Wewaler (Adhitya Indra Prasetya - 01 - Xiitp)

You might also like

You are on page 1of 4

NAMA SISWA : ADHITYA INDRA PRASE

KELAS : XII TP

PRESENSI : 01

GLADHEN
Wacanen wacan ing ngingsor iki kanthi setiti !
Wewaler Ing Serat Wulangreh Pupuh Sinom

Wewaler sejatine saka tembung lingga waler kang ateges pepacuh utawa
larangan. Wewaler iku ana tlatah Jawa akeh katemokake ing serat – serat lan
gugon tuhon kang diwarisake kanthi gethok tular. Ing kabudayan Jawa uga ana
kang sinebut pepali. Pepali saka tembung pali kang ateges pepacuh saka wong
tuwa kang diwarisake ing putra wayahe. Ana ing sastra tulis lawas, akeh wewaler
lan pepali kang tinulis dening leluhur jaman biyen. Tuladha wewaler katulis ing
Serat Wulangreh pupuh Sinom. Ing Pupuh Sinom Serat Wulangreh diandharake
wewaler saka para leluhur. Antarane wewaler saka Ki Ageng Tarub kang majang
anak turune ora kena nganggo keris lan tombak saka waja, ora kena mangan
daging sapi, lan ora kena ngingu abdi wadon.

Wewaler utawa pepali saka Ki Ageng Sela marang anak turune yaiku anak
turune ora kena nyampingan cindhe, ora kena nandur waluh ing ngarep omahe,
lan mangan woh waluh mau. Panembahan Senapati ing Mataram uga duwe
wewaler marang anak putune supaya ora nunggang turangga werna klawu
kekuning – kuningan, mangan membureni lawang kajaba ana kang njaga.
Kanjeng Sultan Agung Mataram uga paring wewaler marang anak turune supaya
ora nunggang jaran kang rewel nalika perang, ora kena nganggo tombak kang
gegaran kayu wregu, sarta ora dilakoni dadi keturunan Mataram menawa ora
bisa maca tembang Kawi lan ngudokake anak turune sinau tembang Kawi.

Ing pada ka – 27 Susuhunan Pakubawana II memacuh marang putra


wayahe supaya ora kena madat, dene kang nglanggar bakal ditokake saka
dhaftar katurunan Kanjeng Sunan kang kapethak ing Laweyan. Susuhanan
Pakubuwana III memacuh supaya anak turune ora ngangkat wong kang dudu
saka jinise lan supaya anak turune ora nglanggar pepacuh kang wis diwedharake.
Suwene – suwe budaya wewaler kang tinulis ing serat – serat lawas Jawa
iku dipercayani dening masyarakat Jawa. Wewaler iku dadi asipat umum lan dadi
kabudayan Jawa. Wewaler nduweni daya kang bisa njaga keslametan manawa
percaya tumrap wewaler kasebut.

Wangsulana pitakon – pitakon iki kanthi patitis !


1. Wacanen maneh wacan ing dhuwur kanthi premati !

Jawab : sampun

2. Undharan wacan kasebut kang dadi pambuka, isi, lan panutupe !

Jawab :

• Pambuka : Paragraf 1

Wewaler sejatine saka tembung lingga waler kang ateges pepacuh utawa
larangan. Wewaler iku ana tlatah Jawa akeh katemokake ing serat – serat lan
gugon tuhon kang diwarisake kanthi gethok tular. Ing kabudayan Jawa uga
ana kang sinebut pepali. Pepali saka tembung pali kang ateges pepacuh saka
wong tuwa kang diwarisake ing putra wayahe. Ana ing sastra tulis lawas, akeh
wewaler lan pepali kang tinulis dening leluhur jaman biyen. Tuladha wewaler
katulis ing Serat Wulangreh pupuh Sinom. Ing Pupuh Sinom Serat Wulangreh
diandharake wewaler saka para leluhur. Antarane wewaler saka Ki Ageng
Tarub kang majang anak turune ora kena nganggo keris lan tombak saka
waja, ora kena mangan daging sapi, lan ora kena ngingu abdi wadon.

