swab tes Tono ora mingkem
dheweke kelingan pesen ibune yen kudu dzikir nyuwun sehat
marang Gusti Allah. Sebanjure swab tes dheweke melbu kamar lan
kabar kabar kaliyan ibune.

Bubar dhuhur kasile swab tes wis diterima Tono dheweke


ndredeg lemes arep buka maplop punika. Sawise mantepno ati lan
ikhlas marang kasilipun, Tono buka surat swab tes punika.
Dheweke nangis lan lambene komat kamit ora mendek muni
alhamdulillah amargi kasile negatif. Dheweke langsung telpon
ibune lang tindak dhateng omah. Tekan omah, Mak Siti ngerangkul
anak sulung punika. Rasa kangen lan bungah mekar dadi siji marang
kaluwarga cilik kalawau.
Gara-Gara Corona

Dening : Sahrul Annas Bachtiar (32)

Wulan Juli ingkang dados kenangan

Rikolo wulan Juli kapengkur kula sakkeluarga nggadahi


rencana badhe tindak dhateng kota Batam ing saperlu badhe tilik
simbah wonten ing Batam ingkang nembe gerah.

Rencana menika sampun dipun toto kanthi rapi sedaya


kabetahan sampun dipun siapaken mulai mundhut tiket pesawat
lan kabetahan sanes-sanesipun ingkang dipun betahaken.

“Le, minggu ngarep ayo budhal menyang Batam ya. Bapak


wis pesen tiket pesawat,” wangsulane bapak.

“Loh, wonten punapa, Pak? Kok ndadak banget? Punapa


kepareng tindak tebih lebet kawontenan Covid-19 kados menika?”
pitakonku.

“Ora ndadak kok, Le. Bapak wis omong-omongan karo Ibu


mu lan mumpung awakmu lagi libur semesteran, dadi isih ana waktu
itung-itung nyegerne pikiran. Masalah oleh orane, oleh oleh wae
nanging kudu ana surat katrangan bebas covid,” wangsulane bapak.

“Oooo, nggih, Bu? Nanging kok kula enggal diomongi, kula


kan dereng nyiapake barang-barang. Lajeng kala menapa ajeng tes
covid?” wangsulanku marang ibu.

“Halah ora usah nggawa barang akeh-akeh, mung telung


dina kok. Sing penting silaturahmi,” wangsulane ibu.

“Kanggo tese, bapak oleh informasi saka pihak pesawate


yen kudu tes PCR,” wangsulane bapak.

“Oooo ngoten, nggih sampun mangke kula beresaken


barang-barang ingkang kula butuhaken dhateng mrika,”
Ing wusana nalika semono pagebluk corona nembe kathah-
kathahipun lan pemerintah nerapaken paugeran PPKM DARURAT
ing saingga rencana kula sakaluarga ingkang badhe tindak dhateng
Batam dipun undur dumugi ngrantos wekdal ingkang langkung
sekeco lan liburan sekolah.

Sejatosipun dumugi wekdal sakmeniko kula sakaluarga


menawi kemutan kedadosan menika taksih radi kuciwa ananging
kados pundi malih kita sedaya manungsa anamung saget
ngrencanaken ananging Gusti Allah ingkang paring idi lan pesti.

Ngengingi kedadosan menika kula sakaluarga namung saget


dedungo mugi-mugi virus corona menika enggal-enggal sirna saking
bumi menika ing pangajab kita sedaya saget nglampahi kahanan
kados wekdal-wekdal ingkang sampun kapungkur.

Aamiin ya rabbal alamin.


Kelangan sing Takgadhang-Gadhang
Dening : Selya Budi Juliana (33)

