You are on page 1of 9

SOAL PAS JAWA KELAS 6

Kanggo wangsuli soal no 1-6 wacanen wacan ing ngisor iki sing titi !

Budaya Jawa ing Jaman Globalisasi

Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya jawa. Wujud
budaya jawa ing antarane : basa jawa, aksara jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik,
ketoprak, lan sapanunggale.
Trus, apa globalisasi iku? Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global.
Tegese mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono
ugo ing babagan budaya.
Globalisasi bisa nuwuhake dhampak sing apik tumrap kabudayan jawa, umpamane :
1. Budaya jawa saya kawentar saindenging donya
2. Ningkatake dhevisa saka anane wisata budaya
3. Ndadekake budaya jawa saya ngrembaka
4. Ningkatake kreatifitas .
Kabeh mau bakal klakon, menawa budaya Jawa tansah diuri-uri lan dirembakake. Aja nganti
kepara kelangan jati dhiri, kepencut gebyare budaya manca, kaya kang kasebut ing tembang gambuh
ngisor iki :
Ampun ngantos kebanjur,
Tiyang Jawi, ilang Jawinipun,
Margi kerut ing jaman globalisasi,
Tebih saking sopan santun,
Budi pekertine awon.
1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur ...
a. Budi lan Dayaning Manungsa
b. Budaya Jawa ing Jaman Globalisasi
c. Globalisasi nuwuhake dhampak sing apik
d. Maneka warna budaya jawa
2. Asale tembung globalisasi yaiku ...
a. Dunyo
b. Global
c. Universal
d. Mendunia
3. Ing ngisor iki wujud budaya jawa, kecuali ...
a. Lagu seriosa
b. Ketoprak
c. Tari-tarian
d. Wayang
4. Dhampak negatipe globalisasi tumrap budaya jawa yaiku ...
a. Nuwuhake sipat konsumtip lan boros
b. Bocah - bocah semangat belajar kabudayan jawa
c. Budaya asing iso nyengkuyung budaya jawa
d. Kapencut gebyare manca
5. Ing ngisor iki dampak positip globalisasi tumrap budaya jawa, yaiku ...
a. Anane pasar global
b. Masyarakat tansaya maju
c. Ndadekake budaya jawa saya ngrembaka
d. Tekade wong nyambut gawe tansaya gedhe
6. Tembang sing ana ing wacan dhuwur kalebu tembang ...
a. Gambuh
b. Pucung
c. Sinom
d. Mijil
7. Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ...
a. Telu
b. Papat
c. Lima
d. Enem
8. Pitik walik saba kebon, batangane ...
a. Sulak
b. Sapu
c. Nanas
d. Nangka
9. Ing ngisor iki ora kalebu wujude cangkriman , yaiku ...
a. Plesetan
b. Irib-iriban
c. Cekakan
d. Wilangan
10. Dikethok malah mundhak duwur kalebu cangkriman awujud ...
a. Blenderan
b. Wancahan
c. Pepindhan
d. Sinawung ing tembang
11. Sing kalebu cangkriman plesetan yaiku ...
a. Segara beldhes
b. Bocor malah enak
c. Sega sakepel dirubung tinggi
d. Adoh-adoh diparani,bareng wes tekan dilewati
12. Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibathang arane ...
a. Ceritan
b. Cangkrukan
c. Cangkriman
d. Cangkringan
13. Ing ngisor iki tuladhane cangkriman sing awujud cekakan yaiku ...
a. Burnas kopen
b. Bosok malah enak
c. Bocor malah kebak
d. Sega sakepel dirubung tinggi
14. Pak demang klambi abang di suduk manthuk-manthuk, batangane ...
a. Rebung
b. Gangsing
c. Semangka
d. Ontong gedhang
15. Urang sapikul matane ana pira ?, tuladha saka cangkriman sing awujud ...
a. Wancahan
b. Plesetan
c. Irib-iriban
d. Sinawung ing tembang
16. Bapak pucung endhi elor endhi kidul.
Laku tapa brata
Mung kepingin bisa malih
Dadi kupu si pucung wedaring tapa
Bedhekane tembung ing dhuwur yaiku ...
a. Ulo
b. Uler
c. Lowo
d. Welut
17. Pakbo letus, batangane yaiku ...
a. Tipak kebo lelene satus
b. Tebu ditata melbu lori
c. Mbakar tela sumendhe keren
d. Jurang isi banyu, gumuk isi watu
18. Burna kopen batangane ...
a. Watu alas di sengker walanda
b. Yen dijiwit atho biyung
c. Bubur panas kokopen
d. Tebu ditata melbu lori
19. Pitik walik saba meja, batangane ...
a. Sapu
b. Sulak
c. Nanas
d. Nangka
20. Bapak pucung mlungker kaya kalung
Tangan papanira
Nuduhake rina wengi
Lamun mati bingung wektu bendera
Bedhekan tembung ing dhuwur yaiku ...
a. Tasbih
b. Ali-ali
c. Binggel
d. Gelang jam

