You are on page 1of 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

Ibu kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan
karyawan SMK Negeri 2 Tuban ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang
kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah
wonten ngarsanipun gusti Allah, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat
saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan saged kempal wonten ing papan
menika.

Bapak ibu lan kanca sedaya, kita sedaya mangertos bilih atusan warsa kita
dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran
amarga kajajah. Kanthi tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari
ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika
saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat
Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge
pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pangurbananipun para
pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.

Awit saking menika, kula minangka generasi mudha ngajak kanca-kancaku


sedaya nggadhahi raos syukur awit saking perjuangan para pahlawan ingkang sampun
mardikakaken bangsa Indonesia. Pramila mangga kita nerusaken perjuanganipun
kanthi cara dados siswa siswi kang migunani tumrap bangsa Indonesia ingkang
samenika lagi nandang kasusahan perkawis pageblug korona. Senajan sekolah dereng
saged pepanggihan kados lelampahan samesthine, ampun ndadosake ciyuting niyat
kita kagem ngangsu kawruh. Sumangga kanca-kanca, awit dinten menika kita kedah
ngowahi babagan ingkang kirang trep tumraping siswa, kedah sregep malih anggenipun
sinau lan ugi mangga sami njagi adab lan sopan santun kita minangka Generasi
panerus bangsa saengga ndadosaken kita ing tembe mangke dados tiyang ingkang
migunani tumrap bangsa lan nagari.

Bapak ibu lan kanca sedaya, bab ingkang pungkasan ingkang badhe kula
aturaken ingih menika mangga kita sami njagi kasarasan ing tengahing pagebluk
menika, kanthi naati protokol kesehatan, wisuh, ngagem masker lan ugi njagi jarak
supados pagebluk menika enggal ical saking ndonya mliginipun ing nagari kita
Indonesia.

Kula kinten kirang wicaksana menawa kathah anggen kula matur. Pramila cekap
semanten kemawon atur kula, menawi wonten klenta-klentuning atur, kula nyuwun
agunging pangaksami.

Mardika… Mardika… Nuwun

Wassalammualaikum Wr. Wb

You might also like