Isuk-isuk ing Desa Sumberrejeki, enom tuwa, lanang


wadon padha ruwet karo urusane dhewe, uga Joko sing biyasane
menyang sawah banjur tangi sawise srengenge katon cumlorot
saka kamare. Joko sajake gupuh, jenggelak mudhun saka dipan
langsung menyang jedhing. Adus wae ora kanthi, mung wudhu
banjur sembahyang langsung nyandak kaos sing biyasane digawe
menyang sawah.
Joko mujudake pawongan sing ora duwe, gaweane mung
ngopeni sawah tinggalane mboke. Ora mokal yen Joko anggone
ngopeni sawah mau sregep banget, amarga pengasilane Joko ya
mung saka sawah kuwi. Satekane ing sawah, dheweke ngrasa
bungah. Sawah sing ditanduri pari iku katon apik, ijo royo-royo.
Joko ndeleng sawahe karo ngguya-ngguyu merga nyawang
tandurane mau. Ora sadar nganti ana adzan dhuhur, dheweke
banjur mulih.
Sawise dhuhur, Joko leyeh-leyeh ing amben ngarep omah.
Saben ing omah, Joko kelingan karo parine. Dheweke nganti
menehi aran parine iku kanthi sebutan Ijo. “Jo, Ijo, seneng
banget ati iki, senadyan durung isa ngundhuh, nanging kaya-kaya
ana pratandha marang aku yen mung kowe sing bisa tak undhuh,”
pikire Joko sing ora krasa nganti keturon.
Joko sing seneng amarga tandurane apik kuwi banjur
siyap-siyap arepe budhal menyang sawah. Dumadakan ana Tukimin
mlaku ing omahe banjur mampir. “Jok, wis suwe awake dhewe ora
dolan. Ayo saiki dolan,” pangajake. “Walah, Min, aku arep ana
gawean, saiki wancine ngobati pariku,” wangsule Joko. “Halah
awake dhewe lho wis ora nate dolan bareng, wis ayo ta, mung
ngopi ning warunge Mbok Yem karo cangkruk, ngomong ngalor-
ngidul kaya biyasane,” tambahe Tukimin karo meksa. “Ya wis ayo.”
Joko sing nampa ajakane Tukimin banjur budhal bareng
menyang warunge Mbok Yem. Ora suwe anggone ngopi, udan pating
gembrojog campur angin kedadeyan sore iku. Nalika wis terang,
kekarone banjur mulih ing omahe Joko. Ora nyana nalika teka
omahe, udan maneh uga malah luwih deres tinimbang sadurunge.
Joko minangka tuan rumah menehi pitakonan marang
Tukimin, “Min. kowe nginep kene wae lho.” “Piye ya, aku sungkan,”
wangsule Tukimin karo mesem. “Gayamu, lha ana apa kok sungkan,
aku iki lak kancamu ta, wis dalu, turu kene wae!” “Hahahaha, iya
ya, aku turu kene,” wangsule Tukimin.
Tengah wengi Joko kelingan marang tandurane. “Jo, Ijo,
muga-muga ora ana apa-apa ning awakmu Jo, udan deres mau
ndadekake aku kepikiran karo kowe,” Joko mbatin.
Isuk-isuk Joko arepe budhal menyang sawah, nanging
amarga dheweke nduwe tamu pungkasane ora sida budhal.
Minangka tuan rumah, Joko ngopeni Tukimin kanthi apik saka
nyepakne panganan nganti ngajak jagongan. “Kowe kok ora ndang
rabi rabi Jok, anakku wae wis arep loro,” pitakone Tukimin. “Jajal
pikir, sapa ta sing gelem karo aku, aku iki mung wong tani, sing
gaweane mung ning sawah, gajine ora mesthi,” wangsule Joko. “Ya
aja ngunu, sapa ta sing mbok sir?” pitakone Tukimin saya jero.
“Halah kowe iki ana-ana wae, golekna wis, aku pasrah, pilihanmu
mesthi apik,” panjaluke Joko karo guyon. “Walah, wis-wis,
taksawang-sawang srengenge saya dhuwur, hawane saya panas,
aku mulih dhisik ya. Mengko yen aku mulih sore, kuwatir udan
maneh,” pamite Tukimin. “Iya Min, ati-ati ning dalan ya,” wangsule
Joko.
Ora nunggu suwe, Joko sing kepikiran tandurane banjur
ganti klambi budhal menyang sawah. Satekane ing sawah, mak
ples, Joko njumbul tandurane sing ijo royo-royo, sing digadhang-
gadhang kuwi ngleset kacop banyu. “Kowe wis takramut kanthi
apik, saben dina takendhangi. Kowe sing takgadhang-gadhang
jebul saiki kowe kaya ngene Jo. Nanging aku sadar, kabeh kuwi
sing gawe Gusti, aku wis ngupaya ngramut kowe kanthi apik, dene
saiki kari ngundhuh kowe ngleset kacop banyu. Aku bisa apa, aku
mung manungsa, ana sing luwih utama ngatur ndonya. Aku pasrah.”
Amarga HP

Dening : Sofia Nur Oktaviani (34)

Ing jaman saiki kabeh wis pada dolanan HP. HP wis ora bisa
dipisahake karo kabeh kagiyatan. HP menehi dampak positif
kayata menehi informasi kang luwih lengkap lan cepet. Nanging,
HP iki ya bisa nggawa pengaruh kang kurang becik kanggo bocah,
apa maneh bocah - bocah cilik sing wis kecanduan game online ing
HP. Salah sijine bocah kuwi yaiku Rudi. Rudi umure 12 tahun, kelas
enem SD. Dheweke saben dina dolanan HP. Dolanan e HP kuwi ora
perkara sinau sekolah, nanging HP kui digunakake kanggo dolanan
game online.

"Le... kok dolanan hp wae ta. Kowe arep ujian lho le, kok ugung
sinau ?" pitakone Ibu Rudi marang Rudi kang lungguh nyekeli hp
ing ngarep teras.

" Dereng buk... mangke dalu mawon kula sinau" mature Rudi
marang ibune

"Iya wis, sinau ya le. Kowe iki wis kelas 6, bariki kowe melbu SMP.
Yen nilaimu elek, kowe bakal ora bisa munggah sekolah. Ibu iki wis
bosen didhawuhi gurumu yen awakmu kui ora tau sinau lan remidi
terus le. Mengko yen ora munggah kepriye Rud, Rud" Ibu Rudi
ngelingake.

"Nggih, Ibu mboten usah khuwatir. Rudi mesti munggah kelas kok
bu. Mangke dalu kula Sinau bu " bantah Rudi.