Nyemak teks pidhato ngisor iki kanggo mangsuli soal no. 21-25
Assamualaikum Wr.Wb
Bapak-bapak, ibu-ibu warga dhusun sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca
anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.
Puji syukur kita aturaken dhumatheng Gusti Allah inkang Maha Agung, jalaran kita tansah
pinaring rahmad, taufik saha hidayahipun saengga kita saged pepanggih ing kawonten sehat walafiat
lan rahayu wilujeng.
Bapak-bapak, ibu-ibu, para kanca anggota karang taruna inkang kinurmat, bombong raosing
manah kula dene ing adicara rapat koordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran Usaha Kecil
Menengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita
rancang sesarengengan mlampah kanthi lancar.
Bapak-bapak, ibu-ibu, saha para kanca anggota Karang Taruna ,ancas tujuan pepanggihan
menika kangge ngrancang adicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun. Lajeng
prodhuk unggulan menapa ingkang dipunpameraken. Ingkang baku prodhuk kedah ingkas dados ciri
khas dhusun Sukamaju mriki. Mangga sabibaripun kulo matur, kita ngempal manut seksi-seksi
ingkang sampun kasusun. Minangka ketua panitia kula gadhah pangajab adicara ing enjing menika
ngasilake keputusan ingkang sae.
Bapak-bapak, ibu-ibu lan para kanca anggota Karang Taruna ingkang kinurmat, mbokbilih
cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembung utawi solah tingkah ingkang kirang
mranani kulo nyuwun agunging samodra pangaksami.

21. Sing pidhato manut teks ing dhuwur, yaiku ...


a. Bapak-bapak
b. Ibu-ibu
c. Ketua panitia
d. Anggota Karang Taruna
22. Adicara kang kasebut ing pidhato yaiku ...
a. Ngrancang acara pameran
b. Ngrancang jadwal
c. Milih prodhuk ingkang badhe di pameraken
d. Rapat koordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran UKM
23. Ing ngisor iki ora di undang ing adicara kasebut
a. Bocah-bocah
b. Bapak-bapak
c. Ibu-ibu
d. Anggota Karang Taruna
24. Ancas lan tujuan ing tatemonan kasebut, yaiku ...
a. Ngrancang jadwal
b. Ngrancang acara pameran
c. Milih prodhuk ingkang badhe dipameraken
d. Rapat koordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran UKM
25. Prodhuk sing arep di pamerake yaiku ...
a. Prodhuk kang laris
b. Prodhuk kang murah
c. Prodhuk kang sae
d. Prodhuk kang dados ciri khas
26. Yen arep pidhato, becike gae ...
a. Gagasan baku
b. Cengkorongan
c. Naskah pidato
d. Struktur teks pidhato
27. Ing ngisor iki ora kalebu basa ing pidhato resmi, yaiku ...
a. Intonasi datar
b. Migunakake tembung baku
c. Kerep nganggo ukara ora jangkep
d. Digunakake ing kahanan resmi
28. Ing ngisor iki struktur teks pidhato , kecuali ...
a. Pakurmatan
b. Pambuka
c. Isi
d. Panutup
29. Dudutan, panyuwun pangapura, lan salam panutup iku kalebu ... pidhato
a. Isi
b. Dudutan
c. Pambuka
d. Panutup
30. Kanggo persiapan nulis teks pidhatobecike gawe ...
a. Ukara
b. Cengkorongan
c. Tembung
d. Gagasan baku
31. Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato
a. Pambuka
b. Isi
c. Panutup
d. Dudutan
32. Pidhato kanthi ngapalake naskah luwih disik diarani ...
a. Improptur
b. Memoriter
c. Ekstemporan
d. Naskah
33. Miturut swasane, pidhato utawa sesorah kaperang dadi ...
a. Pidhato kenegaran lan pidhato perpisahan
b. Pidhato ing sekolah lan pidhato ing manten
c. Pidhato kanegaran lan pidhato masyarakat
d. Pidhato resmi lan pidhato ora resmi
34. Ing ngisor iki sing ora kalebu gagasan baku sakjroning pambuka pidhato yaiku ...
a. Dudutan
b. Pakurmatan
c. Puji syukur
d. Salam pambuka
35. Pidhato kanthi cara maca teks/naskah diarani ...
a. Naskah
b. Ekstemporan
c. Impromptu
d. Memoriter
36. Sing ora kalebu methode pidhato yaiku ...
a. Ekstemporer
b. Impromptum
c. Naskah
d. Ekspresi
37. Bab sing ora perlu di gatekake nalika pidhato yaiku ...
a. Ekspresi
b. Vokal/swara
c. Ukarane
d. Runtute
38. Perangan teks pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa intisarine andharan
diarani ...
a. Isi
b. Dudutan
c. Pambuka
d. Panutup
39. Ing ngisor iki conto ukara jangkep yaiku ...
a. Mangan bakso
b. Tangi turu
c. Dhek wingi wes teka
d. Ibu nggawe krupuk tempe
40. Gagasan baku sing ana ing bagian panutup pidhato utawa sesorah yaiku...
a. Panyuwunan pangapura
b. Salam pambuka
c. Tetepungan
d. Puji syukur

