You are on page 1of 3

WAOSAN SEPISAN

Wulang Tutur 10:12-22


Waosan Kapetik saking Kitab Wulang Tutur
Wong Israel dielingake supaya sumuyud lan ngaturake panuwun
marang Gusti Allah

12“Kang iku, he wong Israel, apa kang dadi pundhutane Yahwe, Gusti
Allahmu, marang kowe, ora liya mung supaya kowe padha wedi-asiha
marang Yahwe, Gusti Allahmu, lumakua ana ing dalan kang ditedahake,
sarta tresnaa lan ngabektia marang Yahwe, Gusti Allahmu, kalawan
gumolonging ati lan gumolonging nyawamu;
13nindakna pepaken lan katetepane Yahwe kang dakluntakake marang
kowe ing dina iki, supaya ndadekna kabegjanmu.
14Satemene, Yahwe, Gusti Allahmu, iku kang kagungan langit, malah
langit ing sadhuwure sakehing langit, apadene bumi dalah saisine kabeh;
15nanging kang dadi keparenging panggalihe Yahwe mung para
leluhurmu kang dikasihi, lan para turune, iya kowe iku, kang dipilih saka
ing antarane para bangsa kabeh, kaya kaanan ing saiki iki.
16Mulane padha netakana atimu lan aja wangkot maneh.
17Awitdene Yahwe, Gusti Allahmu, iku Allahe para allah lan Gustine para
gusti; Allah kang agung lan kang santosa sarta nggegirisi, kang ora
mawang wong lan nampeni besel;
18kang mbelani bocah yatim lan randha sarta kang ngasihi marang wong
ngamanca, sarana maringi sandhang pangan.
19Mulane kowe iya padha nandukna katresnan marang wong ngamanca,
marga kowe biyen iya wus ngalami dadi wong manca ana ing tanah Mesir.
20Wedi-asiha marang Yahwe, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa
marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia
asmane.
21Panjenengane iku kang dadi underaning pepujianmu, iya Panjenengane
iku Gusti Allahmu, kang wus nindakake pandamel kang linuwih lan
nggegirisi, kang wus padha koksipati dhewe.
22Para leluhurmu anggone menyang ing tanah Mesir cacah-jiwane pitung
puluh, nanging saiki Yahwe Gusti Allahmu, wus ndadekake cacah-jiwamu
kaya lintang ing langit.”

….(mendel sawetawis)….
Makaten Sabda Dalem Gusti
U Sembah nuwun konjuk ing Gusti
INJIL: MATEUS 17:22-27
I. Gusti Manunggala
U. Kaliyan kula sadya
I.Pethikan Injil Suci anggitane Santo Mateus
U.Linuhurna Gusti.

Pameca kang kapindho bab sangsarane Gusti Yesus


22Nalika padha ana ing tanah Galilea Gusti Yesus ngandika marang para
sakabat: “Putraning Manungsa bakal dipasrahake marang tanganing
wong, 23sarta bakal disedani lan ing telung dinane bakal kawungokake.”
Mulane para sakabat padha susah banget.

24Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg
Padaleman Suci padha marani Petrus lan calathu: “Guru Panjenengane
punapa boten asok paos kalih drakhma?”
25Wangsulane Petrus: “Inggih asok!” Nalika Petrus lumebu ing omah,
Gusti Yesus ngrumiyini kalawan ndangu: “Simon, panemumu kapriye?
Sapa sing dipundhuti beya lan pajeg dening para raja ing donya iki, para
putrane apa wong manca?”
26Ature Petrus: “Tiyang manca!” Gusti Yesus ngandika: “Dadine para
putra ora.
27Nanging supaya aku kabeh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong
iku, kowe mancinga menyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik
dhewe iku cekelen, angapna cangkeme, kowe bakal nemu dhuwit patang
drakhma ana ing jerone. Jupuken bayarna marang wong-wong iku,
kanggo Aku lan kowe.”
Makaten Injil Dalem Gusti
U.Sembah nuwun konjuk ing Gusti

You might also like