Ibu Rudi wis pegel ngelingake Rudi supaya Sinau. Ora mung
Ibune Rudi, Gurune Rudi, Bu Ita uga pegel nekani omahe Rudi
ngelingake lan ndawuhi Rudi supaya sinau, amarga nilaine Rudi elek
terus. Yen diterusake, Rudi bisa ora munggah kelas.

" Aduhh kalah neh... Arrrggg" Rudi mbanting hp


"Ya Allah Rudd... pie ta kok dibantingi hp ne. kowe iki ana apa?"
takon ibune

" Ki lho buk. Sinyal kok elek tenan, game ku dadi mati." Rudi nyauri
ora basa

" Lho karo Ibune wes ora basa. Wes bengi iki Rud... kandamu
ape Sinau. Sesok iki ujian unggah uggahan lho rudd. Kok ijek
dolanan hp wae ta .."

"Inggih, Rudi nyuwun pangapunten sampun mboten basa kaliyan


Ibu. Mangke mawon nggih bu Rudi sinaunipun." jawabe Rudi.

"Aja nyepelekne lho Rud. Sesok iki ujian uggah uggahan tenan.
Yen nilaimu elek kabeh, awakmu bisa ora munggah kelas lho Rud..."
ngendhikane Ibu Rudi.

Hp ne Rudi banjur digawa kaliyan Ibune. Iki supaya Rudi sinau


tenan, amarga sesok iki ujian unggah unggahan. Nalika ibu Rudi
njaluk hp ne lan ape bali menyang kamare, ana kancane Rudi kang
teka marani Rudi kanggo dolan.

"Assalamualaikum... Rudiiii..." Evan ngucapake salam karo notok


lawang omahe Rudi

"Waalaikumsalam" jawabe Rudi lan Ibune berbarengan mbuka


lawang lan nemoni Evan.

Nalika Rudi lan Ibune mbuka lawang, Evan banjur salim karo
ibune Rudi. Ibune Rudi ngongkon Evan lungguh ing kursi dhisik
karo Rudi amarga Ibune Rudi ape solat isya.

" Ayo Rud, dolan. bocah bocah wis ngenteni ing lapangan. Wingi
wis dikandani Soni ta yen ape tanding game bareng."

"Iyo uwis Van, nanging hp ku iki digawa ibuku. Sesok iki aku ujian
Van, kowe apa wis Sinau?," jawabe Rudi
" Aku wis sinau Rud mau sore amarga kene iki kan wis dikandani
yen saiki tanding game. Dadi aku sore mau wis sinau" jawabe Evan

" Terus kepriye iki, Van" takone Rudi marang Evan

"Kaya mengkene wae, kowe sinau ngko bar tanding wae. Saiki
matur ibumu yen kowe ape Sinau bareng aku lan mbutuhake hp
kanggo nggolek materi ing internet." sarane Evan

" Oiya, sek ya Van.."

Rudi banjur melbu ing kamare Ibune lan ngendhika "Bu, kula
badhe sinau sareng kaliyan Evan bu, angsal punapa mboten? Evan
niku pinter bu, dados saget mulang Rudi nalika Rudi mboten saget
materi ingkang diujiaken. Rudi nggih mbutuhake hp bu kagem
madosi materi kang mboten wonten dhateng buku. "

" Iya le, tapi tenan ya sinau sing tenanan supaya nilaine apik apik.
Yen hp ne digunakno kanggo sing bermanfaat, mesti ibu ijini
lee..." jawabe Ibune Rudi.

"Menang ta aku, nganggo hero iki pancen menangake " omonge


Rudi ing konco koncone

" Iya Rud, kowe kok joss tenan" Saleh njawabi omongane Rudi

"Wis wis ayo pada mulih. Saiki wis setengah sanga bengi. Aku
karo Rudi iki rene pamite sinau lho Leh, Dadi ya ora bisa nganti
dalu" Evan njelasno

"Iya wis ndang mulih Rud, Van. Aku karo mas Yogi isih ape main
maneh. Kowe kabeh iki sesok ujian to?" takone Saleh

"Iya Leh, aku karo Evan sesok ujian. Kowe enak Leh wis ujian"
saute Rudi

"Hahahah.. wis wis lhang mulih." jawabe Saleh.


Sakwise tanding game online, Rudi mulih diterna karo
Evan. Teka omah, Rudi kesel lan langsung mapan ing kasur
banjur keturon. Dheweke lali ora sinau apa apa kanggo ujian
sesok.

Sesoke, Rudi sekolah kanggo ujian. Dheweke gupuh amarga


ora sinau apa apa, nanging wektune kanggo sinau ora nyukupi. Bel
wis diunekake lan Rudi melbu kelas ujiane. Tas lan liyan liyane
diklumpukake ing ngarep kelas, dadi Rudi ora bisa nyonto apa apa.

Sakwise ujian, Rudi metu kelas karo wajahe sing loyo lan lesu.
Dheweke wedi kecampur sedhih. Wedi yen diseneni ibune lan
nilaine bakal elek sing bisa nyebabake dheweke ora munggah
kelas. Ora ana siji soal sing isa digarap karo Rudi, kabeh diawuri.

Rudi mulih lan milih jujur ing Ibune yen dheweke kala wingi
ora sinau, nanging tanding game online kang nyebabake dheweke
ora sinau lan ora bisa njawan soal ujian.