41. Tulisan aksara Jawa "mangan nanas" yaiku ...

a. ꦩꦔꦤ꧀ ꦩꦁꦒ
b. ꦩꦶꦤꦸꦩ꧀ꦲꦼꦱ꧀
c. ꦩꦔꦤ꧀ ꦤꦤꦱ꧀
d. ꦩꦶꦤꦸꦩ꧀ꦏꦺꦴꦥꦶ

42. ꦧꦗꦸꦧꦫꦸ artine ...

a. Baju biru

b. Batu bata

c. Baju baru
d. Buku baru

43. ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ ꦲ ꦥꦶꦏ꧀ artinya ...

a. Katon apik

b. Katon elek

c. Katon padang

d. Katon jembar

44. ꦄꦤꦏ꧀ ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ artine ...


a. Anak kadhal

b. Anak pitik

c. Pitik siji

d. Kadhal loro

45. Bentuk aksara Jawa angka 1 (꧑ ) mirip dengan bentuk aksara ...
a. Ma

b. Ka

c. La

d. Ga

Wacanen kang patitis kanggo jawab soal no 46 – 47

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang

Tutukira pan pasegi

Saben dina pucung nguntal buntutira

46. tembang ing dhuwur jenenge tembang …

a. Gambuh

b. Pucung

c. Sinom
d. Mijil

47. Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu ing tembang dhuwur yaiku …

a. 7i

b. 8i

c. 9i

d. 10i

wacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no 48 – 50

“Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia” ukara kuwi ing saben-saben dina pangetan
lingkungan hidup mesthi dikumandhangake saindenge donya. Alas ing bumi Indonesia
pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. Alas tropis mujudake produsen oksigen
sing paling gedhe sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-paru donya.

Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake alas ing Indonesia
disebabake saka bencana alam, umpamane : gunung bledos, gempa bumi/lindhu, yen
rusake amarga kobong, banjir bandhang, tanah longsor bias uga disebabake pokal gawene
manungsa.

Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa. Ora mung
manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-paru sehat, sing bisa mroduksi oksigen
sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa subur yen lemahe uga subur. Subure lemah
kuwi yen akeh humuse lan cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong
sing gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing bisa nandhon
banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase supaya tetep bisa dadi paru-parune
donya.

48. Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan yaiku …

a. Alasku paru-paruku

b. Alasku sehat, paru-paruku

c. Alasku paru-parune donya

d. Lestari alasku, lestari bumiku

49. Ukara inti ing paragraph 1 wacan ing dhuwur yaiku …

a. Alase rusak, paru-parune donya rusak

b. Alas Indonesia paru-parune donya


c. Alas Indonesia kuwi alas tropis

d. Alas tropis produsen oksigen

50. Ukara inti ing paragraph 2 wacan ing dhuwur yaiku …

a. Alase Indonesia rusak kabeh

b. Alase Indonesia dirusak manungsa

c. Indonesia bencana gempa bumi

d. Lemahe Indonesia longsor kabeh

You might also like