• Isi : Paragraf 2 lan 3

Wewaler utawa pepali saka Ki Ageng Sela marang anak turune yaiku anak
turune ora kena nyampingan cindhe, ora kena nandur waluh ing ngarep
omahe, lan mangan woh waluh mau. Panembahan Senapati ing Mataram uga
duwe wewaler marang anak putune supaya ora nunggang turangga werna
klawu kekuning – kuningan, mangan membureni lawang kajaba ana kang
njaga. Kanjeng Sultan Agung Mataram uga paring wewaler marang anak
turune supaya ora nunggang jaran kang rewel nalika perang, ora kena
nganggo tombak kang gegaran kayu wregu, sarta ora dilakoni dadi keturunan
Mataram menawa ora bisa maca tembang Kawi lan ngudokake anak turune
sinau tembang Kawi.

Ing pada ka – 27 Susuhunan Pakubawana II memacuh marang putra


wayahe supaya ora kena madat, dene kang nglanggar bakal ditokake saka
dhaftar katurunan Kanjeng Sunan kang kapethak ing Laweyan. Susuhanan
Pakubuwana III memacuh supaya anak turune ora ngangkat wong kang dudu
saka jinise lan supaya anak turune ora nglanggar pepacuh kang wis
diwedharake.diwedharake

• Penutup : Paragraf 4

Suwene – suwe budaya wewaler kang tinulis ing serat – serat lawas Jawa
iku dipercayani dening masyarakat Jawa. Wewaler iku dadi asipat umum lan
dadi kabudayan Jawa. Wewaler nduweni daya kang bisa njaga keslametan
manawa percaya tumrap wewaler kasebut.

3. Andharana apa isine wacan kasebut !

Jawab : Isine wacan kasebut yaiku tentang wewaler. Wewaler sejatine saka
tembung lingga waler kang ateges pepacuh utawa larangan. Ana ing sastra
tulis lawas, akeh wewaler lan pepali kang tinulis dening leluhur jaman biyen.
Tuladha wewaler katulis ing Serat Wulangreh pupuh Sinom. Wewaler utawa
pepali saka Ki Ageng Sela marang anak turune katah banget. Ananging
Suwene – suwe budaya wewaler kang tinulis ing serat – serat lawas Jawa iku
dipercayani dening masyarakat Jawa.

4. Isi wacan kasebut jumbuhana karo kahanan masyarakat jaman saiki !

Jawab : Aturan kang sampun didamel dening wong tua kudu dilaksanakkake.
Contoh wewaler ki ageng sela yaiku mangan membureni lawang kajaba ana
kang njaga. wewaler kui trap banget kalian kondisi sak iki yo iku nek mangan
ora perlu delik - delik. Rukun karo keluargane yen ancen mangan nin nguri yen
kondisi kapekso contohe kepenjara. Dadine dadi menungsa kang duweni
unggah ungguh
5. Tulisen isine wacan kanthi cekak aos wae !

Jawab :

Wewaler Ing Serat Wulangreh Pupuh Sinom

Wewaler sejatine saka tembung lingga waler kang ateges pepacuh utawa
larangan. Ing kabudayan Jawa uga ana kang sinebut pepali. Pepali saka
tembung pali kang ateges pepacuh saka wong tuwa kang diwarisake ing putra
wayahe. Ana ing sastra tulis lawas, akeh wewaler lan pepali kang tinulis
dening leluhur jaman biyen Wewaler utawa pepali saka Ki Ageng Sela
marang anak turune. Kanjeng Sultan Agung Mataram uga paring wewaler
marang anak turune supaya ora nunggang jaran kang rewel nalika perang,
ora kena nganggo tombak kang gegaran kayu wregu, sarta ora dilakoni dadi
keturunan Mataram menawa ora bisa maca tembang Kawi lan ngudokake
anak turune sinau tembang Kawi lan katah mali wewaler Ki Ageng Sela.

Ing pada ka – 27 Susuhunan Pakubawana II memacuh marang putra


wayahe supaya ora kena madat, dene kang nglanggar bakal ditokake saka
dhaftar katurunan Kanjeng Sunan kang kapethak ing Laweyan. Suwene – suwe
budaya wewaler kang tinulis ing serat – serat lawas Jawa iku dipercayani
dening masyarakat Jawa. Wewaler iku dadi asipat umum lan dadi kabudayan
Jawa.

You might also like