" Bu, kula nyuwun pangapunten. Kula kalawingi sampun dorah


kaliyan Ibu. Kala wingi dalu kula tandhing game bu dhateng HP,
mboten sinau Bu. Kula nyuwun pangapunten Buu....." mature Rudi
marang Ibune.

" Astagfirullah... Ya Allah lee....pie ta kowe iki. Wong wis ngerti


ujian kok malah ngapusi ibu kaya mengkono. Kowe iki apa ora iling
pesene almarhum Bapakmu Rud.. " jawabe Ibu Rudi

"Rudi mboten supe kok bu.. Rudi nyuwun pangapunten bu.. Rudi
punagi bu....Rudi badhe ewah luwih becik bu kaliyan
mbuktikaken
dhateng ibu kaliyan almarhum bapak, menawi Rudi saget sukses
bu.." Rudi njaluk pangapura marang Ibune.

" Iya wis, saiki sinau sing tenan. Ibu pangapuro. Saiki, mumpung
ujiane isih dina kapisan, kowe sinaua saiki. Aja sampek awakmu
mbesok nyesel Rud. Kowe iki kudu dadi wong kang sukses. " jawabe
Ibune Rudi
Sakbanjure iku, Rudi sadar marang kasalahane. Dheweke saiki
dadi bocah sing sregep sinau lan manut marang ibune. Dheweke isa
mbagi waktune kanggo sinau lan nyisihake wektune kanggo main
game online.
Kuciwa

Dening : Syifa Rofida D. (35)

Ani lagi sibuk, dheweke nyiapake keperluan kanggo


ngeleboni pondok pesantren. Wis suwi Ani kepengin mlebu pondok
pesantren, mbiyen Ani metu SD kepengin daftar pondok
pesantren ananging ibune ora ngolehi amarga dheweke isih cilik
lan ibune ora tega. Akhire, Ani diolehi daftar pondok pas wayah
SMA.

Ani wis nyepakake keperluan kanggo daftar pondok


pesantren. Amarga tes pondok pesantren iku luwih cepet seko
pendaftaran SMA biasa. Ani sinau tenanan kanggo bisa melebu
pondok pesantren. Isuk, awan, sore Ani sinau, apalan kanggo
surat-surat ing Al-quran, jaga-jaga menawa di tes.

Saiki dina Sabtu, kanca-kancane Ani lagi akeh sing malam


mingguan, ananging Ani malah sinau terus. Dheweke kudu sinau,
ibune sing ngerti Ani sinau terus-terusan, marani Ani.

“An, apa kowe ora pingin dolan kaya kanca-kancanem? Aja sinau
wae, kabeh iki kudu seimbang. Mengko awakmu stres perkara
sinau terus” omong ibune karo lungguh ing sampinge Ani.

“Mboten napa-napa bu. Ani kepingin sanget daftar ingkang pondok


pesantren, mula iku Ani kudu sinau ingkang tenanan”

“Tapi aja sinau terus An, dolan-dolan ya ora apa-apa. Ora kudu
sinau terus”

“Mboten bu, Ani kudu sinau. Mlebet ingkang pondok niku sisah,
kula kudu sregep supaya bisa kelebet ing pondok pesantren
ingkang kula pingini”

“Yowes An yen pinginmu kaya ngunu, nanging aja terus dipeksa


kanggo sinau terus. Awak ya butuh leren aja gara-gara kepingin
kelebu pondok terus awakmu kudu sinau terus.” Ujar ibuke Ani
karo metu saka kamare Ani.

“Aku kudu usaha, piye carane pokok e aku kudu kelebu ing pondok
pesantren sing tak pingini” tekad e Ani.

Dina, minggu, lan ulan ora keroso wis diliwati. Ora kerasa yen saiki
wayahe Ani daftar pondok pesantren. Ani terus diilengke ibune
yen Ani kudu teliti ndelok jadwal pendaftaran, tes lan
sapanunggalane.

“Aja lali lo An, di delok sing tenanan. Aja mung pisan pindo, ayo
didelok maneh kapan pendaftarane ditutup” ujar ibune Ani.

“ Inggih bu, sampun kula periksa. Tanggal pendaftaranipun ditutup


ulan Juli”

“Tenan iku ulan Juli? Meskine ulan Juli iku wis kudu mulai
pembelajaran to An?” takon ibune.

“Mboten bu, kula sampun ningali ingkang web pondok


pesantrenipun”

“Yowis yen ngunu, ijek suwi ditutupe pendaftarane. Ngenteni


bapakmu mulih wae ya An”

“Inggih bu”

Sawise bapake Ani mulih, Ani lan sakaluargane budal ing


pondok pesantren kanggo daftarake Ani. Ora suwi, Ani lan
keluargane teko ing pondok pesantren, ibune ani marani mbak-
mbak sing jaga ing ngarep pondok.

“Mbak niki, kula badhe daftarake yoga kula dhateng pesantren”


ujar ibune Ani.

“Sepurane ingkang kathah ibu. Pendaftaranipun sampun ditutup”


ujar mbak sing jaga pondok.
“Lho, sampun tutup mbak?” ibune Ani kaget.

“Inggih bu, pendaftaranipun ditutup saking ulan Maret” ujar


mbake

Ibu Ani akhire mara meneh ing Ani lan takok sing tenanan karo
Ani.

“An, jerene mbake wau, pendaftarane wis ditutup ulan wingi. Jajal
awakmu cek meneh webe”

“Inggih bu” karo ngetokno HP.

Pas wayah web dibuka, Ani kaget yen ternyata pendaftarane


ditutup ulan Maret ora ulan Juli.

“Inggih bu, leres, pendaftaranipun sampun tutup” ujare Ani


sedhih.

“Lho, piye to An, awakmu wis takkongkon ndelok sing bener-bener.


Ngeneki yen ora mbok delok bener-bener” ujar ibune ani.

“Wis-wis ora usah geger. Wis kadung, saiki daftarake Ani ing
sekolah biasa wae.” Ujar bapake ani sing kaet mau meneng wae

“Ananging kula kepengin mlebet ing pondok pak” ujar Ani

“Wis kadung, iku ya salahmu dewe sing ora ndelok web e tenanan.
Wis terimo opo anane wae” ujare bapak.

Akhire keluargane Ani mulih karo kiciwa. Ani sedhih amarga ora
keturutan mlebu ing pondok pesantren.
Jo Ngece Babu
Dening : Ulla Nurluthfi O. (36)

Sri iku wadon ayu umure 18 taun, dheweke dadi babu


menyang omahe Meneer Van Gebruik wiwit umur 15 taun. Biyunge
kacung lawas kaluwarga iku, welasan taun ngabdi, nganthi telung
taun wingi, ana kang nyerbu menyang omah gede iku. Biyunge melu
dadi korban. Panurut cerita centeng omah kang slamet, ana
rombongan maling nggawa clurit kang nyatroni bengi-bengi.
Tibake, iku inlander pemberontak kang nyerbu. Adus luh Sri
ndelok biyunge seda.
Perkara kedadeyan iku, Nyonya Fien, bojone Meneer,
masang pengumuman sing isine golek babu anyar, lan mbuh ngrasa
mesakne, utawa pancen mbutuhake, Sri kang nganthi saiki urip ing
omah buruh kebun teh nggone Meneer Van Gebruik, akhire
dikongkon rewang menyang omahe Meneer.
Meneer Van Gebruik uga, wiwit kedadeyan ngenasake iku,
ngutus kanggo ngrekrut luwih akeh centeng. Salah sijine yaiku
Joko, pendekar enom saka Madura. umur Joko lagi sangalas nalika
direkrut, nanging amarga kasektiane dhuwur, Joko diceluk Kang
karo welasan centeng liyane. Meneer Van Gebruik ngangkat
dheweke dadi centeng utawa pengawal nomor siji. Lancar banget
karire Joko menyang omah gedhe iku, dadi bau tengen Meneer.
Senajan isih enom, reputasi Joko uga apik. Panurut bisik-bisik
babu lan centeng liyane, Joko gelem nyedani sopo wae asal
disanguni sakgepok dhuwit kompeni, utawa gelem njaga apa wae
sing penting diwenehi kantong emas.
Dene Sri, dudu perkara gampang bocah wadon umur 15
taun nalika kapisan nyambut gawe menyang omah gedhe. Ora pisan
pindo Sri ngundang perkara lan nggawe Nyonya Fien abang
kupinge. Untunge Sri bocah kang sregep lan duwe riwayat biyunge
sing wis seda iku, dadi senajan sering nggawe ngamuk lan
njengkelake, Nyonya Fien ora tega mecat Sri.
Dina kapisan nyambut gawe, persis nalika Nyonya Fien
ngundang nederlander, ondernemer, tuan tanah lan barun Eropa
liyane, ngerayakake jamuan nedha bengi kanggo pawongan penting,
uga peringatan berkabung kedadeyan ngenasake telung minggu
kepungkur. Dasare Sri isih bocah, dibengoki, diutus babu senior
liyane ngeterake sop bening menyang meja, Sri polos tanpa akeh
takon nggowo nampan mangkok sing isine banyu kobokan.
“Mevrouw Fien, ini soep bening apa, ya?” Salah siji bojo
tuan tanah nyicipi banyu ing mangkok, raine nyonya katon bingung.
“Wetenswaardig, ini rasanya menarik sekali Mevrouw
Fien.” Nyonya nederlander liyane moh keri saka sabrang meja.
Sakjane nyonya nederlander, bojo saka kapiten iki arep ngomong
yen rasane ora beda karo banyu biyasa, nanging amarga dheweke
sungkan diceluk kampungan, merga arang melu srawung lan
mangan gaya kerajaan, banjur kaya-kaya melu masang rai
sumringah.
Nyonya Fien sing lagi asik ngomong banjur ndeleng
menyang seberang, ndeleng tamu-tamu liyane lagi nyendok
mangkok ‘sup bening’, ndeleng nampan Sri, lagi wae sadar yen
babune iku sing nyiapke banyu kobokan kanggo appertizer. Abang
mbranang raine Nyonya Fien, matane uga mlorok menyang Sri sing
tanpa dosa isih mbungkuk-mbungkuk mbagiake sisa mangkok ing
nampan.
“Rechts, ini soep bening menarik sekali.” Ing sisih liya,
bojo tuan tanah liyane menehi komentar, “Mevrouw Fien pastilah
punja resep spesial ini aseli dari Paris? Atau Itali?”
“Boekan Itali atau Paris Mevrouw Elizabeth, ini pastilah
resep spesial dari Monaco.”
Abang raine Nyonya Fien, dheweke serba salah, separo
nesu campur separo isin, dheweke kaya-kaya mesem ngangkat
tangane, manthuk gaya khas bangsawan nederlander, “Ah, itoe
tidak special. Hanja resep sederhana milik keloearga.”
Dhuh Gusti, beja banget Sri, menyang dunya iki, kadang
gengsi ngalahake kampungan, lan jelas banget gengsi nyonya-
nyonya nederlander iku keduwuren senajan kanggo ngakoni yen ing
mangkok iku mung banyu biyasa. Jamuan nedha bengi iku lancar-
lancar wae, ora dadi acara kang ngisin-isini. Rai Nyonya Fien tetep
iso jumawa.
Nanging mung sedhela Sri slamet, sawise kereta jaran
(dokar) tamu metu saka pekarangan, Nyonya Fien kaya radio rusak
ndukani para babu menyang pawon. Bengak-bengok, nudingi
bathuke Sri. Ngomong, dasar inlander bodho, babu dusun, ing
ngarepe babu-babu kang luwih senior, lan centeng kang numpang
mangan. Sri ngempet tangis, mesakake tenan ndelok Sri diseneni
nyonya nederlander. Dheweke pancen ora ngerti yen iku mangkok
banyu kobokan. Kanggo bocah wadon ndesa, mangkok banyu
kobokan iku apik banget, Sri nganggep iku mesthi sup bening.
Ora cukup diseneni Nyonya Fien, nalika Nyonya mbalik
menyang kamar ngarep, saiki gantian babu liyane sing ngguyu Sri
cilik. Joko dumadakan nggebrak meja, ngamuk marang para babu
lan centeng, “Kowe ngguyu opo, hah? Opo sing mbok guyu?!”
Joko adoh saka rupa ganteng, ing raine ana telu tatu
gedhe, raine katon medeni lan kasar. Awake keker, tangane kuat,
swarane mantep, meneng kabeh babu ing pawon iku nalika nyawang
Joko.
“Kon seneng ngguyu bangsa dhewe, hah?” Joko ngadeg,
abang kupinge,
“Dheweke diseneni bangsa liya, diremehake amarga mung
nggawa mangkok sup sing kleru, dianggep bodho, ora puas, saiki
ganti kon kabeh ngguyu dheweke?”
Babu-babu lan centeng langsung meneng klekep
“Pancene bangsa ora nduwe isin. Tinimbang mbela bangsa
dhewe, malah ngenyek.”
Joko mlaku nyedaki Sri, Centeng nomor siji iku nggandeng
pundake Sri cilik, nepuk-nepuk lan bisiki “Ojo dipikir, Sri. Sri
luwih apik tinimbang kabeh babu menyang kene, malah yen bagiku,
Sri luwih apik tinimbang nyonya-nyonya kompeni kang Sri layanake
mau.”
Bengi iku Sri isa ndeleng atine Joko kang sebenere. Ati
kang apik lan becik. Dheweke ngilangake bisikan ing pawon utawa
kamar babu kang ngomong, pendekar serem iki centeng paling
medeni ing wilayah Jawa.
Sri mendek nangis, manthuk-manthuk, ndeleng Joko sing bengoki
centeng liyane supaya lunga. Wiwit iku Sri lan Joko cedhak.
Telung taun kepungkur, reputasi Kang Joko dadi centeng paling
kuwat menyang kuta iku saya duwur, ing ngendi wae Meneer lunga,
apa iku ngurus kebun teh, nemoni pejabat VOC, utawa ngiringan
Meneer ing kapal lunga menyang Malaka, Kang Joko Melu. Nalika
menyang omah, Sri cilik alon-alon uga saya tuwuh dadi kenya ayu—
senajan tetep dadi babu.
Arep Sekolah SD

Dening : Vadzha Ezra Widyadhana (37)

Udakara 10 tahun nuli, ana sawong anak wadon sing arep


mbanjurke pendidikane ing sekolah dasar. Anak wadon kuwi
jenenge Zizi, dheweke lagek lulus saka TK lan kapengen
mbanjurke menyang SD sing dipingini kawit kae yaiku SD
Cempaka. SD panggon mas-mas lan mbak-mbake Zizi sekolah.

Mubarang esuk ing dina senin, kahanan kedelok tegang lan


rusuh. Zizi telat tangi turu lan wis jam setengah 7 esuk. Banjur
Zizi gagenan adus. Nalika Zizi adus, Ibuke nyiapaken klambi sing
arep dheweke anggo kanggo tes mlebu SD. Sakwise adus, Zizi
banjur sarapan esuk sedhela.

“Zizi, ayo wis jam 7. Sediluk maneh tes e mulai,”


ngendikane Bapake Zizi.

“Nggih, Pak. Zizi badhe mundhut tas sakedhap,”


wangsulane Zizi.

“Ora usah nggawa tas, tese mung tes wawancara wae,”


ngendikane Bapake Zizi karo kesesa.

“Loh nggih, Pak? Nggih sampun menawi ngoten, Zizi badhe


ngangge sepatu sakedhap,” wangsulane Zizi karo mlayu njupuk
sepatu ning rak.

“Iya. Taun wingi pas mbakmu arep mlebu SD, mung ana tes
wawancara,”

Zizi lan bapake budhal menyang SD Cempaka. Ing


perjalanan, Zizi ngerasa seneng banget. Dheweke ngerasakne
embusan angin sing ngapane seolah menehi salam slamet esuk
kanggo Zizi sing arep nglakokake tes mlebu ning sekolah sing
dheweke pingini. Nanging ing pinten-pinten meter arep nganti
sekolah, dheweke rumangsa deg-degan. Sangantine ing SD
Cempaka, Zizi heran ana ngendi bocah liyane sing arep tes uga.
Amarga latarane sekolah kedelok sepi lan ana akih walimurid sing
padha ngadeg ing ngarep kelas.

“Ayo, Zizi telat. Sing liyane wis padha mlebu kelas,”


wangsulane Bapake Zizi sembari mlaku cepet nuntun Zizi menyang
kelas panggone tes.

Walimurid sing padha ngenteni ing ngarep kelas, terheran-


heran ndeleng ketekanane Zizi. Zizi sing rumangsa canggung, akih
pitakonan ing jero awake apa dheweke nglakoke keluputan.
Nanging wektu Zizi ndeleng tampilane, dheweke wis kadelok kaya
sawong murid sing arep melu tes nang lumrahe. Karo klambi
formal, kemeja putih karo motif kembang-kembang, kathok jeans
dawa karo motif sapi cilik ing ngarep saku, sapatu pink sing ana
gambar Barbie, lan uga rambut sapundhak sing dibanduni mutiara
cilik arupa putih lan karakter kembang ning sisi tengen. Zizi cuek
marang tatapane wong-wong, dheweke mlaku cepet ing ngguri
Bapake.

Sangantine ing ngarep kelas, Bapake Zizi ndodok lawang


lan ora suwi sawong guru wadon mbukakake lawang.

“Assalamualaikum, Bu. Badhe taken, punapa tesipun


sampun wiwit?” pitakone Bapake Zizi.

“Waalaikumsalam. Oh nggih, Pak. Tesipun nembe mawon


wiwit. Punapa putrinipun panjenengan kantun?” wangsulane
guru wadon iku.

“Nggih, Bu. Kalawau tanginipun kantun. Dados kados pundi,


Bu? Punapa taksih saged nderek punapa mboten?” wangsulane
Bapake Zizi.

“Taksih saged, Pak. Bangkunipun taksih kosong dados


saged nderek tes. Zizi apa wis siap, Nduk?” pitakone guru wadon.
“Nggih sampun, Bu,” wangsulane Zizi sopan.

“Zizi apa ora nggawa tas, Nduk?” pitakone guru wadon.

“Mboten, Bu,” wangsulane Zizi.

“Punapa wonten tes seratipun, Bu?” pitakone Bapake Zizi.

“Samenika wonten tes seratipun, Pak. Mangke Zizi ajeng


wonten tes serat, tes wawancara, kaliyan tes maos,”

“Haduh. Kula kinten namung tes wawancara mawon. Mula


mboten mbekta tas kaliyan pirantos serat,” wangsulane Bapake
Zizi.

“Mboten menapa-napa. Mangke Zizi kula ampili pirantos


serat,”

“Pangapunten nggih, Bu. Dados ngerepoti panjenengan,


matur nuwun ingkang kathah kagem rencanganipun. Ayo Zizi melbu
kelas, aja lali ndungo ya, Nduk. Bapak enteni ing kene,” wangsulane
Bapake Zizi.

“Sami-sami, Pak. Mboten menapa-napa. Ayo Zizi,”

Zizi langsung pamitan marang bapake lan ora lali ngambung


tangan bapake, njaluk doa restu supaya dheweke lancar ngerjakne
tes. Zizi mlebu kelas lan langsung lungguh ing bangku sing kosong
wau, ora suwe guru wadon iku ngampiri Zizi lan nyilihi petelot,
bolpen, lan pengahpus gawe Zizi ngerjakne tes. Zizi narima lan ora
lali dheweke matur sembah nuwun marang guru iku. Banjur Zizi
ndonga sakdurunge ngerjakne tes. Kurang tekan sak jam, dheweke
lancar ngebaro tese. Zizi ndelok ing njaba kelas, dheweke
ngacungnake jempol karo madep bapake.

“Wis?” pitakone Bapake Zizi ora ngetokake suwarane.

Zizi manggut-manggut tandha dheweke wis bar nggarap.


Ora suwe gurune ngekei instruksi yen wektu ngerjakne tes wis
ape bar. Zizi lungguh anteng meneng wae karo ngenteni jenenge
giliran diceluk.

Jenenge diceluk, Zizi mangkat saka bangku lan ora lali


nggawa lembar wangsulan tes lan alat serate guru wadon wau. Zizi
banjur ngumpulakne lembar wangsulan, ora lali dheweke mbalikno
alat serat wau lan ora lali matur sembah nuwun . Sakwise kuwi,
Zizi di tes wawancara lan dheweke percaya diri njawab pitakonan-
pitakonan kasebut. Sakwise tes wawancara, guru wadon kasebut
ngarahake Zizi menyang bangku-bangku ing ngarep papan. Ing
bangku-bangku kuwi wis ana loro bocah sing lagi tes maca, Zizi
banjur lungguh ning bangku sing kosong karo lembar macanan ing
nduwur mejane. Zizi banjur maca lembar macanan kasebut karo
lancar lan jelas. Ora disadari Zizi, dheweke ndhisiki loro bocah
sing ngelakokake tes maca sadurunge Zizi. Tes sing dilakoni Zizi
wis bar kabeh, dheweke diijina guru mulih dhisikan.

Zizi dadi bocah pertama sing metu saka kelas tes kasebut.
Akih pandhangan walimurid sing terheran-heran karo Zizi, amarga
dheweke mungkur loro bocah liyane sing nglakokake tes maca
sadurunge Zizi. Bapake Zizi gumuyu lan kedelok mongkog marang
Zizi. Sakwise kuwi, Zizi lan bapake banjur mulih. Nanging ora
langsung mulih, dheweke lan bapake mampir ing omah eyange Zizi.
Ning kunu wis ana pakdhe-budhene Zizi, eyange Zizi, lan mas-
mbake Zizi. Bapake Zizi banjur nyritakake kejadiyan ndekwau ing
kaluwargane iku. Kabeh padha gumuyu lan gregeten karo tingkahe
Zizi.

“Zi, Zi. Sesok-sesok aja lali nggawa tas yo,” wangsulane


Mbake Zizi karo ngguyu kemekelen.

“Lhaya ta, piye ta bapakmu ki kok ora gelem takok-takok


sek. Untung anake pinter ngene,” wangsulane Budhene Zizi karo
nada gregeten lan ngguyu.
“Wis ora apa-apa, sing penting Zizi lancar tese. Muga-
muga Zizi ketampa ing sekolah kuwi ya, Nduk,” wangsulane Eyange
Zizi karo ngelus rambute Zizi.

Zizi nanggepi karo lingsem-lingsem lan ora lali dheweke matur


panuwun marang kaluwargane.

Wusanane selang pirang dina sakwise tes, Zizi krungu


kabar apik yen dheweke ketampa ning SD Cempaka sing ora liya
yaiku sekolah sing diimpiake kawit suwi. Zizi seneng lan wong
tuwane mongkog marang Zizi. Zizi bersyukur amarga akeh wong
sing ndukung impiane karo menehake restu marang dheweke.
Prei Sekolah Ing Pantai

Dening : Valentino Februar H.P. (38)

Wekdal punika kula taksih kelas 1 sma, ing kala dinten prei
sekolah kula sareng rencang kula kajeng berlibur teng pesisir
ingkang antawisipun cekap tebih saking enggen manggen kami.
Ngenjing dintenipun kula uga rencangku klempak dipunmukawis
enggen ngentos kanca ingkang sanes katur bidhal sareng sami,
sasampune klempak sedaya kami miwiti radin nglangkungi lampah
ingkang tan kiwanipun enten wana uga sabin. kula uga rencang kula
nikmati sanget radin punika amargi angin uga udaranipun taksih
adem.

Sasampune sawegtara jam akhiripun kami kantos pesisir


menika, dipunngrika mboten kelangkung rame. sakantosipun
dipunngrika kami sedaya kendel sekedhap lajeng wonten ingkang
foto foto uga wonten ingkang pesen nedha ugi ngombe. saking
ketebihan kula ningali satunggaling tiya ingkang mboten asing
rupinipun, wekdal kula celaki jebule piyambakipun yaiku kanca
kelasku. piyambakipun sareng keluargane preinan ugi pesisir
punika.

Dinten tambah sonten, kula uga rencang kula jagi jagi


nyambetaken lampah katur wangsul mantuk. amargi jam sampun
nedahi gebag 3 uga kami mirengaken swanten adan, akhiripun kami
menepi riyen ing masjid akbar katur numindakake sholat ashar
tirah-tirah rumiyin. Sasampune sholat kami sempet aken katur
tumbas nedha enteng ing sawentawis masjid akbar menika. bibar
nedha uga ngombe kami nyambetaken radin mantuk, sawegtara
sampun dipunlangkungi dhumateng nyelaki kitha enggen manggen
kami.

Kami pun kendel sakedhap dipunmukawis enggen katur


micantenaken acara sasambetipun, mboten memerlukan wekdal
lami kamipun ngengkenaken katur nedha dalu sareng ing wande
ingkang asring kula uga rencang kula dugeni. ing wande menika
kami sami gumujeng sareng amargi criyos lucu saking rencang kula
kaliyan ngentos nedha uga ngombe dugi.

Saksampune tuwuk sedaya akhiripun kami sami gadhah


sapih katur wangsul mantuk ing griyanipun dewe dewe. dinten
liburan punika yaiku klintu satunggal dinten ingkang nyenengno
kunjuk kula, amargi mboten namung nikmati alam nanging kula ugi
saged mempererat tangsul silaturahmi kaliyan kanca rencang
kulla.

You might also like